Semester Ganjil
Atur Pangiring
Kanthi ngaturaken puji syukur konjuk dhumateng Allah SWT., kula saged ngrampungaken
modul pembelajaran basa Jawi menika. Wontenipun modul menika sageda migunani kangge
salah setunggale sarana tumprap kalancaran pasinaon basa Jawi ing tataran siswa SMP/MTs.
Isi kaliyan materi karakit kanthi nginakaken basa kang gampil dipunpahami amergi
ngginakaken tetembungan sarta basa padinan Jawa Timuran. Mligi ing saben wacan sampun
dilengkapi kamus alit. Bab menika langkung ngampilaken para siswa sinau mandhiri nalika
nggarap gladhen, soal-soal utawi tugas-tugas ingkang ngedhahaken siswa nindhakaken pasinaon
saking griya. Cundhuk kaliyan aturan pemerintah supados sekolah kedhah ngetrapaken pasinaon
tatap muka winates.
Modul basa Jawi menika karakit adhedhasar Kurikulum 2013 muatan lokal Jawa Timur
kanthi pengetrapan indikator-indikator ingkang sampun cundhuk kaliyan Kompetensi dasar.
Pamilihipun isi materi dipunimbangi kaliyan wontenipun wacan-wacan ingkang dislarasaken
kearifan lokal ing sawetawis wilayah Jawa Timur supados saya ngindhakaken seserepan saha
kawruh siswa mring kaunggulan wilayah. Kanthi pangajab lumantar modul menika, sageda
mbiyantu para siswa SMP/MTs anggenipun nyinau basa Jawi sarta saged nggampilaken lan
nglancaraken para siswa ugi guru anggenipun nindhakaken piwucalan basa Jawi.
Sejatosipun pangripta sampun mbudi daya murih modul menika saged sampurna,
nanging awit saking winatesipun pangertosan saha cupetipun seserepan pranyata modul menika
taksih kathah kekirangan-kekiranganipun. Pramila sapa aruh saha panyaruwe saking sinten
kemawon tansah dipunantu-antu amrih sampurnaning modul menika. Wasana mugi-mugi modul
menika wonten gina paedahipun tumrap rancanging saha kemajenganipun piwucalan basa Jawi
ing tataran SMP/MTs. Nuwun.
Pangripta
Kompetensi Inti
Kompetensi Dasar
1.1 Menghargai dan mensyukuri keberadaan bahasa daerah sebagai anugerah Tuhan Yang Maha Esa untuk
meningkatan pengetahuan dan keterampilan berbahasa daerah, serta untuk melestarikan dan
mengembangkan budaya daerah untuk didayagunakan sebagai upaya pembinaan dan pengembangan
kebudayaan Nasional
1.2 Menghargai dan mensyukuri keberadaan bahasa daerah sebagai anugerah Tuhan yang Maha Esa sebagai
sarana memahami informasi lisan dan tulis.
1.3 Menghargai dan mensyukuri keberadaan bahasa daerah sebagai anugerah Tuhan Yang Maha Esa sebagai
sarana menyajikan informasi lisan dan tulis
2.1 Memiliki perilaku demokratis, kreatif, dan santun dalam berdebat tentang kasus atau sudut pandang.
2.2 Memiliki perilaku percaya diri dan tanggungjawab atas karya budaya masyarakat daerah yang pebuh makna
2.3 Memiliki perlaku kreatif, tanggung jawab, dan santun dalam mendebatkan sudut pandang tertentu tentang
suatu masalah yang terjadi pada masyarakat dengan menggunakan berbagai ragam bahasa
3.1 Memahami teks hasil observasi, tanggapan deskriptif, dan eksposisi dalam bentuk informasi atau berita secara
lisan dan tulis.
3.2 Memahami struktur teks, dan unsur kebahasaan dari teks lisan dan tulis untuk menceritakan pengalaman
pribadi, profil tokoh , kegiatan, atau peristiwa.
3.3 Memahami struktur teks, unsur kebahasaan, dan pesan moral dari teks lisan dan tulis yang berupa fiksi
(wayang/ cerkak/folklor/ topѐng ḍhâlâng).
3.4 Memahami struktur teks, unsur kebahasaan, dan pesan moral lagu tembang macapat dan kreasi secara lisan
dan tulis
4.1 Menelaah dan menyunting teks hasil observasi, tanggapan deskriptif, dan eksposisi dalam bentuk informasi
atau berita secara lisan dan tulis.
4.2 Menceritakan pengalaman pribadi, profil tokoh, kegiatan, atau peristiwa dengan menggunakan tata krama.
4.3 Mengapresiasi teks fiksi (wayang/cerkak/ folklor/topèng ḍhâlâng) sesuai konteks secara lisan dan tulis.
4.4 Melagukan dan mengungkapkan pesan tembang macapat dan lagu kreasi
A. Petunjuk Siswa:
Untuk memperoleh hasil belajar yang maksimal ikuti petunjuk penggunaan modul berikut:
1. Bacalah petunjuk yang ada untuk memudahkan memahami isi materi.
2. Pahami secara seksama uraian-uraian materi yang ada pada masing-masing kegiatan belajar.
3. Gunakan dengan baik kamus kecil berisi bantuan arti kata/kalimat yang menyertai pada bacaan
untuk memudahkan memahami isi bacaan.
4. Ikuti dan lakukan petunjuk-petunjuk pada soal.
5. Kerjakan tugas formatif (soal latihan) untuk mengetahui seberapa tingkat pemahaman
terhadap materi.
6. Jika belum memahami materi yang disampaikan, bertanyalah kepada guru.
B. Petunjuk Guru:
Dalam setiap kegiatan belajar, guru berperan untuk:
1. Membantu siswa dalam merencanakan proses belajar.
2. Membimbing siswa untuk memahami materi dalam proses pengerjaan latihan.
3. Memberikan motivasi dan bimbingan untuk kemajuan belajarnya.
4. Memeriksa dengan seksama tugas-tugas dan latihan yang dikerjakn siswa.
2 Profil Tokoh Teks profil tokoh Menulis teks profil Undha-usuk basa:
Struktur teks profil tokoh tokoh pahlawan ngoko, ngoko alus
Unsur bahasa teks profil sesuai kaidah Ukara Tanduk, ukara
tokoh Membaca teks tanggap
Isi teks profil tokoh profil tokoh yang Imbuhan (Ater-ater
telah ditulis anuswara, tripurusa)
Nambah kawruh
Tanggapan dheskripsi iku gegambaran ngenani samubarang kanthi rinci lan jelas,
saengga pamaos kaya-kaya bisa ngrasakake utawa ndeleng dhewe. Dene sing digambarake
bisa papan panggonan, swasana, kewan, manungsa, papan wisata, lan liya-liyane. Tanggapan
dheskripsi uga asring ditemoni ing kedadeyan saben dina. Nalika nyritakake kanca raketmu,
sliramu mesthi ngrembug ciri-ciri khase. Bisa saka dedege, rambute, andeng-andeng, utawa
pakulitane. Nalika ana sing takon omahe pawongan sing digoleki, mesthi terus nggambarake
arahe, jarake, werna cet, pager, tanduran kang ana, utawa papan umum tartamtu sacedhake
sing bisa didadekake titikan kanggo nggampangake nggoleki. Nalika tuku sepatu mesthi
ngrembug ukuran, model, werna, utawa bahane.
