Anda di halaman 1dari 12

Artikel

BJW-3.1/4.1/1/1-1

NGUDI LESTARINING
BUDAYA JAWA LUMANTAR
TEKS ARTIKEL

1. Identitas
a. Nama Mata Pelajaran : BAHASA JAWA
b. Semester : 1 (satu)
c. Kompetensi Dasar (KD) :

3.1 Menganalisis teks non sastra (berita, artikel, laporan,


3.1
danMenganalisis tekslisan
lainnya) secara non sastra (berita, artikel, laporan,
dan tulis.
dan lainnya) secara
4.1 Mengekspresikan lisansastra
teks non dan tulis.
sesuai kaidah
4.1 Mengekspresikan teks
secara lisan dan tulis. non sastra sesuai kaidah
secara lisan dan tulis.

d. Materi Pokok : Artikel


e. Alokasi Waktu : 2 jp x 3 pertemuan
f. Tujuan Pembelajaran :
Melalui pendekatan saintifik dan metode diskusi, tanya jawab,
dan penugasan, peserta didik dapat menganalisis dan
mengekspresikan teks non sastra (artikel) secara lisan dan
tulis secara benar dan sesuai konteks dengan kreatif,
mandiri, serta dapat bekerjasama sehingga peserta didik
dapat menghayati dan mengamalkan ajaran agama yang
dianutnya, mengembangkan sikap jujur, peduli, dan
bertanggungjawab, serta dapat mengembangankan
kemampuan berpikir kritis, komunikasi, kolaborasi,
kreativitas (4C).
g. Materi Pembelajaran

- Struktur artikel - Teknik


meringkas artikel
- Jenis artikel - Teknik
menulis artikel
- Teknik membaca
ekspresif

UKBM Basa Jawa SMAN 1 Talun


1
Artikel
BJW-3.1/4.1/1/1-1

2. Peta Konsep

3. Kagiyatan Pasinaon
a. Pituduh Pasinaon
1. Sadurunge miwiti nyinaoni UKBM iki, para siswa kudu ngaturake donga supaya diwenehi
mupangat kang maksimal.
2. Cepakna Buku Sastri Basa Kelas X, wacanen kaca 5-20!
3. UKBM iki disinaoni kanggo nganalisis lan maca ekspresif teks artikel.
4. Sajrone nyinaoni saben kagiyatan pasinaon, para siswa kudu nggarap gladhen kang wis
cumepak kanggo ngerteni sepira siswa wis nguwasani isi kang kinandhut ing njerone kagiyatan
kasebut.
5. Sajrone pasinaon iki, para siswa bakal dibiji ngenani pemahaman sajrone ngidhentifikasi,
ngerteni, nganalisis, ngringkes, lan nulis artikel.

b. Pambuka
Coba gatekna gambar ing ngisor iki!

Sawise nggatekake gambar ing ndhuwur, wangsulana pitakonan ing ngisor iki!
1. Apa siswa tau maragakake dolanan ing ndhuwur?
2. Apa arane dolanan ing ndhuwur?
3. Kepriye carane maragakake dolanan kasebut?
4. Sebutna jinise dolanan tradhisional kang koweruhi 5 wae!
5. Ing dhaerahmu apa isih ana bocah kang maragakake dolanan tradhisional?
UKBM Basa Jawa SMAN 1 Talun
2
Artikel
BJW-3.1/4.1/1/1-1
6. Coba terangna kenengapa generasi mudha saiki ora seneng karo dolanan tradhisional!
7. Kenengapa kita kudu nguri-uri budaya Jawa?
8. Kepriye carane nguri-uri budaya Jawa?

