Anda di halaman 1dari 64

Atur Pangiring

Assalamu'alaikum warohmatulloohi wabarokaatuh


Kasugengan lan kawilujengan mugya kasarira dhateng kita sedaya.
Kalayan munjuk puja puji syukur wonten ngarsane Allah SWT ingkang tansah
paring sakathahing kabetahan titah wonten ngarcapada kalebet kita sedaya.
Kalayan sedya lan kaderenging para dwija SMP wonten tlatah Kabupaten
Purbalingga suka tuntunan lan cengkorongan kangge piwucal Basa Jawi mligine dhialek
Banyumasan ingkang lumrahe langkung asring dipunwastani basa Ngapak utawi basa
Panginyongan tumrape para siswa, kula kumawantun ngrakit/nyusun buku Garan
Pamulangan "Basaku Panginyongan " menika.
Buku Garan Pamulangan “Basaku Panginyongan” dirakit kanthi adhedhasar
Kurikulum Merdeka Muatan Lokal Bahasa Jawa. Wonten selebetipun buku menika
kabeber cariyos, dongeng, pawarta, lan sekar utawi tembang. Sedaya menika kanthi
setunggaling ancas sageda kangge nggladhi para siswa wonten babagan
kaprigelan/keterampilan basa mliginnipun basa Panginyongan.
Mugia buku Garan Pamulangan "Basaku Panginyongan " ingkang kaolah
adhedhasar kearifan lokal , antawise babagan pariwisata, indhustri, budaya, kuliner lan
sanes-sanese ingkang magepokan kaliyan potensi Kabupaten Purbalingga, saged
mumpangati, nambah kawruh dhumateng para siswa.
Kaangkah ugi, supados saged nuwuhaken raos tresna para siswa dhumateng tlatah
Purbalingga piyambak, papan dunung kita ingkang seniki depanggeni.
Wusana, awit sedaya kekirangan wonten selebetipun ngrakit buku Garan
Pamulangan “Basaku Penginyongan” menika, pangrakit kanthi andhap asoring manah
nyuwun panyaruwe (kritik lan saran) dhumateng para dwija Basa Jawi lan para sutresna
Basa Jawi dhialek Penginyongan, sarta masyarakat Purbalingga umumipun. Panyaruwe
ingkang katengga-tengga boten sanes panyaruwe ingkang ancase kangge njangkepi lan
nyampurnakaken, sarta paring pitedhah tumrap panglaras saha panglerese tembung, ukara,
lan sanes-sanese supados buku Garan Pamulangan “Basaku Penginyongan” menika saged
ketampi kanthi sae, gampil, lan tinarbuka dening para siswa minangka sarana kangge
nyinau lan ngurip-urip malih basa Jawi dhialek Penginyongan teng jaman seniki murig
lestantunipun.
Matur nuwun.
Wassalaamu'alaikum warohmatulloohi wabarokaatuh.

Purbalingga, November 2022

Pangrakit

Buku Basaku Penginyongan Kelas 7 Semester Genap 22/23 1


DAFTAR ISI

Atur Pangiring ……….……………………………………………………………....... 1


Daftar Isi …………………………………………………………………………......... 2
Wulangan 5 : Teks Deskripsi………………………………………………............... 3
Wulangan 6 : Tembang Sinom....……………………………………………............ 17
Wulangan 7 : Crita Ramayana ………….…………………………………………... 37
Wulangan 8 : Dialog………..……………………………………………................. 50
Daftar Pustaka ……………………………………………………………………........

2 Buku Basaku Penginyongan Kelas 7 Semester Genap 22/23


WULANGAN 5

TEKS DESKRIPSI

Buku Basaku Penginyongan Kelas 7 Semester Genap 22/23 3


I. CAPAIAN PEMBELAJARAN DAN TUJUAN PEMBELAJARAN

CAPAIAN TOPIK / TUJUAN


ELEMEN
PEMBELAJARAN KONTEN PEMBELAJARAN
Membaca Peserta didik Teks 1. Peserta didik mampu
memahami Deskripsi mengidentifikasi ciri-
informasi berupa ciri teks deskriptif
gagasan, pikiran, tentang peristiwa
pandangan, arahan budaya
atau pesan dari 2. Peserta didik mampu
berbagai jenis teks menganalisis isi teks
(deskripsi/narasi/ deskriptif tentang
eksposisi/argument peristiwa budaya
asi/ lainnya) pada 3. Peserta didik berdiskusi
konteks sosial tentang isi teks
budaya deskriptif tentang
peristiwa
Berbicara Peserta didik mampu Teks Peserta didik mampu
mengungkapkan dan Deskripsi mempresentasikan hasil
mempresentasikan diskusi tentang isi teks
berbagai topik aktual deskripsi
tentang sosial budaya
secara kritis.
Menulis Peserta didik mampu Teks Peserta didik mampu menulis
menulis gagasan, Deskripsi teks deskripsi
pikiran, pandangan,
arahan atau pesan
tertulis tentang sosial
budaya untuk
berbagai tujuan
secara logis, kritis,
dan kreatif dengan
menggunakan bahasa
Jawa sesuai kaidah
unggah-ungguh basa
dan tata bahasa.

Kegiatan 1 Teks Deskripsi


Yen ko kabeh tau nemu sawijine wacan sing njelasna kabar utawa informasi kanthi
jangkep sing ana gandheng cenenge karo perkara/topik sing derembug neng wacan
kasebut, ana kemungkinan yen wacan kuwe klebu wacan deskripsi. Jalaran tandha-
tandhane wacan kuwe ana sing ketara banget.
Manut jinise, wacan deskripsi ana sekang 3 werna lan nduweni ancas tujuan sing
cetha. Kanggo nggampangna pasinaon, mayuh padha depahami jinis lan contone wacan
deskripsi.
1. Pengertiane Teks Deskripsi
Teks deskripsi yakuwe teks (wacana) sing isine nggambarna barang/objek, papan,

4 Buku Basaku Penginyongan Kelas 7 Semester Genap 22/23


utawa prastawa kanthi cetha nganti wong sing maca kaya-kaya ngrasakna langsung apa
sing lagi dejlentrehna neng njerone wacan kasebut.
2. Tujuan Teks Deskripsi
Tujuan wacan/teks deskripsi yakuwe supaya wong sing maca wacan deskripsi kaya-
kaya ngrasakna langsung apa sing lagi dejlentrehna neng njerone wacan kasebut.
3. Tandha-tandhane wacan Deskripsi
Tandha-tandhane wacan deskripsi yakuwe :
1. Paragraf deskripsi nggambarna kanthi cetha barang/objek, papan, utawa prastawa.
2. Paragraf sing degambarna dejelasna kanthi gamblang banget lan tlesih sarta
nglibatna rasane indriya/indera.
3. Nalika wong sing maca wacan deskripsi kaya-kaya ngrasakna langsung apa sing lagi
dejlentrehna neng njerone wacan kasebut.
4. Wacan deskripsi nerangna tandha-tandha fisik/blegere objek, kaya wujud, ukuran,
werna, utawa tandha-tandha liyane sing ana gandheng cenenge karo perkara sing
lagi derembug kanthi tlesih.
4. Jinise Teks Deskripsi
Wacan deskripsi ana werna 3, yakuwe :
1. Teks paragraf deskripsi subjektif : sawijine paragraf deskripsi sing
panggambarane objeke manut karo pambijine/penilaiane sing nulis.
2. Teks paragraf spatial: neng wacan kiye sing degambarna mung awujud papan,
barang, utawa liya-liyane.
3. Teks paragraf objektif: wacan kiye barang, papan, utawa prastawa digambaraken
apa anane tampa ditambahi apa dening panulis

Tugas 1: Nyemak teks Deskripsi


1. Wacane kanthi premati
Kirab Tandhu Soedirman Neng Purbalingga
Mecahkan Rekor MURI

Kirab Tandhu Divisi Soedirman sing digelar neng Purbalingga, Jawa Tengah
(Jateng) mlebu cathetan rekor Museum Rekor Dunia Indonesia (MURI). Kirab tandhu
kuwe dileksanakna wiwit Rabu (31/8) esuk lan rampung Rabu (31/8) wengi sewise
lumaku kira-kira 9 jam. Botrepote adicara ora dirasakna, senajan esuk uput-uput kudu wis
samapta. Anane mung rasa seneng lan gumbira.
Rekor sing decathet dening MURI yakuwe tandhu paling akeh, pasarta paling akeh,

Buku Basaku Penginyongan Kelas 7 Semester Genap 22/23 5


lan adohe dalan sing diliwati. Kirab kasebut dipeloni dening 5.202 paraga, sekang warga
lan para mudha, ing antarane paraga kasebut ana 4.800 cacahe kanthi estafet mikul replika
tandhu Jendral Soedirman sing akehe ana 300 unit.
Sesulih saka MURI, Sri Widayati, ngendika menawa MURI nyathet Kirab Replika
Tandu Soedirman kiye kalebu sing paling akeh, yakuwe ana 300 tandhu lan 5.202 paraga
kang melu lan kanthi resmi kacathet neng Museum Rekor Dunia Indonesia minangka rekor
sing kaping 10.522.
Piagam Rekor MURI kanthi simbolis dipasrahna maring Bupati Purbalingga,
Komandan Korem 071 / Wijayakusuma, Komandan Kodim 0702 / Purbalingga, lan
Kapolres Purbalingga.
“Rekor kiye ora mung kecathet minangka rekor nasional, nanging uga rekor
internasional. Tekan wektu kiye wis ana 33 rekor MURI sing wis kecathet sekang
Kabupaten Purbalingga,” ngendikane Sri, Rebo (31/8) wengi.
Adicara kirab dilakoni kanthi mlaku adohe 24 kilometer, kanthi rute Monumen
Tempat Lahir (MTL) Jendral Sudirman neng Desa Bantarbarang – Desa Bedagas – Desa
Sinduraja – Desa Kaligondang – Alun-alun Purbalingga. Lan ana papat etape sing diliwati
dening para paraga sing melu kirab. Kirab kiye mbutuhna wektu 9 jam suwene, diwiwiti
sekang upacara pambuka sekang jam 09.00 WIB lan finish jam 18.30 WIB. Sedurunge
acara rampung, iring-iringan kirab dipapag lan diramekna nang Marching Band, Batik
Carnival, Dayakan Bedagas, lan Barongsai wiwit sekang Markas Kodim
0702/Purbalingga nganti Alun-alun Purbalingga.
Bupati Purbalingga Dyah Hayuning Pratiwi ngendika yen adicara kiye dadi wujud
rasa mongkog warga Purbalingga maring Jendral Sudirman, sewijining Pahlawan sing
ikhlas totohan jiwa lan raga kanggo Kamardikan Indonesia.
“Awake dhewek uga kepengin mbuktekaken maring para warga nang senjabane
Purbalingga, senajan suwene 2,5 taun Purbalingga ngalami pandemi Covid-19,
Alhamdulillah warga Purbalingga esih manunggal nyawiji lan warga Purbalingga esih
guyub rukun,” ngendikane maning.
Komandan Kodim 0702/Purbalingga Letkol Inf Dipo Sabungan Lumban Gaol
ngendika, Kirab Tandu kiye kalebu perangan sekang rerangkening adicara Festival Jendral
Sudirman. Festival kiye nduweni ancas kanggo ngeling-eling jasane Pahlawan Nasional
Jendral Sudirman.
“Perlu dingerteni, Jendral Sudirman kuwe sawijing pahlawan Indonesia,
sawijining Panglima Besar sing lair neng Rembang, Purbalingga, lan kawentar banget
neng Indonesia,” tambahe maning.

2. Negesi tembung
Nggoleti tegesing tembung migunakna Bausastra (Kamus). Bausastra utawa
Kamus ora mung nganggo basa Indonesia utawa Inggris, nanging uga kang nganggo basa
Jawa. Bausastra basa Jawa saiki wujude ana sing cithak utawa digital. Carane nggoleti
teges sewijining neng tembung bausastra Jawa cithak, yakuwe :
1. Goletana dhisit tembung linggane (kata dasar) sekang tembung andhahan (kata jadian).
Umpamane , tembung 'dileksanakna' yakuwe 'leksana'.
2. Temtokna aksara sing sepisan sekang tembung lingga kasubut. Aksara sepisan
tembung “leksana' yakuwe “L”.
3. Bukaken bausastra Jawa maring kaca aksara sepisan, yakuwe “L'. Aksara kaping
6 Buku Basaku Penginyongan Kelas 7 Semester Genap 22/23
pindho, yakuwe “E”, temtokna urutan kabeh tembung sajroning bausatra sing diwiwiti
aksara “R”.
4. Para siswa bisa gladhen nggolet tembung sing kepegin dingerteni tegese kanthi
ndeleng aksara sepisan dan kapindho tembung kasebut.

Wektu siki, Lembaga Bahasa Provinsi Jawa Tengah wis ngetokna bausastra Jawa online,
para siswa bisa tumuju maring laman https://senaraiistilahjawa.kemdikbud.go.id/. Para
siswa bisa ngetik tembung lingga sing kepengin digoleti tegese.

Ayo siki gladhen nggoleti tegese tembung ngisor kiye !


Para putra bisa mbukak bausastra (kamus) kanthi basa Jawa, Indonesia utawa Inggris.
Menawa kangelan, nyuwuna pambiyantu bapak ibu guru neng sekolah utawa bapak ibu
neng umah.

No Tembung Tegese No Tegese

1. Digelar Dianakna 9. Replika


2. Mongkog 10. Estafet
3. Totohan 11. Festival
4. Ancas 12. Piagam
5. Kirab 13. Rute
6. Tandhu 14. Jasa
7. Rekor 15. Kodim
8. Etape

3. Isi teks deskripsi


Kanggo mangerteni isi teks deskripsi neng ndhuwur, wangsulana pitakon neng
ngisor kiye !
1. Apa irah-irahan wacan neng dhuwur kuwe ?
Wangsulan : ............................................................................................................
2. Kapan Kirab Tandhu Divisi Sudirman dileksanakna ?
Wangsulan : ............................................................................................................
3. Pira cacahe wong sing melu kirab lan tandhune ?
Wangsulan : ............................................................................................................
4. Kirab Tandhu Divisi Sudirman liwat ngendi bae ?
Wangsulan : ............................................................................................................
5. Sapa asmane wakil sekang MURI sing nekani adicara Kirab Tandhu Divisi
Sudirman?
Wangsulan : ............................................................................................................
6. Apa bae sing dicathet minangka rekor MURI sekang Kirab Tandhu Divisi
Sudirman?
Wangsulan : ............................................................................................................
7. Piagam sekang MURI ditampa neng sapa bae?
Wangsulan : ............................................................................................................
8. Sedurung rampung, Kirab Tandhu Divisi Sudirman dipapag nganggo adicara apa
kanggo ngrameni ?
Wangsulan : ............................................................................................................
Buku Basaku Penginyongan Kelas 7 Semester Genap 22/23 7
9. Sapa asmane Komandan Kodim 0702/Purbalingga?
Wangsulan : ............................................................................................................
10. Miturut Komandan Kodim 0702/Purbalingga , apa ancase adicara Kirab Tandhu
Divisi Sudirman?
Wangsulan : ............................................................................................................
Tugas 2 : Nyemak Unsur basa Teks Deskripsi
1. Gatekna andharan kiye
Kirab Tandhu Divisi Soedirman sing digelar neng Purbalingga, Jawa Tengah
(Jateng) mlebu cathetan rekor Museum Rekor Dunia Indonesia (MURI).) Kirab
tandhu kuwe dileksanakna wiwit Rabu (31/8) esuk lan rampung Rabu (31/8) wengi
sewise lumaku kira-kira 9 jam. Botrepote adicara ora dirasakna, senajan esuk uput-uput
wis padha samapta . Anane mung rasa seneng lan gumbira.
Neng pethikan teks deskripsi ndhuwur, menawa dijingleng, tembunge ana sing
klebu, tembung aran, tembung kriya, tembung kahanan lan liya-liyane. Seliyane kuwe
ana tembung camboran kayata botrepot lan esuk uput-uput.
Ayo para putra, sekiye nyinaoni paramasastra ngenani jinising tembung lan
kasusastran ngenani tembung camboran.
A. Jinising Tembung
Adhedhasar jinise, tembung basa Jawa bisa dibedakna dadi sepuluh, yakuwe :
1. Tembung Aran (Kata Benda)
Yakuwe tembung sing mratelakna jenenge barang utawa apa bae sing dianggep
barang. Tembung aran dibedakna dadi loro, yakuwe :
a. Tembung aran katon (kata benda konkrit)
Yakuwe tembung aran sing bisa ditampa nganggo panca indriya.
Tuladha :
- Watu - pasir - gunung - Pari - jagung
- klapa - Tangan - weteng - sirah - Wulan
- lintang - srengenge - Guru - dhalang - sindhen
- Sapi - wedhus - kucing
b. Tembung aran tan katon (kata benda abstrak)
Yakuwe tembung aran sing ora bisa ditampa nganggo panca indriya.
Tuladha :
- Ngelmu - kepinteran - kabudayan
- Kasusilan - bab - swasana
- Iman - keyakinan - setan
2. Tembung Kriya (Kata Kerja)
Yakuwe tembung sing mratelakna solah bawa utawa tandang gawe. Tuladhane :
turu, adus lunga, dodol, nangis, mlumpat, mbegal lan liya-liyane.
Tembung Kriya dibedakna dadi loro, yakuwe :
a. Tembung Kriya Tanduk.
Yakuwe tembung sing olih ater-ater (awalan) Anuswara (an-, am-, ang-, any).
Tuladha :
- Nabok - mbalang - ngantem - nyapu
- Njawil - mlayu - ngeplak - nyukur
- Nothok - mbandhem - ngobong - nyilih
b. Tembung Kriya Tanggap
Yakuwe tembung kriya sing olih ater-ater (awalan) Tripurusa (dak-, ko-, di-),
ater-ater ka- lan seselan –in-.
Tuladha :
- Daktutup - kobalang - dibalang - kabalang -binalang
- Daksapu - kosapu - disapu - kasapu -sinapu
- Dakgawa - kogawa - digawa - kagawa -ginawa

