Anda di halaman 1dari 7

NASKAH DRAMA

NAMA : TEGAR OKTARIYANI VIRDAN


KELAS : XII IPA 3
NO : 29
ULAR-ULARE SIMBOK

ADEGAN 1

Pas wayah sore mendung mari muleh kerja ujug-ujug Ardi kelingan Simbok e neng kampung,
anggep e Ardi masuk angin greges. Amarga Ardi duwe gawe keliling Indonesia neliti potensi tambang
sing marai Ardi adoh tekan simbok e. Tanpa mikir dawa, Ardi nyaut hp nelpun simboke pengin ngerti
kepriye kahanane, Terus lega ngusap dhadha nalika krungu swara alus saka sebrang kana. Swara sing
dikenal banget karo Ardi

Simbok : “Assalamu'alaikuuum….”
Ardi : “Wa’alaikumsalam”
Simbok : “Oallah, Iha kok ya pas men. Ardiii, Ardi. Ora lidok. Kowe kuwi angger takeling-
eling atimu Samesthi krasa. Landhep tenan panggraitamu, Diek. Piye kabare anak-
bojomu, rak ya padha kuwarasan, ta?.....”
Ardi : “Alhamdulillah, Mbok. Pikantuk pangestunipun Mbah Putri, Arum lan ibune sehat-
sehat kemawon. Dospundi ampeyan kiwa Mbah Putri ingkang kesleo kala emben?....”
Simbok : “Wis penak. Rasah dadi pikiran. Tak. urutne RT Jono pindho, mari....,”
Ardi : “Syukur menawi mekaten.
Simbok : “Kepriye penggweanmu keliling Indonesia sing neliti-neliti tambang kuwi ?
Ardi : “Alhamdulillah mbok lancar. Kala wau ngendikan nembe ngenget-enget kula? Wonten
menapa, Mbok?.....”
Simbok : “Oh iya! Mmm. Anu.....”
Ardi : “Rekening tabungan Britama BRI perlu dipun transfer?”
Simbok : “Dudu perkara kuwi. Saldone cukup, kok..."
Ardi : “Ngersakaken paket roti kering sagu keju lan putri salju klangenan.....”
Simbok : “Kok panganan, dudu. Olehe ngirimi ibune Arum dhek emben isih......”
Ardi : “Menapa perlu gantos mukena, minyak wangi, jilbab?”
Simbok : “His. Dudu bangsane sandhangan. Anu, Kuwi lho. Guto Marno, kancamu angon
wedhus jaman isih cilik biyen kae arep syukuran kepilih dadi lurah desane dhewe. Suk
dina Rebo Pon minggu ngarep bar pelantikan neng kabupaten. Kabare gedhen-gedhen.
Nanggap kethoprak saka Kedhung Putri Ngawi rombongane Didi Kempot sing kerep
manggung neng Taman Mini Jakarta. Lakone Sutawijaya jumeneng nata. Ngono rasan-
rasane wong akeh. Piye, kowe pengin mulih melu ngregengne syukurane Uto apa ora?
Jerene, nek Uto menang pilihan kon ngabari”
Ardi : “Nggih, Mbah Putri. Kula siyos wangsul, ngiras pantes nuweni simbok lan sedherek-
sedherek. Kleresan Arum mpun ngekes mawon kangen Mbah Putri.”
Simbok : “Oallah Aruuum, Arum. Anakmu wedok kuwi jaaan. Nek karo aku nggulet wae,
Gematine ngudubilah. Saben aku endhang neng Bogor, biyuh, Arum mesthi niba nangi
repot kenthiwiri ngladeni. Ah, saupama suwargi Mbah Kakunge isi ana”
Ardi ngalamun meneng sediluk kelingan bapak e sing wes ora ana.
Nengah_nengahi ngalor ngidul karo simbok e Ardi kelingan Guto Marno kancane kenthel Jaman
biyen

ADEGAN 2 (Alur Mundur)


