Ning desa sejahtera ana para remaja ing warunge mas Rangga kang padha mbahas bocah sing
pindah saka kutha.
Roy : “He wis padha krungu durung cah sing pindah saka Kutha iku?”
Intan : “Mbahas apa ta iki kok serius temen?” (Saut Intan sing mara-mara muncul).
Mas Rangga: “Ngagetno wong koe ki, Nek teko mbok yo salam disek ngunu lho!
Intan : “Assalamualaikum!”
Mas Rangga: “Walaikumsalam! Enek apa kok ndungaren merene biasane nomah wae?”
Intan : “Iku lho, aku ape tuku marimas, kancane mase ape dolan, cah sing pindahan sangking
kuthaikulho!
Roy : “Oalah tibake kancane mas e sampean to,enek acara apa kok sampek pindah mrene?”
Intan : “Mbuh ora ngerti aku, enek apa takok barang?, Ayu-ayu to kancane mas ku,ora kaya
sampean ora ndue Kanca.Tapi ijek ayunan aku to “(Rada kenil).
Kiki : “Iyo-iyo ayu, lang langsung mulih kono nak di golek'i mas mu!”
Fina : “La wis sugih durung?, Mbok dolan dikek crito-crito nggunu!”
(Renata moro ning warung, nggoleki Intan mergo arepe ning omahe pak ustadz.)
Intan : “Ape nonggone pak ustadz, mengko nek ana bocah sangking kutha, kandani aku wis
budal ning nggone pak ustadz.
Intan lan renata budhal menyang omahe pak ustadz, bakol pentol banjur omong-omongan karo
kancane, nanging arek-arek sangking Kutha iku wis mangkat ning warunge Mas Rangga.
Kiki : “La lapo?Pak ustadz lak ijek enom to, yora popo to pacaran.”
Osuwa : “La dekne kan pak ustadz, Jane yo ngekeki contoh sing apik koyok artis-artis ngono lho,
opo wi ta'aruf. Dek mau aku yoweruh pak ustadz ning omahe cah kutha iku.
Mas Rangga : “Ojo percaya omongane bakol pentol kui, hoax kabeh. lawong arek kutha kui
kancane pak ustadz.”
Osuwa :“Sampean weruh sangking pundi mas nek arek-arek kutha kuikancane pak ustadz?”
Mas Rangga : “Dek mau adik'e pak ustadz mrene,Jare cah kutha kui kancane pak ustadz.”
Dina arek sangking Kutha iku teka ning warunge mas Rangga,dekne goleki Intan mergo jaluk
nduduhake omahe pak ustadz..
Dina : “Assalamualaikum”
Mas Rangga : “Intan wis budhal ning omahe pak ustadz. Sampean diutus nyusul mawon.
Mas Rangga : “Lah sampean iki durung ngerti? Pie Intan ki bature kok ditinggal nek gak ngerti.”
Renata :”Badhe teng griyane pak wawa nggeh? monggo sareng kaleh kula, kula nggeh badhe
teng griyane pak wawa.”
Ridho : “Monggo lewat mriki, Mas Rangga pamit riyin nggeh. Assalamualaikum.”
Dina, Intan, Fina lan Renata wis ning omahe pak ustadz Wawa. Dekne kabeh arepe rembukan kang
mbahas hal penting kang kaitan apik. Rembukan durung rampung tapi wis mundak sore, kabeh wis
padha mulih. Kabeh wis padha janjian mengko dalu bakda isya' inggriyane pun Dina.
...Bengine...
Pak ustadz Wawa sampun rampung ngimami ning masjid. Dekne budhal teng griyone Dina tapi
tiyange petuk satpam sing ngawasi komplek omahe Dina.
Satpam Kiki ngijini ustadz Wawa tapi dekne ngawasi alun-alun saka mburi. sampek ning omahe
Dina,satpam Kiki mendek ning ngarep pager, dekne ndelok lan ngawasi pak ustadz Wawa omong-
omongan karo mbak Dinaa. Mara-mara mas Rangga teka weruh satpam Kiki ndelik nginceng omahe
mbak Dina.
Satpam Kiki : “Iku lho mas. Pak ustadz bengi-bengi kok dolan ning omahe mbak Dina.”
Satpam Kiki : “Iku lho deloken! Lho mas kok melbu omah.”
Mas Rangga : “Ojo disek, celukno bocah-bocah ayo di parani bareng bareng.”
Kabeh kanca-kancane Mas Rangga di celuk, banjur kabeh nglumpok nang ngarep omahe Mbak Dina.
Osuwa : “Suudzon piye wes enek buktine ki, mosok ustadz bengi-bengi kok nomahe wong
wedok.
Mbak Dina mbukak lawang, Kabeh kaget ana akeh wong. Ana pak ustadz Wawa, Dina, Renata lan
Intan
Mas Rangga : “Rumaos kula dek wau sampean kiambak kaleh pak ustadz teng mriki.”
Renata : “Nggeh, Mangkane pak satpam nek durung ngerti mboten usah disebar-sebarake.“
Ustadz Wawa: “Niki kita sareng-sareng badhe damel masjid,dados butuh persetujuan Warga.”
Dina : “Mumpung pada ngumpul niki badhe nyuwun tanda tangan persetujuan bangun masjid.”
Ustadz Wawa: “Matur suwun ngeh, panjenengan sedoyo sampun berpartisipasi bangun masjid.”
Kabeh : “Waalaikumsalam.”
Amanat:Jadi orang jgn mudah berburuk sangka kepada orang lain, karena belum tentu buruk
sangka kita tersebut terbukti nyata