8 Buku Basaku Penginyongan Kelas 7 Semester Genap 22/23


3. Tembung Kaanan (Kata Sifat)
Yakuwe tembung sing mratelakake kaanane utawa wateke (sifat) barang.
Kanggo nggampangna nengeri tembung kaanan yakuwe bisa kanthi disandhingna
(digandheng) karo tembung luwih, rada, paling utawa banget.
Tuladha : tuwa, gedhe, bodho, sregep, sugih, sengsara, lemu,
4. Tembung Katrangan.
Yakuwe tembung sing aweh katrangan maring tembung liya.
Tuladha : arep, arang, dudu, banget, kerep, tau, luwih, ora, bakal bisa, isih, tansah,
wis, kari, pancen, paling, rada, madan, mesthi, bae, tau lan liya-liyane
5. Tembung Sesulih (Kata Ganti)
Yakuwe tembung sing digunakna minangka sesulih (pengganti) wong utawa
barang.
a. Tembung Sesulih wong kapisan (kata ganti orang I)
Tuladha : inyong, aku, kula, ingsun, adalem, abdi dalem
b. Tembung Sesulih wong kapindho (kata ganti orang II)
Tuladha : rika, kowe, sampeyan, panjenengan, sira , nandalem, samang,
jengandika, slirane, awake.
c. Tembung Sesulih wong katelu (kata ganti orang III)
Tuladha : dheweke, dheke, dheknene, piyambake, piyambakipun
6. Tembung Wilangan (Kata Bilangan)
Yakuwe tembung sing mratelakna gunggunge (jumlahe) barang.
Tuladha : siji, loro, patbelas, selawe, sangalikur, setengah, seprapat, satundhun,
sajodho, sasiyung
7. Tembung Panggandheng (Kata Penghubung)
Yakuwe tembung sing digunakna kanggo ngandhengake tembung siji lan sijine ing
sawijining frasa, utawa ukara siji lan ukara liyane ing ukara camboran (kalimat
majemuk). Kang kalebu tembung panggandheng yakuwe : nalika, sawise, dene,
yen, sanadyan, sabab, nuli, amarga, supaya, nanging, terus, saupama, rikala,
mula lan liya-liyane.
Tuladha :
· Aku esih nang dalan, nalika udan mau.
· Adhine pinter, nanging kakange bodho banget.
· Rafi ora mangkat sekolah, amarga mriyang tipes.
8. Tembung Ancer-ancer (Kata Depan)
Yakuwe tembung sing gunane kanggo ngancer-anceri papan utawa ngancer-anceri
tembung aran. Kang lalebu tembung ancer-ancer yakuwe : ing, neng, saka,
sekang, kanggo, kagem, maring, menyang, dhateng, karo, dening lan liya-
liyane.
Tuladha :
· Ibu mundhut sayuran neng pasar Sega Mas
· Pak Dhe Yoso arep tindak maring Samarinda.
· Sing kiye kanggo kowe lan kuwe kagem bapak.
9. Tembung Panyilah (Kata Sandang)
Yakuwe tembung kanggo nyilahake patrap, barang, utawa sawijining bab.
Kang kalebu tembung panyilah yakuwe : si, sang, sri, ingkang kang, sing lan
para.
Tuladha :
· Si Parto lan si Parmin mlaku ngalor bareng.
· Sang Ratu nembe tindak-tindak wonten taman kaputren.
· Para tamu dipunaturi dhahar rumiyin.

Buku Basaku Penginyongan Kelas 7 Semester Genap 22/23 9


10. Tembung Panguwuh/Panyeru (Kata Seru)
Yakuwe tembung sing nggambarna wedharing rasa seneng, rasa kaget, rasa
kuciwa, rasa kagelan, rasa susah lan rasa gumun. Kang kalebu tembung panyeru
yakuwe : adhuh, ah, he, lho, lha, o, oh, nah, wah, hah, heh, hus, huh, hi, sukur,
hore, walah, lan liya-liyane.
B. Tembung Camboran
Wujuding tembung ana 4 yakuwe tembung Lingga, tembung Andhahan,
Tembung Rangkep lan tembung Camboran.
Para putra wis nyinaoni lan mangerteni apa tembung Lingga, tembung
Andhahan lan tembung Rangkep. Ayo saiki sinau sing diarani tembung Camboran !
Tembung Camboran utawa kata majemuk yakuwe tembung loro utawa lewih
sing digandheng dadi siji lan tembung mau dadi tembung anyar kang tegese uga melu
anyar. Sing dikarepna teges anyar neng kene yakuwe teges tembung mau beda karo
teges tembung nalika esih wujud tembung lingga.
Tembung camboran bisa dibedakna dadi loro, yakuwe manut wujude lan manut
kekarepane (tegese).
1. Manut wujude
a. Tembung Camboran Tugel
Yakuwe tembung sing kedadiyan sekang tembung sing esih wutuh lan
tembung wancahan, utawa kabeh tembung samboran kiye kabeh kedadiyan
sekang tembung wancahan.
Tuladha :
- Panastis = panas atis - Naksanak = anak sanak
- Dubang = idu abang - Pakpuh = bapak sepuh
- Perko = emper toko
b. Tembung Camboran Wutuh
Yakuwe tembung camboran sing kedadiyan sekang tembung-tembung sing
esih wutuh.
Tuladha :
- Bapa biyung - Buntut urang
- Cilik menthik - Lare angon - Juru kunci
2. Manut kekarepane (tegese)
a. Camboran Tunggal
Tembung loro sing dirangkep dadi siji, nanging tembung siji lan sijine wis
ora kena dipisah-pisah maning lan wis nduweni teges anyar.
Tuladha :
- Randha royal = jeneng panganan
- Buntut urang = rambut neng githok
- Kunir asem = jeneng inuman
- Lare angon = jeneng ula
- Kebo giro = jeneng gendhing
- Karanggambas = jeneng desa
b. Camboran Wudhar
Yakuwe tembung sing dirangkep dadi siji, nanging tembung siji lan sijine
esih duwe teges
Tuladha :
- Meja tulis = meja kanggo nulis
- Gedhang goreng = gedhang sing digoreng
- Wayang kulit = wayang sing digawe sekang kulit (welulang)
- Pager wesi = pager sing digawe sekang wesi
- Bapa biyung = bapa lan biyung
10 Buku Basaku Penginyongan Kelas 7 Semester Genap 22/23
2. Gladhen
A. Ukara ngisor kiye udhalen manut jinising tembunge !
Tuladha :
Kirab tandhu Sudirman digelar neng Purbalingga.
Kirab = tembung kriya Tandhu = tembung aran
Sudirman = tembung aran Digelar = tembung kriya
Neng = tembung ancer-ancer Purbalingga = tembung aran
1. Replika tandhu sing diusung akehe 300.
Wangsulan : ...................................................................................................
2. Adicara kiye dileksanakna dina Rebu esuk tekan wengi.
Wangsulan : ...................................................................................................
3. Paraga sing melu mlaku ana 5.202.
Wangsulan : ...................................................................................................
4. Sri Widayati masrahna piagam marang bupati Dyah Hayuning Pratiwi.
Wangsulan : ...................................................................................................
5. Pak tentara mlayu banter banget.
Wangsulan : ...................................................................................................
6. Waaaaah.....kiye rekor paling akeh.
Wangsulan : ...................................................................................................
7. Halooo.....sapa sing ndeleng kirab tandhu?
Wangsulan : ...................................................................................................
8. Aku nonton sangu sepuluh ewu.
Wangsulan : ...................................................................................................
9. Dheweke keprok-keprok weruh Barongsai
Wangsulan : ...................................................................................................
10. Mayoret kae dhuwur lan ayu.
Wangsulan : ...................................................................................................

B. Ayo siki wacanen teks ngisor kiye banjur golet lan bedakna tembung
camboran neng wacan ngisor kiye, manut kasebut !
Dina Rebo tanggal 31 Agustus 2022, aku karo Paklik maring Monumen
Tempat Lahir (MTL) Sudirman nonton kirab tandhu. Mbok nganti ngelak, aku
sangu wedang karo randha royal. Tekan kono wis rame, sing ngusung tandhu katon
rampag, ora dhelik, malah katon dhegus kabeh. Aku karo Paklik ngetutna sing kirab
nganti adoh, merga kepanasen kulitku dadi ireng thuntheng. Wektu lagi padha
nonton, ana wong sing dawa tangane kecekel Pulisi. Baline aku ngliwati bangjo
terus mampir toko tuku raja lele pesenane Embah. Nang kono aku ana weruh semar
mendem, randha royal karo nagasari, kalamenjingku munggah mudhun lan ngiler
kepengin nicipi.
No Tembung Manut Wujude Katrangan
Camboran
1. Paklik Camboran tugel Bapak cilik
2. Randha royal Camboran wutuh Jeneng panganan (tape goreng)
3.
4.
5.
6.
7.
8.
9.
10.

Buku Basaku Penginyongan Kelas 7 Semester Genap 22/23 11


Kegiatan 3 : Nyritakna isi teks Deskripsi
Para putra, ayo sekiye gawe kelompok, saben kelompok anggotane 4 siswa. Banjur
bareng-bareng kelompokmu wacanen sepisan maning teks dheskripsi “Kirab Tandhu
Soedirman Mecahna Rekor MURI” supaya bisa nyritakna isine wacan kasebut. Gatekna
pitudhuh ngisor kiye supaya ngerti isine wacan kasebut!
1. Wacanen teks deskripsi kanthi premati.
2. Tulisen undheraning gagasan saben paragraf.
3. Roncenen ukara-ukara baku supaya dadi separagraf
4. Gawea dudutan (kesimpulan) teks “Kirab Tandhu Soedirman Mecahna Rekor
MURI”
5. Andharna asiling kelompokmu neng ngarepe kanca sakelas.

Nyritakna isine wacana :

Kegiatan 4 : Nyemak Struktur Teks Deskripsi


1. Pangerten Struktur Teks Deskripsi
Struktur/perangan teks Deskripsi ana 3, yakuwe:
1. Identifikasi, yakuwe perangan sing isine nerangna titikane (ciri-ciri)
barang/objek, papan, utawa prastawa.
2. Klasifikasi, yakuwe perangan sing isine milah-milah manut jinise utawa
kelompoke
3. Deskripsi bagian yakuwe perangan wacan sing isine nggambarna perangan-
perangan sing lewih rinci.

12 Buku Basaku Penginyongan Kelas 7 Semester Genap 22/23


Kegiatan 3 : Nulis teks Deskripsi
Neng pasinaon kiye para siswa bakal sinau lan gladhen nulis teks deskripsi
adhedhasar obyek gambar sing wis cemawis.
Tugas 1 : Identifikasi teks deskripsi
Kanggo nulis teks deskripsi, gatekna urutan tata cara neng ngisor kiye :
1. Goleta data lan informasi adhedahar obyek sing kok pilih
2. Banjur identifikasi obyek sing kok pilih.
3. Gawea klasifikasi adhedhasar obyek kasebut
4. Deskripsikna perangan-perangan obyek kasebut kanthi rinci, cetha lan
gamblang.

Tugas 2 : Nulis teks deskripsi manut gambar sing wis dicawisna !


Sewise milih gambar , goleta data lan informasi, banjur nulisa teks deskripsi sing prasaja
(sederhana) bae. Nalika nulis gatekna struktur teks deskripsi sekang :
1. Idhentifikasi
2. Klasifikasi
3. Dheskripsi bagean
Ayo sekiye gladhen nulis teks deskrispi adhedhasar gambar kang wis cumawis !

NO GAMBAR TEKS DESKRPSI


1.

2.

3.

Buku Basaku Penginyongan Kelas 7 Semester Genap 22/23 13


Asesmen Sumatif
Wulangan 5

A. Wangsulana pitakon neng ngisor kiye kanthi nulis B menawa pratelane bener lan
S menawa pratelane salah !
1. Gegambaran neng teks deskripsi bisa dirasakna dening panca indriya. (……)
2. Identifikasi kalebu struktur teks deskripsi. (……)
3. Tembung bangjo kalebu tembung camboran wutuh . (……)
4. Tembung semar mendem kalebu tembung camboran tugel. (……)
5. Tangi, lungguh, adus kalebu jinise tembung aran. (……)

B. Isenana titik-titik ngisor kiye nganggo tembung neng sisih tengen supaya dadi
ukara sing genep !
1. Museum Rekor Dunia Indonesia dicekak …. a. tembung aran
2. Kirab Tandhu Divisi Sudirman diwiwiti sekang desa …. b. sang
3. Tembung sing mratelakna jeneng barang diarani …. c. MURI
4. Tuladhane tembung panyilah yakuwe .... d. camboran tugel
5. Adhedhasar wujude tembung dubang, dhelik, lungit kalebu .... e. Bantarbarang

C. Pilih A, B, C utawa D wangsulan kang kok anggep paling bener !


Wacanen !
Kirab Tandhu Soedirman Neng Purbalingga Mecahkan Rekor MURI

Kirab Tandhu Divisi Soedirman sing digelar neng Purbalingga, Jawa Tengah
(Jateng) mlebu cathetan rekor Museum Rekor Dunia Indonesia (MURI).) Kirab tandhu
kuwe dileksanakna wiwit Rabu (31/8) esuk lan rampung Rabu (31/8) wengi sewise
lumaku kira-kira 9 jam. Botrepote adicara ora dirasakna, senajan esuk uput-uput kudu wis
samapta. Anane mung rasa seneng lan gumbira.
Rekor sing decatat dening MURI yakuwe tandhu paling akeh, pasarta paling akeh,
lan adohe dalan sing diliwati. Kirab kasebut dipeloni dening 5.202 paraga sekang warga lan
para mudha, ing antarane paraga kasebut ana 4.800 cacahe kanthi estafet mikul replika
tandhu Jendral Soedirman sing akehe ana 300 unit.
1. Wacan kang kedadiyan sekang pirang-pirang alinea diarani ....
A. Gancaran C. Tembang
B. Geguritan D. Pacelathon
2. Wacana sing nggambarna barang utawa kedadiyan kanthi cetha nganti wong sing maca
utawa krungu kaya weruh utawa ngalami dhewek diarani wacana utawa teks….
A. Narasi C. Argumentasi
B. Deskripsi D. Eksplanasi

Gatekna !
Sesulih sekang MURI, Sri Widayati, ngendika menawa MURI nyathet Kirab
Replika Tandu Soedirman kiye kalebu sing paling akeh , yakuwe ana 300 tandhu lan
5.202 paraga kang melu lan kanthi resmi kacathet neng Museum Rekor Dunia
Indonesia minangka rekor sing kaping 10.522.

14 Buku Basaku Penginyongan Kelas 7 Semester Genap 22/23


3. Adhedhasar wacan neng ndhuwur, asmane paraga minangka sesulih sekang MURI
yakuwe …
A. Sri Widowati C. Sri Widayati
B. Sri Widyawati D. Sri Widiyanti
4. Kirab Tandhu Divisi Sudirman kecathet minangka rekor sing kaping ….
A. 300 C. 10.202
B. 5.202 D. 10.522

Gatekna !
Warung sroto sing kawentar neng Purbalingga kuwe akeh. Ana Sroto Legendaris
Pak Sarwin, Sroto Bancar Pak Joko, Sroto Bu Misdar, Sroto Kriyik lan esih akeh liyane.
Malah siki ana sroto sing dimodhel anyar, kaya Sroto Klamud lan Sroto So. Nanging aja
kewatir, kabeh rasane esih khas Sroto Purbalingga.