Ardi kelingan Guto Marno kancane kentel jaman biyen, mung ora Uto ae nanging ana
Susilo, Zulkipli, kimin lan Hasan . Gumbul nang sawah lan nunggoni wedhus
Ardi lan kancane pada dulinan :
Uto : “Aku duwe tebak-tabakan rek!”
Ardi : “Wah jagone tebak-tebakan mulai iki rek”
Uto : “Kewan opo sing ono nang sekitar kene nanging yen di dol payu larang ?”
Hasan : “Wedhus po ?”
Uto : “ Wedhus akeh San, nak akeh mesti di dol murah”
Zulkipli : “Lah berarti iwak paus, titik iku “
Uto : “Blarah awamu Pli, Pitakon ku kewan sing nang kene, Awamu gk iso golek Paus nang
kali Pli…”
Susilo : “Iwak asin nang kene onok ta rek?”
Uto : “Lalapo se balik awmu takon arek-arek?”
Ardi : “Aku manut awamu ae To”
Uto : “Iki durung-durung wes nyerah. Yawes kewan opo sing nang sekitar kene nanging yen
di dol payu larang?. Yaiku yuyu (kepiting) rek”
Ardi : “Lah kok Yuyu To, Lah wong golek nang sawah yo akeh murah sisan”
Uto : “Luh iku kan yuyu sawah sing akeh, Yen yuyu ne nang Laut dadi larang trus yuyu ne
laut iku gede pisan rek mesti larang. Hehehe….”
Zulkipli : “Mbuh lah To karepmu”
Ardi : “Kapan maneh iso nyenengno Uto kan?”
Marem dolanan, tebak-tebakan e Uto, mathuk wayah sore, Ardi lan balane padha adus ing sendhang
Belik Jati pernah lor-wetan rawa.

ADEGAN 3
Disekseni ocehe manuk -manuk sing pating bleber ing pang-pang ndhuwur wit klampok sendhang
Belik Jati, bocah-bocah kuwi padha umey wae ngobrol werna-werna.

Zulkipli : “Lulus SD kowe sida nerusne nyang SMPN Walikukun, To?. Awakdewe wes kudu
nentukno masa depan awakdewe mulai saiki”
Susilo : “Iyo mas, Aku ya nerusno Smp sing podo karo sampeyan kabeh mas. Soale aku kan
jek kelas 4 SD. Aku nyontoh mas-mas ku ae”
Uto : “Sida. Bareng-bareng karo Ardi Ian Kuni, Dongakne ketampa, ya?”
Zulkipli : “Iya... Kowe kabeh enak, ana ragade, isa nglanjutne nyang SMP, Bareng aku? Mung
anak modin. Jare bapak, aku arep dilebokne pesantren Gontor, dititipne Kiai Jainuddin,
gurune ngaji jaman isih jaka”
Uto : “Wah, apik kuwi. Suk kowe bisa dadi ulama, Pli…”
Zulkipli : “Amiiin. Kabeh iku rak gumantung kersa-Ne Allah SWT....,”
Kimin : “Nggeh mbak Kiai. Nek aku, lulus SD, paling mandheg. Ngrewangi tani bapak. Nek
kepepet ya ngareng, ngrencek, mbrongkol, utawa buruh-buruh apa wae. Dadi anake
wong ora duwe ya kudu nrima apa anane, Kapakna? Beda karo kowe, To?!”
Uto : “Ah, padha wae, Min. Aku ya mung bandha nekad, kok. Kowe rak kondhang cah gemi
Ian sregep, sapa ngerti mbesuk dadi juragan gedhe kaya Mbah Sadali kulon langgar
kae?....,”
Ardi : “Nek Uto sih, mesthi nunggak semi karo bapake, nggenteni dadi kamituwa. Malah nek
ana begjane kowe mbesuk isa kepilih dadi lurah lho, To”
Uto : “Hahaha. Ngayawara, Diek! Mokal aku dadi lurah. Kadohan! Lha nek kowe anake
wong sugih, bapakmu mandhor tebang, paling ora mbesuk dadi mantri, sinder, utawa &
a dhe-em (administratur).”
Ardi : “Hehehe Aku iki seneng kluyuran, dolan, nygodhag manuk”
Uto : “Nek ngono kowe bakat keliling Indonesia, Diek!”
Ardi :”Sing dienggo bandhane sapa, To? Mbok kira keliling Indonesia cukup dhuwit srepis,
ya?!”
Dumadakan mak dheg, Ardi kelingan simboke uga nate muni ngono. Nanging Ardi ngiling-ngiling
omongane simbokne iku. Obrolan balane Ardi trus dilanjutne nganti sore

