Sebagian masyarakat yang gemar wayang umumnya suka kalau sebuah pahargyan temanten juga
dilengkapi dengan seni pedalangan, karena itu menjadi tugas tersendiri bagi seorang panatacara
untuk juga sedikit menguasai seni pedalangan, tidak hanya njantur (nyandra) tetapi juga harus bisa
suluk.
Saat mulai pahargyan, dimulailah dengan memutar gendhing yang sesuai, biasanya enak kalau pakai
Ketawang Ibu Pertiwi atau pakai gendhing panguyu‐uyu (uyon‐uyon), lalu panatacara mulai beraksi
dengan mendendangkan suluk dan dilanjutkan dengan panyandra yang bertemakan pujaan pada ibu
pertiwi (balada ibu pertiwi) atau membicarakan keadaan sekitar sebagai pembuka acara. Jika sudah
selesai nyandra, gendhingnya distop kemudian mulai dengan pidato pembuka pahargyan.
Berikut ini sebuah contoh sederhana:
(gendhing Ktw. Ibu Pertiwi atau pakai gendhing uyon‐uyon PLAY)
[SULUK]:
wanodyatama ngambar arum
ngambar arum lir kuusuumaaaa.......
ooooo..ooo....ongngng......
liiiiirrr......
pindha kumbang nesep madu sarining keembaaaang......
ooo...ooo..oongng......
ooooo.....oo...oongng....
eeeeeengngng.......
[NYANDRA]:
Swuh rep data pitana, hanenggih pundi ta negari, pundi ta desa, ingkang wonten wisma kang kaeka
adi dasa purwa. Eka marang sawiji, adi tembung linuwih, dasa wilangan sepuluh, purwa wus ngarani
marang kawitan.
Tinon saking mandrawa pranyata punika satunggaling wisma ingkang mapan ing setunggaling desa
kang mujudaken pacrabakan ingkang panjang punjung pasir wukir gemaaaaaah ripah loh jinawi.
Nenggih desa ........., kecamatan ........, kabupaten ............. adiningtyas.
Panjang, dawa pocapane. Punjung, dhuwur kawibawane. Pasir, pawedhen. Wukir, gunung. Loh,
tegese subur kang sarwa tinandur. Gemah‐ripah, ateges murah ingkang sarwa tinuku.
Wusnya mangkono, sanadyan kathah titahing wong bathara kang kasongan ing angkasa sinangga ing
pratiwi kinepit ing samodra, parandene, maksih kathaaaaaah titah ingkang samya anggana raras.
Awit ngupaya ing sewu desa tan antuk sedasa, satus datan waged jangkep ngaturnya ing kalih.
Mila mangkono, ing sedya hastuti mestuti murih lestantun lampahing budaya. Jinantur ing tutur.
Katela tetela, kathah kang maksih trah ingkang dinama‐dama, hanggung hanguri‐uri lestantuning
budaya. Pralambang kang matumpa‐tumpa pindha wang‐wing wilapa. Mastuti sabda pangandika
ujaring para kina ingkang sampun jinempana ing maruta cinandhi ing awiyat, sarta mulat edi
endahing budaya luhur marsudi mardawaning budaya tulus. Mangka atekad warsita gupita
manggung. Panggung‐panggeng panggunging wong sang murang tata, kinarya bebukaning
panyandra.
Hanenggih punika wisma, mula kinarya bebukaning panyandra, setunggaling wisma ingkang
rinengga‐rengga sagunging kaendahan rerupen ingkang maneka warni, satemah adamel edi miwah
asri ing pandulu. Sedaya kalawau mratandhani bilih sakalangkung ageng raos bombong
kabingahanipun ingkang hangrenggani wisma hamangkugati, hanenggih panjenenganipun Bp
................ ingkang nembe kepareng mbinojakrama atmaja, hangrakit sekar cepaka mulya amiwaha
putra mahargya siwi.
Punika ari kang katiti mangsa surya .....[7 Maret 2013]... pinilih minangka dinten sawiji, jinangka
dados dinten kabingahan tuwin kabagyan. Mila punika kinempalaken para kadang para sentana
miwah pitepangan, mitra lan kanca, kinarya regenging pawiwahan lan pahargyan, pinuji ing suka
winantu ing raharja lan basuki.
Mila mangkono, punika luhur‐sucining sedya andadosaken adeging desa dados satunggaling papan
panggenan ingkang saya panjaaaang punjung dhuwur kawibawane, saya adoh kuncarane, saya jero
tancebe, saya malembar jenenge, ingkang celak samya mentiung, ingkang adoh samya mentelung.
Sanadyan ta papan jembar dados katon rupak, bebasan tumpang cukit tepung taritis, anamung
setunggal kewala datan wonten warga punika desa ingkang alampah cecengilan punapadene
memengsahan lan sesatron. Tansah guyub rukun, datan wonten ingkang alaku drengki, srei, jail‐
methakil menapadene panasten, tinebih ing laku durjana lan dur angkara. Satunggal kewala datan
wonten ingkang kari, tansah samya sakyeg saeka‐praya hangagem budi utama tumuju mring
kautamen.
Pinunggel semanten rumpaka panyandraning kawontenan, awit yen ta cinandra jangkep sedinten
sedalu natas mboten wonten pedhote, bebasan, turah warna kurang candra.
Gampange wong kang munggel kawi, sang panatacara sigra hangacarani pawiwahan samangke.
Wonten galap gangsuling atur anggen kula hanyandra kawontenan, mugi diagung ing pangaksama.
Nuwun.
Gendhing stop,
‐‐>berlanjut ke Atur Pambuka Purwaning Pahargyan tanpa iringan gendhing.