Anda di halaman 1dari 3

1.1.

PUPUH KINANTHI

Serat Wedhatama Pupuh Kinanthi ngemot wewarah supaya manungsa tansah ngasah rasa
nyingkirake hawa nafsu dadi manungsa kang nduweni budi luhur.

1. Jingglengana paugeran tembang macapat Kinanthi ing ngisor iki!


Tembang macapat (sekar alit) titikane:
Guru gara : cacahing gara saben sapada.
Guru wilangan : cacahing wanda saben sagatra.
Guru lagu : tibaning swara ing pungkasaning gara.
Titikane tembang macapat Kinanthi : 6 gatra: 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i.

2. Wacanen perangan Pupuh Tembang Kinanthi Serat Wedhatama ing ngisor iki!
a. Mangka kantining tumuwuh,
salami mung awas eling,
eling lukitaning alam
wedi weryaning dumadi,
supadi niring sangsaya,
yeku pangreksaning urip.
“Padahal bekal hidup, selamanya waspada dan ingat, ingat akan pertanda yang ada,
menjadi kekuatannya asal-usul, supaya lepas dari sengsara, begitulah memelihara
hidup.”

b. Marma den taberi kulup,


angulah lantiping ati,
rina wengi den anedya,
pandak-panduking dumadi,
bengkas kahardaning driya,
supadya dadya utami.

c. Pangasahe sepi samun,


aywa esah ing sasami,
samangsa wis kawistara,
lalandhepe mingis-mingis,
ersu wukir reksa muka,
kekes srabedaning budi.

Tugas: 1. Wacanen perangan pupuh Kinanthi Serat Wedhatama ing ndhuwur kanthi premati!

2. Golekana guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu pada tembang Kinanthi ing ndhuwur!
1.2.PUPUH KINANTHI

Wacanen perangan pupuh Kinanthi Serat Wedhatama ing ngisor iki kanthi premati!
Dene awas tegesipun,
weruh wararaning urip,
miwah wisesaning tunggal,
kang atunggil rina wengi,
kang mukitan ing sakersa,
gumelar ngalam sakalir.
“Tahu penghalang kehidupan, serta kekuasaan yang tunggal, yang bersatu
siang malam, yang mengabulkan segala kehendak, terhampar alam semesta.”

Aywa sembrana ing kalbu,


wawasen wuwus sireki,
ing kono yekti karasa,
dudu ucape pribadi,
marma den sembading sedya,
wewesen praptaning uwis.

Tugas: 1. Golekana pitutur luhur kang ana ing saben pada tembang Kinanthi ing ndhuwur!
2.Wenehana panyaruwe (komentar) gegandhengan karo pupuh Kinanthi ing Serat
Wedhatama kang wis kowaca ing ndhuwur!
1.3. PUPUH KINANTHI

Wacanen lan setitekna tuladha pada tembang Kinanthi ing ngisor iki!
Sirnakna semanging kalbu,
den waspada ing pangeksi,
yeku dalaning kasidan,
sinuda saka satitik,
pamotahing napsu hawa,
jinalantih mamrih titih.
“Sirnakan keraguan hati, waspadalah terhadap pandanganmu, itulah caranya
berhasil, kurangulah sedikit demi sedikit godaan hawa nafsu, latihlah agar terlatih.”

Tugas: 1. Gawea tuladha cakepan pada tembang Kinanthi kang isi pitutur tumrap kesehatan.
Dikumpulake liwat email utawa WA.

1.4.PUPUH KINANTHI

Wacanen cakepan pada tembang Kinanthi ing ngisor iki!

Aywa mamatuh malutuh,


tanpa tuwas tanpa kasil,
kasalibuk ing srabeda,
marma dipunngati-ati,
urip keh rencananira,
sambekala den kaliling.

Tugas: Wacanen cakepan pada tembang Kinanthi gaweanmu!

Anda mungkin juga menyukai