5. Struktur teks deskripsi kaperang dadi telu, yakuwe identifikasi, klasifikasi lan .....
A. Deskripsi bagian
B. Deskpisi subyektif
C. Deskripsi spatial
D. Deskripsi obyektif
6. Gatekna !
Ana Sroto Legendaris Pak Sarwin, Sroto Bancar Pak Joko, Sroto Bu Misdar, Sroto
Kriyik lan esih akeh liyane.
Adhedhasar struktur teks deskripsi, perangan kiye diarani
A. Identifikasi
B. Klasifikasi
C. Deskripsi bagian
D. Deskripsi subyektif
7. Tembung kriya yakuwe tembung sing mratelakna solah bawa utawa tandang gawe.
Ukara ngisor kiye kang ana tembung kriyane yakuwe ....
A. Ibuku guru.
B. Jenenge Gunawan Wibisana.
C. Adzkia dhokter kewan neng Taman Seruling Mas.
D. Rayhan mringis.
8. “Haloooooo.....kepriwe kabare, kang?”
Ukara ndhuwur sing kalebu tembung Panguwuh yakuwe ....
A. Haloooooo C. kabare
B. kepriwe D. kang
9. Tembung Camboran yakuwe tembung loro utawa lewih sing digandheng dadi siji lan
tembung mau dadi tembung anyar kang tegese uga melu anyar.
Ukara ngisor kiye sing ana tembung camborane yakuwe ....
A. Sule arep adus.
B. Tofik numpak sepur
C. Awake Yumna krasa panastis
D. Paman Gani tuku ayam lan bebek
10. Zulfili mbakar munthul nganti ireng thuntheng.
Ukara kiye tembung camborane ….
A. Zulkifli mbakar C. Nganti ireng
B. Mbakar munthul D. Ireng thuntheng

Buku Basaku Penginyongan Kelas 7 Semester Genap 22/23 15


D. Wangsulana pitakon-pitakon neng ngisor kiye kanthi patitis !

1. Apa tengere teks deskripsi ?


Wangsulan : ….………………………………………………………………………
......................…………………………………………………………………………
2. Sebutna apa bae sing kalebu jinise teks deskripsi !
Wangsulan : ….………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………....
3. Sebutna apa bae sing kalebu struktur teks deskripsi !
Wangsulan : ….………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………...
4. Gawea ukara nganggo tembung camboran kiye ?
a) Raja lele
b) Dawa tangane
Wangsulan : …………………………………………………………………
........................................................................…………………
5. Udhalen manut jinising tembunge !
a. Replika tandhu Sudirman diusung wiwit desa Bantarbarang.
b. Sroto Purbalingga isine akeh, rasane enak lan gurih.
Wangsulan : ….………………………………………………………………………
.…………………………………………………………………………

16 Buku Basaku Penginyongan Kelas 7 Semester Genap 22/23


WULANGAN 6

TEMBANG SINOM

Buku Basaku Penginyongan Kelas 7 Semester Genap 22/23 17


II. CAPAIAN PEMBELAJARAN DAN TUJUAN PEMBELAJARAN

CAPAIAN TOPIK / TUJUAN


ELEMEN
PEMBELAJARAN KONTEN PEMBELAJARAN
Menyimak Peserta didik mampu Tembang 1. Peserta didik dapat
menganalisis dan Sinom mengidentifikasi
mengevaluasi informasi ciri-ciri tembang
berupa gagasan, pikiran, Sinom
perasaan, pandangan, 2. Peserta didik dapat
arahan atau pesan yang memahami isi
akurat dari teks sastra tembang Sinom
(misalnya; tembang 3. Peserta didik dapat
Macapat / parikan / menemukan
wangsalan / cangkriman / amanat tembang
dongeng / monolog / Sinom
geguritan / cerita pendek /
cerita rakyat / cerita
wayang epos Ramayana
atau lainnya) dalam bentuk
audio visual dan aural.
Membaca Peserta didik mampu Tembang Peserta didik dapat
membaca teks sastra Sinom membaca tembang
(tembang macapat / Sinom
parikan / dongeng
/geguritan /cerita pendek
/cerita rakyat /cerita
wayang epos
Ramayana/lainnya) dari
teks visual dan audio visual.
Menulis Peserta didik mampu menulis Menulis Peserta didik mampu
teks paragraf aksara Jawa Aksara menulis aksara Jawa
sesuai kaidah penulisan aksara Jawa dengan menerapkan
Jawa. pasangan dan
sandhangan

Kegiatan 1 Tembang Macapat


Gatekna andharan kiye !
Tembang Macapat kalebu tembang tradhisonal Jawa sing nduweni paugeran
tartamtu.
Tembang Macapat cacahe ana 11, yakuwe :
1. Mijil 7. Maskumambang
2. Kinanthi 8. Durma
3. Sinom 9. Pangkur
4. Asmaradana 10. Megatruh
5. Dhandhanggula 11. Pocung
6. Gambuh

18 Buku Basaku Penginyongan Kelas 7 Semester Genap 22/23


Pathokan (paugeran) tembang Macapat ana 3, yakuwe :
1. Guru gatra , yakuwe cacahing gatra (larik) saben sapada (selarik).
2. Guru Wilangan, yakuwe cacahing wanda (suku kata) saben sagatra (selarik)
3. Guru Lagu, yakuwe tibaning swara (a, i, u, e, o) neng pungkasaning gatra (larik)

Kegiatan 2 Tembang Macapat Sinom


Tugas 1 : Nyemak Serat Wulangreh
Tembang Macapat Sinom neng piwulangan kiye dijukut sekang buku Serat
Wulangreh. Serat Wulangreh anggitan utawa karangane Sri Susuhunan Pakubuwana IV.
Panjenengane raja kraton Kasunanan Surakarta Hadiningrat. Sri Susuhunan Pakubuwana
IV uga kalebu pujangga (sastrawan) kang mumpuni,. Buku liyane sing dianggit Sri
Susuhunan Pakubuwana IV yakuwe Serat Wulang Sunu, Serat Wulang Putri, Serat Wulang
Tata Krama, Donga Kabula Mataram, Cipta Waskita, Panji Sekar, Panji Raras, Panji
Dhadhap, Serat Sasana Prabu, lan Serat Polah Muna-Muni.
Serat Wulangreh wujude tembang lan ditulis nganggo aksara Jawa. Buku
kasebut siki kesimpen neng museum Radya Pustaka, Surakarta. Isine pitutur Pakubuwana
IV marang putra-putrine. Nanging pitutur kuwe uga bisa kanggo masyarakat biasa. Lan
nganti jaman siki pitutur kuwe esih bisa digunakna kanggo urip nang setengahing bebrayan
agung.
Serat Wulangreh kaperang dadi 13 pupuh. Pupuh yakuwe klumpukan tembang
sing padha sajroning karangan. Telulas pupuh kasebut yakuwe :
1. Pupuh I Dhandhanggula
2. Pupuh II Kinanthi
3. Pupuh III Gambuh
4. Pupuh IV Pangkur
5. Pupuh V Maskumambang
6. Pupuh VI Dhudhukwuluh (Megatruh)
7. Pupuh VII Durma
8. Pupuh VIII Wirangrong
9. Pupuh IX Pocung
10. Pupuh X Mijil
11. Pupuh XI Asmaradana
12. Pupuh XII Sinom
13. Pupuh XIII Girisa
Pupuh XII Serat Wulangreh isine tembang Macapat Sinom. Cacahing pada (bait)
tembang Sinom neng Serat Wulangreh ana 33 pada. Isine tembang Sinom neng Serat
Wulangreh yakuwe nyritakna dhasar-dhasaring tingkah lakune menungsa.

Tugas 2 : Nyemak tembang Sinom


1. Pathokan utawa paugeran Tembang Sinom :
Ø Guru Gatra : 9 gatra/baris
Ø Guru Wilangan : 8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12
Ø Guru Lagu : a, i, a, i, i, u, a, i, a
Pathokan utawa paugeran tembang Macapat Sinom uga bisa katulis kanthi ringkes,
yakuwe : 8-a, 8-i, 8-a, 8-i, 7-i, 8-u, 7-a, 8-i, 12-a

Buku Basaku Penginyongan Kelas 7 Semester Genap 22/23 19


2. Sasmita, watek lan kanggone tembang Sinom :
Ø Sasmita : sinom, taruna, anom, mudha, weni, nom, srinata, pamase,
logondhang, rema, pangrawit
Ø Watek : canthas, trengginas, lincah, grapyak, lan sumanak
Ø Kanggone : cocog (mathuk) kanggo nggambaraken kahanan gerak sing
ngetokaken keprigelan (keterampilan), lan bisa uga kanggo gandrung
sarta swasana perang.
3. Cakepan (syair) Tembang Sinom :
Pada 1 Ambege kang wus utama
Tan ngendhak gunaning janmi
Amiguna ing aguna
Sasolahe kudu bathi
Pintere den alingi
Bodhone dinekek ngayun
Pamrihe den inaa
Mring padha-padhaning janmi
Suka lila den ina sapadha-padha
Terjemahan bebas nganggo basa Jawa :
Ø Solah tingkahe wong sing wis sempurna, ora bakal ngenyek kepinterane wong liya,
ngelmune dienggo kabecikan,sSepolah-polahe mesthi apik, pintere ditutupi
(diumpetna), bodhone sing dikatona, supaya dienyek (dihina) nang wong liya, rila
(ikhlas) yen dienyek (dihina) neng wong liya.
Terjemahan bebas nganggo basa Indonesia :
Ø Perilaku orang yang telah mencapai tataran sempurna, tidak akan membatasi atau
mencela kepandaian orang lain, kepandaiannya disembunyikan sedangkan
kebodohannya ditampilkan agar dihina, jangan sampai ada yang menyebutnya
pandai, ia merasa bahagia jika ada yang menghinanya

Pada 2 Ingsun uga tan mangkana,


balilu kang sun alingi,
kabisan sun dokok ngarsa,
isin menek den arani,
balilune angluwihi,
nanging tenanipun cubluk,
suprandene jroning tyas,
lumaku ingaran wasis,
tanpa ngrasa prandene sugih carita.
Terjemahan bebas nganggo basa Jawa :
Ø Inyong malah ora kaya kuwe, bodhone sing tektutupi (tekumpetna), kepinterana
sing tekkatonna, isin yen nganti dearani bodho banget, nanging jan-jane pancen
bodho, senajan neng njero ati seneng yen diarani pinter, ora rumangsa yen inyong
sering nggedebus
Terjemahan bebas nganggo basa Indonesia :
Ø Aku pun tidak begitu, kebodohankulah yang aku tutupi dan kepandaianku yang aku
kedepankan karena malu jika disebut bodoh oleh orang lain, padahal aku bodoh
namun ingin disebut pandai sehingga tanpa sadar (aku) banyak bercerita bohong

20 Buku Basaku Penginyongan Kelas 7 Semester Genap 22/23


Pada 3 Tur ta duk masihe bocah,
akeh temen kang nuruti,
lakune wong kuna-kuna,
lelabetan kang abecik,
miwah carita ugi,
kang kajaba saking embuk,
iku kang aran kojah,
suprandene ingsun iki,
teka nora nana undaking kabisan.
Terjemahan bebas nganggo basa Jawa :
Ø Padhahal wektu inyong esih cilik, akeh banget sing nyritani, tumindake (tingkah
laku) wong jaman gemiyen, tingkah laku (lelabuhan) sing apik lan crita liyanek,
kalebu crita sing ora ana bukti nyatane, kuwe sing diarani dongeng (kojah),
nanging aku kiye ora tambah-tambah kepinterane.
Terjemahan bebas nganggo basa Indonesia :
Ø Padahal ketika aku masih kecil banyak yang bercerita tentang perilaku orang
jaman dulu mengenai pengabdian yang baik serta cerita, termasuk cerita yang
tidak benar adanya yang disebut dongeng, meskipun demikian, kepandaianku
tidaklah bertambah

Pada 4 Carita nggoningsun nular


Wong tuwa kang momong dhingin
Akeh kang sugih carita
Sun rungokna rina wengi
Samengko maksih eling
Sawise diwasaningsun
Bapak kang paring wulang
Miwah ibu mituturi
Tata krama ing pratingkah kang raharja
Terjemahan bebas nganggo basa Jawa :
Ø Crita sing tek weken kiye tekturuna sekang, wong sing momong aku gemiyen, akeh
banget crita sing tekrungokn awan wengi, sekiye esih kemutan, sewise inyong
dhewasa, bapak sing mulang lan ibu mituturi (menasehati) perkara tata krama lan
tingkah laku sing apik.

Terjemahan bebas nganggo basa Indonesia :


Ø Adapun cerita yang kuberikan ini kuturunkan dari orang tua yang mengasuhku
dulu, banyak cerita yang kudengarkan baik siang maupun malam sampai sekarang
masih aku ingat. Setelah aku dewasa, ayah yang memberiku nasihat, sedangkan
ibu yang mengingatkan tentang tata karma dan tingkah laku kebaik

Buku Basaku Penginyongan Kelas 7 Semester Genap 22/23 21


Tugas 3 : Nintingi isi tembang Sinom
A. Negesi Tembung
Sawise para putra maca patang pada tembang neng ndhuwur lan terjemahane,
ayo sekiye tembung-tembung ngisor kiye digoleti tegese !

NO TEMBUNG TEGESE

1. Ambege Solah bawa, tingkah laku, watek


2. Utama
3. Guna
4. Janmi
5. Dinekek
6. Balilu
7. Cubluk
8. Tyas
9. Wasis
10. Rina

B. Wangsulana kanthi pratitis !


1. Tembang Sinom neng ndhuwur dijukut sekang buku apa ?
Wangsulan : ...........................................................................................................
2. Sapa sing nganggit buku Serat Wulangreh ?
Wangsulan : ............................................................................................................
3. Apa kalungguhane (jabatan) Sri Susuhunan Pakubuwana IV ?
Wangsulan : ............................................................................................................
4. Tembang Sinom neng Serat Wulangreh ditemokna neng pupuh pira lan ana
pirang pada ?
Wangsulan : ...........................................................................................................
5. Tulisen pathokane tembang Sinom ?
Wangsulan : a. Guru gatra : ...........................................................................
b. Guru wilanga : ...........................................................................
c. Guru lagu : ...........................................................................
6. Kepriwe wateke tembang Sinom ?
Wangsulan : ............................................................................................................
7. Adhedhasar pada(bait) 1, apa tengere wong sing wis sempurna ?
Wangsulan : ............................................................................................................
8. Pintere den alingi, bodhone dinekek ngayun.
Pethikan Tembang Sinom kiye nudhuhna watek/sipate wong sing kepriwe ?
Wangsulan : ............................................................................................................
9. Balilu kang sun alingi, kabisan sun dokok ngarsa.
Adhedhasar pethikan tembang Sinom kiye, apa sing ditutupi (diumpetna) lan apa
sing diketona ?
Wangsulan : ............................................................................................................
10. Adhedhasar pada (bait) 3, kenangapa tekan diwasa esih kelingan pituture wong
tuwa?
Wangsulan : ............................................................................................................

22 Buku Basaku Penginyongan Kelas 7 Semester Genap 22/23


Tugas 4 : Nintingi unsur basa teks tembang Sinom
1. Gatekna andharan kiye !
................................................................................
Bapak kang paring wulang
Miwah ibu mituturi
Tata krama ing pratingkah kang raharja
Neng pethikan tembang neng dhuwur ditemokna tembung “tata krama”.
Tembung tata krama kuwe kalebu tembung Saroja, yakuwe tembung loro sing padha tegese
dienggo bareng. Dene yen dideleng saka isi ukara kang ana, ukara neng pethikan tembang
kalebu ukara andharan (kalimat berita).

Ayo para putra, sekiye nyinaoni Tembung Saroja lan werna-wernane ukara.
A. Tembung Saroja
Yakuwe tembung loro sing padha tegese utawa meh padha tegese dianggo
bareng.
Tuladha :
- Tata krawa - Tumpang tindhih - Kapok
- Andhap asor - Tingkah laku - Mudha dhugul
- Gagah prakosa
B. Werna-wernaning ukara
Adhedhasar surasane (isi), ukara basa Jawa bisa dipilah-pilah dadi 4 yakuwe (1)
ukara carita , (2) ukara pakon, (3) ukara pitakon, lan (6) ukara panguwuh.
1. Ukara Carita (Kalimat Berita)
Yakuwe ukara sing isine nyritakna utawa ngandhakna sewijining bab utawa
sewijining kedadiyan maring wong liya. Tengere ukara andharan yakuwe
dipungkasi nganggo tandha wacan titik (.), mula macane kanthi intonasi
(swara) sing rata.
Tuladha :
Ø Minggu ngesuk bocah-bocah arep nglangi neng OWABONG.
Ø Aku miki weruh ana bocah enom tiba sekang motor.
2. Ukara Pakon ( Kalimat Perintah)
Yakuwe ukara sing surasane (isine) wujud pakon (prentah) maring wong liya
supaya nindakna sewijining pegaweyan kaya sing dikarepna sing kongkon.
Tengere ukara pakon yakuwe dipungkasi tandha wacan seru (!), lan pamacane
kanthi intonasi munggah (dhuwur)
Tuladha :
Ø Aja mangan neng ngarep lawang!
Ø Yen kepengin pinter, kowe kudu sregep sinau!
Ø Teka ngeneh yen kowe pancen kendel!
3. Ukara Pitakon (Kalimat Tanya)
Yakuwe ukara sing isine wujud pitakonan. Ukara kiye biasane migunakna
tembung pitakon apa, kepriwe, kepripun, kadospundi, sinten, sapa, pira pinten,
ing ngendi, wonten pundi, kapan, kala menapa, coba, cobi. Tengere ukara
pitakon yakuwe dipungkasi tandha wacan pitakon (?).
Tuladha :
Ø Sekiye jam pira, Rum?
Ø Sapa sing kepengin ora munggah neng kelas kiye ?
Ø Kepriwe angger kowe sing maring umahku?

Buku Basaku Penginyongan Kelas 7 Semester Genap 22/23 23


4. Ukara Panguwuh (Kalimat Seru)
Yakuwe sing nggambarna rasa utawa emosi. Rasa kuwe akeh banget contone
rasa ora percaya, kaget, ngajog, gela, seneng lan liya-liyane. Tengere ukara
panguwuh yakuwe diwiwiti nganggo tembung panguwuh lan dipungkasi
nganggo tandha wacan seru (!) utawa tandha wacan titik (.). Sing kalebu
tembung panguwuh yakuwe awas, wow, wadhuh, hore, wah, hi, Subhanalloh,
Masya Alloh, Astaghfirulloh
2. Gladhen
A. Goletana tembung Saroja sing ana neng teks ngisor kiye lan apa tegese !
Para mudha taruna kudu andhap asor, ngerti tata krama lan sopan santun.
Duwe watek wantu sabar drana lan welas asih marang jalma manungsa liyan.
Muga-muga tingkah laku becik kuwe bisa ndadekna urip ayem tentrem, awak
bagas waras, lan urip bisa mukti wibawa.

NO TEMBUNG SAROJA TEGESE


1. Mudha taruna enom banget
2. Andhap asor Ora gumedhe (rendah hati)
3.
4.
5.
6.
7.
8.
9.
10.

B. Temtokna ukara-ukara kiye manut surasane !


No Ukara Wernane ukara
1. Farida lagi nglangi neng Owabong. Ukara andharan
2. Mut, aja lungguh neng lawang, ora ilok!
3. Apa kowe sida tuku sepatu?
4. Mau bengi udane deres banget.
5. Waaah......sepedhamu anyar ya.
6. Korban lemah njugrug Cianjur
akeh banget, cacahe nganti atusan.
7. Masyaallah gantenge si Jungkook!
8. Sapa sing seneng mangan seblak?
9. Tobat....tobat....bocah koh angel
banget diomongi!
10. Her, cepet bal kae balangna ngeneh!