ADEGAN 4
Wengi iki Ardi nang omah karo simbok. Biasane Ardi ngancani simbokne sing wes pegel kerjo
karo omong-omongan sing nentremno ati ne Ardi
Simbok : “Le, awamu lapo kok nyekel buku gambar?”
Ardi : “Aku gambar Peta loh mbok.”
Simbok : “Kowe kuwi kok nggambar petaa terus suk apa arep keliling Indonesia apa piye ta,
Le?”
Ardi : “Luh gambar kuwi pancen wes dadi hobiku mbok. Hehehe…”
Simbok : “Apa ae toh sing nang gambar peta kuwi?”
Ardi : “Iki loh mbok Sumatera Utara iki kelebu aceh sampe iki bu Irian barat sing saiki
diarani papua. Ora lali, sing paling spesial nggambar peta Indonesia wiwit Sabang
nganti Meraoke, wiwit Miangas nganti Pulau Rote mbok” (Karo nunjukno peta
gambarane Ardi)
Simbok : “Ya rapapa, Deik. Muga-muga wae kowe mbesuk dadi wong pangkat, bisa keliling
Indonesia”
Ardi : “Aamiin…”
Akhire Ardi iling omongane simbok sing di eling-eling pas gumbul balane
ADEGAN 5
Sore sing mendung nang jerone galian tambang mineral yen swara mesin-mesin murup. Ngelamune
Ardi kabur mergane krungu swarane Simbokne sing nyeluki Ardi
Simbok : “Di.. Ardi… Di… Ardi…”
Ardi : “Nggeh Mbok, Ngelamun sediluk mbok.”
Simbok : “Kudu greges ta Di ?”
Ardi : “Mboten mbok, pun aja kwatir maneh. Oh nggeh bu kabar e bala-bala ku ndek desa
pripun ?”
Simbok : “Alhamdulillah nak dalan e Allah mesti apik. Zulkipli saiki dadi ulama melu nata
akhlak bangsa mesisan dadi ustadz kondhang ing laladan Gresik, Kimin dadi juragan
tebu trek-e pirang-pirang, Ian Uto kepilih dadi lurah!”
Ardi : “Alhamdulillah arek-arek wes podo mapan sukses”
Simbok : “Mulane nek omongan sing apikapik wae. Bisa netesi! Suwara mono bakal bali
marang kumandhange. Jer salugune menungsa iki bakal dadi pikirane dhewe-dhewe,
klebu suk ing dina mburine!”
Ardi : “Alhamduillah Ular-Ular e simbok bali krungu maneh”
Simbok : “Tenan, aja lali melu nyekseni syukurane Uto sing lagi nampa Nugraha”
Ardi : “Nggeh Mbok”
CERKAK
ULAR – ULARE SIMBOK
UJUG UJUG nyuuut, Ardi eling simboke neng kampung,
Hmum, ana apa, ya?! Apa lagi ngelu, masuk angin, greges, apa simboke uga nuju pas ngangen-angen
dheweke? Tanpa mikir dawa, Ardi nyaut hp nelpun simboke pengin ngerti kepriye kahanane, Terus lega
ngusap dhadha nalika krungu swara alus saka sebrang kana. Swara sing banget dikenali wiwit Cilik,
kepara malah wiwit Ardi isih neng njero kandhungan.
Laras suwara kuwi pancen istimewa, Ora ana tunggale ing alam ndonya, Laras guwars sing tansah
nyanih-arih Ardi saben rewel jaman isih bocah biyen. Laras suwara sing tansah menggak Ardi saka
bebaya lan tumindak ala, mesisan tansah nuntun Ardi ing dalan rahayu utama. Ya, laras suwarane
simboke sing tansah dumeling nyemangati samangsa Ardi lagi nglokro, utawa nyirep kahanan ing kalane
Ardi lagi mubal-mubal panas atine, Nganti saiki, laras suwara alus simboke kuwi tetep ngemu surasa
