Anda di halaman 1dari 1

Tembang Dolanan

Tembang dolanan yaiku salah wijine tembang sing lumrahe ditembngake bocah – bocah
nalika dolanan.
Bocah – bocah dolanane ing latar ora mung wayah awan lan sore, nanging uga wayah wengi
nalika padhang rembulan.
Titikan utawa Ciri – ciri tembang dolanan, yaiku :
1. Bahasane gambang dimengerti
2. Cengkohe prasaja
3. Jumlah barise ( gatrane) winates
4. Ditembangake sinambi dolanan utawa jejogetan
5. Isine bab sing salaras karo kahanane bocah

Tuladhane tembang dolanan :


1. Padhang Bulan
2. Jamuran
3. Bulan Ghede
4. Menthog Menthog
5. Jaranan
6. Kupu Kuwi

Isine tembang dolanan kuwi yaiku :


Geguyonan nalika lagi dolanan, uga pitutur luhur lan gegambaran endahe negri Indonesia.

Nggancarake / parafrasa
Nggancarake/ parafrasa tegese ngowahi tembang dadi gancaran / karangan.

Gancaran yaiku : awujud ukara – ukara sing diwangun dadi paragraf, nanging ora ngowahi
isine tembang iku.

Kalau di bahasa Indonesia


Parafrase adalah mengubah puisi menjadi karangan atau paragraf – paragraf dengan maksud
menjelaskan makna yang tersembunyi.

Wacacen sing titi !


Tembang Dolanan “ Jaranan “ LKS Bahasa Jawa Hal : 9

Kerjakno nang kertas folio


Wangsulana pitakon – pitakon ing ngisor kanthi bener!
1. Sapa sing numpak jaran ?
2. Jaran apa sing tumpaki ?
3. Sapa sing ngiring ndara Bei?
4. Ana ngendi ndara Bei numpak jaran ?
5. Nilai budi pekerti apa sing bisa dijupuk saka tembang “Jaranan” ?

Tulisen ing buku tulis bahasa jawa


1. Tembang dolanan ‘Jaranan ‘
2. Parafrasa tembang dolanan Jaranan.
Contoh cara ngawe parafrasa “ Jaranan :
Ana wong padha numpak jaran, jaran sing ditumpaki jaran teji. Sing numpak jaran teji
ndara bei, diiringi para mentri. Swarane gamelan sing ngiringi jeg – jeg nong, jeng – jeng
gung, swara sikile jaran gedebug – gedebug barengan karo swarane pecut pating
jedher, semono uga sepatune para mantri nalika mlaku prok – prok, mlaku ing saurute.

Anda mungkin juga menyukai