Anda di halaman 1dari 7

Immanuel John Jacob Simbolon/ X MIPA 3/17

Remed UH 3

1. Jaka Tarub
Sawijining dina, udan sing maune deres banget saiki wis mandheg. Suasana sore wis katon cerah. Ana
kluwung (pelangi) njedhul neng sisih kulon. Jarene wong-wong ndhisik, yen ana pelangi berarti arep ana
midodari sing arep adus neng bumi. Nanging bener orane ya mbuh ora ngerti. Selot suwe, bit semribit ana
ganda wangi banget. Ana apa ya? Suara kemrincing
saka kulon.

ADEGAN I

Byur…Byur…Byur…

Midodari Abang : “Cihuy… asik… bisa adus maneh. Jan banyune seger tenan. Wis seminggu ora adus,
awake padha pliket kabeh. Jan…segerepol tenan. “
Midodari Jambon : “Lak iya ta, segere poll. Tapi aku ya ora kaya kowe. Mosok dadi midodari ora tau
adus. Ngerti ra,saiki neng kayangan wis ana pemandian umum. Ora ngerti sih…katrok banget.”
Midodari Kuning : “Ih…ya ampyun…sapa kui sing jarang adus. Ngisin-ngisini banget dadi midodari.
Mosok midodari jarang adus. Ki contoh akyu ya…saben dina ora tau lowong Manycure Pedycure. Jan
ambune wangi banget.”
Midodari Ijo : “Lah…ya wis. Kaya ngono we dibahas. Aku sing ora beda kaya abang jarang adus we
meneng bae kok.”
Midodari Abang : “Duh… Ijo, dadi aku ana tunggale? Hahahaa… Tos disik yo…”
Midodari Ijo : “Tos..!”
Midodari Kuning : “Ya ampyun…kaya ngono we kok dibanggakake. Nggilani..! Oh ya,n gomong-
ngomong si Ungu karo Nila lagi neng ngendi ya? Kok awit mau ora ketok.”
Midodari Biru : “Oh…duo Midodari kae ta? Si Ungu mau wis ijin arep konser disik. Si Jingga lagi
pilek. Trus si Nila lagi mojok karo pacare. Mau ki tak jak i malah ora gelem.”
Midodari Abang : “Ya…iyalah. Mengko yen di jek ya dadi kesetrum.”
Midodari Ijo : “Woo…lha, kuping apa centhelan wajan ta? Dijak dudu dijek!!”
Midodari Biru : “Intine si Nila ora gelem melu. Jare wis ana sing ngajak shoping.”
Midodari Kuning : “Ow…ngono ta…”

ADEGAN II

Ana ing teras ngomah, Jaka Tole lagi leyeh-leyeh. Ujug-ujug Jaka Tarub teko karo bengok-bengok.

Jaka Tarub : “Le…Le…Le…”


Jaka Tole : “Ngapa ta? Aku ora budheg, nyeluki bae. Aku wis krungu. Ana apa ta jane?”
Jaka Tarub : “Wetengku loro banget.”
Jaka Tole : “Lha terus?”
Jaka Tarub : “Tenanan ki, mules banget, kakehan mangan sambel. Tak jak neng kali yuh!”
Jaka Tole : “Jan…wis gedene semono, ning kali we njaluk dikancani.”
Jaka Tarub : “Lah, aja kaya ngono ta, mung ngancani we kok wegah…”
Jaka Tole : “Emoh laah. Ngancani kok ning kali. Yen ngancani ning kota, shopping, cuci mata ngono
aku gelem banget.”
Jaka Tarub : “Ya wis yen ora gelem ngancani. Yen neng kali ana sing bening-bening, ora tak
kandhani.”