Ing jaman saiki, generasi mudha saya suwe saya lali karo budaya dhaerah mligine
dolanan tradhisional. Dolanan tradhisional dianggep dolanan kang ora gaul amarga dianggep
kuna. Saliyane iku, saiki akeh game on line kang nggeser dolanan tradhisional. Mula saka iku,
minangka generasi mudha kudu nglestarekake dolanan tradhisional supaya ora kagiles jaman,
amarga akeh nilai-nilai kang kinandhut sajrone dolanan tradhisional.

c. Kagiyatan Inti

Kagiyatan 1

Tegese Artikel
Para siswa mesthi wis kerep krungu apa kang diarai artikel. Apa tegese artikel? Coba
golekana tegese artikel sajrone link ing ngisor iki!
https://jv.wikipedia.org/wiki/Artikel
http://vienmelsar.blogspot.com/2014/08/materi-artikel-bahasa-jawa-pengertian.html

Piye, wis padha ngerti kan tegese artikel? Yen wis ngerti
tegese artikel, banjur wacanen tuladha artikel ing ngisor iki!
Yen ana tembung-tembung kang angel catheten, banjur
golekana tegese! Yen ora temu tegese bisa koktakokake
marang gurumu!

Nyemak Teks Artikel


AWAK LANGSING MERGA PILIHAN WERNANE PIRING

Ora mung ukuran piring, pilihan wernane piring uga ana pengaruhe marang cacahe
memangan. Piring kang wernane beda, malah nyolok (kontras) karo wernane panganan
ndadekake cacahe memangan sawijining pawongan bisa luwih sethithik.

Kuciwa karo sakehing cara anggone mbudidaya ngurokake awak kang ora ana asile?
Aja kesusu nglokro! Nyoba cara gampang kang nyengkuyung bisa ngedhunake bobote awak
klawan ngowahi wernane piring.
Dicuplik saka telegraph, study Cornell University, New York, nemokake menawa
sawijining pawongan duwe karep njupuk memangan kang cacahe akeh nalika pasugatan kang
dipangan wernane padha karo piranti mangane (piringe,Red).
Wernane panganan kang padha utawa memper karo wernane piring ndadekake
pawongan iku duwe karep njupuke panganan luwih akeh 20 persen ditandhingake karo kang
memangan panganan ing piring klawan werna kang luwih nyolok.
Studi iki ditindakake ing sawijining pesta nganggo cara mangan prasmanan.
Klawan pilihan werna piring rong werna, yaiku putih lan abang, para tamu bebas milih
suguhan rong macem kang dicepakake: pasta nganggo saus tomat abang lan pasta nganggo
saus krim putih.

UKBM Basa Jawa SMAN 1 Talun


3
Artikel
BJW-3.1/4.1/1/1-1
Para tamu kang milih piring abang anggone njupuk pasta saus tomat sajak luwih
akeh 17-22 persen yen ditandhingake karo kang milih piring putih. Dene tamu kang
milih piring putih anggone njupuk suguhan pasta saus krim putih sajak luwih akeh 17-
22 persen yen ditandhingake karo kang milih piring abang.
Manut panliten, werna piring kang nyolok (kontras) karo werna panganan
kadidene peringatan kang nuduhake takeran porsi satemene. Dene wernane piring kang
meh padha karo wernane panganan ndadekake porsine sajak luwih akeh, saengga para tamu
sajak ora sadhar yen anggone mangan iku luwih akeh.
Iki gegayutan karo studi sadurunge kang nuduhake yen porsine mangan uga
dipengaruhi dening wernane piring. Ilusi optik ndadekake pawongan anggone njupuk
porsi sajak luwih akeh nalika nyekel piring kang luwih gedhe.
“Biyasane pawongan iku anggone njupuk porsi akeh nalika nyekel piring gedhe
ing sawijining pesta makan malam. Mulane, prelu anane piring kontras kanggo
ngrendheti ilusi iki,” pratelane Prof. Brian Wansink, ahli pangan kang nyinaoni
tumindak lan pratingkahe konsumen.
Nggatekake marang ukuran lan wernane piring dadi wewadi kang wigati kang
nyengkuyung marang kasile program ngedhunake bobote awak.
“Owah-owahan cilik kaya mangkene iki yen saben dina dicakake bisa mbiyantu
matesi porsine memangan,” ujare.
Sadurunge, turu angler uga dikandhakake bisa njaga bobote awak. Cukup turune
ndadekake hormon ghrelin ing njero awak suda. Hormon kang ngrangsang napsu mangan.
Panliten kang diterbitake dening American Journal of Clinical Nutrition
nuduhake yen wong-wong kang kurang turu, cacah kalorine mundhak cukup akeh jalaran
merga ngemil, yen ditandhingake karo wong-wong kang wektu turune cukup.
Panliten mbuktekake yen wektu turune kurang, bisa ngrangsang kekarepan
kepengin ngemil. Pakulinan iki ndadekake konsumsi karbohidrat luwih akeh, protein
luwih sethithik, lan sajak ora akeh ngonsumsi sayur-sayuran.
Uwal saka penemuan iki, pakar kebugaran lan gaya hidup , Cristine Free, wis
makaping-kaping anggone ngelingake wigatine kuwalitase turu marang upayane kanggo
ngedhunake bobote awak. “Turu, temen-temen bisa ngundhakake kemampuwane awak kanggo
mbakar lemak. Sasuwene turu, metabolisme karbohidrat kanthi efisien bisa digunakake
minangka sumber energi,”tandhese.