24 Buku Basaku Penginyongan Kelas 7 Semester Genap 22/23


Tugas 5 : Nintingi amanat tembang Sinom
Sawise para putra maca cakepan Tembang Sinom , piwulang luhur apa sing kok
temokna ?
No Tembang Piwulang luhur
Ambege kang wus utama
Tan ngendhak gunaning janmi
Amiguna ing aguna
Sasolahe kudu bathi
Pintere den alingi
Bodhone dinekek ngayun
Pamrihe den inaa
Mring padha-padhaning janmi
Suka lila den ina sapadha-padha

Ingsun uga tan mangkana,


balilu kang sun alingi,
kabisan sun dokok ngarsa,
isin menek den arani,
balilune angluwihi,
nanging tenanipun cubluk,
suprandene jroning tyas,
lumaku ingaran wasis,
tanpa ngrasa prandene sugih carita

Tur ta duk masihe bocah,


akeh temen kang nuruti,
lakune wong kuna-kuna,
lelabetan kang abecik,
miwah carita ugi,
kang kajaba saking embuk,
iku kang aran kojah,
suprandene ingsun iki,
teka nora nana undaking kabisan
Carita nggoningsun nular
Wong tuwa kang momong dhingin
Akeh kang sugih carita
Sun rungokna rina wengi
Samengko maksih eling
Sawise diwasaningsun
Bapak kang paring wulang
Miwah ibu mituturi
Tata krama ing pratingkah kang
raharja

Buku Basaku Penginyongan Kelas 7 Semester Genap 22/23 25


Kegiatan 3 Maca Tembang Sinom
Supaya bisa nembang Macapat kanthi apik, lumrahe kudu ngerteni bab-bab, kayata :
1. Nguwasani tembang, amarga jinise tembang macapat iku ana 11, lan saben
tembang titi larase beda-beda.
2. Kudu mangerteni watake tembang.
3. Mangerteni guru wilangan lan guru lagu saben tembang Macapat sing arep
ditembangna.
4. Kudu mangerteni tegese tembung utawa makna bahasa sing diwaca ing
tembang.
5. Nguwasani lan mangerteni dununging andhegan, aja nganti mancah sawijining
tembung.
6. Yen miwiti nembang , gumantung wates tebaning (luas) swarane dhewek-
dhewek aja nganti mblero kendhepen utawa kedhuwuren.
7. Mangerteni lan nguwasani ngenani wirama jroning macapat, saben mandheg lan
saben amiwiti nembang aja kesuwen utawa kecepeten.

Ayo gladhen nembang Tembang Sinom !

SINOM
Laras Slendro pathet sanga

! @ @ @ ! ! !!
Am beg e kang wus u ta ma
! ! ! ! 6 61 5 35
Tan ngen dhak gu na ning jan mi
6 ! ! ! 6 55 5
A mi gu na ing a gu na
5 5 56 35 1 2 216 6
Sa so lah e ku du ba thi
6 6 6 6 ! ! !
Pin ter e den a ling i
5 5 5 5 2 2 23 21
Bo dho ne di ne kek nga yun
1 2 2 2 2 2 2
Pam rih e den i na a
5 5 56 35 1 2 232 16
Mring pa dha pa dha ning jan mi
3 555 5 5 5 5 2 2 23 21
Su ka li la den i na sa pa dha pa dha

26 Buku Basaku Penginyongan Kelas 7 Semester Genap 22/23


Kegiatan 4 Nulis Aksara Jawa
Tugas 1 : Nyemak aksara legena lan pasangan
A. Aksara Jawa
1. Aksara Jawa (aksara Dentawyanjana)
Aksara Jawa uga diarani aksara dentawyanjana. Menawa esih wutuh durung
diwenehi sandhangan apa bae diarani aksara Legena. Aksara Jawa cacahe ana 20.

2. Pasangan

Tugas 2 : Nulis aksara Jawa nganggo pasangan


Pasangan aksara Jawa yakuwe aksara sing dienggo ngganti aksara Jawa urip,
sing dedhisiti aksara mati neng tengahe tembung utawa ukara.
Gatekna carane nulis migunakna pasangan :

Buku Basaku Penginyongan Kelas 7 Semester Genap 22/23 27


28 Buku Basaku Penginyongan Kelas 7 Semester Genap 22/23
B. Ukara ngisor kiye tulisen nganggo aksara Jawa !
1. Baskara numpak prau layar.
.................................................................................................................................
.................................................................................................................................
2. Bocah pinter ora gumedhe.
.................................................................................................................................
.................................................................................................................................
3. Adhik tumbas seblak pedhes.
.................................................................................................................................
.................................................................................................................................
4. Alisa melu lomba maca aksara Jawa
.................................................................................................................................
.................................................................................................................................
5. Tyas lagi nulis geguritan.
.................................................................................................................................
.................................................................................................................................

Asesmen Sumatif
Wulangan 6

Buku Basaku Penginyongan Kelas 7 Semester Genap 22/23 29


30 Buku Basaku Penginyongan Kelas 7 Semester Genap 22/23
D. Wangsulana pitakon neng ngisor kiye kanthi patitis!
1. Tulisen apa bae kang kalebu tembang Macapat !
Wangsulan : ………………………………………………………………………
………………………………………………………………………
...……………………………………………………………………
2. Tulisen pathokan/ paugerane tembang Sinom !
Wangsulan : ……………………………………………………………………...
........…………………………………………………………………
………………………………………………………………………
3. Tulisen watek lan kagunane tembang Sinom !
Wangsulan : ..……………………………………………………………………..
...……………………………………………………………..............
....……………………………………………………………………
4. Gawea ukara nganggo tembung Saroja kiye !
a. kapok kawus
b. gandhes luwes
Wangsulan : ………………………………………………………………………
…………………………………………………………………........
5. Ukara ngisor kiye tulisen nganggo aksara Jawa !
Sinom kalebu tembang Macapat.
Wangsulan : ............................................................................................................
……………………………………………………………………....
............................................................................................................

Prediksi Asesmen Sumatif


PTS Genap

Buku Basaku Penginyongan Kelas 7 Semester Genap 22/23 31


B. Isenana titik-titik ngisor kiye nganggo tembung neng sisih tengen supaya dadi
ukara kang genep !
11. Salah siji struktur teks deskripsi yakuwe .... A. dubang
12. Museum Rekor Dunia Indonesia dicekak …. B. klasifikasi
13. Manut jinise, tembung aku, kowe klebu tembung ..... C. guru gatra
14. Tuladhane tembung panyeru yakuwe .... D. pakon
15. Cacahing gatra saben sapada diarani …. E. MURI
16. Sasmitane tembang Sinom .... F. wolu
17. Gatra sepisan Tembang Sinom guru wilangane ana .... G. lho
18. Gunung Semeru njeblug. Ukara kiye arane ukara ... H. anom
19. Ukara sing surasane ngongkon diarani ukara .... I. sesulih
20. Tuladha tembung camboran tugel yakuwe.... J. Andharan

C. Pilih A, B, C utawa D wangsulan kang kok anggep paling bener !

21. Wacana sing nggambarna barang utawa kedadiyan kanthi cetha nganti wong sing maca
utawa krungu kaya weruh utawa ngalami dhewek diarani wacana utawa teks….
A. Deskripsi C. Argumentasi
B. Narasi D. Eksplanasi
22. Salah siji tandha utawa tengere wacana deskriptif yakuwe …
A. Kedadiyane digambarna kanthi ora cetha
B. Wong sing maca kaya weruh lan ngrasakna dhewek kedadiyane
C. Kedadiyane kuwe ora nyata
D. Ora digambarna werna, ukuran, wujud utawa kahanane
23. Paragraf Deskripsi sing nggambaraken apa sing dirasakna utawa dideleng dening sing
nulis diarani …
A. Paragraf Deskripsi Reflektif C. Paragraf Deskripsi Subyektif
B. Paragraf Deskripsi Obyektif D. Paragraf Deskripsi Spasial
24. Gatekna !
Kirab Tandhu Divisi Soedirman sing digelar neng Purbalingga, Jawa Tengah (Jateng)
mlebu cathetan rekor Museum Rekor Dunia Indonesia (MURI).) Kirab tandhu kuwe
dileksanakna wiwit Rabu (31/8) esuk lan rampung Rabu (31/8) wengi sewise lumaku
kira-kira 9 jam. Botrepote adicara ora dirasakna, senajan esuk uput-upud kudu wis
samapta. Anane mung rasa seneng lan gumbira
Adhedhasar pethikan wacan nengn ndhuwur, adicara kirab tandhu dileksanakna nalika
dina .....
A. Rebo, 31 Juni 2022
B. Rebo tanggal 31 Agustus 2022
C. Rebo, tanggal 31 Oktober 2022
D. Rebo, tanggal 31 Desember 2022
25. Gatekna !
Sesulih sekang MURI, Sri Widayati, ngendika menawa MURI nyathet Kirab Replika
Tandu Soedirman kiye kalebu sing paling akeh , yakuwe ana 300 tandhu lan 5.202
paraga kang melu lan kanthi resmi kacathet neng Museum Rekor Dunia Indonesia
minangka rekor sing kaping 10.522.
Paraga sing dadi sesulih sekang MURI asmane ....
A. Sri Widowati C. Sri Widiyanti
B. Sri Widyawati D. Sri Widayati

32 Buku Basaku Penginyongan Kelas 7 Semester Genap 22/23


26. Struktur teks deskripsi ana telu, yakuwe identifikasi, klasifikasi lan deskripsi bagian.
Perangan sing isine nerangna titikane (ciri-ciri) barang/obyek, papan, utawa prastawa
diarani ....
A. Identifikasi C. Deskripsi bagian
B. Klasifikasi D. Deskripsi subyektif
27. Gatekna !
Sroto klebu panganan klangenan warga Purbalingga. Jeneng sroto sing digunakna neng
warga laladan Banyumas klebu Purbalingga kuwe padha karo soto. Dadi aja bingung
angger ana wong ngomong sroto utawa soto. Sekang rasa lan isine, sroto Purbalingga
ana bedane karo soto neng panggonan liya.
Panganan sing dadi klangenan warga Purbalingga yakuwe....
A. Bakso C. Mie ayam
B. Seblak D. Sroto
28. Gatekna !
Ana Sroto Legendaris Pak Sarwin, Sroto Bancar Pak Joko, Sroto Bu Misdar, Sroto
Kriyik lan esih akeh liyane.
Adhedhasar struktur teks deskripsi, perangan kiye kalebu ....
A. Identifikasi C. Deskripsi bagian
B. Klasifikasi D. Deskripsi subyektif
29. Tembung panyilah yakuwe tembung sing kanggo nyilahake patrap, barang, utawa
sawijining bab.
Ukara ngisor kiye sing ana tembung Panyilahe yakuwe....
A. Sang Putri ngenggar-enggar penggalih wonten taman.
B. Bapak tindak Semarang nitih sepur.
C. Zoya nganggo klambi abang.
D. Adhuuuuuhh.....nganthenge kae bocah.
30. Ukara neng ngisor kiye sing nganggo tembung Sesulih (kata ganti) yakuwe ….
A. Bapak lagi mancing nang blumbang.
B. Si Kidang mlayu mlebu alas
C. Inyong mlakune londhog.
D. Asem…arep decekel malah darane mabur payon !
31. Sapine disembeleh mau bengi.
Adhedhasar jinise, tembung disembeleh neng ukara ndhuwur kalebu ….
A. Tembung Kriya C. Tembung Kaanan
B. Tembung Aran D. Tembung Sesulih
32. Si Jupri decekel Pulisi merga nyolong montor.
Tembung Si kalebu jinising tembung…
A. Tembung Panyeru C. Tembung Panyilah
B. Tembung Aran D. Tembung Kriya
33. Zara nggawa buku neng tas.
Ukara ndhuwur sing klebu tembung kriya yakuwe....
A. Zara C. Buku
B. Nggawa D. Tas
34. Tembung Camboran yakuwe tembung loro utawa lewih sing digandheng dadi siji lan
tembung mau dadi tembung anyar kang tegese uga melu anyar.
Ukara ngisor kiye sing ana tembung camborane yakuwe ...
A. Mawar duwe tas anyar. C. Ratih mangan semar mendem
B. Hasan nyekel peso. D. Yumna nangis karo ngguyu.

Buku Basaku Penginyongan Kelas 7 Semester Genap 22/23 33


35. Embah remen ngunjuk teh nasgithel.
Ukara kiye tembung camborane .....
A. Embah remen C. Ngunjuk teh
B. Remen ngunjuk D. Nasgithel
36. Mbak Popy arep tilik paklik Tarto neng Rumah Sakit Harapan Ibu.
Adhedhasar wujude, tembung paklik klebu tembung.....
A. Camboran wutuh C. Camboran tunggal
B. Camboran wudhar D. Camboran tugel
37. Tembang Macapat duwe paugeran guru gatra, guru wilangan lan guru lagu. Paugeran
cacahing gatra saben sapada diarani ….
A. Guru Lagu C. Guru Pada
B. Guru Wilangan D. Guru Gatra
38. Kanggo nggampangna nengeri sewijining tembang bisa kanthi cara nulis sasmitane
tembang. Tembang Macapat Sinom bisa ditengeri sekang sasmitane yakuwe ….
A. Nom, taruna, anom, weni, mudha
B. Metu, medal ,pamijil, miyos, wijil, raras
C. Kinanthi, kanthi, gandheng, kanthil
D. sarkara, hartati, manis, madu
39. Wateke tembang Sinom yakuwe ….
A. Luwes, kewes, ndudut ati
B. Canthas, trengginas, lincah, grapyak semanak
C. Galak, sereng, ngemu kanepson
D. Tresna, asih, sedhih
Gatekna !
Sinom
Carita anggoningsun nular
Wong tuwa kang momong dhingin
Akeh kang sugih carita
Sun rungokna rina wengi
Samengko maksih eling
Sawise diwasa ingsun
Bapa kang paring wulang
Miwah ibu mituturi
Tata krama ing pratingkah kang raharja

40. Pethikan tembang Sinom neng ndhuwur dijukut sekang nuku Serat Wulangreh . Serat
Wulangreh anggitan .....
A. GPAA Mangkunagara IV C. Sri Sultan Hamengkubuwana IV
B. KGPAA Pakualam IV D. Sri Susuhunan Pakubuwana IV
41. Gatra pungkasan tembang Sinom, guru wilangan lan guru lagune ....
A. 8 i C. 8 a
B. 10 i D. 12 a
42. Manut tembang neng dhuwur, piwulang lan pituture sekang bapa ibu yakuwe ....
A. Tata krama lan tingkah laku sing becik
B. Adigang adigung adiguna
C. Kumingsun lan kumandara
D. Pamer kepinteran

34 Buku Basaku Penginyongan Kelas 7 Semester Genap 22/23


43. Sun rungokna rina wengi.
Tembung rina tegese....
A. Esuk C. Sore
B. Awan D. Wengi
44. Ayo….cepet tugas Bahasa Jawa dikumpulna !
Manut surasane , ukara kiye diarani….
A. Ukara Andharan C. Ukara Pakon
B. Ukara Pitakon D. Ukara Panguwuh
45. Ukara ngisor kiye sing klebu ukara Andharan yakuwe ….
A. Sapa sing ora tau melu pembelajaran daring ?
B. Garapen pitakonan kaca 12 Buku Basaku Penginyongan Semester Genep !
C. Aku tuku masker sedosin nang toko Maju Jaya.
D. Adhuh…senthonge urung terkresiki !
46. Tembung Saroja yakuwe tembung loro sing padha tegese dianggo bareng kanggo
mbangetake.
Ukara ngisor kiye sing nganggo tembung Saroja yakuwe...
A. Yoga awake krasa adhem panas.
B. Fatma nandur kembang mawar
C. Jeruk kuwe rasane kecut cibleng
D. Thomas numpak motor bebek.
47. Negara Indonesia kawentar (kondhang) minangka nagari kang gemah ripah, loh jinawi,
apa bae sing ditandur mesthi thukul.
Tembung Saroja kang ana neng ukara ndhuwur yakuwe ….
A. Negara Indonesia C. Minangka nagari
B. Indonesia kawentar D. Gemah ripah, loh jinawi
48. Bocah diomongi kon anteng ora gelem, ya tiba temenan, .......apa ora!!!
Ganepe tembung Saroja kanggo ukara kasebut yakuwe ....
A. Peteng ndhedhet C. Gagah prakasa
B. Padhang jingglang D. Kapok kawus

Ukara neng ndhuwur, yen diwaca monine ....


A. Sun rungokna siyang wengi C. Sun rungokna awan wengi
B. Sun rungokna esuk wengi D. Sun rungokna rina wengi
50. Ibu mundhut beras raja lele telung kilo.
Ukara kiye yen ditulis nganggo aksara Jawa ....