kebak makna kang wose tansah asung sasmita: aja kemba ngadhepi pasang surut ombak dina-dina kang
bakal teka.
“Assalamu'alaikuuum..... (Ardi nyaut: wa' alaikum salaaam). Oallah, Iha kok ya pas men. Ardiii,
Ardi. Ora lidok. Kowe kuwi angger takeling-eling atimu Samesthi krasa. Landhep tenan panggraitamu,
Diek. Piye kabare anak-bojomu, rak ya padha kuwarasan, ta?.....”
“Alhamdulillah, Mbok. Pikantuk pangestunipun Mbah Putri, Arum lan ibune sehat-sehat kemawon.
Dospundi ampeyan kiwa Mbah Putri ingkang kesleo kala emben?....”
“Wis penak. Rasah dadi pikiran. Tak. urutne RT Jono pindho, mari....,” wangsulane simboke mengku
teges luwih kepengin nentremne atine Ardi.
“Syukur menawi mekaten. Lha kala wau ngendikan nembe ngenget-enget kula? Wonten menapa,
Mbok?.....” tlesihe Ardi marang simboke, sing kala-kala diaturi: Mbah Putri.
“Oh iya! Mmm. Anu.....”
“Rekening tabungan Britama BRI perlu dipun transfer?”
“Dudu perkara kuwi. Saldone cukup, kok..."
“Ngersakaken paket roti kering sagu keju lan putri salju klangenan.....”
“Kok panganan, dudu. Olehe ngirimi ibune Arum dhek emben isih......”
“Menapa perlu gantos mukena, minyak wangi, jilbab2.....”
“His. Dudu bangsane sandhangan. Anu, Kuwi lho. Guto Marno, kancamu angon wedhus jaman isih
cilik biyen kae arep syukuran kepilih dadi lurah desane dhewe. Suk dina Rebo Pon minggu ngarep bar
pelantikan neng kabupaten. Kabare gedhen-gedhen. Nanggap kethoprak saka Kedhung Putri Ngawi
rombongane Didi Kempot sing kerep manggung neng Taman Mini Jakarta. Lakone Sutawijaya jumeneng
nata. Ngono rasan-rasane wong akeh. Piye, kowe pengin mulih melu ngregengne syukurane Uto apa ora?
Jerene, nek Uto menang pilihan kon ngabari.....”
“Nggih, Mbah Putri. Kula siyos wangsul, ngiras pantes nuweni simbok lan sedherek-sedherek.
Kleresan Arum mpun ngekes mawon kangen Mbah Putri.”
“Oallah Aruuum, Arum. Anakmu wedok kuwi jaaan. Nek karo aku nggulet wae, Gematine
ngudubilah. Saben aku endhang neng Bogor, biyuh, Arum mesthi niba nangi repot kenthiwiri ngladeni.
Ah, saupama suwargi Mbah Kakunge isi ana......”
Mak tratab, Ardi kelangan ukara. Kelingan bapake sing wis ora ana.
Aba lagi ngobrol karo simboke, Ardi rumangsa bali kaya dadi cah cilik maneh, Rumangsa oleh papan
kanggo ngadu, curhat, ngebrolne uneg-uneg apa wae. Terkadhang lali wayah nganti jam-jaman.
Nengah-nengahi ngobrol ngalor-ngidul karo simboke, Ardi kelingan Guto Marno, kanca kenthel
jaman cilikane biyen sing akrab di undang Uto. Luwih patang puluh taun kepungkur, saben sore sawise
mulih sekolah ing SDN Gembol, Ardi Jan gank sibolang-e padha angon wedhus neng ara-ara alas
kormesan lor sawah. Kajaba Uto uga ana Susilo, Zulkipli, Kimin, Hasan, Kuni Sumanto lan liya-liyane,