Kapethik saka Panjebar Semangat

Gladhen 1

Sadurunge nganalisis isine artikel ing ndhuwur, coba golekana tegese tembung-
tembung ing ngisor iki bebarengan karo kancamu sabangku!

Bausastra/ Kamus cilik


1. nglokro = .........................................................................
2. nyengkuyung = .........................................................................
3. pasugatan = .........................................................................
4. piranti = .........................................................................
5. memper = .........................................................................
6. gegayutan = .........................................................................
Lst
Wangsulana pitakonan ing ngisor iki!

1) Keneng apa pilihan wernane piring bisa njalari awak langsing?


2) “Porsine mangan uga dipengaruhi ilusi optik.” Kepriye karepe andharan kasebut?

UKBM Basa Jawa SMAN 1 Talun


4
Artikel
BJW-3.1/4.1/1/1-1
3) Kuwalitase turu kang kepriye kang bisa njaga bobote awak?
4) Terangna apa wae kang bisa nyengkuyung ngedhunake bobote awak!

Sawise ngrampungake Kagiyatan 1, siswa bisa nerusake Kagiyatan 2.

Kagiyatan 2

1. Struktur Artikel
Strukture artikel kaperang dadi 4, yaiku irah-irahan (judhul), pambuka, isi, lan panutup. Luwih
cethane bisa dideleng sajrone bagan lan katrangan ing ngisor iki sarta bukaken bukumu Sastri Basa
kaca 8-9.

Struktur Artikel

Irah-irahan Pambuka Isi Panutup

Katrangan :
 Irah-irahan yaiku judhul utawa inti tulisan kang bakal diandharake ing isi artikel.
 Pambuka yaiku gagasan pokok kang utama kanggo nyiyapake isi artikel. Pambuka mujudake
perangan kang digunakake panulis minangka pancatan anggone nulis artikel. Perangan
pambuka lumrahe mango ing ngarep.
 Isi yaiku inti artikel kang isine andharan gagasan-gagasan panyengkuyung (penunjang) kang
nduweni sipat wektu (kronologis), papan panggonan (spasial), sebab akibat (kausalitas). Isine
artikel mujudake wos utawa karep kang diandharake dening panulis jumbuh karo jinise artikel
kang ditulis.
 Panutup yaiku dudutan (simpulan) saka andharan-andaharan kang ana ing isi teks artikel.
Perangan panutup mujudake perangan kang dadi buntute artikel. Lumrahe ditulis ing perangan
mburi.

Gladhen 2
Medhar Struktur Artikel
Sawise nyinaoni struktur artikel, coba analisisen teks artikel kang irah-irahane Awak Langsing
merga Pilihan Wernane Piring ing Kagiyatan 1.
Tulisen bukti (gagasan pokok) saben stuktur kanthi ringkes sajrone tabel ing ngisor iki.