Buku Basaku Penginyongan Kelas 7 Semester Genap 22/23 35


36 Buku Basaku Penginyongan Kelas 7 Semester Genap 22/23
WULANGAN 7

WAYANG RAMAYANA

Buku Basaku Penginyongan Kelas 7 Semester Genap 22/23 37


A. CAPAIAN PEMBELAJARAN DAN TUJUAN PEMBELAJARAN

CAPAIAN TOPIK / TUJUAN


ELEMEN
PEMBELAJARAN KONTEN PEMBELAJARAN
Menyimak Peserta didik mampu Cerita 1. Peserta didik dapat
menganalisis dan Wayang mengidentifikasi
mengevaluasi informasi Ramayana unsur-unsur
berupa gagasan, pikiran, intrinsik karya
perasaan, pandangan, sastra.
arahan atau pesan yang 2. P e s e r t a d i d i k
akurat dari teks sastra m a m p u
(misalnya; tembang mengartikan kata-
Macapat / parikan / kata sulit pada
wangsalan / cangkriman / cerita wayang
dongeng / monolog / Ramayana.
geguritan / cerita pendek / 3. Peserta didik dapat
cerita rakyat / cerita memahami isi
wayang epos Ramayana wacana cerita
atau lainnya) dalam bentuk w a y a n g
audio visual dan aural. Ramayana.
Menulis Peserta didik mampu menulis Cerita Peserta didik mampu
gagasan, pikiran, pandangan, Wayang menulis ringkasan
arahan atau pesan tertulis Ramayana cerita wayang
tentang sosial budaya untuk Ramayana.
berbagai tujuan secara logis,
kritis, dan kreatif dengan
menggunakan bahasa Jawa
sesuai kaidah unggah-ungguh
basa dan tata bahasa.
Berbicara Peserta didik mampu Cerita Peserta didik mampu
mengungkapkan dan Wayang menceritakan kembali
mempresentasikan berbagai Ramayana bacaan cerita wayang
topik aktual tentang sosial Ramayana secara lisan.
budaya secara kritis.
Kegiatan 1 MATERI WAYANG
Wayang kuwe asale sekang tembung 'Ma-Hyang' kang ateges tumuju marang dewa
utawa Gusti kang Maha Tunggal. Ana kang ngandharna wayang ateges 'ayang-
ayang/wewayangan', bab iki kanthi lelandhesan wayang kuwe gegambaran uriping
manungsa utawa gegambaran watak lan jiwaning manungsa. Wayang dadi gegambaraning
uripe masarakat Jawa kang dijelasna liwat basa lan sarana kanggo nemokna sejatining urip
nuju marang Sang Hyang Dumadi.
Wayang yakuwe pagelaran nganggo boneka kang umume katon endah ing
wewayangane lan dilakokna dening dhalang kanthi iringan gamelan. Babone wayang jawa
wonten kalih kitab Mahabarata lan Ramayana. Ing babagan terminologi basa Jawa,
dhalang asale sekang tembung ngudhal piwulang. Ngudhal tegese
nyebaraken/ngandharaken lan piwulang tegese ajaran, pitutur, wulangan, ngelmu, lan

38 Buku Basaku Penginyongan Kelas 7 Semester Genap 22/23


sapiturute. Dadi dununge dhalang ing pagelaran wayang kuwe ora mung ngandharaken
tontonan, nanging uga ndhudhah tuntunan. Mula sekang kuwe, saliyane prigel ngenani
teknik pertunjukan, dhalang uga kudu duwe seserepan utawa ngelmu lan bisa menehi
pamawas kang trep. Mula sekang kuwe pagelaran wayang kulit kuwe uga ngemot tata laku
kang utama.
Wayang kalebu salah siji ewoning budaya warisaning leluhur wiwit kuna makuna
urip ngrembaka ing bumi nuswantara. Mligine wayang kulit wis diakoni dening UNESCO
minangka kabudayan kang nengsemaken lan duweke asli Indonesia ditetepaken tanggal 7
Nopember 2003. Wayang kulit ditetepaken minangka sawijining warisan kang endah lan
berharga (Masterpiece of Oral and Intangible Heritage of Humanity).

WACAN 1
A. Ayo maca teks Ramayana ngisor iki!

Kidang Kencana
Nalika Rama, Sinta, lan
Lesmana ngumbara, tindakipun
dumugi ing tengahing wana
Dhandhaka. Boten antawis
dangu kekiteran satunggaling
kidang kencana. Kidang niku
asline Buta Kala Marica kang
diutus Rahwana nggoda Sinta.
Buta Kala Marica malih dadi
kidang asisik emas.
Warnane endah ngelam-lami. Wujude ngengreng merak ati. Kidang nuli saba
kluyuran wira-wiri ing sacedhake wong tetelu kuwe. Sinta weruh kidang kuwe dheweke
dadi kepengin banget ngingu. Rama kapurih nyekelaken kewan kang nganeh-anehi lan
memencut kuwe.
Kidang ditut wuri dening Rama arep dicekel, ananging ngadohi, ditututi mlayu.
Rama ngoyak-oyak mbeburu kidang sengsaya adoh parane. Rama dadi ora sabar.
Menthang gendhewa nglepasaken jemparing. Kidang dipanah, kena cumeprot ludirane.
Sakala njola mbekik nywara njerit serosane. Swaraning kidang kaprungu dening Sinta,
lamat-lamat kaya krungu pasambate Rama. Sinta nduga yen Rama nemu kacilakan.
Lesmana enggal-enggal dikon nglacak, nglari, lan nulungi Rama. Lesmana nggeblas
ninggal Sinta. Dasamuka girang gumuyu, tumuli mindha-mindha pandhita nyedhaki Sinta.
Sinta dibujuk alus arep dislametna, nanging ora gelem. Dasamuka kurda ngrudapeksa
nggeret Sinta melbu kreta kencana. Isih Jola-jola bangga, jelih-jelih asesambat, Sinta
kagondhol mabur. Dasamuka gagah prakosa mithing Sinta, karo nglakokna kreta kencana,
babar pisan ora maelu marang pasambat pangluhe sing disikep rape ting cangklekane.
Sinta kaduwung nggetuni tumindake. Mung nggugu pikarepe dhewek, ngumbar
pepenginane lan ninggal kawaspadan. Karo isih asesambat ngaru-ara, nganyut-anyut,
ngrerintih perih. Dumadakan pasambat pangrintihe kaprungu dening rajaning manuk
ingkang paring asma Jathayu. Dheweke dadi mitra kenthele Raja Dasarata. Mula, bareng
weruh anake mitrane dicidra dening Rahwana, Jathayu enggal tumandang nulungi. Kreta
kencana ditrajang bae, Sinta direbut. Nanging Rahwana nggegegi, ora nguwalaken.
Dedreg udreg-udregan, rebutan Sinta ana ing gegana. Eman, dene Jathayu kalindhih

Buku Basaku Penginyongan Kelas 7 Semester Genap 22/23 39


ditatoni lan diajar dening Rahwana. Swiwi kiwa sengkleh tugel, isih megap-megap
ditendhang, kumleyang ing awing-awang, tiba ing lemah kejet-kejet klebekan. Laju
lakuning kretane Rahwana nggondhol Sinta. Sinta kelaran, awake lungkrah ora karu-
karuwan amarga sawise diceneng-ceneng kanggo rebutan. Sadhela-sadhela polah nedya
uwal, nanging boten saged. Sinta namung ngrerintih sedhih lan kembang cundhuk, gelang,
lan kalunge padha tiba pating kececer.
Ing tengah alas, anggone mbeburu kidang ora oleh asil. Rama lan Lesmana bali
nglenthung(ngliyus). Tumeka panggonane, Sinta wis ora ana. Digoleti ora ketemu.
Diceluk ora nyauri. Rama nemu kembang cundhuk lan saperanganing anggon-anggone
Sinta padha pating kececer. Pangirane Rama, Sinta dimaling. Rama nesu banget ananging
saged dilipur teng Lesmana Kekarone mbanjurna laku, nglacak nggoleti sing ilang.
Tumeka ing panggonane Jathayu sing lagi menggeh-menggeh meh koncatan nyawa.
Sanadyan mangkono, deweke esih bisa nyritakna lelakone, sarta aweh sasmita arah
playuning maling. “Sinta digawa menyang Nagara Aleng…..” Durung nganti entong
anggone ngucapna wandaning tembung, Jathayu tetela wis ora bisa katulungan maning.
(Sumber: Buku Cariyosipun Ayu Sita tuwin Bagus Rama kanthi diowahi saperlune.)
Tembung kang angel:
Tembung Tegese
Cumeprot nywara mak ceprot mlebu kena.
Dedreg udreg-udregan tukaran rebutan menang
Dicidra diapusi, dicolong, dimaling, didhusta
Diobong diwalagar, dibesmi
Jelih-jelih bengok-bengok sesambat
Jola-jola polah mumbul-mumbul
Kalindhih kalah, kasor
Kapurih dipurih, dikon, supaya.
Kencana emas, rukma, rukmi
Kurda nesu, krodha.
Lungkrah krasa ora kepenak
Mbekik nywara njerit
Merak ati nyenengna
Mindha-mindha ethok-ethok, reka-reka
Mitra kenthel kanca raket
Muntab metu akeh
Nganyut-anyut gawe sedhih
Ngaru-ara melas asih, memelas, gawe melas
Ngelam-lami nyenengaken
Ngengreng bregas nggantheng
Nggegegi ora gelem ngeculna
Nglenthung tanpa kasil, gagal
Sasmita tandha gaib, tandha saking Allah
Sisik kulit kothak-kothak cilik

40 Buku Basaku Penginyongan Kelas 7 Semester Genap 22/23


B. Tembung-tembung ngisor kiye goletna ukarane neng wacan banjur temtokna
tegese!
1. Kencana
Ukarane : …………………………………………………………………………
Tegese : …………………………………………………………………………
2. Mitra kentel
Ukarane : …………………………………………………………………………
Tegese : …………………………………………………………………………
3. Dicidra
Ukarane : …………………………………………………………………………
Tegese : …………………………………………………………………………
4. Merak ati
Ukarane : …………………………………………………………………………
Tegese : …………………………………………………………………………
5. Lungkrah
Ukarane : …………………………………………………………………………
Tegese : …………………………………………………………………………

WACAN 2
A. Wacanen crita wayang ngisor kiye !
Kalamarica
Marica kuwe salah sijine paraga sing ana neng
wiracarita Ramayana. Marica awujud raseksa, dheweke
putrane Tataka lan Sunda. Marica manggon neng alas
Dhandhaka lan dadi patihe Prabu Rahwana neng kraton
Alengka.
Dicritakna, kakine Marica kuwe raseksa/yaksa
sing arane Suketu. Merga ora duwe anak, Suketu banjur
nyenyuwun maring Dewa Brahma supaya diparingi
anak. Payuwunane disembadai dening Dewa Brahma,
wekasane Suketu pinaringan anak wadon sing sulistya
ing warni sing dijenengi Tataka. Tataka sebanjure dibojo
dening Sunda lan pinaringan anak sing dijenengi
Marica. Sunda mati merga disupatani dening Resi
Agastya. Tataka lan Marica muntab lan natoni sang
Resi. Wekasane sang Resi nyupatani Tataka lan Marica
dadi ala rupane lan urip kanthi mangan daging
menungsa.
Tataka lan Marica sebanjure urip neng alas Dhandhaka lan gawe gendra maring sapa
bae sing mlebu neng alas Dhandhaka kanggo dipangan. Merga panyuwunane Resi
Wismanitra, Rama lan Lesmana sekang kraton Ayodya mlebu maring alas Dhandhaka lan
kasil merjaya Tataka. Marica kasil mlayu. Wektu Resi Wismanitra lagi nganakna upacara,
Marica teka maning karo kanca raseksa sing arane Subahu. Marica lan Subahu padha
ngganggu lumakune upacara kanthi ngotori/ngregedi papan upacara nganggo daging
mentah lan getih. Ngerteni tumindake Marica lan Subahu, Rama lan Lesmana mbelani Resi
Wismanitra. Lesmana kasil ngrangket Marica, dene Rama kanthi senjata Agni kasil
Buku Basaku Penginyongan Kelas 7 Semester Genap 22/23 41
merjaya Subahu kanthi diobong nganti dadi awu.
Marica sebanjure suwita maring prabu Rahwana nganti dadi patih neng kraton
Alengka. Wektu Prabu Rahwana duwe niyat bakal ndhustha Dewi Shinta, dheweke.
Nemoni Marica saperlu njaluk pambiyantu, nanging Marica nolak atur pamrayoga maring
Prabu Rahwana supaya mbatalaken anggone kepengin ndhustha Dewi Shinta merga
rencana kuwe bisa njalari ancure kraton Alengka lan bangsa raseksa. Prabu Rahwana
sarujuk karo Marica banjur kondur maring kraton Alengka, ora sida ndhustha Dewi Shinta.
Nanging, nembe bae Prabu Rahwana tekan kraton Alengka, ujug-ujug teka kang rayi ya
Dewi Sarpakenaka. Dheweke wadul lamona dheweke nembe diwirang wirangna lan
dianiaya dening Rama lan Lesmana. Krungu wadulane kang rayi, Prabu Rahwana muntab
lan tumus maning kepenginan kanggo ndhustha Dewi Shinta.
Prabu Rahwana bali maning nemoni Marica kanggo nyuwun pambiyantu. Marica
ora duwe pilihan kejaba nyaguhi atur pambiyantu maring prabu Rahwana tinimbang
dheweke dipateni dening sang Prabu merga nolak panyuwunane. Lewih becik mati neng
tangane satriya utama kaya Rama tinimbang mati neng tangane Prabu Rahwana.
Marica nyamar dadi kidang kencana kanggo narik kawigatene Dewi Shinta. Dewi
Shinta nyata kepencut kaendahaning kidang kencana. Merga tresnane karo sang garwa iya
Dewi Shinta, Rama wekasane mburu kidang kencana tekan tengahing alas Dhandaka.
Sawetara Dewi Shinta tinitipna karo kang rayi Lesmana. Rama kasil mburu lan mateni
kidang kencana. Kidang kencana malih rupa dadi asline yakuwe Marica. Sedurunge mati,
Marica njerit seru kanthi nirokna swarane Rama. Dewi Shinta midhanget panjerite Marica
lan ngira lamona Rama kena bebaya. Wekasane Dewi Shinta ndhawuhi Lesmana supaya
nyusul Rama. Dewi Shinta ditinggal dhewekan. Lha senalika, Prabu Rahwana nyamar dadi
brahmana sing butuh pambiyantune Dewi Shinta. Parbu Rahwana kasil nglomboni Dewi
Shinta sing wekasane Dewi Shita kasil didhustha.
(sumber: https://blog.hadisukirno.co.id/kalamarica/. Diundhuh 27/10/2019.13:08)

B. Wangsulana pitakonan ngisor kiye kanthi bener!


1. Napa irah-irahane wacan ing nginggil?
Wangsulan ……………………………………………………………..
2. Marica kuwe manggon neng endi?
Wangsulan ……………………………………………………………..
3. Kepriwe carane Suketu supaya duwe anak?
Wangsulan ……………………………………………………………..
4. Sinten sing nyupatani Sunda?
Wangsulan ……………………………………………………………..
5. Apa isine supatane Resi Agastya ming Tataka lan Marica?
Wangsulan ……………………………………………………………..
6. Sinten sejatose kidang kencana teng crita “Kalamarica”?
Wangsulan ……………………………………………………………..
7. Kenging menapa Sinta kepencut maring kidang kencana?
Wangsulan ……………………………………………………………..
8. Kenging menapa Tataka lan Marica manggon neng alas Dhandaka?
Wangsulan ……………………………………………………………..
9. Kenging menapa Prabu Rahwana nemoni Kala Marica?
Wangsulan ……………………………………………………………..
10. Apa sing njalari Prabu Rahwana kepengin ndusta Sinta?
Wangsulan ……………………………………………………………..
42 Buku Basaku Penginyongan Kelas 7 Semester Genap 22/23
MATERI
A. Unsur intrinsik
Unsur-unsur intrinsik, yakuwe unsur-unsur sing mbangun karya sastra sekang jero.
Miturut Soediro Satoto sing kalebu unsur-unsur intrinsik karya sastra yakuwe:
1. Tema
Yakuwe gagasan pokok sing ndhasari crita kanthi wutuh. Tema lumrahe ora
diblakakna.
2. Alur utawa plot
Yakuwe lakune crita sing ndhuweni sesambungan sebab akibat. Alur ana telung
werna, yakuwe :
a. Alur maju utawa progresif.
Critane dicritakna urut.
b. Alur mundur utawa flashback.
Critane dicritakna kanthi nggambarna kedadeyan jaman gemiyen
c. Alur campuan utawa maju mundur.
Critane dicriakna campuran, maju lan mundur.
3. Setting utawa latar.
Setting bisa wujud wektu, papan, lan swasana
4. Paraga lan penokohan
Paraga kuwe tokoh sing ana neng crita, dene penokohan kuwe tegese sifat utawa
watek paraga neng crita. Kanggo mangerteni wateke paraga, bisa kanthi cara :
a. Analitik, yakuwe wateke paraga dicritakna kanthi cetha dening penulis.
b. Dramatik, yakuwe wateke paraga dicritakna samudana, bisa dingerteni kanthi
gambaran lair, pemikiran, lan pangrasane paraga, tanggepane paraga liya lan
tanggapan sakiwe tengene paraga.
Penokohan jenise ana 3, yakuwe:
a. Protagonis, yakuwe paraga utama sing lumrahe duwe watek apik.
b. Antagonis, yakuwe paraga utama sing lumrahe duwe watek ala.
c. Tritagonis, yakuwe paraga sing wateke netral.
5. Amanat, yakuwe pesen sing arep diaturaken marang pamaos
6. Cara mawas utawa point of view (POV), yakuwe dununge panulis neng crita.
Cara mawas ana werna loro, yakuwe :
a. Wong kapisan
Panulis mapanaken minangka “aku” neng crita. Panulis kaya- kaya nyritakaken
lelakone dhewek.
b. Wong katelu
Panulis mapanaken minangka “deweke” neng crita. Penulis nyritkana kaya
neng njabane crita.
7. Lelewane basa (gaya bahasa)
Yakuwe pilihan tembung sing dianggo panulis neng crita kanggo gawe urip lan
endahe crita.

