Anda di halaman 1dari 2

Jeneng : Martha Dwi Wahyu Ningrum

NIM : 22020114012
Kelas : 2022-A

APRESISASI CERKAK RADHIONE BAPAK

1. Wacanen cerkak radhione bapak.


2. Golekana karakter-karakter (sipat lan watak) kang dituduhake dening paraga utama
Wangsulan:
 Paraga utama : Darmawan
 Sipat lan watak :
- Sayang/bekti marang wong tuwa
- Sabar
- Pekerja keras
- Perhatian (gemati)
3. Saka maneka karakter mau temtokna salah siji karaktere kang onjo. Saka karakter kang
onjo mau gawenen irah-irahan apresiasi tumrap cerkak kasebut. Dene karakter liyane
nyengkuyung mujudake karakter kang onjo mau lan dadi sub-sub karakter ing andharan.
Wangsulan:
Karakter onjo ing cerkak “Rahione Bapak” yaiku bektine anak marang wong tuwa.
4. Andharna apresiasimu nganggo basa sing apik kanthi cengkorongan; purwaka, andharan,
panutup. Purwaka iku nuduhake runtutane topik gayud karo karakter onjo kang mujudake bab
kang narik kawigaten saka cerkak mau. Andharan mujudake pepricen saka sub-sub karakter
dikantheni cuplikan saka data ing cerkak. Paringana katrangan saka cuplikan kasebut kanthi
njlimet supaya bisa aweh pangerten kang komplit.
Wangsulan:
“Bektine Anak”
PURWAKA
Crita cerkak utawa cerkak yaitu salah sawijining karya susastra jawa kang kalebu ing
sajroning jinis prosa. Ciri utama saka cerkak yaiku wenehane kang cekak lan anggone maca
mung mbutuhake wektu sedhela. Intine cerkak kuwi critane ringkes, ora dawa-dawa,
tembung-tembunge gampang dimangerten lan nganggo basa gancaran. Kayata cerkak kanthi
irah-irahan “ Radhione Bapak “ dening Philipus Dellian A.R. saking majalah Panjebar
Semangat. Cerkak kasebut nyritakake ngenani bocah lanang sing bekti marang wong tuwa,
jenenge Darmawan. Ing siji wayah Darmawan nampa gaji sepisan anggone nyambut gawe,
dhuwit gajine kuwi digawe nukokake hp kanggo Bapake, supaya bisa ngrungokake siaran
wayang lewat hp ora lewat radhio maneh. Gunane hp ora mung kuwi wae, nanging Bapak
uga bisa sesambungan marang sedulure lewat hp. Nyatane bapake isih luwih seneng
ngrungokake siaran lewat radhio sing wis tuwa ketimbang lewat hp, amarga radhio lawas
kuwi nduweni kenangan jaman lawas antara Bapak lan Ibune.
ANDHARAN
 Darmawan nduweni karakter pekerja keras. Dheweke sregep nyambut gawe, ora pilih-
pilih penggaweyan lan nrima gaji sepira wae tanpa cuwa, senajan isih kurang saka
UMR. “Darmawan mesam mesem, atine bungah. Tangane nampa amplop putih polos
isi dhuwit gaji sepisane. Alon-alon Darmawan mbukak amplop gajine. Ngitung isine.
Senajan gunggunge isih kurang saka UMR, Darmawan ora cuwa. Sheweke
ngrumangsani pegawai anyaran, dadi ya ora mikir neka-neka.”
 Darmawan uga gemati marang bapake, yaiku nalika dheweke nampa gaji sepisan
dheweke langsung kepikiran arep nukokake barang apa kanggo Bapake. “Mlaku
sauruting dalan mulih, Darmawan kepikiran nukokake barang kanggo bapake
nganggo gaji sepisanane. Dheweke mikir-mikir sawetara barang apa kang bakal
dituku. Atine saya bungah dene bisa nukokake ponsel kanggo bapake.”
 Darmawan uga nduweni sipat sabar. Senajan uwis ditukokake hp, nanging ora
dienggo Bapake merga isih seneng nganggo radhio lawas tinimbang nganggo hp.
Dheweke tetep sabar lan ora muring-muring marang Bapake. “ Wayah esuk
sadurunge subuh Darmawan niliki kamare bapake. Swara kemresek radhio keprungu
lirih mratandhani giyaran wayang kulit wis rampung. Darmawan ngadeg ing tengah
lawang, nyawang bapake ngeloni radhio transistor luthu-kluwus iku.”
PANUTUP
Cerkak kanthi irah-irahan “ Radhione Bapak “ dening Philipus Dellian A.R. nyritakake
karakter-karakter saka paraga sing bisa narik kawigaten wong kang maca.Yaiku karakter
anak sing bekti/gumati marang wong tuwa lan sregep nyambut gawe. Cerkak menika uga
nggunakake basa kang gampang dimangerteni pamaos.

Anda mungkin juga menyukai