No. Struktur Bukti


1 Pambuka

2 Isi

3 Panutup

UKBM Basa Jawa SMAN 1 Talun


5
Artikel
BJW-3.1/4.1/1/1-1

2. Jinise Artikel

Jinise artikel akeh banget. Kanggo nyumurupi jinise artikel, wacanen:


Buku Sastri Basa kaca 11 utawa lumantar website ing ngisor iki:
https://jv.wikipedia.org/wiki/Artikel
http://vienmelsar.blogspot.com/2014/08/materi-artikel-bahasa-jawa-pengertian.html

Bedakna saben-saben jinise artikel sajrone tabel ing ngisor iki!

No. Jinise Artikel Katrangan


1.
2.
3.
4.
5.
6.
7.
8.
9.
10.

Gladhen 3
Ngidhentifikasi Jinise Artikel

Miturut panemumu, teks artikel kanthi irah-irahan Awak Langsing merga Pilihan Wernane Piring
kalebu ing jinis artikel ..................................................... Andharna buktine
...................................................................................................................................................................................................................
................................................................................................................................

Nganalisis Isine Artikel


Tatacarane nganalisis isine artikel bisa diwaca sajrone buku Sastri Basa kaca 16.
Banjur analisisen isine artikel “Awak Langsing merga Pilihan Wernane Piring” adhedhasar urutan
kang ana ing buku Sastri Basa!

Yen wis rampung nggarap nganti Gladhen 3, siswa bisa


nerusake Kagiyatan 3.

Kagiyatan 3

UKBM Basa Jawa SMAN 1 Talun


6
Artikel
BJW-3.1/4.1/1/1-1

1. Maca Ekspresif Wacan Artikel


Tatacarane maca ekspresif teks artikel bisa diwaca sajrone buku Sastri Basa kaca 17. Yen wis
ngerti tatacarane maca ekspresif, banjur wacanen kanthi premati teks artikel ing ngisor iki!

KEBHINEKAAN BANGSA INDONESIA:


Beda-Beda pindha Kluwung kang Nuwuhake Kaendahan

Bangsa Indonesia sejatine bangsa sing kebak toleransi, ngajeni marang


sapepadhane. Saka wewengkone wae, negara Indonesia kang kagelar saka Sabang tekane
Merauke wis nuduhake anane beda-beda budaya, basa, uga agama lan kapercayan. Mula,
yen ana kang kepengin ngedir-edirake rasisme sarana mbedak-mbedakake agama, suku, lan
budaya, iku ateges cengkah karo sejatine bangsa Indonesia.
Kasarane, mesthi dadi mungsuhe bangsa Indonesia kang adhedhasar Pancasila.
Pancasila iku dhewe nelakake yen bangsa kita ngakoni anane perbedaan. Kang nglawan
karo dhasare negara ateges dadi mungsuhe negara lan bangsa.
Terorisme kang dhasare saka ajaran radikal saiki pancen mratah. Ora mung ing
Indonesia, nanging uga ing meh saindenging donya. Tujuwane terorisme ora liya
kepengin gawe susahe wong liya kanthi cara sing nyimpang saka padatane manungsa,
upamane njeblugake bom kang tundhone pepati marang manungsa liyane. Pelaku teror
nganggep yen dheweke lan kelompoke paling bener, dene panemune wong liya kleru.
Ngawuningani kahanan kang gawe giris amarga saka terorisme lan radikalisme mau,
satemene bangsa Indonesia ora prelu wedi. Mula bener yen saiki ana gerakan tolak
terorisme. Kajaba terorisme iku ora duwe dhasar kang kuwat ing Indonesia, bangsa kita
dhewe ora seneng cecongkrahan. Saka maneka kaarifan lokal kang tuwuh saka Sabang
tumekane Merauke wis ngajarake supaya nresnani manungsa siji lan sijine kuwi prakara
kang katengen.
Kaarifan lokal iku racake padha atetales marang panguwasane Gusti Allah ya Gusti
Kang Maha Agung. Kabeh sakehing prakara kang tinemu ing madyane alam donya, kabeh
banjur dibalekake marang kang Maha Agung. Senajan carane manembah utawa cara ndedonga
iku beda-beda antarane kapitayan utawa agama siji lan sijine nanging inti sarine
padha, yaiku supaya diparingi kaslametan sarta didohake saka sarupane bebaya.
Pungkasane kang tinemu laras ora padha tuding-tinuding.
Iku mau bisa kalakon jalaran bangsa Indonesia, upamane saka kelangan budaya Jawa
amarga akeh banget botekake budaya kaya kang katon ing dasanama tembung. Dasanamane
tembung “sedhih” kang pdha tegese/sinonime akeh banget, yaiku sungkawa, rudah,
rudita, rudatin, rudatos, tikbra, susah, kingkin. Tembung sedhih kang kaya ngono mau
anggone ngecakake bisa ing beda-beda kahanan manut karo kang dikarepake. Dadi bisa
dicundhukake karo butuhe, kareben endah lan ora gawe larane wong mesthi digolekake
karo larase swasana.
Iki ateges bangsa Indonesia iku ngakoni yen ora kabeh iku mesthi kudu padha,
utawa bangsa Indonesia iku ngakone prakara kang bisa tanpa kudu padha bengkerengan.
Beda iku malah kaya dene kluwung kang endah, amarga ules kang beda nanging satemene
manunggal. Jenenge wis dasanama kang ateges luwih saka siji, nanging teges lan karepe
siji utawa padha.