B. Pasinaon Inti
Teks tanggapan dheskripsi yaiku teks sing isine nggambarake obyek (panggonan, wong,
barang, kahanan, swasana) kanthi gamblang lan rinci, tujuwane kanggo njlentrehake,
nerangake sawenehe obyek marang sing maca saengga wong sing maca kaya-kaya melu
ngrasakake, ngrungokake, ndeleng utawa ngalami apa sing wis diandharake dening penulise.
Pantai Klayar minangka salah sijine obyek wisata ing kabupaten Pacitan sing nduweni
kaendahan nengsemake. Saliyane pantai Klayar uga ana wisata pantai liyane sing ora kalah
nengsemake, yaiku pantai Buyutan. Pantai Klayar dumunung ing Kecamatan Donorejo, pase
Bausastra
- endah : apik
- nengsemake : nyenengna, Ind. menarik
- punjere : pusat
- sphinx : patung raseksa saka zaman Mesir kuno
- nglaras : ngrasakake
- karengga : Ind. dihias
- gumelar : gelar, beber, Ind. hamparan
Teks tanggapan dheskripsi kabentuk saka struktur sing dumadi saka idhentifikasi,
klasifikasi, lan dheskripsi bagean.
1. Idhentifikasi njelasake aran, ciri-ciri utawa tandha obyek sing ana ing teks.
2. Klasifikasi nerangake perangan sing mantha-mantha manut jinis utawa klompoke.
3. Dheskripsi bagean nerangake bagean-bagean sing luwih rinci sajrone teks.
Idhentifikasi
Pantai Klayar minangka salah sijine obyek wisata ing kabupaten Pacitan sing nduweni
kaendahan nengsemake. Saliyane pantai Klayar uga ana wisata pantai liyane sing ora kalah
nengsemake, yaiku pantai Buyutan. Pantai Klayar dumunung ing Kecamatan Donorejo, pase
ing Desa Kalak, Kabupaten Pacitan. Menawa saka punjere kutha adohe 40 kilo meter arah
ngulon, mbutuhake wektu kurang luwih 1 jam. Pantai iki isih sajalur karo pantai Teleng Ria
sing wis dikelola kadidene papan wisata luwih dhisik.
Klasifikasi
Pantai Klayar minangka wisata banyu segara sing nduweni kaendahan alami.
Pemandhangan sing disuguhake uga beda karo papan liyane. Ing pantai Klayar tinemu watu
karang raseksa sing memper sphinx, air mancur alami dhuwure 10 meter. Pasir putih sing
gumelar, sarta wewatuan sing unik kayadene suling segara.
Dheskripsi bagean
Para pengunjung sing pingin nglangi lan nglaras gumebyure ombak segara kudu ati-ati.
Banyu ing pantai Klayar wernane bening lan katone anteng, nanging ombake cukup gedhe.
Malah ana salah sijining mahasiswa sing klelep amerga keseret ombak. Senajan isih sepi
pengunjung, pantai Klayar wis cukup dikenal kadidene salah siji papan wisata segara ing Jawa
Timur. Pesisire sing endah, karengga pasir putih bener-bener nengsemake.
Tugas 1
Kawah Ijen
Gunung Ijen utawa luwih dikenal kanthi sebutan Kawah Ijen, yaiku salah sijine gunung
sing isih aktif nganti saiki. Gunung Ijen manggon 2.443 m saka lumahe segara, kanthi tembok
kaldera sing dhuwure 300-500m lan wis ping 4 nyemburake geni ing tahun 1796, 1817, 1913,
lan 1936. Ijen minangka salah sijine komplek gunung berapi sing dumadi saka kawah gunung
Ijen lan dataran tinggi. Kawasan iki manggon ing telung kabupaten Situbondo, Bondowoso
dan Banyuwangi.
Bausastra
- kaldera : fitur vulkanik sing kabentuk saka rutuhe lemah sawise
mbedhose vulkanik
- rumpil : dalanan sing angel liwatane, akeh watu-watu lancip
Sawise maca teks ing ndhuwur, saiki coba temtokna perangan struktur teks!
Struktur Teks Dheskripsi
1. Idhentifikasi
Ukarane :
..........................................................................................................................................
..........................................................................................................................................
..........................................................................................................................................
..........................................................................................................................................
..........................................................................................................................................
..........................................................................................................................................
2. Klasifikasi
Ukarane :
..........................................................................................................................................
..........................................................................................................................................
..........................................................................................................................................
..........................................................................................................................................
..........................................................................................................................................
..........................................................................................................................................
Titi Swara
Titi swara tegese ngucapake tetembungan sing bener manut pakecapan ing basa
jawa. Amerga basa jawa nduweni aksara sing khas lan beda karo basa liyane. Kanggo
ngampangake anggonmu nyinaoni, diarani swara jejeg lan swara miring. Titi swara saliyane
kanggo aksara swara (huruf vokal) uga kanggo sawetara aksara konsonan.
Gladhen
Wacanen maneh luwih tliti, teks “Kawah Ijen” banjur golekana tembung tembung sing
nggunakake swara jejeg lan swara miring!
Gladhen
Wacanen maneh luwih tliti, teks “Kawah Ijen” banjur pilahen tembung-tembung saka teks
manut jinise!
Tugas 2
Sawise sliramu paham struktur teks dheskripsi, cobanen nulis teks dheskripsi kanthi
mandhiri. Temane papan pariwisata sing ana ing dhaerahmu wae sing wis kokweruhi. Supaya
gampang, tutna pandhuan ing ingisor iki, yen isih kangelan, bisa nyuwun pirsa marang guru.
a. Nulis perangan idhentifikasi
1) Temtokna obyek wisata ing dhaerahmu sing arep ditulis.
2) Papan manggone wisata kasebut, dunung lan ancer-ancere.
3) Tulisen uga tandha utawa ciri-ciri papan kasebut.
b. Nulis perangan klasifikasi
1) Pilahen bagean-bagean saka obyek wisata kasebut.