ADEGAN III

Neng Kali…

Jaka Tarub : “Aduuh jan lega pisan. Tapi, kok kaya ana sing beda ya? Ambune wangimen? Kayane
ambune saka kulon. Jajal tak tiliki lah.
Jaka Tarub nginguk ana ing samburine wit gedhe kang ditutupi suket sing dhuwur.
Jaka Tarub : “Wualah-wualah…apa aku ora salah weruh, kae midodari lagi padha adus..ce…ce…
ce…ayu-ayu tenan, keno nggo cuci mata ki. Tamba ngantuk..! Oh ya, aku duwe ide cemerlang, tak jupuke
salah siji slendange, ben ora iso bali.”
Jaka Tarub njupuk slendang sing rupane jambon.

ADEGAN IV
Midodari Ijo : “Kanca-kanca ayo padha bali ning khayangan, kayane aduse wis cukup, wis keset ki
lho….”
Midodari Biru : “Adhuh biyung, aku isih kepengin kungkum, dhela ngkas.”
Midodari Abang : “Tapi kayane wis sore loh, mengko yen didukani Bapa kepriye ?”
Midodari Biru : “Ya wis lah ayo.”
Midodari Jambon : “Eh, slendhangku neng ngendi ya? Kok ora ana?”
Midodari Kuning : “Tape deh. Lha mau kok deleh ngend? Digoleki dhisik kana!”
Midodari Jambon : “Uwis, tapi ora ana. Mengko yen aku ora bisa bali kepriye ?”
Midodari Abang : “Ayo cepet, wis sore, Aku, Ijo, karo Kuning bali dhisik …..”
Midodari Jambon : “La aku kepriyeneng kene, masa aku ditinggal dhewekan?”
Midodari Ijo : “Yaw is lah. Trima bae nasibe ko.”
Midodari Kuning : “Mbon, aku bali dhisik ya, Sorry dory Strobery….”
Midodari jambon akhire detinggal dhewekan. Ora ana sing gelem ngancani.
ADEGAN V
Midodari Jambon sedhih banget. Ujug-ujug, Jaka Tarub teka kaya dadi pahlawan bae.
Midodari Jambon : “Hikk…hikk…hikk…slendhangku nengendi ? Kepriye iki Bapa…. Biyung….”
Jaka Tarub : “Cah ayu, kena apa nangis neng kono dhewekan. Wis gedene semono masa nangis. Apa
ora isin….”
Midodari Jambon : “Slendhangku ilang….”
Jaka Tarub : “Kepriye kok bisa ilang?”
Midodari Jambon : “Hah!!! Sapa kuwi sing takon. Kok ora ana wujude ?”
Jaka Tarub : “Aku neng kene. Nylinguko mburi.”
Midodari Jambon : “Subhanalloh !!! Sampeyan sapa?”
Jaka Tarub : “Ora kenal aku ta? Aku Jaka Tarub. Pemudha sing paling cakep, paling ganteng, paling
joss neng desa kene. Nah saiki giliran aku sing arep takon. Cah ayu, jenengmu sapa, truz bisane neng
kene anu kepriben critane.”
Midodari Jambon : “Dadi sampeyan Jaka Tarub. Anu sing tukang nggaweni tarub angger ana manten
ya…?”
Jaka Tarub : “Sembarangan. Aku Jaka Tarub, dudu tukang nggaweni tarub.”
Midodari Jambon : “Oh, ngono. Aku Midodari Jambon. Jeneng bekenne Nawang Sasi. Aku teka saka
khayangan. Tapi sing dadi masalah, saiki aku ora bisa bali menyang khayangan. Amarga, slendhangku
ilang.”
Jaka Tarub : “Ow, ngono critane. Melas temen. Ya wis, saiki kowe melu karo aku bae.”
Midodari Jambon : “Melu menyang ngendi?”
Jaka Tarub : “Aja kakeyan takon ngapa. Tinimbang kowe dhewekan neng kene. Ayo, gelem pa ra?”
Midodari Jambon : “Ya wis, aku gelem melu sampeyan. Tapi manawa sampeyan macem-macem dak
thuthuk lho”
Jaka Tarub : “Iya lah….”
Sawise kuwi, Midodari Jambon akhire melu Jaka Tarub. Bareng wis suwe akhire Jaka Tarub karo
Midodari Jambon padha seneng-senengan. Banjur akhire dadi manten. Lan duwe anak wadon.