GAGASAN SAMUDANA
Sakabehing kabudayane bangsa Indonesia iku satemene ngajab manungsa supaya duwe
watak “alus”. Alus ing kene ora ateges “mriyayeni” utawa tumindak kaya patrape
priyayi. Alus kang dikarepake yaiku bisa metani sawernane kahanan kanthi cara kang
premati, ngati-ati, ora briga-brigi,apa maneh nganggo bengak-bengok ora karuwan kaya
Kurawa. Mula alus iku kang marakake budaya Jawa kang ngesuhi budaya Indonesia kang
majemuk, kabeh kang becik ditampa, lan kanga la dibuwang.

UKBM Basa Jawa SMAN 1 Talun


7
Artikel
BJW-3.1/4.1/1/1-1
Satemene manungsa iku wiwit cilik mula wis diwulang-wuruk guritan dening wong
tuwane, yaiku wedharake tembung-tembung kudu aja thok-leh yen iku kanggo prakara-
prakara kang wigati. Tembung kang ora thok-leh iku karepe yen ambabarake gagasan aja
terus terang, kang samudana. Pamengkune supaya tembung kang kawetu kepenak
dirungokake lan bisa laras karo kahanane.
Upamane,“Nuwun sewu kula badhe dhateng wingking rumiyin.” Panyuwun mau kalair
nalika ngepasi maradhayoh utawa ketamon tamu ing dalem. Kamangka, wingking iku bisa
maneka werna tegese, bisa latar, pawon, utawa pakiwan. Nanging yen digathukake karo
konteks lan swasanane, panjenengan kabeh wis mesthi ngertikarepe, arep bebuwang sing
digembol awak.
Tumrape bebrayan Jawa, kabudayan iku dadi perangane urip kang wigati. Mula budaya
bisa kanggo “ngendhaleni” marang tindak-tanduke anggone srawung karo manungsa ing
alam donya. Iku ateges bebrayan jawa diajab bisa dadi conto mungguhing manungsa
liyane. dadi conto ngenani kabecikan iku pancen abot, amarga conto kang becik iku
akeh kang ngalang-alangi kareben gagal. Nanging kangelan kaya mangkono mau yen dadi
paugeran mesthi diandhemi, jalaran kabudayan iku lair saka manungsa kang laras karo
alam sakiwa-tengene. Indonesia kang ayem temtrem iku dadi gegebengane saben warga
negara.
Kabudayane bangsa Indonesia minangka salah sawijine cara kanggo ngerem
radikalisme iku ora ngayawara, jalaran pancen ing kono sumimpen mutyara kang endah
tumrape lakune manungsa. Upamane sesirik kanthi cara lelana. Kaya kang ditindakake
dening Pangeran Dipanagara kaya kang dicritakake ing “Babad Dipanagara”.
Panjenengane sajrone mbeblesake kaimanane dilakoni nganggo lelana, mlebu metu alas
lan guwa.
Apa kang ditindakake Pangeran Dipanagara mau satemene marisi apa kang wis
ditindakake dening para leluhure, yaiku nggladhi marang kakuwatan jiwa lan raga
supaya kapitayane marang Gusti Allah saya kandel. Kaimanane kang saya bakuh ora
ndadekake panjenengane dadi lali yen urip ing alam donya iku “kasunyatan”, dudu
“impen”. Tegese, urip ing alam donya iku kudu srawung karo liyan lan mbudidaya
supaya uripe bisa saya becik.
Urip kang saya becik ora bisa teka yen ora ngupadi dalane nggayuh urip raharja,
yaiku nyambut gawe. Apa kang diprihatinake dening Pangeran Dipanagara yaiku supaya
bangsane bisa uwal saka penjajahane Walanda. Gelem srawung karo liyan lan madharupa
kaya para kawula, iku kabeh uga dadi sawijine patuladhan yen urip ing alam donya iku
ora bisa misah utawa mengasingkan diri saka masyarakat liyan. Manungsa ora bisa urip
eksklusif karo rombongane wae, jalaran dheweke tetep mbutuhake wong liya.
Wong kang ora gelem srawung lan dhemen dhedhewekan/ eksklusif adate banjur gampang
ketaman karo ajaran kang ora toleran. Pangeran Dipanagara nalika lagi lelana brata
satemene ora kepengin dadi manungsa kang radikal, suwalike panjenengane kepengin bisa
manoni kanyatane urip masyarakat kang lagi nandang kasangsaran amarga kolonialisme.