2) Jelasna bagean umum kanthi ringkes.
c. Nulis perangan dheskripsi bagean
1) Jelasna saben bagean obyek kanthi rinci lan gamblang.
2) Wenehana tambahan informasi liya sing bisa nyengkuyung isi teks.
A. Mangun konteks
Nambah kawruh
Teks profil tokoh iku ngemot biografi saka tokoh kang ditulis. Teks iki kalebu jinise
teks naratif, umume sing ditulis yaiku kapribadhene, sejarah panguripane, uga bab-bab kang
patut dituladhani saka tokoh-tokoh kasebut.
Sapa atlet sing ora bombong nalika jenenge disebut lolos Olimpiade 2020. Pangrasa
lan prestasi kasebut sing disandhang penembak mudha Vidya Rafika Rahmatan Toyyiba (18
tahun), kadidene penembak mudha Indonesia sing lolos Olimpiade 2020 saka jalur kualifikasi.
Fika nduweni tekad bisa ngarumake Indonesia ing bidhang olahraga sing paling bergengsi
sadonya.
Kabar wiwitan lolos Olimpiade 2020 keprungu nalika dheweke bubar melu Asian
Shooting Championship (ASC), Qatar, November 2019. Kasile Vidya Rafika Rahmatan Toyyiba
ngukir prestasi ing umur isih mudha dudu mung amerga kauntungan wae, ning uga amerga
saka anggone sregep latihan wiwit umur 9 tahun. Ibune Fika, sing asmane I Gusti Ayu Putu
Indra Dewi minangka atlet tembak nasional asring ngajak dheweke menyang papan latihan
lan nalika tandhing. Fika wiwitan nyoba senjata nalika dheweke kelas 3 Sekolah Dasar. Banjur
oleh kesempatan nduduhake kabisane ing Pekan Olahraga Nasional (PON) 2012 ing
Pekanbaru nalika kelas 6 Sekolah Dasar. Nanging sing paling ngumbulake jenenge nalika kasil
ngrebut rong medali emas ing Filipina. Saengga pungkasane melu Asian Shooting
Championship (ASC), Qatar, Fika kasil ngantongi tiket Olimpiade Tokyo 2020.
Remaja putri klairan 27 Mei 2001 iki wis nduduhke mental sing kuat kadidene atlet,
rasa percaya dhiri sing diduweni patut diacungi jempol. Dheweke nduweni cara dhewe
kanggo nglawan rasa wedi ing saben ajang lomba. Saiki dheweke fokus kanggo ngadhepi
pesta olahraga sadonya kasebut. Paling ora Fika melu uji coba ing telung kejuaraan, yaiku ISSF
World Cup Rifle/Pistol/Shotgun ing New Delhi, India tanggal 15-26 Maret 2020. ISSF Word
Cup Rifle/Pistol ing Munich, Jerman tanggal 2-9 Juni, lan ISSF World Cup Rifle/Pistol/Shotgun
ing Baku, Azerbaijan. Saliyane iku, uga ana test event Olimpiade Rifle/Pistol/Shotgun di
Tokyo, Jepang, 16-26 April. (sin)
Kyai Haji Abdurrahman Wahid utawa luwih akrab ditimbali Gus Dur miyos ing
Jombang, Jawa Timur tanggal 7 September 1940 kanthi asma asli Abdurrahman Adakhil, sing
tegese sang penakluk. Amerga tembung “Adakhil” ora cukup dikenal, banjur diganti “Wahid”
sabunjure luwih dikenal Gus Dur. Ditimbali Gus iku kanggo ngajeni marang putra kiai ing
pesantren sing tegese “abang utawa mas”.
Gus Dur putra pambarep, enem sasedulur saka kulawarga kinurmat. Eyang kakung
saka ramane, K.H. Hasyim Asyari, minangka pendiri Nahdlatul Ulama (NU). Sauntara iku eyang
kakung saka pihak ibu, K.H. Bisri Syansuri, guru pesantren wiwitan ing kelas putri. Ramane
K.H. Wahid Hasyim minangka sosok sing aktif ing Gerakan Nasionalis lan dadi Menteri Agama
taun 1949, sauntara ibune Ny. Hj. Sholehah minangka putri pendiri Pondok Pesantren
Denanyar Jombang.
Taun 1944 Abdurrahman Wahid pindhah saka kutha asale Jombang, tumuju Jakarta
ndherekake ramane sing kapilih minangka ketua wiwitan Partai Majelis Syuro Muslimin
Indonesia disingkat “Masyumi”. Sawise deklarasi kamardikan Indonesia tanggal 17 Agustus
1945, Gus Dur kondhur ing Jombang nganti sasuwene perang ngukuhi kedaulatan Indonesia
saka bangsa Walanda. Panjenengane bali ngetutake ramane ing pungkasan paprangan taun
1949 amerga ramane kalantik minangka Menteri Agama.
Gus Dur sekolah ing SD Kris sadurunge pindhah ing SD Matraman Perwari. Taun 1952
ramane ora njabat Menteri Agama, nanging piyambake isih tetep ing Jakarta. Taun 1953
wulan April ramane seda amerga kacilakan. Taun 1954 nutugake pendhidhikan ing sekolah
menengah sing wektu iku ora munggah kelas. Banjur ibune ngirim piyambake menyang
Yogyakarta. Sawise lulus SMP taun1957, Gus Dur miwiti pendhidhikan muslim ing sawijining
Pesantren ing Tegalrejo Magelang. Taun 1959 panjenengane pindhah menyang Pesantren
Tambakberas Jombang. Sawetara tetep nutugake pendhidhikan, piyambake uga nyambi dadi
guru sateruse dadi kepala sekolah madrasah lan jurnalis Majalah Horizon sarta Majalah
Budaya Jaya.
Taun 1963, panjenengane nampa beasiswa saka Kementrian Agama kanggo nutugake
pendhidhikan ing Universitas Al-Azhar, Kairo, Mesir. Taun 1970 ngrampungake pendhidhikan
saka Universitas Baghdad, nanging kuciwane ora oleh pengakuan saka universitas kasebut.
Sabanjure panjenengane tindhak Jerman lan Perancis sadurunge kondhur ing Indonesia taun
Bausastra
- miyos : lair
- asma : jeneng
- ngukuhi : mbelani, Ind.mempertahankan
- kakukuhake : dilantik
- panjenengane/
piyambake : dheweke
- kagungan : duwe
- kontroversial : perdebatan
- mrantasi : mareni, Ind. menyelesaikan
- nglengserake : nglereni
Gladhen
Wangsulana pitakonan-pitakonan iki manut isine wacan!