ADEGAN VI
Para Midodari sing maune pada bali menyang khayangan teka maneh. Para Midodari mau diutus dening
Baginda Raja supaya njemput Nawang Sasi bali.

Midodari Kuning : “Mbon, Kepriye kabare ? Apik-apik bae ta ? Suwe ora ketemu ya ?”
Midodari Jambon : “Eh… Abang, Ijo, Kuning, Biru, aku apik-apik bae neng kene. Kepriye kabare
kowe-kowe padha ? Waras kabeh ta ?”
Midodari Ijo : “Aku karo kanca-kanca neng kana ya padha waras kabeh.”
Midodari Abang : “Jan, aku heran karo kowe. Bisa-bisane betah neng bumi. Ana apa ta jane ?”
Midodari Jambon :”Dak critani, ya. Aku neng kene ketemu karo pemudha sing ganteng banget.”
Midodari Biru : “Sapa jenenge ?”
Midodari Jambon : “Jenenge Jaka Tarub. Kae sing nulungi aku pas ditinggal dening kowe-kowe padha.
Terus saiki aku wis dadi bojone Jaka Tarub.Malah saiki aku wis duwe anak jenenge Jaka Tajam.”
Midodari Ijo : “Apa kuwi ? Kok elek temen ?”
Midodari Jambon : “Elek piye lho, kuwi dijupuk saka Ta sing berarti Tarub, Jam sing berarti Jambon.”
Midodari Abang : “Ooo… Ngono ta critane.”
Midodari Jambon : “Ngomong-ngomong, ana perlu apa ta, kok njanur gunung ?”
Midodari Biru : “Aku, Ijo, Abang, lan Kuning diutus dening Baginda Raja supaya njemput kowe bali
menyang khayangan.”
Midodari Ijo : “Nggo ngapa urip neng kene? Mendhing urip neng khayangan. Apa-apa ana.”
Midodari Jambon : “Tapi pangapura ya kanca-kanca. Aku ora bias melu kowe padha. Amarga aku wis
betah neng kene.”
Midodari Ijo : “Dadi aku lan kanca-kanca sia-sia teka kene ?”
Midodari Kuning : “Ya wis yen kuwi kekarepanmu. Nanging aku isih ngarep kowe bali menyang
khayangan maneh.
Midodari Abang : “Aku ora arep meksa. Sing penting kowe senrng, aku ya melu seneng.”
Midodari Jambon : “Matur nuwun, wis padha pangerten karo aku.”
Midodari Biru : “Ya wis yuh, padha bali. Wis sore, mendung sisan. Mengko neng ndalan kudanan
kepriye?”
Midodari Kuning : “Mbon, aku bali ya. Da…da….”
Para Midodari akhire bali menyang khayangan. Nanging Midodari Jambon tetep ora gelem bali.

ADEGAN VII
.

Jaka Tarub : “Bu, tulung gawekna aku wedang kopi. Sore-sore ngene iki paling enak ngombe kopi.”
Midodari Jambon : “Ya, sabar sik, Pak.”
Jaka Tarub : “Pancen rejeki ora bakal neng ngendi-ngendi. Bisa oleh Midodari sing ayu. Manawa
slendhange kae ora dak jupuk, mesthi uripku ora bakal kepenak kaya saiki. Tapi aja nganti Si Nawang
Sasi ngerti. Yen nganti ngerti, bisa dadi duda aku.”
Midodari Jambon : “Jan, Bapake. Karepe saben sore medang kopi bae. Apa ora bosen ta, Pak ?”
Jaka Tarub : “Ya ora ta,. Wong sing nggawekne we bojone dhewe.”
Midodari Jambon : “Oh ya, Pak. Berase wis entek. Sesuk arep adang apa ?”
Jaka Tarub : “Masak wis entek ta, Bu?”
Midodari Jambon : “Nganti wis klimit malahan, Pak… Pak….”
Jaka Tarub : “Neng lumbung beras isih ana kok, Bu. Dhek wingi dikirimi Jaka Tole sak ember.”
Midodari Jambon : “Jajal dak tilikane dhisik.”
Jaka Taub lali manawa dheweke ndhelikake slendhang colongane neng njero lumbung beras.

