Anda di halaman 1dari 2

PIDATO B.

JAWA
Assalamualaikum warrohmatullohi wabarokatuh.

Dhumateng Ibu dosen pengampu mata Kuliah Pembelajaran B. Jawa MI

Lan dhumateng rencang sedaya ingkang kulo tresnani

Hadirin ingkang kulo tresnani

Monggo kita sesarengan njunjungake puja lan puji syukur marang  Gusti allah SWT amargi
sampun maringi berkah lan karunia. Saengga kita sedaya saged makempal sesarengan kanti sehat
wal afiat.

Hadirin ingkang kulo tresnani

Kaping pisan ingkang kita sedaya perlu sadari lingkungan kuwi panggenan kangge kita sedaya
nggantungaken urip, umat manungsa. Amargi meniko kita sedaya kudu njaga lingkungan sae-sae
supados bumi ngasilaken keuntungan kangge kita sanes kerugian utawi bencana kangge kita.

Hadirin ingkang kulo tresnani

Salah sasawijining cara lingkungan mboten maringi bencanan kangge kita yakuwi njaga
kebersihan lingkungan. Tegesipun kebersihan lingkungan ingkang salerese yakuwi lingkungan
kang layak kanggge dipanggoni manungsa lan kesehatan manungsa saged terjaga amarginipun
menika kita sedaya kudu njaga kebersihan lingkungan supados nyiptakaken urip ingkang layang
lan sejahtera.

Hadirin ingkang kulo tresnani

Njaga kebersihan lingkungan yakuwi cara kang becik kangge nyegah penyakit-penyakit ingkang
ngintai ing musim udan kayak saniki. Njaga kebersihan lingkungan saged diwiwiti saking
ngresiki sekolah kita tresnani, SMK Negeri 1 Brebes menawi sekolah kita resik tiang sanesipun
mboten sungkan kangge nyontoh kabiasaan becik kita sedaya. Kangge ngresiki sekolah kita iki.
Dampak positif yakuwi kagiyatan belajar mengajar dados nyaman amargi lingkungane resik.
Cekap sementen ingkang saget kula aturaken, mbok bilih wonten klenta-klentunipun kulo
nyuwun pangampunten.

Wassalamualaikum warrohmatullohi wabarokatuh.

Anda mungkin juga menyukai