1. Kapan K.H Abdurrahman Wachid miyos?
2. Ing kutha ngendi K.H Abdurrahman Wachid miyos?
3. Sapa asma asline K.H Abdurrahman Wachid?
4. Kena apa K.H Abdurrahman Wachid luwih dikenal Gus Dur?
5. Kapan Gus Dur oleh beasiswa sekolah ing Mesir?
6. Pendekatan-pendekatan apa sing ditindhakake Gus Dur nalika dadi presiden?
7. Kepriye kapribadhene Gus Dur?
8. Sawise maca teks “K.H Abdurrahman Wachid”, patuladhan apa sing bisa kokjupuk?
Reorientasi
1. Orientasi yaiku bagean teks sing isine ngenalake tokoh, umume ngandharake jeneng,
papan kelairan, lan kulawargane.
2. Prastawa yaiku bagean sing ngandharake kahanan, prastawa, masalah sing tau dialami
nanging sing menjila lan duwe kesan mirunggan kang bisa didadekake tepa-tuladha.
3. Reorientasi yaiku bagean panutup lan ngandharake pandhangan lan pamawase panulis
marang tokoh sing dicritakake.
Tugas 1
Wacanen luwih tliti maneh, teks “K.H Abdurrahman Wachid” banjur pilah-pilahen manut
strukture!
Struktur Teks Profil Tokoh
1. Orientasi
Ukarane :
....................................................................................................................................
....................................................................................................................................
....................................................................................................................................
....................................................................................................................................
....................................................................................................................................
....................................................................................................................................
2. Prastawa
Ukarane :
....................................................................................................................................
....................................................................................................................................
....................................................................................................................................
....................................................................................................................................
....................................................................................................................................
....................................................................................................................................
3. Reorientasi
Ukarane :
....................................................................................................................................
....................................................................................................................................
....................................................................................................................................
....................................................................................................................................
....................................................................................................................................
Gladhen
Sawise mangerteni carane njupuk dudutan saka teks profil tokoh, tulisen ing buku tugasmu
dudutan isi teks ““K.H Abdurrahman Wachid”” ing nduwur!
Tugas
Tulisen teks profil tokoh sing koksenengi nganggo basa jawa kang becik! Pilihen salah sijine tokoh
mirunggan (terkenal) sing wis kokgoleki sumbere saka buku, ariwarti, kalawarti, internet lan
sumber liyane.
Susi Pudjiastuti miyos ing Pangandaran, 15 Januari 1965. Panjenengane minangka putra
putrine Haji Ahmad Karlan dan Hajjah Suwuh Lasminah. Rama Ibune dikenal kadidene pengusaha
ternak ing Jawa Tengah. Sawise sekolah nganti tingkat SMP, Susi nutugake pendhidhikane ing
SMA Negeri 1 Yogyakarta. Piyambake mutusake metu saka sekolah nalika kelas loro SMA. Pihak
sekolah ngetokake piyambake amerga aktif ing gerakan golput wektu iku. Taun 1980-an utawa
era Ore Baru, gerakan golput pancen dilarang.
Sawise ora sekolah maneh, Susi miwiti profesi kadidene pengepul iwak PT ASI Pudjiastuti
Marine Product ing taun 1983. Taun 1996 panjenengane ngedegake Pudjiastuti Marine Product
dengan produk unggulan arupa lobster kanthi merek 'Susi Brand'. Taun 2004 panjenengane
ngedhegake Susi Air sing wiwitane kanggo ngeterake muatan iwak PT ASI Pudjiastuti. Sateruse
Susi Air operasi ing limang pangkalan, yaiku Medan (Sumatera Utara), Kendari (Jakarta), Jawa
Tengah (Cilacap), Jawa Barat (Pangandaran dan Bandung), Balikpapan (Kalimantan Timur) lan
Jayapura (Papua).
Susi krama ping pindho. Garwa sing pungkasan yaiku Christian von Strombeck, sawijining
ekspatriat sing nate ngasta ing IPTN (Industri Pesawat Terbang Nusantara). Saiki Susi minangka
ibu tunggal kanthi putra telu lan wayah siji.
Susi Pudjiastuti diangkat dadi Menteri Kelautan lan Perikanan sajrone Kabinet Kerja Joko
Widodo-Jusuf Kalla ing tanggal 26 Oktober 2014. Nalika piyambake njabat Menteri Kelautan lan
Perikanan sajrone Kabinet, kagungan kebijakan sing teges tumprap pemburuan iwak ilegal.
Asmane raket kanthi istilah “tenggelamkan” sing acuane marang ukuman ngeremake
(penenggelaman) kapal-kapal asing illegal ing perairan Indonesia. Kapribadhene sing teges,
kendhel lan wani bisa dadi tuladha sing becik.
1. Pihak sekolah SMA Negeri 1 Yogyakarta 2. Sawise mutusake ora sekolah maneh, sing
ngetokna Susi Pudjiastuti, amerga…. ditindhakake Susi Pudjiastuti yaiku…
a. ora manut aturan sekolah a. Mung dolan wae ora ngerti wayah.
b. seneng tukaran karo kancane b. Ngedegna perusahaan pengepul iwak.
c. aktif ing gerakan golput c. Pindhah sekolah ing sekolah liya.
d. aktif melu lomba-lomba d. Dadi Menteri Kelautan lan Perikanan.
A. Mangun Konteks
Kahanan mau kang ndadekake nesune ratu Ngastina Prabu Duryudana. Ratu
Sonyawibawa wis wani mbalelamarang Ngastina. Mula Prabu Duryudana ngerigake prajurit
saperlu nglurug perang Sonyawibawa. Nalika para prajurit Ngastina tekan tlatah
Sonyawibawa padha kaget. Sawah kang maune cengkar dadi subur lan tandurane ijo royo-
royo. Para kawula padha sengkud makarya, ana sing ngluku, macul, ngepeki pari, lan liya-
liyane. Papan kang sadurunge rupa bangunan didadekake kandhang pitik, bebek, wedhus,
sapi, kang diduweki rakyat. Pokoke, praja Sonyawibawa ngutamakake kesejahteran rakyate.
Kresna kang titisane Wisnu, prentah marang Gareng lan Bagong ngadhepi Raja
Sonyawibawa. Klakon perang rame, ora ana sing kalah ora ana sing menang. Nalika bisa
kepikut, Raja Sonyawibawa diudhari busanane badhar dadi Petruk. Pranyata Prabu
Belgedhuwelbeh iku sejatine petruk. Nalika ditakoni Kresna kok bisa dadi ratu lan sekti,
Petruk matur menawa dheweke nggawa pusaka Jamus Kalimasada. Pusaka mau ditemu
merga ceblok nalika dicolong Mustakaweni kang perang karo Bambang Priyambada.
