Anda di halaman 1dari 2

1.

Tembung Saroja
 Manungsa iku makhluk kang mulya, amarga diwenehi bekal akal budi marang gusti
Allah
 Olehe nesu nganti rupane abang mbranang
 Urip ing ndesa iku tansah ayem tentrem amarga wargane isih guyub

2. Tembung Entar
 Dadi wong ojo gampang nesu, kudu sing jembar dadane
 Wong kuwi pancen dawa tangane, mulane akeh sing ora seneng
 Geneya sugih ojo nganti dadi gedhe endhase

3. Wangsalan
 Balung klapa iki kenek digae kerajinan sing nduwe nilai ekonomi
 Tulung jupukna balung janur iku, nduk!
 Aku duwe tugas gae kerajinan saka sarung jagung

4. Paribasan
 Kabeh tumindak mesti ana piwalese, ibarate becik ketitik ala ketara ora ana sing bisa
disingitake.
 Tingkahe arek kuwi marai wong tuwane susah, bener-bener anak polah bapak
kepradah
 Ojo kesusu, ora ngopo alon-alon waton kelakon.

5. Bebasan
 Omongane kaya esuk dhele sore tempe, ora kenek digugu
 Ora usah ngomong ngunu yen iku mung abang-abang lambe wae
 Kowe iku wes diweneni ati isih ngrogoh rempelo, ora cukup apa?

6. Saloka
 Deweke wis mulai sepuh, kekuatane ibarat Baladewa ilang gapite
 Bocah loro kae padha pintere, nanging yen saingan nilai kaya bebek mungsul mliwis
 Aja ngremehake wong kuwi, sanajan katon biasa nangis deweke sugih kapinteran,
ibarate kaya bathok bolu isi madu.

7. Purwakanthi
 Urip iku ana bungah ana susah, wis lumrah
 Aja seneng ngapusi, wong urip iku kudu jujur yen kepingin makmur
 Sing semangat nyambut gawe, amarga ana dina ana upa

8. Parikan
 Nglakoni urip sedina-dina kudu Wajik klithik, gula Jawa, maksute yaiku Luwih
becik, sing  prasaja.
 Kowe iku kaya pitik blorok manak siji, jare kapok eh malah ndadi
 Kekancan kuwi kudu kembang salak tanpa ganda, kudu sing sumanak marang
kanca

9. Pepindhahan
 Cah wadon kuwi ayune kaya dewi Ratih
 Geneya wis sepuh, nanging bapakku isih rajin olah raga. Mulane awake katon gagah
prakosa kaya Raden Werkudhara
 Atine tansah bungah, olehe kabegjan kaya nemu emas saloka

Anda mungkin juga menyukai