B. Ayo rembugan bab unsur intrinsic wacan 3 “kidang kencana”, kanthi ngisi ceceg-
ceceg ngisor kiye!

1. Tema crita kasebut yakuwe : ………………………………………………………..


2. Alur utawa plot crita kasebut yakuwe ………………………………………………
Buku Basaku Penginyongan Kelas 7 Semester Genap 22/23 43
3. Setting utawa latar sing ana neng crita kasebut yakuwe:
a. Papan :…………………………………………………………………………..
b. Wektu :…………………………………………………………………………..
c. Swasana : ………………………………………………………………………..
4. Paraga neng crita sing dadi protagonis yakuwe : ……………………………………
5. Paraga neng crita sing dadi antagonis yakuwe : …………………………………….
6. Wewatakane para paraga yakuwe : ………………………………………………….
7. Amanat saka crita kasebut yakuwe : …………………………………………………

C. Tindakna prentah ngisor kiye!


1. Gawea kelompok, saben kelompok anggotane bocah 3-4!
2. Diskusekna babagan underane pokok-pokok isi wacan 3 “kidang kencana” sing wis
kok waca!
3. Asiling diskusi wacanen ngarep kelas!

Pokok isi paragraf 1


………………………………………………………………………………….......
……………………………………………………………………………………...
………………………………………………………………………………………

Pokok isi paragraf 2


………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………
Pokok isi paragraf 3
………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………

Pokok isi paragraf 4


………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………

Pokok isi paragraf 5


………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………

Pokok isi paragraf 6


………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………
………………………………………………………………………………………

44 Buku Basaku Penginyongan Kelas 7 Semester Genap 22/23


C. Gawenen ringkesane crita “Kala Marica” nganggo basamu dhewek. Banjur
critakna maring kancamu, kanthi cara maju neng ngarep kelas.
Asile diskusi ngrembug underane pokok-pokok isi paragraf bisa nulung anggonmu
gawe ringkesan.

Ringkesan crita:
……………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………
……………………………………………………………………………………

D. Kawruh Basa
1. SANEPA
Yakuwe unen-unen utawa tetembungan ingkang ateges mbangetaken
sanyatane. Anggone mbangetaken kanthi cara nggunakaken tembung kahanan
sing teges kosok balen karo kahanane tebung aran.
Tuladha:
a. Kelase deneng arum jamban tegese mambu banget.
Kahanan jamban kuwe mambu ananging diomongna arum. Jamban kang
kahanane mambu kuwe diomongna arum dadi tegese mambu banget.
b. Awake lemu bithing tegese awake gering banget.
Kahanan bithing kuwe gering banget diomonga lemu. Bithing sing gering kuwe
diomongna lemu dadi tegese gering banget.

1. Sanajan awake kuru semangka, bocah kae pinter.


Wangsulan ……………………………………………………………..
2. Bocah lanang kang dedege dhuwur kencur iku tau njaluk pegaweyan.
Wangsulan ……………………………………………………………..
3. Ronal mlakune banther brekicot mulane ditinggal kanca-kancane.
Wangsulan ……………………………………………………………..

Buku Basaku Penginyongan Kelas 7 Semester Genap 22/23 45


4. Jaminah sanajan kleru omongane lempung watu.
Wangsulan ……………………………………………………………..
5. Bapak tindak kondangan adoh ananging suwe banyu sinaring.
Wangsulan ……………………………………………………………..
6. Anindita swarane sepet madu, mulane dadi juara 1 nembang macapat.
Wangsulan ……………………………………………………………..
7. Raghib polahe anteng kitiran mula rangking 1.
Wangsulan ……………………………………………………………..
8. Kancane Sari, sanajan bocah wadon guyone sepi pasar.
Wangsulan ……………………………………………………………..
9. Pradipa kuwe seneng olah raga mulane pawakane empuk watu.
Wangsulan ……………………………………………………………..
10. Wong walanda kae kulite ireng mori.
Wangsulan ……………………………………………………………..

2. DASANAMA
Dasanama kuwe saka Basa Sansekerta, dasa ategese sepuluh lan nama
ateges jeneng utawa asma. Saengga dasanama (sinonim) yakuwe tembung kang
ndhuweni jeneng sepuluh nanging bisa uga ditegesi tembung-tembungkang tegese
padha.
Tuladha:
a. Anak = suta, putra, sunu, yoga, siwi, wêka, tanaya, atmaja, siwaya, ja,
patut, banu.
b. Alas = wana, bana, tarataban, girang, lirang, utan, baga, wulusan,
wêlahan, wanawasa, wanadri, jênggala, kênana.
Tembung-tembung ing ngisor iki golekana dasanamane!
1. Ati : …………………………………………………………………
2. Awak : …………………………………………………………………
3. Banyu : …………………………………………………………………
4. Biyung : …………………………………………………………………
5. Emas : …………………………………………………………………
6. Dina : …………………………………………………………………
7. Kembang : …………………………………………………………………
8. Lintang : …………………………………………………………………
9. Rai : …………………………………………………………………
10. Sedulur : …………………………………………………………………

3. TEMBUNG YOGYASWARA
Tembung Yogyaswara yakuwe tembung loro sing meh padha panulise, lan
pangucape, mung beda wandane (suku kata) sing pungkasan, sing ngarep a sing
mburi i. Tuladha tembung yogyaswara sing tegese tembung iku lanang wadon,
kayata:
1. Putra-putri. 4. Mahasiswa-mahasiswi.
2. Bethara-bethari. 5. Mudha-mudhi.
3. Raseksa-raseksi.
Tembung Yogyaswara tegese yakuwe tembung sing swarane apik lan
kepenak dirungokna. Tembung kiye biasane mapan ana neng jero teks sastra
46 Buku Basaku Penginyongan Kelas 7 Semester Genap 22/23
kayata puisi, novel, lan kadang ana neng tembung ukarane pranataadicara. Tuladha
ukara yogyaswara yakuwe:
1. Pak Dosen nembe mucal mahasiswa-mahasiswai ing kampus.
2. Wayah terang sore mudha-mudhi dolan maring alun-alun.
3. Bethara-bethari lagi ngadhep Bethara Guru.
Gladhen:
Tembung yogyswara ing ngisor iki gawenen ukarane!
1. Widadari-widadari
Ukara : ………………………………………………………………………..
2. Dewa-dewi
Ukara : ………………………………………………………………………..
3. Putra-putri
Ukara : ………………………………………………………………………..
4. Pemudha-pemudhi
Ukara : ………………………………………………………………………..
5. Raseksa-raseksi
Ukara : ………………………………………………………………………..

Asesmen Sumatif
Wulangan 7

A. Wangsulana kanthi menehi tandha x (ping) ing aksara B menawa pratelane


bener lan S menawa pratelane salah!

1. Ana sing ngarani wayang kuwe asale sekang tembung 'Ma-Hyang'


kang ateges tumuju marang dewa utawa Gusti kang Maha Tunggal. (……)
2. Sing nglakokna wayang jenenge waranggana. (……)
3. Wayang diarani ateges “ayang-ayang/wewayangan” amarga
nggambaraken uriping manungsa. (……)
4. Miturut terminologi basa Jawa, dhalang asale sekang tembung
ngudhal piwulang. (……)
5. WHO netepna nek wayang dadi warisan budaya asli saking Indonesia. (……)

B. Isenana titik-titik ngisor kiye nganggo tembung neng sisih tengen supaya dadi
ukara kang genep !

6. Tanggal 7 nopember 2003 menika tanggal UNESCO


netepaken wayang dadi warisan budaya asli saking…. A. Dhandhaka
7. Kidang Kencana sing nggodha Sinta kuwe asline……… B. Indonesia
8. Rama, Lesmana lan Sinta dibuwang neng alas………. C. Alengka
9. Jatayu kuwe jenenge raja manuk sing nulungi Sinta didusta neng..... D. Kalamarica
10. Marica patihe Prabu Rahwana neng kraton ………… E. Rahwana

C. Wangsulana pitakonan ngisor kiye kanthi milih wangsulan a, b, c, utawa d sing


bener!
Kalamarica
Marica kuwe salah sijine paraga sing ana neng wiracarita Ramayana. Marica
awujud raseksa, dheweke putrane Tataka lan Sunda. Marica manggon neng alas
Buku Basaku Penginyongan Kelas 7 Semester Genap 22/23 47
Dhandhaka lan dadi patihe Prabu Rahwana neng kraton Alengka.
Dicritakna, kakine Marica kuwe raseksa/yaksa sing arane Suketu. Merga ora
duwe anak, Suketu banjur nyenyuwun maring dewa Brahma supaya diparingi anak.
Payuwunane disembadai dening dewa Brahma, wekasane Suketu pinaringan anak
wadon sing sulistya ing warni sing dujenengi Tataka. Tataka sebanjure dibojo dening
Sunda lan pinaringan anak sing dijenengi Marica. Sunda mati merga disupatani
dening resi Agastya. Tataka lan Marica muntab lan natoni sang Resi. Wekasane sang
Resi nyupatani Kataka lan Marica dadi ala rupane lan urip kanthi mangan daging
menungsa.
Tataka lan Marica sebanjure urip neng alas Dhandhaka lan gawe gendra maring
sapa bae sing mlebu neng alas Dhandhaka kanggo dipangan. Merga panyuwunane
resi Wismanitra, Rama lan Lesmana sekang kraton Ayodya mlebu maring alas
Dhndhaka lan kasil merjaya Tataka. Marica kasil mlayu. Wektu resi Wismanitra lagi
nganakna upacara, Marica teka maning karo kanca raseksa sing arane Subahu.
Marica lan Subahu padha ngganggu lumakune upacara kanthi ngotori/ngregedi
papan upacara nganggu daging mentah lan getih. Ngerteni tumindake Marica lan
Subahu, Rama lan Lesmana mbelani resi Wismanitra. Lesmana kasil ngrangket
Marica, dene Rama kanthi senjata Agni kasil merjaya Subahu kanthi diobong nganti
dadi awu.
1. Adhedhasar crita kasebut, ibune Marica kuwe jenenge sapa?
A. Wismanitra C. Kataka
B. Sunda D. Agastya
2. Tataka lan Marica sebanjure urip neng alas Dhandhaka lan gawe gendra maring sapa
bae sing mlebu neng alas Dhandhaka kanggo dipangan. Wekasane Tataka kasil dipaten
dening sapa?
A. Resi Agastya
B. Rama lan Lesmana
C. Resi Wismanitra
D. Dewa Brahma
3. Sinta lan Leksmana ingkang hanganti dhatenging ingkang raka Rama dinandak
hamiyarsa suwara nyaring asesambat tiwasing dhiri. Tembung sing kagaris ngisor
neng ukara kasebut nduweni teges ….
A. nggolet C. krungu
B. mburu D. nyekel
4. Nalika Rama, Sinta, lan Lesmana ngumbara, tindakipun dumugi ing tengahing wana
Dhandhaka. Boten antawis dangu kekiteran satunggaling kidang kencana. Pirsa
kidang kencana, Dewi Sinta nyuwum dipuncepengaken dening ingkang garwa. Sang
Rama tumuli ambujung kidang kencana. Pegat, apisah, Rama lan Sinta, kidang
kencana tanggap ing sasmita, hangendering cancut mlajeng wana, saya hanengah,
saya tebih, denira apepisahkalawan garwa mayangsari. Manut crita ing dhuwur ana
ngendi setting panggonane?
A. Alas Dhandhaka C. Ayodya
B. Alengka D. Guwa Kiskenda
5. Manut wacan “Kalamarica”, sapa bae paraga sing ana neng wacan kasebut?
A. Rama lan Dewi Sinta
B. Rama, Dewi Sinta, lan Lesmana
C. Rama, Dewi Sinta, Lesmana, lan Rahwana
D. Rama, Dewi Sinta, Lesmana lan Kidang Kencana
48 Buku Basaku Penginyongan Kelas 7 Semester Genap 22/23
6. Unsur-unsur intrinsik, yakuwe unsur-unsur sing mbangun karya sastra saka jero.
Unsur intrinsik kang nuduhake wateke paraga kuwe apa?
A. Tema. C. Penokohan
B. Alur utawa plot D. Latar utawa setting
7. Paraga sing nggambarna tumindak kabecikan yaiku?
A. Antagonis C. Tritagonis
B. Protagonis D. Deuteragonis
8. Mbak Putri maune lemu banget siki dadi gering amarga diet. Tembung lemu banget
yen disanepakaken dadi…..
A. Lemu bithing C. awake atos debog
B. Kuru semangka D. betah banget
9. Tembung ing ngsor iki mujudake dasaname tembung emas……
A. Putra C. kencana
B. Suta D. tirta
10. Tembung ngisor kiye sing kalebu tembung yogyaswara yakuwe:
A. Putra C. kencana
B. Suta D. tirta

D. WANGSULANA PITAKON-PITAKON NGISOR KIYE NGANGGO


WANGSULAN SING BENER!

1. Miturut crita “kidang kencana” kepriwe wateke kalamarica kuwe? Lan miturute jenise
paraga kalebu paraga apa?
Wangsulan : ……………………………………………………………………….
......…………………………………………………………………………………
......…………………………………………………………………………………
2. Manut crita “Kalamarica”, apa sing njalari Tataka lan Marica urip neng alas
Dhandhaka
Wangsulan : ……………………………………………………………………….
......…………………………………………………………………………………
......…………………………………………………………………………………
3. Gawea ukara nganggo tembung!
a. Pemudha-pemudhi
b. Putra-putri
Wangsulan : …..........………………………………………………………….
.........…………………………………………………………………………..
.....……………………………………………………………………………..
4. Golekana dasanamane tembung :
a. Anak : ……………………………………………………………………........
b. Lemah : .......…………………………………………………………………...
5. Gawea tuladha ukara nggunakna sanepa neng ngisor kiye!
a. Wuled godhong lumbu
Ukara : ……………………………………………………………………........
b. Anteng kitiran
Ukara : ......……………………………………………………………………...

Buku Basaku Penginyongan Kelas 7 Semester Genap 22/23 49


WULANGAN 8

BASA
PENGINYONGAN

50 Buku Basaku Penginyongan Kelas 7 Semester Genap 22/23


I. CAPAIAN PEMBELAJARAN DAN TUJUAN PEMBELAJARAN

CAPAIAN TOPIK / TUJUAN


ELEMEN
PEMBELAJARAN KONTEN PEMBELAJARAN
Menyimak Peserta didik mampu Teks 1. Peserta didik dapat
menganalisis dan Dialog memahami isi
mengevaluasi dialog/guneman.
informasi berupa 2. Peserta didik dapat
gagasan, pikiran, mengidentifikasi
perasaan, pandangan, pokok-pokok isi
arahan atau pesan dialog/ guneman.
yang akurat 3. Peserta didik dapat
dari teks nonsastra menyusun kembali
(teks dialog/gelar pokok-pokok isi
wicara/lainnya). dialog/guneman.

Berbicara Peserta didik mampu Teks Peserta didik mampu


mengungkapkan dan Dialog menulis teks
mempresentasikan dialog/guneman
berbagai topik aktual sederhana
tentang sosial budaya
secara kritis.

Menulis Peserta didik mampu Menulis Peserta didik mampu


menulis gagasan, Aksara membaca aksara Jawa
pikiran, pandangan, Jawa dengan menerapkan
arahan atau pesan aksara jawa.
tertulis tentang sosial
budaya untuk
berbagai tujuan secara
logis, kritis, dan
kreatif dengan
menggunakan bahasa
Jawa sesuai kaidah
unggah-ungguh basa
dan tata bahasa.