Sadurunge dibalekake marang Prabu Puntadewa, pusaka Jamus Kalimasada dianggo
ngedekake Negara kang merjuwangake rakyat cilik.
Crita Petruk dadi Ratu nduweni pasemon kang akeh. Kayata pasemone wong sugih
anyaran, panguwasa anyaran, pasemone kawula cilik kang kepingin mulya, uga pasemone
ratu adil iku asale saka kawula alit, lan kawula cilik yen dipercaya dadi panguwasa pranyata
uga bisa.
(sumber : Jayabaya, No. 24 Pebruari 2007)
Bausastra
- mbalela : mbangkang, ora patuh
- ngerikake : ngerahake
- nglurug : nggrudug
- pasemon : nyemoni, nyindir
Nambah Kawruh
Ing ndhuwur iku minangka tuladhane crita wayang sing wis dimodhifikasi manut
krenteg lan kreasi saka pengarang. Sing baku isih ngandhut pitutur-pitutur lan nilai budi
pekerti kang bisa ditularake. Minangka salah sijine jinis crita narasi, crita wayang uga nduweni
fungsi kanggo nguri-uri kabudhayan.
Sumber crita wayang kajupuk saka buku Mahabarata lan Ramayana, kang lakon
critane nggambarake urip lan panguripane manungsaing alam donya wiwit lair tumeka ing
pati. Gegambaran kasebut kawujudake lumantar crita-crita manut lakon sing digelarake.
Uji Kawruh
Kanggo ngukur kawruhmu bab crita wayang, coba pitakon-pitakon iki wangsulana!
1. Apa sliramu nate nonton pagelaran wayang?
2. Lakon wayang apa wae sing kokweruhi?
3. Sapa asmane dalang sing kokweruhi?
4. Sebutna jenenge paraga-paraga wayang sing nduweni watak becik lan paraga-paraga
wayang sing nduweni watak ala!
5. Saliyane wayang kulit, apa jinis wayang liyane sing kokweruhi?
B. Pasinaon Inti
Teks Crita Wayang
Srikandhi Senopati Pandhawa
Perang Baratayuda wis ngancik dina kang kaping lima. Wadyabala
Pandhawa wis sapirang-pirang kang dadi kurban, klebu Prabu Salya lan
Raden Drestajumena. Kanggo nerusakeperang, Prabu Sujudana
disengkuyung para rayine kayata Dursasana, Durmagati, Dursilawati lan
liyan-liyane, misuda Resi Bisma pinangka Senopati. Kahanan mau
ndadekake gorehe para Pandhawa, sebab saliyane Resi Bisma kuwi sekti
mandra guna, uga sesepuh para Pandhawa.Mula saka iku Pandhawa
banjur nyuwun iguh pratikel marang Prabu Kresna kanggo ngadhepi
Senopatine Kurawa.
“ Arjuna, adhiku wong bagus, ana cara sing bisa kanggo ngrantasi reruwet iki, yen tha
sliramu lila.” Ngono pangandikane Prabu Kresna marang Arjuna, nalika para Pandhawa,
yaiku Puntadewa, Bima, Arjuna, Nakula, Sadewa lan Prabu Kresna nganakake pirembugan.
“ Nuwun Inggih Kakang Prabu, mangga enggal ngendika kula nglilakaken jiwa raga
kula” Arjuna sumaur.
Arjuna gage nyusul Dewi Wara Srikandhi ing papan pelereman ing sapinggiring tegal
Kurusetra. Nalika Sang Arjuna rawuh, Dewi Wara Srikandhi isih ngarih-arih ingkang mbakyu
yaiku Dewi Drupadi ya garwane Raden Puntadewa sing nangis amarga wis ditinggal seda
ingkang rama Prabu Salya uga Kangmase ya Raden Drestajumena.
“Yayi, Garwaku Dewi Wara Srikandhi, sliramu diutus Kangmas Prabu Kresna saiki uga
sowan ing ngarsane” , ngono Arjuna anggone ngendika karo ingkang garwa. Tanpa suwala
Dewi Srikandhi ndherekake ingkang garwa.
Sawise tekan ngarep Prabu Kresna lan para kadang Pandhawa. Prabu kresna banjur
ngendikan “ He, Wara Srikandhi, dinane iki wadyabala Pandhawa butuh senopati kanggo
ngadhepi Resi Bisma, ora ana liya sing bisa nandhingi kajaba amung sliramu, apa kira-kira
sliramu sanggup ngayahi jejibah iki?”
“Nuwun Kakang Prabu, kula ingkang boten sarujuk menawi adhi Wara Srikandhi kedah
jumeneng senopatinipun Pandhawa, aluwung kula piyambak ingkang majeng dados
senopati” Arjuna gage nyaut pangandikane Prabu Kresna.
“Inggih Kaka Prabu, kula sagah dados senopatinipun Pandhawa, mbelani negara
ngantos pecahing dada, wutahing ludira, ngiras malesaken sedanipun Rama Prabu Salya ugi
kadang kula sepuh Kangmas Raden Drestajumena” Srikandhi nyaguhi kanthi tatag.
“Lha, gene Srikandhi saguh lho, mula dhimas Arjuna aja kokpalangi tekade garwamu,
ngertia dakcritani, supaya sliramu ora mangu-mangu ing perkara iki. Prabu Kresna sing
setemene pinangka titisane Batara Wisnu, banjur nyritakake lelakon sing wis kawuri lan sing
bakal kelakon.
Jaman semono ing negara Pancala ana sayembara pilih, yaiku sapa bae sing bisa
menangake sayembara mau bakal dipundhut garwa dening putri kedaton, yaiku Dewi Amba,
Dewi Ambika lan Dewi Ambalika. Resi Bisma nalika semana isih asma Dewabrata, bisa
menangake sayembara, banjur putri telu mau diboyong ing negara Astina. Satekane Astina
putri telu mau dipasrahake ingkang rayi Sang Abiyasa pinangka garwane. Dewi Ambika lan
Dewi ambalika bisa nrima kanyatan mau.
Ing Tembe Dewi Ambalika peputra Raden Pandu Dewanata ya ramane Pandhawa,
Dewi Ambalika Peputra Kurawa. nanging dewi Amba ora kersa nrima kahanan mau lan tetep
nyuwun dipundhut garwa Sang Dewabrata, Dewabrata sing wis kadhung janji karo ingkang
Ibu Dewi Gangga ora bakal krama, ora gelem nampa kersane Dewi Amba.
Kanggo nyabarake kersane sang Dewi Dewabrata ngagar-agari nganggo jemparing.