Kapethik saka Jaya Baya No. 23, Pebruari 2016

BAOESASTRA:
No. Tembung Tegese No. Tembung Tegese
1. kluwung 14. briga-brigi
2. ngedir-edirake 15. ngesuhi
3. cengkah 16. thok-leh
4. nelakake 17. pakiwan
5. mratah 18. diandhemi
6. padatane 19. gegebengan
7. tundhone 20. ngayawara
8. ngawuningani 21. sesirik
9. cecongkrahan 22. mbeblesake

UKBM Basa Jawa SMAN 1 Talun


8
Artikel
BJW-3.1/4.1/1/1-1

10. racake 23. ngupadi


11. atetales 24. raharja
12. bothekan 25. manoni
13. dicundhukake lst

Gladhen 4

Golekana struktur lan jinise artikel ing ndhuwur banjur analisisen


isine!

UKBM Basa Jawa SMAN 1 Talun


9
Artikel
BJW-3.1/4.1/1/1-1

Gladhen 5
Ngringkes Artikel
Wacanen buku Sastri Basa kaca 18 ngenani tatacarane ngringkes artikel. Sawise para
siswa paham carane ngringkes artikel, banjur tindakna pituduh-pituduh ing ngisor iki!
1. Wacanen kanthi premati artikel kanthi irah-irahan Kebhinekaan bangsa Indonesia: Beda-Beda
pindha Kluwung kang Nuwuhake Kaendahan!
2. Catheten babagan kang wigati ing wacan!
3. Sambungna (gathukna)saben-saben babagan kang wigati saka wiwitan nganti pungkasan!
4. Babagan kang wigati ditulis maneh nganggo basane dhewe!
5. Gunakna tembung panggandheng (wacanen kagiyatan 4) kanggo ngrakit babagan wigati kang wis
dicathet!

Gladhen 6
Nanggepi Isine Artikel
Tindakna pituduh-pituduh ing ngisor iki!
1. Wacanen ringkesan artikelmu ing ngarep kelas!
2. Wenehana tanggepan ngenani ringkesane kancamu!
3. Wenehana tanggepan kanggo isine artikel! Apa kaitane isine artikel karo panguripan jaman saiki?

Kagiyatan 4

Tembung Panggandheng (Kata Sambung)


Tembung panggandeng, yaiku tembung kang gunane ndawakake ukara utawa kanggo
nggandheng ukara. Tuladhane tembung panggandheng, kayata:
1. Saha, lan, miwah nyatakake tambah utawa gabungan.
2. Utawa nyatakake pilihan.
3. Nanging nyatakake kosok balen.
4. Nalika nyatakake wayah utawa wektu.
5. Saupama, upama nyatakake angen-angen.
6. Supaya nyatakake tujuwan, ancas.
7. Sanadyan, senajan nyatakake konsesif.
8. Amarga nyatakake sebab.
9. Saengga, mula nyatakake akbibat.
10. Kamangka, mangka nyatakake panyetha.