Peserta didik mampu membaca aksara Jawa dengan menerapkan aksara jawa.
Basa Jawa kuwe warisan leluhur sing adiluhung lan
tekan siki esih denggo neng masyarakat neng pulo Jawa.
Miturut pamanggihipun ahli basa walanda, E.M. Uhlenbeck
mbagi dialek basa Jawa dados 3 yakuwe: basa jawa sisih kulon
(Banyumasan, Tegalan, lan Cirebonan), basa jawa sisih tengah
(Surakarta, Yogyakarta, Semarang, lsp), basa jawa sisih wetan
( jawa timuran). Wonten dialek basa Jawa sisih kulon/Dialek
Ngapak uga saged kaperang dados 4 yakuwe sisih lor
(Tegalan), sisih kidul (Banyumasan), lan sisih Cirebon-
Indramayu (Cirebonan). Sisih lor Dialek Tegalan dienggo
neng wong-wong neng tlatah kayata Tanjung, Ketanggungan,
Larangan, Brebes, Slawi, Moga, Pemalang, Surodadi lan Tegal. Sisih kidul dialek kiye
deenggo neng wong-wong neng tlatah Bumiayu, Karang Pucung, Cilacap,
Nusakambangan, Kroya, Ajibarang, Purwokerto, Purbalingga, Bobotsari, Banjarnegara,
Buku Basaku Penginyongan Kelas 7 Semester Genap 22/23 51
Purwareja, Kebumen lan Gombong. Cirebon - Indramayu Dialek kiye deenggo neng
wong-wong neng tlatah Cirebon, Jatibarang lan Indramayu. Logat Banyumasan mandan
beda ngambi logat basa jawa liyane. Basa Banyumasan misuwur merga basane sing unik
utawa khas. Dialek kuwe dijenengi dialek Banyumasan amarga sing nganggo wong-wong
neng daerah Banyumas lan Karisidenan Banyumas kayata Kabupaten Cilcacap,
Kabupaten Purwokerto, Kabupaten Purbalingga, lan Kabupaten Banjarnegara.
Logat Banyumasan utawa uga basa ngapak nduweni kekhasan neng tembunge lan
cara ngucapna tembunge. Tuladahane “ketela pohon” nek neng daerah Jogja (dialek
bandhekan) pada nyebute budin, ananging nek neng dialek Banyumasan pada nyebute
boled. Dialek Banyumasan pada nyebutna “lapar” nganggo tembung “kencot” beda
ngambi neng Jogja (dialek bandhekan) nyebute “ngelih”. Cara pangucapane uga beda
contone maca “bebek” nek neng dialek bandhekan diwacane “bebe” kaya swara k ne ora
diwaca, ananging nek neng dialek Banyumasan tembunge tetep diwaca “bebek”. Amarga
kuwe basa Banyumasan diarani basa ngapak-ngapak. Semana uga neng tembung “endog”
dialek bandhekan diwaca “endog” sing huruf g ne diwaca enteng beda ngambi dialek
Banyumasan diwaca “endog” huruf G ne diwaca abot utawa genah pisan. Ora mung kuwe
tok, ana maning pangucapane dialek Bnayumasan kari ana tembung mburine “a” tetep
diwaca “a”. Beda ngambi dialek bandhekan kari mburine tembung “a” diwacane “o”
contone tembung “apa” neng dialek Banyumasan diwaca “apa” kari neng dialek
bandhekan diwaca”opo”. Dialek kuwe dadi tetenger masarakat nduweni kabudayan
contone masyarakat Banyumas ngambi dialek ngapak/Banyumasan. Tetengere yakuwe
nyebutna kencot ateges “lapar”, ko “kamu”, teyeng “bisa”, reyang “brisik” lsp.
Sejarah nyathet lamona basa ngapak kuwe asale sekang Kutai, Borneo sing
pindhah maring pulo Jawa. Bab kuwe sing dadi dhasar lamona leluhure wong Banyumas
kuwe ya wong Kutai, Kalimantan sing nyebar maring Cirebon banjur nyebar ming gunung
Cermai, ereng-ereng gunung Slamet, lan sedawane kali Srayu. Sebanjure wong-wong sing
neng ereng-ereng gunung Slamet lan sedawane kali Srayu banjur ngedegna kerajaan Galuh
Purba. Kerajaan Galuh Purba kalebu Indramayu, Cirebon, Brebes, Tegal, Pemalang,
Bumiayu, Banyumas, Cilacp, Purbalingga, Kedu, Kebumen, Kulonprogo lan Purwodadi.
Pungkasane crita Kerajaan Galuh Purba dikalahna neng Kraton Mataram Kuna lan ngrebut
wilayah Bagelen (Purworejo) tekan Majenang (Cilacap).
Kaya kuwe sejarah ngenani basa Jawa ngapak utawa Banyumasan
(Penginyongan). Muga-muga bisa kanggo nambah seserepan kita utamane wong-wong
ngapak. Perlu diemut-emut lamona budaya apa bae kuwe apik, klebu basa Jawa ngapak
sing kegolong unik. Dadi aja isin nggunakna basa Jawa ngapak (Penginyongan) kanggone
wong-wong laire lan asale sekang tlatah Banyumas raya. Kita kudu kudu bangga dadi
wong Banyumas raya sing duwe basa dhewek yakuwe basa ngapak (Penginyongan).
Pokoke ORA NGAPAK ORA KEPENAK.
(sumber:http://www.gurungapak.com/2016/03/sejarah-bahasa-ngapak-ora-ngapak-
ora.html, diundhuh 15 November 2018. 15:30)
Suswandari, Meidawati.2020. Dialek Banyumasan Sebagai Konstruksi Budaya.
Kebumen :CV. Intishar Publishing
Contone Perbandingan tembung- tembung basa Penginyongan, basa Jawa baku, lan
basa Indonesia.

No. Dialek
Banyumasan Jawa Baku Indonesia
1. Batir Kanca Teman
2. Bodhol Rusak Rusak
3. Bringsang Sumuk Panas
4. Brug Kreteg Jembatan
5. Butul Tekan datang/sampai
6. Dawegan Degan Kelapa muda
7. Dhongane Kudune Seharusnya

52 Buku Basaku Penginyongan Kelas 7 Semester Genap 22/23


No. Dialek
Banyumasan Jawa Baku Indonesia
8. Esih Isih Masih
9. Ganu Biyen Dulu
10. Gemiyen Biyen Dahulu
11. Gering Kuru Kurus
12. Gigal Tiba Jatuh
13. Gili Dalan Jalan
14. Gujih Rewel Rewel
15. Inyong Aku Saya
16. Jere Jare Katanya
17. Jiot/jukut Jupuk Ambil
18. Juguran Lungguh Duduk santai
19. Kencot Ngelih Lapar
20. Kepriwe Kepiye Bagaimana
21. Kiye Iki Ini
22. Ko kowe Kamu
23. Kuwe Iku Itu
24. Leta/leteng Asin/asin banget Asin/asin banget
25. Lombo Ngapusi Bohong
26. Londhog Alon Pelan
27. Maen Apik Baik
28. Mageh/mayuh Ayo Ayo
29. Mbandreng Kepengin banget Ingin sekali
30. Ngeneh Mrene Sini
31. Nyelang Nyambut/nyileh meminjam
32. Nylekamin Enak banget Enak sekali
33. Rika Panjenengan Kamu
34. Setengi Sithik Sedikit
35 Teyeng Bisa bisa
A. Ukara ngisor kiye dadekna basa ngoko Panginyongan!
1. Tadi aku jatuh kebelakang dikamar mandi, untung tidak jatuh kedepan.
Wangsulan: …………………………………………………………………………..
2. Mas Kinan dan mba Rizki sedang duduk di teras depan.
Wangsulan: …………………………………………………………………………..
3. Jon, kamu mau kemana?
Wangsulan: …………………………………………………………………………..
4. Sartini sedang membuat nasi goreng untuk adiknya yang sedang kelaparan.
Wangsulan: …………………………………………………………………………..
5. Seharusnya kamu jangan ambil buku itu, itu bukan milikmu.
Wangsulan: …………………………………………………………………………..
6. Put, sapa sing ngejaki kowe lunga tuku degan?
Wangsulan: …………………………………………………………………………..
7. Nalika mulih saka sekolah Pradipa nemu degan sing tiba neng pinggir dalan
Purworejo.
Wangsulan: …………………………………………………………………………..
8. Biyen awake Satriya lemu, nanging saiki awake dadi kuru amarga kurang mangan.
Wangsulan: …………………………………………………………………………..
Buku Basaku Penginyongan Kelas 7 Semester Genap 22/23 53
9. Raghib mrenea! rewangi Bapak ngresiki plapon iki.
Wangsulan: …………………………………………………………………………..
10. Dolanan kang akeh iki olehku ngampil marang Mas Pradipa.
Wangsulan: …………………………………………………………………………..
Pacelathon 1
A. Wacanaen pacelathon ngisor kiye!
Ibu kondur
(Bu Putri kondur saka nyambut gawe ketemune mung putra lanange, garwane ora ana neng
dalem.Bu Putri banjur mundhut pirsa marang putrane.)
Bu Putri : “ghib, bapakmu tindak ngendi deneng ora neng dalem?”
Raghib : “Wau ngendikane badhe dhateng dalemipun Pak RT, Bu.”
Bu Putri : “Dhewekan apa karo sapa?”
Raghib : “Kaliyan Pak Pradipa, Bu. Ngendikanipun badhe ngrembag bab pitulasan.”
Bu Putri : “Lha adimu neng endi?”
Raghib : “Mau dolan neng griyanipun Sari. Cobi kula padosi.”
(Raghib banjur lunga maring omahe Sari.)
Raghib : “Hap, digoleti Ibu.”
Happy : “Ibu wis kondur, mas? Dela ya.”
Raghib : “Wislah, cepetan kae lagi digoleti.”
Happy : “Ya, tek mberesi dolanan dhisit kiye.”
(Sesampune teng dalem Raghib banjur matur maring Ibune.)
Raghib : “Sekedhap maning Happy wangsul, Bu.”
Ibu Putri : “Ya, kae ibu mundhut oleh-oleh. Kana bungkuse dibukak disit mbi dibagi rata
mbi adimu.”
Raghib : “Nggih, Bu. Kula nunggu Happy rumiyin.”

B. Wangsulana pitakon-pitakon ngisor kiye nganggo basa Krama!


1. Sinten mawon paraga wonten pacelathon niku?
Wangsulan: …………………………………………………………………………
2. Menapa ingkang dipun rembag wonten pacelathon menika?
Wangsulan: …………………………………………………………………………
3. Nalika matur kaliyan Ibu, Raghib ngangge basa napa?
Wangsulan: …………………………………………………………………………
4. Wonten pundi mawon pacelathon menika?
Wangsulan: …………………………………………………………………………
5. Napa sing dipunasta Ibu Putri?
Wangsulan: …………………………………………………………………………

PACELATHON 2
A. Wacanen pacelathon ngisor kiye !
Unggah- ungguh wong atur-atur. Wong atur-atur kuwe kudu nganggo basa sing
apik lan bener manut unggah-ungguhe, solah bawa lan tata krama uga kudu apik.
Kajaba kaya kuwe yen wis rampung anggone nindakaken jejibahan kudu matur utawa
caos palapuran maring sing ndhawuhi.
Pacelathon isi atur- atur ngisor kiye paragakna.
Salim : “Asalamu'alaikum”.
Pak Imam : “Wa'alaikum salam, eh, Salim. Deneng njanur gunung, kadingaren Lim
ming ngeneh?” (sinambi salaman lan manggakna ken lenggah).

54 Buku Basaku Penginyongan Kelas 7 Semester Genap 22/23


Salim : “Inggih Pak”. ( sinambi salaman ) “Kepareng kula matur, Pak. Ingkang
sepisan sowan kula mriki tuwi kawilujenganipun Pak Imam. Dene
kaping kalihipun kula saweg dipunutus dening bapak kula, Pak Imam
dipunaturi rawuh mangke sonten bakda ashar saperlu wilujengan satus
dinten sedanipun simbah kula”.
Pak Imam : “Iya, Lim, aturmu wis tek tampa, matura bapakmu, yen ora ana alangan
sawiji apa inyong mengko sowan minangkani pamundhute, aturna uga
salamku kagem panjenengane”.
Salim : “Inggih Pak, matur nuwun. Salajengipun sarehning taksih kathah
jejibahan ingkang dereng rampung, kula nyuwun pamit. Menawi
anggen kula matur wonten kalepatan , kula nyuwun pangapunten.” Pak
imam : ( sinambi salaman )“Iya, Lim, padha- padha”.
B. Wangsulana pitakonan ngisor kiye kanthi trep !
1. Basa apa sing dianggo Salim maring pak Imam nalika sowan ?
wangsulan : .....................................................................................................
2. Basa apa sing dianggo pak Imam maring Salim ?
wangsulan : .....................................................................................................
3. Kepriwe polatan sing apik lan bener tumrape wong atur-atur ?
wangsulan : .....................................................................................................
4. Sapa bae paraga neng guneman kasebut?
wangsulan : .....................................................................................................
5. Bab apa sing dirembug neng guneman mau ?
wangsulan : .....................................................................................................
6. Neng endi guneman kuwe ?
wangsulan : .....................................................................................................
7. Kepriwe swasana nalika guneman ?
wangsulan : .....................................................................................................
8. Manut pamikiranmu, basa kang digunakake neng guneman apa wis trep ?
wangsulan : ....................................................................................................
9. Sinten ingkang ngutus Salim ngaturi atur-atur?
wangsulan : ....................................................................................................
10. Menapa tegese “njanur gunung kadingaren”?
wangsulan : ....................................................................................................
C. PARAMA SASTRA

1. Tembung Rangkep
a. Tembung rangkep dwilingga tegese tembung kang direngkap linggane
1) Tembung rangkep dwilingga wantah/murni
Tegese tembung kang dirangkep linggane tanpa owah-owahaning swara.
Tuladha : Meja-meja Bocah-bocah Tuku-tuku
Kursi-kursi Mlayu-mlayu Mlaku-mlaku
2) Tembung rankep dwilingga salin swara
Tegese tembung kang dirangkep linggane, salah sijine tembung swarane
owah.
Tuladha : Bola-bali thingak-thinguk wira-wiri.
mloya-mlayu. Tura-turu gonta-ganti.
3) Tembung rangkep dwilingga semu
Tegese tembung rangkep kang wujude kaya dwilingga.
Tuladha : Andheng-andheng Ondhe-ondhe Ondhol-ondhol
Alun-alun Ali-ali Undur-undur

Buku Basaku Penginyongan Kelas 7 Semester Genap 22/23 55


b. Tembung rangkep dwipurwa:
Tegese tembung kang dirangkep wanda ngarepe.
Tuladha:
Tuku : tu + tuku = tutuku tetuku
Donga : do+ donga = dodonga dedonga
Sembah : se + sembah = sesembah sesembah
Lara : la + lara = lalara lelara
c. Tembung rangkep dwiwasana
Tegese tembung kang dirangkep wanda ngarepe
Tuladha:
Cenges : cenges+nges = cengenges
Cekik : cekik+kik = cekikik
Cengis : cengis+ngis = cengingis

No. Ukara Jinise tembung rangkep


Esuk umun-umun Raghib wis tangi. dwilingga wantah
1. Kok muni memeda-memedi bae, mengko ditekani
temenan.
1. Para kanca, apa gegaman -gegaman wis padha
cumepak?
3. Mangsan udan hawane kepengin mongan -mangan
bae.
4. Lelara-Ielara lagi sumebar ing panggonan kang
katrejang banjir
5. Raja Alengka jejuluk Prabu Dasanuka.
6. Lho…. Kae adhiku cekikikan karo sapa?
7. Budhe mau lagi reresik neng daleme simbah.
8. Bocah koh ditakoni mung cengengesan.
9. Maya lunga bebarengan karo kancane.
10. Urip neng bebrayan kudu padha seneng tetulung.
D. UNGGAH UNGGUH BASA
Ragam Basa Krama Lugu
Bahasa jawa minangka bahasa sing ana tingkat tuture utawa undha usuk
basa utawa unggah ungguh basa. Anane tingkat tutur sajerone basa jawa minangka
adat sopan santun bahasa jawa. Adat sopan santun nudhuhaken tindak tanduk
masyarakat. Tingkat tutur kuwe variasi basa sing bedane siji karo sijine detentukna
neng bedane sikap santun sing ana neng sajerone pamicara lan lawane.
Bahasa kuwe sifate dinamis, artine bisa owah ngetut karo ewah gingsire
jaman. Neng basa jawa uga mangkana. Basa Jawa ana 2 jenis yakuwe ngoko lan
krama. Basa ngoko dingo kanggo sesambetan utawa komunikasi karo wong sing wis
kulina ing bebrayan lan dianggep sepadha-padha. Basa ngoko debagi 2 yakuwe
ngoko lumrah/lugu lan ngoko alus, sing dumadi sekang basa ngoko dikantheni
tembung-tembung krama inggil kanggo ngurmati maring wong sing
diwicantenaken/digunemaken.
Dene basa krama uga debagi 2, krama lumrah/ lugu lan krama alus. Krama
lugu dumadi saking tembung-tembung krama kabeh.
Tuladha:
Wau kula kesah kalih Raghib numpak motor.
Kula tumbas buku tiga wonten koperasi sekolah.
56 Buku Basaku Penginyongan Kelas 7 Semester Genap 22/23
Gladhen:
Ukara-ukara ngisor kiye saline dadi basa krama lugu!
1. Inyong ora teyeng mangkat sekolah amarga mriyang.
Wangsulan: …………………………………………………………………………
2. Dela maning aku arep ming pasar.
Wangsulan: …………………………………………………………………………
3. Bu, Ilham ora gelem nulis PR.
Wangsulan: …………………………………………………………………………
4. Mas, nyong tuku dolanan kiye bae lah.
Wangsulan: …………………………………………………………………………
5. Pak, mengko jawabane digambar apa ditulis bae?
Wangsulan: …………………………………………………………………………
NULIS AKSARA JAWA
ANGKA JAWA

Angka Jawa iku awujud aksara Jawa, supaya ora mbingungna. Penulisane kudu dipisah
karo aksara Jawa sing dumunung ana neng sakiwe tengene. Srana sing dienggo misah iku
pada pangkat, mulane angka Jawa diapit-apit ing pada pangkat.
Tuladha:

A. Ukara ngisor kiye tulis nganggo aksara Jawa!


1. Tembang macapat cacahe 11.
Wangsulan: .................................................................................................................
2. Aku duwe adhi 4, lanang 3 wadon 1.
Wangsulan: ................................................................................................................
..................................................................................................................
3. Adhiku tuku balon cacahe 9.
Wangsulan: .................................................................................................................
..................................................................................................................
4. Madi mangan tahu 2 lan tempene 5.
Wangsulan: .................................................................................................................
..................................................................................................................
5. Tanduran kiye umure 76 dina.
Wangsulan: ................................................................................................................
Buku Basaku Penginyongan Kelas 7 Semester Genap 22/23 57
Asesmen Sumatif
Wulangan 8
A. Wangsulana pitakon neng ngisor kiye kanthi nulis B menawa pratelane bener lan
S menawa pratelane salah !
1. Logat Banyumasan utawa uga basa ngapak yakuwe basa jawa sing
nduweni kekhasan neng tembunge lan cara ngucapna tembunge. (……)
2. Kerajaan Galuh Purba kalebu Indramayu, Cirebon, Brebes, Tegal,
Pemalang, Bumiayu, Banyumas, Cilacap, Purbalingga, Kedu,
Kulonprogo lan Purwodadi. (……)
3. Miturut E.M. Uhlenbeck basa jawa sisih kulon yakuwe
Banyumasan, Tegalan, Cirebonan lan Surakarta. (……)
4. “Kula badhe nyuwun pirsa, dalemipun mas Budi punika?
” Ukara kasebut kalebu basa krama alus. (……)
5. “Menawi panjenengan kagungan arta, bok aku diparingi ngampil.
” Ukara kasebut kalebu basa krama lugu. (……)

B. Isenana titik-titik ngisor kiye nganggo tembung neng sisih tengen supaya dadi
ukara kang genep !
1. Miturut sejarah, wong Kutai neng pulo jawa neng ereng-ereng
gunung Slamet lan sedawane kali Srayu ngadegna…. a. Ngoko lugu
2. Sejarah nyathet lamona basa ngapak kuwe asale sekang… b. Krama lugu
3. “Kula ajeng neda Paman, piyambakipun boten gadhah arta.”
Ukara kasebut kalebu basa……. c. Banyumasan
4. “Mengko sore kari sida, inyong arep lunga ming Surabaya.”
Ukara kasebut kalebu basa… d. Kalimantan
5. “Angger dolanan HP si betah banget, beda kari sinau mung
seklebatan tok!” Ukara kuwe kalebu dialek basa… e. Kerajaan Galuh Purba