Sinambi angon wedhus biasane padha gayeng dolanan benthik, dham-dhaman, ndhukiri rong dhigal,
golek jangkrik gangsir, gropyok walang kayu utawa rame-rame mbledig manuk plenthet anakan. Ora
kebayang senenge, Dhek jaman semana alas kormisan mirip geopark lokal pindha laboratorium alam
kang nyuguhne maneka warna sesurupan soal kontur palemahan (geologi), sadhengah flora lan fauna.
Papane munggah-mudhun, akeh wit-witan Ian gegrumbulan, dilengkapi sakehing kewan gegremetan
sarta bangsa iber-iberan. Ing kono ana rawa jembar ngilak-ilak dadi kratone gerombolan kontul, blekok,
barisan manuk jalak penyu lan mesisan uga dadi habitate neka-neka iwak kali lan pasukan partai kodhok
ijo.
Kadhang kala Ardi sak-wadyabalane padha penekan wit spreh (ringin alas) pinggir rawa sinambi
nglaras silire angin lan nyawang karnaval endahe kahanan. Banjur guyon ger-geran utawa nembang
bebarengan lagu-lagu nasional sing diwulangne Pak Supono ing sekolah kaya ta: Garuda Pancasila,
Indonesia Raya, Sorak-sorak Bergembira, Dari Sabang Sampai Meraoke, Padamu Negeri, Maju Tak
Gentar Ian sapanunggalane.
Nalika semana pancen durung usum lagu dhangdhut apa maneh genre koplo modhel aransmen irama
tiktok. Nembang lagu-lagu kebangsaan sikape brigade cah angon Ardi lan kanca-kancane kuwi kaya
marisi semangat pejuang kemerdekaan sing siap ngrungkepi ibu pertiwi. Lagu, yen dihayati bisa mbentuk
jiwa patriotik lan karakter nasionalisme bangsa,
Marem dolanan, gojeg lan teternbangan, mathuk wayah sore, Ardi lan balane padha adus ing
sendhang Belik Jati pernah lor-wetan rawa. Kareben ingon-ingone ora nglampra saparan paran, seriwaja
dihyuka going lentera sing dirit sadurunys, Wedius-wedinaw karwi arang mangan pakan gede lerrrie tara
senenyane. Bubar adus resik Jen sek yer awake, Ardi lan kera-kanane banjar japongan nyedenik Ing watu
watu andesit siny pating brenjul persis Ing wetan sendhang, sangisore wit klampok (jarribu gir hutan) sing
yedhene ne rangkulan wong dewasa nyrembuyung idhum go dhonge lan ngganda arum kembange.
Disekseni ocehe manuk -manuk sing pating bleber ing pang-pang ndhuwur wit klampok sendhang
Belik Jati, bocah-bocah kuwi padha umey wae ngobrol werna-werna,
“Lulus SD kowe sida nerusne nyang SMPN Walikukun, To?" pitakone Zulkipli marang Uto, Kabeh
pancen wis kelas 6 SD, kajaba Susilo sing lagi kelas 4.
“Sida. Bareng-bareng karo Ardi Ian Kuni, Dongakne ketampa, ya?.....”
“Iya... Kowe kabeh enak, ana ragade, isa nglanjutne nyang SMP, Bareng aku? Mung anak modin.
Jare bapak, aku arep dilebokne pesantren Gontor, dititipne Kiai Jainuddin, gurune nyaji jaman isih jaka...”
“Wah, apik kuwi. Suk kowe bisa dadi ulama, Pli.....” Saut e Uto
“ Amiiin. Kabeh iku rak gumantung kersa-Ne Allah SWT....,”
“Nggih, Mbah Kiai.....,” godhane Kimin karo cengengesan. “Nek aku, lulus SD, paling mandheg.