Eloking lelakon Jemparing lumepas, ngenani jajane sang Dewi, dewi Amba seda sanalika.
Sasedane dewi Amba ana swara ing angkasa tumuju marang Dewabrata, yen besuk ana
perang gedhe ing antarane darah Kuru, bakal ana wanita sulistya ing warna, sekti
mandraguna, pinangka senopati perang, yaiku titi wancine Dewi Amba nagih janji pati
marang Dewabrata. Saiki perang gedhe mau wis kelakon ngancik dina kang kaping lima,
Dewabrata ya Resi Bisma madheg dadi senopatine Kurawa, ya mung Dewi Wara Srikandhi
Kalebu panutup (koda); ing pungkasaning crita, diandharake pitutur kanggo para pamaos.
Bausastra
- wadyabala : prajurit kang melu perang
- nyengkuyung : menehi dukungan
- rayi : adhi
- misuda : ngukuhake, Ind. menobatkan
- goreh : ora jenak, Ind. resah
- iguh pratikel : pamrayoga, usul, saran
Basa Kawi
Basa kawi diarani basa kasusastran, tembung-tembung basa kawi asring digunakake ing
pagelaran wayang, adicara adat jawa kayadene acara palakrama. Akeh tembung-tembung basa
kawi kang isih ditemokake ing prasasti. Tembung-tembung basa kawi uga isih lumrah digawe
jeneng wong, sesanti lembaga-lembaga pamrentahan, lan liya-liyane.
Tuladha:
Katon Bagaskara, tegese ketok srengenge
Rini Paramita, tegese bocah wadon sing sampurna
Adi Sucipta, tegese pikiran sing apik lan becik
Widya mandala, tegese bumi kapinteran
Tembung Garba
Tembung garba yaiku tembung loro utawa luwih sing digandheng dadi siji kanthi cara
ngilangi wandane (suku kata).
Tuladha:
aneng, saka tembung ana + ing
sarwendah, saka tembung sarwa + endah
mring, saka tembung marang+ ing
Ayo ditliti maneh bareng-bareng wacan wayang “Srikandhi Senopati Pandhawa” ing
ndhuwur. Ing kono ana tembung wadya bala, jiwa raga, lan salang tunjang. Tembung-tembung
kasebut kalebu tembung saroja. Menawa disetitekake, tembung-tembung saroja iku gampang
titenane. Umume antarane tembung kasiji lan kaloro nduweni uni kang memper.
Saliyane iku uga ana tembung jaja, krida, palilah, samekta, pabaratan, lan asor. Tembung-
tembung iki kalebu tembung kawi. Coba golekana tegese kasebut!
“Yayi, Garwaku Dewi Wara Srikandhi, sliramu diutus Kangmas Prabu Kresna saiki uga sowan ing
ngarsane”
Tembung garwa, diutus, sowan, ngarsane iku kalebu tembung krama. Dene tembung saiki, uga,
ing iku kalebu tembung-tembung ngoko.
Gatekna tembung: “Nuwun Kakang Prabu, kula ingkang boten sarujuk menawi adhi Wara
Srikandhi kedah jumeneng senopatinipun Pandhawa, aluwung kula piyambak ingkang majeng
dados senopati”. Ing ukara kasebut tembung-tembunge krama alus.
2. NGOKO ALUS
Basane ngoko, kacampuran krama inggil kanggo wong sing dijak guneman lan sing
digunem. Ater-ater lan panambang ora dikramakna inggil.
Sing dikramakna:
a. Wonge, umume arupa tembung aran lan tembung sesulih.
b. Panindake, umume arupa tembung kriya.
c. Kaduwekane, umume arupa tembung aran.
Panganggone:
Sedhulur enom marang sedhulur tuwa.
Wong kapernah tuwa marang wong enom sing drajate luwih dhuwur.
Wong sadrajat sing padha ngajeni.
Tuladha: Panjenengan arep tindhak menyang endi?
3. KRAMA LUGU
Basane krama lugu, ora dicampuri ngoko lan krama inggil. Ater-ater lan panambang
dikramaake.
Panganggone:
Wong sadrajat sing durung raket (akrab).
Wong kang durung kenal.
Tuladha: Sampeyan badhe kesah ten pundi?
4. KRAMA ALUS
Basane luwih alus lan ngajeni. Sing dikramakake wonge, panindake, lan kaduwekane.
Awake dhewe ora dikramakake.
Panganggone:
Wong enom marang wong tuwa.
Marang wong sing dhuwur drajate.
Tuladha: Panjenengan badhe tindhak pundi
Gladhen
Pilihen: A. Basa ngoko lugu
B. Basa ngoko alus
C. Basa krama lugu
D. Basa krama alus
A. Basa kang digunakake:….
1. Bocah padha bocah sing durung ngerti unggah-ungguh.
2. Wong omong-omongan karo sapadha-padha sing wis akrab.
3. Ibu marang bapak sing wis kulina ngoko.
Ing pertapan Jatisrana, ana pandhitaaran Begawan Suwandhagni. Sang Begawan nduwe
anak loro lanang kabeh aran Bambang Sumantrilan Raden Sukasrana. Bambang Sumantri wujude
satriya bagus, dene Raden Sukasrana wujude butabajang utawa buta cebol sing nggilani. Sanajan
rupane nggilani nanging Bambang Sumantri tresnabanget marang adhine. Samono uga Raden
Sukasrana.
Nalika Sumantri wis diwasa, Begawan Suwandhagni ngendika supaya Sumantri ngenger
utawa suwita menyang Negara Maespati. Sumantri sendika dhawuh. Lakune didherekake
punakawanpapat Semar, Gareng, Petruk lan Bagong. Begawan Suwandhagni nitipake sanjata
Cakra darbekePrabu Harjuna Sasrabahu supaya dibalekake.Lakune Bambang Sumantri kandheg
amarga Raden Sukasrana kepengin melu. BambangSumantri banjur ngarih-arih adhine nganti
turu. Sawise adhine turu, Bambang Sumantri budhalnilapake adhine menyang Negara Maespati.
Ing Negara Maespati Sang Prabu Harjuna Sasrabahu lagi ngrembug bab arepe mupu
sayembarane Dewi Citrawati ing Negara Magada. Dewi Citrawati nganakake sayembara, sapa
singbisa menehi srah-srahan putri dhomas cacah wolungatus bakal dadi bojone. Nalika lagi
padharembugan katungka sowane Bambang Sumantri. Bambang Sumantri matur arep suwita
marang PrabuHarjuna Sasrabahu. Prabu Harjuna Sasrabahu gelem nampa suwitane Sumantri
lamun dheweke bisamupu sayembarane Dewi Citrawati. Sumantri nyaguhi banjur budhal
menyang Negara Magada.
