Anda di halaman 1dari 3

28 CRITA CEKAK

JAYA BAYA No 11 Minggu Il Nopember 2019

ULAR-ULARE SIMBOK

Dening: Eko Budiono AED

UJUG-UJUG nyuuut, Ardi eling simboke neng kampung. Hmm, ana apa, ya?! Apa lagi ngelu,
masuk angin, gregesen, apa simboke uga nuju pas ngangen-angen dheweke? Tanpa mikir dawa, Ardi
nyaut hpnelpun simboke pengin ngerti kepriye kahanane. Terus lega ngusap dhadha nalika krungu
swara alus saka sebrang kana. Swara sing banget dikenali wiwit cilik, kepara malah wiwit Ardi isih
neng njero kandhungan.

Laras suwara kuwi pancen istimewa. Ora ana tunggale ing alam ndonya. Laras suwara sing
tansah ngarih-arih Ardi saben rewel jaman isih bocah biyen. Laras su- wara sing tansah menggak Ardi
saka bebaya lan tumindak ala, mesisan uga tansah nuntun Ardi ing dalan rahayu laku utama. Ya,
laras suwarane simboke sing tansah dumeling nyemangati samangsa Ardi lagi nglokro, utawa nyirep
kahanan ing kalane Ardi lagi mubal-mubal panas atine. Nganti saiki, laras suwara alus sim- boke kuwi
tetep ngemu surasa kebak makna kang wose tansah asung sasmita: aja kemba ngadhepi pasang
surut ombak dina-dina kang bakal teka..

Assalamu'alaikuuum..... (Ardi nyaut wa'alaikum salaaam). Oallah, lha kok ya pas men. Ardiii,
Ardi. Ora lidok. Kowe kuwi angger takeling-eling atimu mesthi krasa. Landhep tenan panggra itamu,
Diek. Piye kabare anak-bojomu rak ya padha kuwarasan, ta?

"Alhamdulillah, Mbok. Pikantuk pa ngestunipun Mbah Putri, Arumanibune schat-sehat


kemawon. Dospundi ampeyan kiwa Mbah Putri ingkang kesleo kala emben?...."

"Wis penak. Rasah dadi pikiran. Tak urutne RT Jono pindho, mari..... wang sulane simboke
mengku teges luwih kepengin nentremne atine Ardi.

"Syukur menawi mekaten. Lha kala wau ngendikan nembe ngenget enget kula? Wonten
menapa, Mbok?.. tlesihe Ardi marang simboke, sing kala kala diaturi: Mbah Putri.

"Oh iya! Mmm. Anu....."

"Rekening tabungan Britama BRI perlu dipun transfer?"

"Dudu perkara kuwi. Saldone cukup, kok....."

"Ngersakaken paket roti kering sagu keju lan putri salju klangenan.. “

"Kok panganan, dudu. Olehe ngirimi ibune Arum dhek emben isih.....

"Menapa perlu gantos mukena, minyak wangi, jilbab?.....

"His. Dudu bangsane sandhangan. Anu. Kuwi lho. Guto Mamo, kancamu angon wedhus
jaman isih cilik biyen kae arep syukuran kepilih dadi lurah desane dhewe. Suk dina Rebo Pon minggu
ngarep bar pelantikan neng kabupaten. Kabare gedhen-gedhen. Nanggap kethoprak saka Kedhung
Putri Ngawi rombongane Didi Kempot sing kerep manggung neng Taman Mini Jakarta. Lakone
Sutawijaya jumeneng nata. Ngono rasan-rasane wong akeh. Piye, kowe pengin mulih melu
ngregengne syukurane Uto apa ora? Jerene, nek Uto menang pilihan kon ngabari....."
"Nggih, Mbah Putri. Kula siyos wangsul, ngiras pantes nuweni simbok lan sedherek-
sedherek. Kleresan Arum mpun ngekes mawon kangen Mbah Putri."

"Oallah Aruuum, Arum. Anakmu wedok kuwi jaaan. Nek karo aku nggulet wae. Gematine
ngudubilah. Saben aku endhang neng Bogor, biyuh, Arum mesthi niba nangi repot kenthiwiri
ngladeni. Ah, saupama suwargi Mbah Kakunge isi ana.....