Ngrewangi tani bapak. Nek kepepet ya ngareng, ngrencek, mbrongkol, utawa buruh-buruh apa wae. Dadi
anake wong ora duwe ya kudu nrima apa anane, Kapakna? Beda karo kowe, To?!”
“Ah, padha wae, Min. Aku ya mung bandha nekad, kok. Kowe rak kondhang cah gemi Ian sregep,
sapa ngerti mbesuk dadi juragan gedhe kaya Mbah Sadali kulon langgar kae?....,” grenenge Uto waton
muni ngono wae.
“Nek Uto sih, mesthi nunggak semi karo bapake, nggenteni dadi kamituwa. Malah nek ana begjane
kowe mbesuk isa kepilih dadi lurah lho, To.....” Ardi melu urun rembug, kairing tegele manuk podhang
ing wit randhu alas kidul wit klampok. Pitu wolu......
“Hahaha. Ngayawara, Diek! Mokal aku dadi lurah. Kadohan! Lha nek kowe anake wong sugih,
bapakmu mandhor tebang, paling ora mbesuk dadi mantri, sinder, utawa & a dhe-em (adrninistratur) .. ,”
grenenge Uto kelingan obrotane wong tuwa-tuwa sing kerep dirungu sarnangsa melu jagongan ngana kae.
“Hehehe Aku iki seneng kluyuran, dolan, nygodhag manuk....." Ardi
“Nek ngono kowe bakat keliling Indonesia, Dick!” umbale Uto clemang-clemong.
“Sing dienggo bandhane sapa, To? Mbok kira keliling Indonesia cukup dhuwit srepis, ya?!” saute
Ardi ngguyungguyu. Dumadakan mak dheg, Ardi kelingan simboke uga nate muni ngono. Kajaba seneng
dolan kluyuran, Ardi uga duwe hobi nggambar peta Indonesia nganggo pulas, potlot warna, niru gambar
peta ing atlas. Saben provinsi wiwit Sumatra Utara (klebu Aceh) nganti Irian Barat (saiki Papua),
digambar dhewe-dhewe ing buku gambar. Ora lali, sing paling spesial nggambar peta Indonesia wiwit
Sabang nganti Meraoke, wiwit Miangas nganti Pulau Rote. Simboke kober gumun ngungun.
“Kowe kuwi kok nggambar petaaa terus suk apa arep keliling Indonesia apa piye ta, Le?” aloke
simboke ing siji wektu. Ardi ora perduli, terus ukrek wae nerusne nggambar. “Ya rapapa, Deik. Muga-
muga wae kowe mbesuk dadi wong pangkat, bisa keliling Indonesia.....”
Aneh bin ajaib, ndilalah kersa-Ne Allah obrolan neng ngisor wit klampok sendhang Belik Jati biyen
kae dadi kanyatan! Zulkipli saiki dadi ulama melu nata akhlak bangsa mesisan dadi ustadz kondhang ing
laladan Gresik, Kimin dadi juragan tebu trek-e pirang-pirang, Ardi sing dadi peneliti andhalan Aneka
Tambang kerep Aluyuran keliling Indonesia miigine mertinjo dhaerah sing ngandhung potensi tambang
minerba, Ian Uto kepilih dadi lurah!.....
“Mulane nek omongan sing apikapik wae. Bisa netesi! Suwara mono bakal bali marang
kumandhange. Jer salugune menungsa iki bakal dadi pikirane dhewe-dhewe, klebu suk ing dina
mburine!” ular-ulare simboke bali krungu ing hp. Durung nganti ditanggapi, simboke mojar maneh:
“Tenan, aja lali melu nyekseni syukurane Uto sing lagi nampa Nugraha.

Anda mungkin juga menyukai