C. Wangsulana pitakonan ngisor kiye kanthi milih wangsulan a, b, c, utawa d sing


bener!
1. Basa Jawa Banyumasan yakuwe salah sijine dialek bahasa Jawa sing dadi bahasa tutur
neng masyarakat endi?
A. eks-Karsidenan Banyumas Jawa Tengah lan sakupenge
B. Solo lan sakupenge
C. Jogjakarta
D. Semarang lan sakupenge
2. Inyong urung madang dadi kencot.
Ukara kasebut nggunakna basa Jawa dialek endi?
A. Jogjakarta C. Surakarta
B. Surabaya D. Banyumasan
3. Gib, aku ditemani pinjem parang ke rumahnya Pak Pradipa.
Ukara kasebut yen diowaih nganggo basa Banyumasan sing bener yakuwe ....
A. Gib, inyong dikancani nyilih gobed ming daleme Pak Pradipa.
B. Gib, inyong dibatiri nyilih gobed ming daleme Pak Pradipa.
C. Gib, inyong dikancani ngampil gobed ming daleme Pak Pradipa.
D. Gib, kula dikancani ngampil gobed ming daleme Pak Pradipa.
4. Raghib lan Pradipa lungguh teng teras karo mangan medhoan sing enak banget amarga
ngelih. Ukara kasebut yen diowaih nganggo basa Banyumasan sing bener yakuwe ....
A. Raghib lan Pradipa juguran neng teras karo mangan medhoan sing enak banget
amarga kencot.
58 Buku Basaku Penginyongan Kelas 7 Semester Genap 22/23
B. Raghib lan Pradipa juguran neng teras karo mangan medhoan sing nylekamin
pisan amarga kencot.
C. Raghib lan Pradipa lungguhan neng teras karo mangan medhoan sing enak banget
amarga kencot.
D. Raghib lan Pradipa lungguhan neng teras karo mangan medhoan sing nylekamin
pisan amarga kencot.
(Neng kelas 7A bubar jam sekolah pengurus kelas lagi padha rembugan kanggo kegiyatan
Jumat bersih.)
Widi : “Kelase dhewek arep kepriwe kanggo melu kagiyatan Jumat bersih?”
Sari : “Ya, mayuh dirembug sing temenan supaya mengko pas kegiyatan lancar!”
Rizki : “Ya, alat-alat sing kudu digawa dicathet disit, Sa!”
Sari : “Oke, asyiap!”
Eka : “Sapu duk utawa sapu tepes nggo nyapu kelas. Sapu sada, serbed, cungkir, kandi.
Apa maning, ya?”
5. Pacelathon neng dhuwur nganggo basa apa?
A. Banyumasan C. Jogjakarta
B. Surakarta D. Surabaya
6. Neng ngendi papan pacelathon kuwe?
A. Sekolahan C. Kelas
B. Ngumah Rizki D. Ngumahe Sari
7. Pacelathon kuwe ngrembug bab apa?
A. Kegiyatan Jumat Bersih C. Bali sekolah
B. Ulang tahune Sari D. Pengurus sekolah
8. Ragam basa apa kang digunakna neng Widi, Sari, lan Eka?
A. Ngoko Lugu C. Krama Lugu
B. Ngoko Alus D. Krama Alus
9. Rizki migunakna basa ngoko lugu amarga……
A. Matur karo kancane C. Matur karo nembe kenal
B. Matur karo wong tuwa D. Matur karo putrane kancane

Ukara nganggo aksara jawa kasebut yen ganti nganggo aksara latin monine….
A. Tamu sing rawuh yaiku 980 C. Tamu sing rawuh yaiku 870
B. Tamu sing rawuh yaiku 890 D. Tamu sing rawuh yaiku 680
D. Wangsulana pitakon-pitakon ngisor kiye nganggo wangsulan sing bener!
1. Sebutna bedane basa jawa logat Banyumasan karo logat bandhekan!
Wangsulan : ……………………………………………………………….……….
....………………………………………………..…………………………………
2. Gawenen ukara nganggo tembung ngapak Banyumas!
a. Setengi : ………………………………………………………….……………...
b. Teyeng: ………………………………...………………………………………..
3. Gawea ukara nganggo tembung rangkep!
a. Thingak-thinguk : .................................................................................................
b. Alun-alun : .................................................................................................
4. Gawea pacelathon antarane kowe karo Ibumu, isine kowe nyuwun dhuwit kanggo
kegiatan renang teng Owabong bareng kanca sekelas!
Wangsulan:……………………………………………………………………....
5. Ukara ngisor kiye tulisen nganggo aksara Jawa !
Taun 2023 aku kelas 8.
Wangsulan : ……………………………………………………………………...
Buku Basaku Penginyongan Kelas 7 Semester Genap 22/23 59
Gladhen Asesmen Sumatif
Akhir Semester Genap

A. Wangsulana pitakon neng ngisor kiye kanthi nulis B menawa pratelane bener lan
S menawa pratelane salah !
1. Paragraf objektif kalebu jinise teks deskripsi. (……)
2. Tembung Randha royal kalebu tembung camboran wutuh (……)
3. Lunga, dodol lan nangis kalebu jinise tembung aran. (……)
4. Guru gatra, lagu, sastra lan wilangan kalebu paugeran
tembang macapat. (……)
5. Serat Wulangreh anggitane Sri Susuhunan Pakubuwana VI (……)
6. Tembang Macapat cacahe ana 11. (……)
7. Miturut terminologi basa Jawa, dhalang asale sekang tembung
ngudhal piwulang. (……)
8. WHO netepna nek wayang dadi warisan budaya asli saking Indonesia. (……)
9. "Menawi panjenengan kagungan arta, bok aku diparingi ngampil."
Ukara kasebut kalebu basa Ngoko lugu. (……)
10. ꧒꧐꧒꧓꧇꧉kari diwaca monine 2022. (……)
B. Isenana titik-titik ngisor kiye nganggo tembung neng sisih tengen supaya dadi
ukara kang genep !
1. Museum Rekor Dunia Indonesia dicekak …. a. sewelas
2. Tuladhane tembung sesulih yakuwe .... b. panguwuh
3. Adhedhasar wujude tembung lare angon, buntut urang,
juru kunci kalebu .... c. Rika
4. Gatra sepisan Tembang Sinom guru wilangane ana .... d. Camboran wutuh
5. Cacahing tembang Macapat ana …. e. Jatayu
6. Tembung “wadhuh” kalebu pananda ukara.... f. MURI
7. Asmane raja manuk sing nulungi Sinta yakuwe... g. wolu
8. Sing dadi kidang kencana yakuwe.... h. Yogyaswara
9. Mudha-mudhi kalebu tembung....... i. Sanepa
10. “arum jamban” kalebu tembung..... j. Kalamarica
C. Wangsulana pitakonan ngisor kiye kanthi milih wangsulan a, b, c, utawa d sing
bener!
Kirab Tandhu Soedirman Neng Purbalingga Mecahna Rekor MURI

Kirab Tandhu Divisi Soedirman sing digelar neng Purbalingga, Jawa Tengah
(Jateng) mlebu cathetan rekor Museum Rekor Dunia Indonesia (MURI).) Kirab
tandhu kuwe dileksanakna wiwit Rabu (31/8) esuk lan rampung Rabu (31/8) wengi
sewise lumaku kira-kira 9 jam. Botrepote adicara ora dirasakna, senajan esuk uput-
uput kudu wis samapta. Anane mung rasa seneng lan gumbira.
Rekor sing decatat dening MURI yakuwe tandhu paling akeh, pasarta paling
akeh, lan adohe dalan sing diliwati. Kirab kasebut dipeloni dening 5.202 paraga sekang
warga lan para mudha, ing antarane paraga kasebut ana 4.800 cacahe kanthi estafet
mikul replika tandhu Jendral Soedirman sing akehe ana 300 unit.
21. Apa irah-irahane wacan ing dhuwur?
a. Kirab Tandhu neng Purbalingga.
b. Kirab Tandhu Soedirman neng Purbalingga Mecahna Rekor MURI.
c. Rekor MURI Kirab Tandhu Ana neng Purbalingga.
d. Kirab Tandhu Soedirman Ana Neng Purbalingga.

60 Buku Basaku Penginyongan Kelas 7 Semester Genap 22/23


22. Wacana sing nggambarna barang utawa kedadiyan kanthi cetha nganti wong sing maca
utawa krungu kaya weruh utawa ngalami dhewek diarani wacana utawa teks….
A. Narasi C. Argumentasi
B. Deskripsi    D. Prosedur
23. Kamar sing ukurane 7 x 8 kuwe kepenak dienggoni. Tembok dicet kuning karo cet
warna coklat neng sisih ngisor. Sofa biru diselehake ing pojok ruangan, lampu hiasan
ing sisih loro. Neng sisih tengen kamar ana TV ukuran 25 inchi sing mapan neng rak TV
sing digawe saka kayu jati. Neng rak TV uga ana playstation, pamutar DVD, lan
loudspeaker. Supaya katon luwih manis, ing pojok rak TV uga diseelehake akuarium
cilik sing isine iwak.
Teks paragraf neng ndhuwur tuladha teks….
A. Teks deskripsi spasial C. Teks deskripsi subjektif
B. Teks deskripsi objektif D. Teks deksripsi ekspositoris
24. Paragraf deskripsi sing mligi nggambaraken ruangan, barang, utawa papan panggonan
sinebut ….
A. Paragraf deskripsi spasial C. Paragraf deskripsi obyektif
B. Paragraf deskripsi subyektif D. Paragraf deskripsi Prospektif
25. Wacan kang kedadiyan sekang pirang-pirang alinea diarani ....
A. Gancaran C. Tembang
B. Geguritan    D. Pacelathon
26. Tembung kriya yakuwe tembung sing mratelakna solah bawa utawa tandang gawe.
Ukara ngisor kiye kang ana tembung kriyane yakuwe ....
A. Ibuku perawat.
B. Adzkia dhokter kewan neng Taman Seruling Mas.
C. Raghib mesem.
D. Asmanipun Pak Santoso.
27. Tembung Camboran yakuwe tembung loro utawa lewih sing digandheng dadi siji lan
tembung mau dadi tembung anyar kang tegese uga melu anyar.
Ukara ngisor kiye sing ana tembung camborane yakuwe ....
A. Pak Andre saweg siram.
B. Pak guru nitih sepeda badhe teng sekolahan.
C. Pak Herman saweg teng lampu bangjo.
D. Ibu mundhut ayam teng peken Segamas.
28. Ukara ngisor kiye endi sing nganggo tembung Panggandheng?
A. Aku esih nang dalan, nalika udan mau.
B. Ibu mundhut sayuran neng pasar Sega Mas.
C. Pak Dhe Yoso arep tindak maring Samarinda.
D. Sang Ratu nembe tindak-tindak wonten taman kaputren.
29. Serat Wulangreh anggitan (karangan) ….
A. KGPAA Pakualam IV C. Sri Sultan Hamengkubuwana IV
B. Sri Susuhunan Pakubuwana IV D. KGPAA Mangkunagara IV
Wacanen!
Ingsun uga tan mangkana,
balilu kang sun alingi,
kabisan sun dokok ngarsa,
isin menek den arani,
balilune angluwihi,
nanging tenanipun cubluk,
suprandene jroning tyas,
lumaku ingaran wasis,
tanpa ngrasa prandene sugih carita.
Buku Basaku Penginyongan Kelas 7 Semester Genap 22/23 61
30. Gatra 5 tembang Sinom, guru wilangan lan guru lagune ….
A. 8 i C. 8 u
B. 7 i D. 7 u
31. Suprandene jroning tyas. Tembung tyas neng gatra tembang sinom kasebut nduweni
teges….
A. Manungsa (wong) C. Ati
B. Pinter D. Rila (ikhlas)
32. Guru wilangan lan guru lagune tembang Sinom ndhuwur kuwe ….
A. 8-a, 8-i, 8-a, 8-i, 7-i, 8-a,7-u, 8-i, 12-a
B. 8-i, 8-a, 8-a, 8-i, 7-i, 8-u,7-a, 8-i, 12-a
C. 8-a, 8-i, 8-a, 8-i, 7-i, 8-u,7-a, 8-i, 12-a
D. 8-a, 8-i, 8-u, 8-i, 7-i, 8-u,7-a, 8-i, 12-a
33. Tembang Sinom kuwe tembang Jawa sing klebu golongane tembang….
A. Gedhe C. Tengahan
B. Macapat D. Dolanan
34. Wateke tembang Sinom yakuwe ….
A. Tresna, asih lan sedih
B. Galak, sereng, ngemu kanepson
C. Canthas, trengginas, lincah, grapyak semanak
D. Luwes, kewes, ndudut ati

Wacanen!
Carita nggoningsun nular
Wong tuwa kang momong dhingin
Akeh kang sugih carita
Sun rungokna rina wengi
Samengko maksih eling
Sawise diwasaningsun
Bapak kang paring wulang
Miwah ibu mituturi
Tata krama ing pratingkah kang raharja
35. Pituture wong tuwa nganti dewasa isih kelingan amarga…….
A. Sinau kanthi temanan C. Bapak sing mulang
B. Pitutur dirungokna awan bengi D. Ibu sing mituturi
36. Sing diwulangake bapak lan dituturake ibu yakuwe….
A. Ilmu sing ditularna C. Pitutur sing apik
B. Carita kang maneka warna D. Tatanan ing solah bawa
37. Widi, kuwe maskere dienggo disit! Ukara kasebut jenising ukara apa?
A. Ukara pakon C. Ukara pitakon
B. Ukara andhahan D. Ukara panguwuh
38. Babon crita wayang ana loro, yakuwe Crita Mahabarata lan Ramayana. Crita
Ramayana kuwe sing ngripta asmane sinten?
A. Empu Prapanca C. Empu Tantular
B. Empu Walmiki D. Empu Wiyasa
39. Nalika Rama, Sinta, lan Lesmana ngumbara, tindakipun dumugi ing tengahing wana
Dhandhaka. Boten antawis dangu kekiteran satunggaling kidang kencana. Pirsa kidang
kencana, Dewi Sinta nyuwum dipuncepengaken dening ingkang garwa. Sang Rama
tumuli ambujung kidang kencana. Pegat, apisah, Rama lan Sinta, kidang kencana
tanggap ing sasmita, hangendering cancut mlajeng wana, saya hanengah, saya tebih,

62 Buku Basaku Penginyongan Kelas 7 Semester Genap 22/23


denira apepisahkalawan garwa mayangsari.
Manut crita ing dhuwur ana ngendi setting panggonane?
A. Alas Dhandhaka C. Alengka
B. Ayodya D. Guwa Kiskenda
40. Manut wacan ndhuwur, sapa bae paraga sing ana neng wacan kasebut?
A. Rama lan Dewi Sinta
B. Rama, Dewi Sinta, lan Lesmana
C. Rama, Dewi Sinta, Lesmana, lan Rahwana
D. Rama, Dewi Sinta, Lesmana lan Kidang Kencana.
41. Unsur-unsur intrinsik, yakuwe unsur-unsur sing mbangun karya sastra saka jero. Unsur
intrinsik kang nuduhake wateke paraga kuwe apa?
A. Tema. C. Alur utawa plot
B. Penokohan D. Latar utawa setting
42. Neng crita kidang kencana sapa sing kalebu paraga antagonis?
A. Rama C. Rahwana
B. Lesamana D. Sinta
43. Adhine Rini dhuwur, ananging Rini endhep banget. Tembung endep banget yen
disanepakaken dadi………..
A. endep dhuwur C. Lempung watu
B. Kuru semangka D. Dhuwur kencur
44. Dasanamane saking tembung “kembang” yakuwe……
A. Rekta C. Kencana
B. Bayu D. Sekar
45. Basa Jawa Banyumasan yakuwe salah sijine dialek bahasa Jawa sing dadi bahasa tutur
neng masyarakat endi?
A. Eks-Karisidenan Banyumas Jawa Tengah lan sakupenge
B. Solo lan sakupenge
C. Jogjakarta
D. Semarang lan sakupenge
46. Aku mau weruh kecelakaan neng dalan Selanegara.
Ukara kasebut yen diowahi nganggo basa Banyumasan sing bener yakuwe…
A. Inyong mau weruh srempedan neng gili Selanegara.
B. Kula ngertos srempedan nang margi Selanegara.
C. Inyong ngerti srempedan nang dalan Selanegara.
D. Dalem ningali kecelakaan wonten margi Selanegara.
47. Ukara ing ngsior kiye sing nganggo basa krama lugu yakuwe…
A. Mbah putri badhe kesah dhateng Purbalingga.
B. Bapak nembe kemawon kondur saking Jakarta.
C. Mas, panjenengan arep tindak ngendi?
D. Alhamdulilah… sekiye wis ora ana pandemic Covid 19.

Buku Basaku Penginyongan Kelas 7 Semester Genap 22/23 63


ukara neng dhuwur kasebut yen diwaca munine……
A. Pak Kusna dhahar tahu 5 lan tempe 4.
B. Pak Kusna dhahar tahu 4 lan tempe 5.
C. Pak Nusna dhahar dalu 5 lan dempe 4.
D. Pak Kusna dhahar tahu 4 lan tempe 4.
50. ”Kancaku ana 40 lanang 10 wadone 30”. Yen ditulis Jawa dadine....

64 Buku Basaku Penginyongan Kelas 7 Semester Genap 22/23

Anda mungkin juga menyukai