Mak tratab, Ardi kelangan ukara. Kelingan bapake sing wis ora ana.

Aba lagi ngobrol karo simboke, Ardi rumangsa bali kaya dadi cah cilik maneh. Rumangsa oleh
papan kanggo ngadu, curhat, ngebrolne uneg-uneg apa wae. Terkadhang lali wayah nganti cesleo
jam-jaman. Nengah-nengahi ngobrol ngalor-ngidul karo simboke, Ardi kelingan Guto Marno, kanca
kenthel jaman cilikane biyen sing akrab di- undang Uto. Luwih patang puluh taun kepungkur, saben
sore sawise mulih sekolah ing SDN Gembol, Ardi lan gank sibolang-e padha angon wedhus neng ara-
ara alas kormesan lor sa wah. Kajaba Uto uga ana Susilo, Zul kipli, Kimin, Hasan, Kuni Sumanto lan
liya-liyane.

Sinambi angon wedhus biasane padha gayeng dolanan benthik, dham-dhaman, ndhukiri
rong dhigal, golek jangkrik gangsir, gropyok walang kayu utawa rame-rame mbledig manuk plenthet
anakan. Ora kebayang senenge. Dhek jaman semana alas kormisan mirip ge opark lokal pindha
laboratorium alam kang nyuguhne maneka warna se- surupan soal kontur palemahan (geologi),
sadhengah flora lan fauna.

Papane munggah-mudhun, akeh wit-witan lan gegrumbulan, dilengkapi sakehing kewan


gegremetan sarta bangsa iber-iberan. Ing kono ana rawa jembar ngilak-ilak dadi kratone gerombolan
kontul, blekok, barisan manuk jalak penyu lan mesisan uga dadi habitate neka-neka iwak kali lan
pasukan partai kodhok ijo.

Kadhang kala Ardi sak-wadyabalane padha penekan wit spreh (ringin alas) pinggir rawa
sinambi nglaras silire angin lan nyawang karnaval endahe kahanan. Banjur guyon ger-geran utawa
nembang bebarengan lagu-lagu nasional sing diwulangne Pak Supono ing sekolah kaya ta: Garuda
Pancasila, Indonesia Raya, Sorak-sorak Bergembira, Dari Sabang Sampai Meraoke, Padamu Negeri,
Maju Tak Gentar lan sapanunggalane.

Nalika semana pancen durung usum lagu dhangdhut apa maneh genre koplo modhel
aransmen irama tiktok. Nem bang lagu-lagu kebangsaan sikape bri gade cah angon Ardi lan kanca-
kancane kuwi kaya marisi semangat pejuang ke- merdekaan sing siap ngrungkepi ibu per- tiwi. Lagu,
yen dihayati bisa mbentuk jiwa patriotik lan karakter nasionalisme bangsa.

Marem dolanan, gojeg lan tetem bangan, mathuk wayah sore, Ardi lan balane padha adus
ing sendhang Belik Jati pernah lor-wetan rawa. Kareben ingon-ingone ora nglampra saparan paran,
sengaja dibyuki godhong lamtara sing dirit sadurunge. Wedhus-wedhus kuwi aring mangan pakan
godhong lam tara senengane, Bubar adus resik lan seger awake, Ardi lan kanca-kancane banjur
jagongan ngglenik ing watu-watu andesit sing pating brenjul persis ing wetan sendhang sangisore wit
klampok (jambu air hutan) sing gedhene nem rangkulan mang-clemong. wong dewasa ngrembuyung
idhum godhonge lan ngganda arum kembange.

Disekseni ocehe manuk-manuk sing pating bleber ing pang-pang ndhuwur wit klampok
sendhang Belik Jati, bocah-bo cah kuwi padha umeg wae ngobrol werna-werna

"Lulus SD kowe sida nerusne nyang SMPN Walikukun, To?" pitakone Zulkipli marang Uto.
Kabeh pancen wis kelas 6 SD, kajaba Susilo sing lagi kelas 4.
“Sida. Bareng-bareng karo Ardi lan Kuni. Dongakne ketampa, ya?!....”