ADEGAN VIII
Nawang Sasi mlebu menyang njero lumbung beras mau. Dheweke kaget amarga nemokake slendhang
warna jambon persis kaya slendhange sing ilang. Nawang Sasi dadi curiga manawa Jaka Tarub sing
nyolong slendhange.
Midodari Jambon : “Pak, aku arep takon. Kena ngapa kok slendhangku bisa ana neng lumbung beras ?
Aja-aja, Bapak sing njupuk slendhangku ya?”
Jaka Tarub : “Slendhang apa ta, Bu ? Aku ora ngerti apa sing kok omongake.”
Midodari Jambon : “Halah… Ora usah mungkir. Ngaku bae, Pak. Wis dak bele-beleni ora bali
menyang khayangan, tibake sing njupuk slendhangku malah wong sing dak tresnani. Aku kuciwa kao
sampeyan.”
Jaka Tarub : “Aku njaluk ngapura, Bu. Aku bener-bener njaluk pangapura. Aku ora ngerti bakal
kaya ngene dadine.
Midodari Jambon : “Aku ora bisa kaya ngene terus. Aku kudu lunga saka kene. Tulung jaga Jaka
Tajam. Aku arep bali menyang khayangan.”
Nawang Sasi banjur mabur, bali menyang khayangan nganggo slendhange mau.
Jaka Tarub : “Bu, aja lunga !!! Aku durung siap dadi duda….”
Jaka Tarub amung bisa nangisi lungane Nawang Sasi, lan dadi duda salawase.
TAMAT
2. - Judul : Jaka Tarub
- Paraga & watak : 1. Jaka Tarub Watak: ngandel nang hal mistis, seneng berburu, sopan, taat nang
wongtua, bersahabat, licik, ingkar ujar,
2. Mbok nyia Watak: praduli nang anake, bijak,
3. pak Ranu Watak: bersahabat,
4. pitu bidadari Watak: ceria,
5. Nawangwulan Watak: ndemeni anake, panik, setia nang ujar
- Lattar (wayah, wektu, swasana):
Latar :
- panggon : desa, omah Jaka Tarub, telaga, dangau, alas, lumbung pari, dapur
- wayah : esuk dina, sore menjelang petang, bengi, awan
-kahanan : bahagia, sedhih
- Alur: Alur maju
- Amanat: samubarang samubarang sing disembunyikan, mesti arep bungkar. sarehdene kuwi,
awake dhewe kudu jujur lan ora melanggar amanah. kajaba kuwi, dadi manusia, awake dhewe kudu
padha ngapurakne.

3. Jaka tarub ngrupakne sawong lanang sing linuwih lan gagah. mubarang dina dheweke menyang alas
kanggo berburu. dheweke krungu mubarang suwara. dheweke lunga menyang panggon suwara kuwi,
dheweke ndeleng ana 7 prawan sing lagi adus. dheweke
njupuk alah siji selendang prawan tsb. pamburine sang prawan ora bisa mulih, dheweke lunga
bareng jaka tarub. akhire dekne kabeh rabi. dheweke nduweni kelebihan,salah sijine yaiku bisa
nggawe sebakul sega mung saka siji isi padi,asalkan ora ana sing
meruhi hal itu,itulah amergane Dewi Nawang Wulan nglarang bojone kanggo mbukak
dangan nasinya,namun Jaka Tarub ora saguh nguwawa rasa penasarannya,dia mbukak dangan sega kuwi
lan kaget banget amarga mung ana siji isi pari neng jerone.
akhire Dewi nawang kelangan kesaktiannya. dheweke pun mulih menyang khayangan bali.

Anda mungkin juga menyukai