Ing Negara Magada, wis akeh para raja lan satriya sing ngleboni sayembara. Padha-padha
gedhe kekarepane, padha-padha ora gelem ngalahe wasana dadi perang rame. Pungkasane para
rajalan satriya kalah kabeh karo Sumantri jalaran dheweke migunakake sanjata Cakra. Para raja
telukanpadha pasrah putri boyongan nganti cacah wolungatus. Sumantri klakon mboyong Dewi
Citrawatikanthi srah-srahan putri dhomas cacah wolungatus.
Rumangsa bisa ngalahake ratu sewu negara, Sumantri dadi gumedhe, umuk, kemaki.
Ingbatin dheweke rumangsa menangan mula banjur thukul niyate arep nelukake Prabu Harjuna
Sasrabahu.
“Ratu sewu negara bae padha keyok kabeh karo aku, genea aku ndadak suwita
marangPrabu Harjuna Sasrabahu? Kena ngapa ora tak telukake pisan dadi andhahanku?” ngono
batine
Sumantri kandha. Sumantri banjur nulis surat panantang marang Prabu Harjuna Sasrabahu
landipasrahake marang patihe Prabu Harjuna Sasrabahu sing ndherekake lakune saka praja
Maespati.
Sukasrana banjur muja semedi. Sanajan rupane ala nanging gedhe prihatine. Sedhela wae
taman Sriwedari wis pindhah menyang alun-alun keraton Maespati, gawe gegere wong sanagara.
Sawise klakon muter Taman Sriwedari, Sumantri ditampa suwita ing Negara Maespati dadi patih,
aranPatih Suwanda. Sukasrana diajak Sumantri menyang Negara Maespati nanging dipenging
ngetok, amarga Sumantri isin duwe adhi wujud buta cebol sing rupane nggilani. Sukasrana
dikongkonmanggon lan ndhelik ing sajroning taman.
“Kakang Sumantri! Tega temen kowe karo aku, Kakang. Kowe mblenjani janji, Kakang.
Akuora trima. Utang pati nyaur pati. Eling-elingen mbesuk yen kowe perang tandhing karo ratu
buta sakaNgalengka, ing kono tumekane piwalesku, Kakang. Wis kakang, tak enteni ing lawange
surga.
Sumantri gela, Sumantri sedhih. Nanging kabeh mau barang wis kebacut. Katresnane
marangadhine ilang amarga saka drajat lan pangkat. Wateke ala seneng nyidrani janji. Janji bekti
marang ratugustine, diblenjani. Janji nresnani adhine, diblenjani. Janji ngajak adhine, diblenjani.
Kabeh mau mungamarga melik drajat pangkat lan kamukten. Besuk patine sumantri dikemah-
kemah Prabu Rahwanaratu buta saka Ngalengkadiraja.
https://caritawayang.blogspot.co.id
Bausastra
- katungka : kesusul, kaselak
- nelukake : ngalahake, Ind. menaklukkan
- nggraita : nganggit, ngira
- kuwandane : raga, badhane
- sepata : sumpah, ipat-ipat
- nyidrani : ingkar
- melik : pepinginan
CRITA WAYANG 2
BIMA BUNGKUS
Duhkitaning Prabu Pandu lan Dewi Kunthi jalaran laire ponang jabang bayi kang awujud
bungkus. Tan ana gegaman kang kuwawa kanggo mbedhah bungkus. Kurawa uga melu cawe-
cawe arsa mecah bungkus, sanadyan amung lelamisan, bakune arsa nyirnaaken si bungkus.
Wisiking dewa sang bungkus den bucal ing alas Krendawahana.
1. Amarga nalika lair Tetuka awujud raseksa diwenehi jeneng Tetuka banjur ing
(buta), Raden Werkudara lan para sawijining wektu dadi Gathut Kaca.
sedhulure Pandhawa ngrasa isin, amarga Pethikan kasebut yen katitik saka struktur
Tetuka awujud raseksa lan tali pusere teks kalebu peranganane....
durung pedhot‑pedhot. Banjur para a. orientasi
Pandhawa padha ngupaya kepriye carane b. klimaks
supaya Tetuka bisa dadi wujud manungsa c. komplikasi
biyasa lan medhot tali pusere Tetuka d. resolusi
kuwi. 3. Sing kautus ngupaya nyuwun pitulungane
Pethikan kasebut yen katitik saka struktur Dewa kanggo bisa medhot tali pusere
teks kalebu peranganane.... Tetuka, yaiku....
a. orientasi a. Kala Pracona
b. klimaks b. Arjuna
c. komplikasi c. Werkudara
d. resolusi d. Bathara Narada
2. Kacarita, kaluwarga Pandawa lagi padha 4. Kang ora kalebu pusaka paringane
bungah, nanging uga priyatin banget Bathara Guru kanggo Gathut Kaca,
nalika putrane Raden Werkudara lan yaiku….
Dewi Arimbi lair. Amarga bayi kang a. Caping basunanda
dilairake dening Dewi Arimbi awujud b. Kotang antakusuma
raseksa, lan nganti umur sataun ari‑arine c. Senjata cakra
isih nempel durung bisa pedhot. Putrane d. selaput pada
Raden Werkudara lan Dewi Arimbi mau
Nambah Kawruh
Tembang kasebut gampang banget ditampa dening masyarat, ora mung
masyarakat Jawa nanging uga kawentar ing manca negara. Umume tembang-tembang
kasebut ndhuweni cakepan kang prasaja, nyritakake kedadeyan sadina-dina kang kabeh
nate ngalami saengga gampang ditembangake.
B. Pasinaon Inti
Sawetara lelagon kreasi kang banget populer ing kalangan masyarakat Jawa,
umpamane: Gambang Suling (anggitane Ki Narto Sabdo), Yen Ing Tawang Ana Lintang
(anggitane Andjar Any), Caping Gunung (anggitane Gesang, 1973), Jenang Gula (anggitane
Andjar Any), Jangkrik Genggong (anggitane Andjar Any), Pamitan (anggitane Gesang), lan Aja
Lamis (anggitane Gesang).
Caping Gunung
Tembang ing ndhuwur katon banget nggunakake purwakanthi swara, rata-rata ana ing
saben larik. Tuladha liyane purwakanthi swara yaiku:
1) Ana awan, ana pangan.
2) Gemi nastiti ati-ati.
3) Wong bungah, sok nemu susah.
Seje maneh karo tembang ing ngisor iki, katon nggunakake purwakanthi basa/
lumaksita. Purwakanthi basa/ lumaksita, yaiku purwakanthi kang wewaton runtute tembung-
tembung utawa ukara mburi karo tembung-tembung utawa ukara ngarepe. Runtute tembung
ora mesthi satembung wutuh, kadhangkala mung saperangan wae.