"Iya..... Kowe kabeh enak, ana ragade, isa nglanjutne nyang SMP. Bareng aku? Mung anak
modin. Jare bapak, aku kober gumun ngungun. arep dilebokne pesantren Gontor, dititipne Kiai
Jainuddin, gurune ngaji jaman isih jaka.....”

"Wah, apik kuwi. Suk kowe bisa dadi ulama, Pli.....!

"Amiiin. Kabeh iku rak gumantung kersa-Ne Allah SWT.....

"Nggih, Mbah Kiai......" godhane Kimin karo cengengesan. "Nek aku, lulus SD, paling
mandheg, Ngrewangi tani ba- pak. Nek kepepet ya ngareng, ngrencek, mbrongkol, utawa buruh-
buruh apa wa e. Dadi anake wong ora duwe ya kudu nrima apa anane. Kapakna? Beda karo kowe,
To?!"

"Ah, padha wae, Min. Aku ya mung bandha nekad, kok. Kowe rak kondhang cah gemi lan
sregep, sapa ngerti mbesuk dadi juragan gedhe kaya Mbah Sadali kulon langgar kae?.....”. grenenge
Uto waton muni ngono wae.

"Nek Uto sih, mesthi nunggak semi karo bapake, nggenteni dadi kamituwa. Malah nek ana
begiane kowe mbesuk isa kepilih dadi lurah lho, To...." Ardi melu urun rembug, kairing tegele manuk
podhang ing wit randhu alas kidul wit klampok. Pitu wolu.......

"Hahaha. Ngayawara, Diek! Mokal aku dadi lurah. Kadohan! Lha nek kowe anake wong
sugih, bapakmu mandhor tebang, paling ora mbesuk dadi mantri, sinder, utawa a-dhe-em
(administra tur)...." grenenge Uto kelingan obrolane wong tuwa-tuwa sing kerep dirungu samangsa
melu jagongan ngana kae.

"Hehehe. Aku iki seneng kluyuran, dolan, nggodhag manuk.... "

“Nek ngono kowe bakat keliling Indonesia, Diek!" umbale Uto cle

"Sing dienggo bandhane sapa, To? Mbok kira keliling Indonesia cukup dhuwit srepis, ya?!"
saute Ardi ngguyu ngguyu. Dumadakan mak dheg. Ardi kelingan simboke uga nate muni ngono.
Kajaba seneng dolan kluyuran, Ardi uga duwe hobi nggambar peta Indonesia nganggo pulas, potlot
warna, niru gambar peta ing atlas. Saben provinsi wiwit Sumatra Utara (klebu Aceh) nganti Irian
Barat (saiki Papua), digambar "Sida. Bareng-bareng karo Ardi lan dhewe-dhewe ing buku gambar.
Ora lali, sing paling spesial nggambar peta Indonesia wiwit Sabang nganti Meraoke, wiwit Miangas
nganti Pulau Rote. Simboke kober gumun ngungun.

"Kowe kuwi kok nggambar petaaa terus suk apa arep keliling Indonesia apa piye ta, Le?"
aloke simboke ing siji wektu. Ardi ora perduli, terus ukrek wae nerusne nggambar. "Ya rapapa, Deik.
Muga-muga wae kowe mbesuk dadi wong pangkat, bisa keliling Indonesia..

Aneh bin ajaib, ndilalah kersa-Ne Allah obrolan neng ngisor wit klampok sendhang Belik Jati
biyen kae dadi kanyatan! Zulkipli saiki dadi ulama melu nata akhlak bangsa mesisan dadi ustadz
kondhang ing laladan Gresik, Kimin dadi juragan tebu trek-e pirang-pirang, Ardi sing dadi peneliti
andhalan Aneka Tam bang kerep kluyuran keliling Indonesia mligine mertinjo dhaerah sing
ngandhung potensi tambang minerba, lan Uto kepilih dadi lurah!.....

"Mulane nek omongan sing apik apik wae. Bisa netesi! Suwara mono bakal bali marang
kumandhange. Jer salugune menungsa iki bakal dadi pikirane dhewe-dhewe, klebu suk ing dina
mburine!" ular-ulare simboke bali krungu ing hp. Durung nganti ditang gapi, simboke mojar maneh:
"Tenan, aja lali melu nyekseni syukurane Uto sing lagi nampa nugraha......"

Anda mungkin juga menyukai