Anda di halaman 1dari 2

ELVIN SUGIANTO (XII MIPA-3 / 15)

1. Perangan busana adat Jawa piyayi kakung:


a. Blangkon
b. Rasukan
c. Keris
d. Sabuk
e. Jarik
f. Canela
2. Pangerten busana adat Jawa piyayi kakung:
a. Blangkon
Blangkon yaiku perangan busana adat Jawa kanggo nutup sirah.
b. Rasukan
Rasukan yaiku perangan busana adat Jawa kanggo nutupi awak, kaya klambi.
c. Keris
Keris yaiku gaman utawi sanjata tradhisional masarakat Jawa.
d. Sabuk
Sabuk yaiku perangan adat Jawa kang dienggo kanthi cara diubetake (dilingkarkan)
ana ing awak utawa tepate ana ing bangkekan.
e. Jarik
Jarik yaiku jarit sing dienggo kanggo nutupi awak tekan sikil.
f. Canela
Canela yaiku perangan busana adat Jawa kanggo ngalasi sikil.
3. Makna filosofis:
a. Blangkon
Blangkon dienggo kaggo njaga kawibawan dhiri kanthi nutup sirah nganggo blangkon,
saliyane iku uga wujud ngurmati marang wong liya.
b. Rasukan
Minangka manungsa ngrasuk utawa nganut salah siji dhalan utawa agama tetep karo
kelingan nyembah Gusti Kang Maha Kawasa.
c. Keris
Keris iki nduweni pralambang menawa keris sak warangkane padha karo manusia dadi
ciptaan lan penciptane yaiku Allah Gusti Kang Maha Kawasa.
d. Sabuk
Sabuk iku nduweni pralambang yen dadi manungsa kudu usaha supaya kabeh ora
ngebukne (tidak ada hasil).
e. Jarik
Jarik artine aja gampang serik (jangan mudah iri terhadap orang lain).
f. Canela
Canela nduweni makna yaiku cekelan sing kuwat sajroning atimu.
4. Tuladha karangan 1 paragraf babagan pakaian adat Jawi:
Kebaya
Kebaya yaiku salah sawijining pakaian tradhisional kang dienggo wong wadon ing
Indonesia, khususe ing tlatah Jawa. Kebaya digawe saka bahan kang tipis lan dienggo
bareng sarung slendhang, Jarik utawa Bathik. Kebaya asale saka tembung arab abaya
kang tegese kebaya sandhang. Kebaya Jawa kaperang dadi 2 yaiku Kebaya Solo lan Kebaya
Yogyakarta. Kebaya Solo nduweni kerah kotak (kutu baru) dene kebaya Yogyakarta
nduweni kerah bentuk V. Kebaya nduweni lengen kang dawa, biyasane dienggo karo
ngisoran kang dawa. Kebaya iku sandhangan kang khusus dienggo wong wdon. Kebaya
biyasane dienggo ing acara resmi kayata ngantenan, resepsi, kartinian, lan acara acara
penyambutan tamu agung. Nilai filosofi kebaya yaiku wujud kepatuhan, kealusan, lang
unggah-ungguh serta budi pekerti luhur wanita ingkang sae.

Anda mungkin juga menyukai