Gladhen 7
Sawise ngerteni tuladhane tembung panggandheng, coba golekake
tuladha panganggone tembung panggandheng sajrone wacan
Kebhinekaan Bangsa Indonesia: Beda-Beda pindha Kluwung kang
Nuwuhake Kaendahan!

UKBM Basa Jawa SMAN 1 Talun


10
Artikel
BJW-3.1/4.1/1/1-1

Gladhen 8
Nulis artikel

Gawea artikel
kanthi tema
kearifan lokal
(kabudayan)
kang ana ing
dhaerahmu!
Tindakna pituduh-pituduh ing ngisor iki!
1. Temtokna topik kanggo artikel kang bakal ditulis!
2. Tulisen babagan-babagan kang wigati!
3. Goleka dhata/sumber (referensi) kang ana sesambungane karo topik kang bakal ditulis! (bisa
lumantar wawancara)
4. Tulisen paragraf kapisan kang isine babagan kang isih umum!
5. Babagan-babagan kang wigati iku jlentrehna maneh kanthi ukara kang cetha!
6. Wenehana dudutan ing paragraf pungkasan!
7. Artikel nggunakake basa ngoko, aja dicampuri krama apa maneg basa Indonesia!
8. Dawane artikel paling sethithik sakaca (1 halaman folio).
9. Yen sumbere saka wawancara, kudu ana buktine (foto), yen sumbere saka internet kudu diwenehi
alamat web-e!
10. Wenehana irah-irahan kang narik kawigaten!

Panutup
Para siswa bocah wis sinau sithik mbaka sithik lumantar kagiyatan pasinaon kang wis
cumawis. Ing ngisor iki sumadya tabel kanggo ngukur kabisanmu marang materi kang
wis kosinaoni. Wangsulana kanthi apa anane gegayutan karo panguwasan marang
materi ing UKB iki.

Tabel Refleksi Diri Pemahaman Materi


No. Pitakonan Sampun Dereng
1. Apa para siswa wis ngerti tegese artikel?
2. Apa para siswa bisa njlentrehake strukture artikel?
3. Apa para siswa bisa njlentrehake jinis-jinise artikel?
4. Apa para siswa wis bisa mbedakake jinis-jinise artikel?
5. Apa para siswa bisa ndudut isine artikel?
6. Apa para siswa bisa ngringkes isine artikel?
7. Apa para siswa bisa nganalisis isine artikel?
Yen ana wangsulan “dereng” ing salah sijine pitakon ing ndhuwur, sinaonana maneh
materi kang ana ing Buku Sastri Basa lan sinaonana maneh kagiyatan sinau kang wis
cumawis kanthi tuntunan saka guru utawa kanca sakelas. Yen bocah-bocah wis
mangsuli “ya” ing kabeh pitakonan, para siswa bisa mbacutake UKB sabanjure.

Neng ngendi panggonanmu?


UKBM Basa Jawa SMAN 1 Talun
11
Artikel
BJW-3.1/4.1/1/1-1
Ukuren awakmu dhewe, bijinen sapira kabisanmu kanthi rentang biji 10-100.

Kanggo mbuktekake yen para siswa wis nguwasani materi artikel, mula gawea artikel
kanthi tema lingkungan mligine lingkungan almamater SMAN 1 Talun kang nggayuh
adiwiyata mandiri!

Sawise ngrampungke garapan ing ndhuwur lan melu kagiyatan sinau teks artike,
ateges para siswa wis ngrampungake nyinaoni materi teks artikel abasa Jawa.
Sawise kuwi nyuwuna test formatif menyang gurumu sadurunge mbacutake
UKBM sabanjure.

UKBM Basa Jawa SMAN 1 Talun


12

Anda mungkin juga menyukai