GOTRI
Gotri ala gotri nagasari – ri
Riwul awal-awul jenang grendul –dul
Dolan awan-awan ndelok manten – ten
Titenana mbesuk gedhe dadi apa – pa
Podheng mbako enak mbako sedheng – dheng
Dhengklek eklak-eklek dadi kethek.
KODHOK NGOREK
Kodhok ngorek, kodhok ngorek
Ngorek pinggir kali
Theyot theblung, theyot theblung
Theyot theblung
Bocah pinter bocah pinter besuk dadi dokter
Numpak apa, numpak apa, numpak helikopter
Gladhen
A. Kanggo gladhen, ukara-ukara iki aranana jinise purwakanthi swara, sastra, utawa lumaksita!
1. Tata, titi, tatas, titis.
2. Negara mawa tata, desa mawa cara.
3. Gotri ala gotri nagasari ri….
4. Begja-begjane wong lali isih begja sing eling lan waspada.
5. Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani.
6. Inggah inggih ora kepanggih.
7. Maju tatu mundhur ajur.
8. Tindhak-tandhuke tansah titi ngati-ati.
9. Negaraku makmur, negaraku maju, negaraku ayem tentrem.
10. Aja gampang percaya karo wong mara sanja.
B. Tembung rangkep ing ngisor iki aranana jinise, banjur gawenen ukara!
1. bebungah
2. esuk-esuk
3. nyekakak
4. kelap-kelip
5. lelara
reff :
Semarang kaline banjir
Arep nyabrang wedi kintir
Napa kula angsal mampir
Kentongan ampun dititir
3. Lumbung Desa
Lumbung desa pra tani padha makarya –ayo dhi
Njupuk pari nata lesung nyandhak alu – ayo yu
Padha nutu yen wis rampung nuli adang – ayo kang
Dha tumandang yen wus mateng nuli madhang
4. Ja Padha Nelangsa
Ja padha nelangsa jamane jaman rekasa
Urip pancen angelkudune ra usah ngomel
Ati kudu tentremnyambut gawe karo seneng
ulataja petengnek dikongkon ya sing temen
Lha apa ta kanca ati kerep lara ra gelem rekasambudi daya
Pancen kabeh padhapengin urip mulya
5. JARANAN
Jaranan, jaranan, jarane jaran teji,
Sing nunggang ndara bei,
Sing ngiring para mentri,
Jrek-jrek nong, jrek-jrek gung
Jrek-jrek turut lurung,
Gedebug krincing, gedebug krincing
Prok-prok gedebug jedher,
Gedebug krincing, gedebug krincing
Prok-prok gedebug jedher …
Asil Garapan:
........................................................................................................................................................................
........................................................................................................................................................................
........................................................................................................................................................................
........................................................................................................................................................................
........................................................................................................................................................................
........................................................................................................................................................................
........................................................................................................................................................................
........................................................................................................................................................................
........................................................................................................................................................................
........................................................................................................................................................................
........................................................................................................................................................................
........................................................................................................................................................................
........................................................................................................................................................................
........................................................................................................................................................................
........................................................................................................................................................................
........................................................................................................................................................................
........................................................................................................................................................................
A. akuse/ge\
pitutur-pitutur kang becik darani
tembang….
A. dolanan C. macapat
B. campursari D. pop B. akus/ge
34. Kang ora kalebu tembang dolanan yaiku….
A. pucung C. akus}gep\
B. lir-ilir
C. gundhul-gundhul pacul
D. akus][gp\
D. aku duwe pitik
Daftar Pustaka
Padmosoekotjo, S. 1960. Wewaton Panulise Basa Jawa Nganggo Aksara Jawa. Surabaya: PT. Citra Jaya
Murti.
Hutomo, Suripan Sadi. 1997. Sosiologi Sastra Jawa. Jakarta: Balai Pustaka
Mangunsuwito, S.A. 2002.Kamus Bahasa Jawa, Jawa-Indonesia. Bandung: CV. YramaWidya.
Sutardjo, Drs Imam. 2008. Kawruh Basa Sarta Kasusastran Jawi. Surakarta: JurusanSastra Daerah FS UNS
Suwardi Endraswara. 2009. Metode Pembelajaran Bahasa & Sastra Jawa. Yogyakarta: Kuntul Press
Drs. R. Haryana Harjawiyana dan Drs. Theodorus Supriya. 2009. Marsudi unggah-ungguh Basa Jawa.
Yogyakarta
Sasangka, Sry Satriya Tjatur Wisnu. 2010. Unggah-ungguh Bahasa Jawa Jakarta: Yayasan Paramalingua
Saryono, Djoko. 2011. Sosok Budaya Jawa:Rekonstruksi Normatif Idealistis. Malang: Aditya Media
Publishing.
Kementrian Pendidikan Nasional. 2011. Pedoman Umum Ejaan bahasa Jawa Huruf Latin yang
Disempurnakan. Yogyakarta: Balai Bahasa
Sasangka Sry Tjatur Wisnu. 2011. Bunyi-bunyi Distingtif Bahasa Jawa.Yogyakarta:Elmatera Publishing.
Riwayat Pekerjaan :
1) Pengajar di SMKN Kudu Jombang, tahun 2006 – 2009
2) Pengajar di SMP Islam Al-Ishlah Trowulan, Kabupaten Mojokerto tahun 2012 – 2014
3) Pengajar di SMPN 1 Sooko, Kabupaten Mojokerto tahun 2014 – 2016
4) Pengajar di SMPN 1 Mojoanyar, Kabupaten Mojokerto tahun 2010 – sekarang
Riwayat Pendidikan Tinggi :
1) S-1 Universitas Negeri Malang
Pengalaman Menulis :
1) Kontributor artikel pada buku kumpulan artikel Mengajar, Mendidik, Menginspirasi.
Tahun 2016, Penerbit Sarbikita Publishing.
2) Penulis buku penunjang pembelajaran Bahasa Jawa SMP/MTs. pada penerbit Mutiara
Ilmu tahun 2015 – sekarang.
Profil Penelaah
Nama Lengkap : Drs. Buhadi, M.M.Pd.
Telepon Kantor/ HP : 081230125656
E-mail :-
Akun Facebook :-
Alamat kantor : Ds. Modopuro, Kab. Mojosari
Riwayat Pekerjaan :
1) 1994 – sekarang Pengajar di SMPN 2 Mojosari
2) 2005 – 2010 Pengajar di SMPI Mambaul Ulum Mojosari
Judul buku yang di tulis :
1) Buku Siswa Sari Basa Jawa