Anda di halaman 1dari 7

TUGAS BAHASA DAERAH

NULIS TEKS ASIL


WAWANCARA

NAMA KELOMPOK :

1. AISYAH BINTI .M. (03)


2. LAILATUL FITRIANINGRUM (18)
3. NAYSILA NOLIA .P. (19)

KELAS VIII A

TAHUN AJARAN 2019/2020


LAPORAN ASIL WAWANCARA

Topik Wawancara : Usaha Produksi Jajanan Pasar ( Donat )


Narasumber : Bu Yuliati
Wektu Wawancara : Minggu,20 Oktober 2019 14.20 WIB
Panggonan : Dalemipun Bu Yuliati, Jln.sriti rt49 rw09
Ds. Kincang wetan, Jiwan, Madiun
Maksud Wawancara : Kanggo mangerteni lan mahami cara
produksi usaha jajanan pasar ( donat ).
Asil Wawancara :

Pewawancara : “Sugeng sonten bu,kulo badhe nyuwun


wekdhalipun damel wawancara usaha
panjenengan meniko”
Narasumber : “Nggeh mbak..”
Pewawancara : “Asmane panjenengan sinten bu ?”
Narasumber : “Bu Yuliati”
Pewawancara : “Milai kapan panjenengan ngrintis usaha
jajanan pasar punika ?”
Nasarumber : “Wis suwi mbak..kurang luwih 10 (sedoso)
tahun”
Pewawancara : “Pinten modal awal ingkang panjenengan
betahaken nalika ngrintis usaha niki ?”
Narasumber : “Sekitar Rp 500.000 pertamane mbak”
Pewawancara : “Pinten jumlah karyawan ingkang
panjenengan kerjaaken?”
Narasumber : “4 (sekawan) tiyang mbak”
Pewawancara : “Jajanan napa mawon ingkang panjenengan
damel ?”
Narasumber : “Donat, martabak, sosis solo, nagasari, roti
kukus”
Pewawancara : “Menapa mawon bahan ingkang dipun
betahaken kagem damel donat?”
Narasumber : “Tigan,terigu,gula,mentega,toya,fermipan,lan
mesis”
Pewawancara : “Pripun caranipun ndamel donat punika?”
Narasumber : “Terigu,gula,fermipan diuleni riyen,dicampur
kaleh tigan,mentega terus diuleni nganti kalis
kaleh diparingi toya sekedhik-kedhik,adonan
mau ditunggu nganti ngembang ,sak wis e
adonan ngembang lagi dicethak lan
digoreng”
Pewawancara : “Pinten regine donat ingkang panjenengan
sade sak meniko?”
Narasumber : “Seribu”
Pewawancara : “Dipun sade dateng pundi mawon donat
punika?”
Narasumber : “Dateng pasar kaleh sekolahan-sekolahan”
Pewawancara : “pripun sadeyan donat sak meniko,lancar
napa mboten?”
Narasumber : “Alhadulillah lancar mbak..”
Pewawancara : “Napa mawon alangan ingkang dialami
panjenengan nalika ndamel donat?”
Narasumber : “Kadang mboten iso ngembang dadosipun
donate atos lan ora iso diwenehi mesis”
Pewawancara : “Pripun cara panjenengan masarake donat
ingkang njenengan sade?’’
Narasumber : “Diterkake dewe ning sekolahan lan
dititipake ning pasar”
Pewawancara : “Pinten untung ingkang panjenengan
pikantuk saking sadeyan donat saben
wulanipun?”
Narasumber : “Setiap wulanipun sekitar Rp.500.000-
700.000”
Pewawancara : “Jajanan pasar napa mawon ingkang dipun
remeni pelanggan?”
Narasumber : “Martabak,donat,sosis solo,nagasari,lan akeh
maneh mbak..’’
Pewawancara : “Panjenengan natos ngalami rugi napa
mboten?”
Narasumber : “Natos mbak..”
Pewawancara : “Kados pundi caranipun panjenengan ngatasi
menawi ngalami kerugian?”
Narasumber : “Dikurangi ongkos ndamelipun donat terus
amprih mbalik modal awalipun”
Pewawancara : “Matur suwun sanget wedhal ingkang
panjenengan paringi dateng kawula,menawi
wonten lepatipun kula nyuwun pangapunten
sak ageng-agengipun…”
Narasumber : “Nggih mbak….”
Cara lan Proses Sing Dibutuhkake
Nalika Arep Gawe Donat

Anda mungkin juga menyukai