Kelas : XI MIPA 1
TERAKREDITASI “A”
“Ibu”
Ibu
anakmu kang dak wanti wanti
Kang dak kawatirake
Kak kok titipake ana pawiyatan luhur iki
Iki anakmu
Kang durung isa nyenengke ibu
Kang durung bisa nyenengke keluarga
Kang isih dadi tanggunganmu ibu
Nanging ibu
Anakmu iki bakal banggakke ibu
Banggakke keluarga kabeh
Anakmu rak bakal nyerah bu
Ngger,
Uripku kebak kaluputan
Ngiwa luput, nengen luput
Rumangsaku aku wis manut
Bangun turut karo sing jare winasis
Nanging nyatane isih tetep luput lan diluputne
“Begal”
Begal…
Wong liya nyebut brandhal!
Saben dina ngasah gaman nganggo ungkal
Kanggo nodhong njero terminal
Begal…
Pinter golek akal
Sapa wae bakal didadekake tumbal
Begal utege wis mirip kadhal
Yen kecekel dulangen sandhal!
Begal saiki…
Luwih tega nglarani!
Nggawa pitul nembak wong nganti mati!
Nggawe gregetan para pulisi!
Begal dibrantas ana ngendi-endi
Ketemon ngrampas ditembak mati
–Iswahyudi–
“Korupsi”
Abang putih kajunjung duwur ing langit pratiwi
Wujud getih lan balung para pejuang
Apa kowe isih eling?
Cucur kringet luh kang wis kebacut dadi tumbal
Tumbal marang buwana kanggo kemerdekaan
Saiki apa?
Kowe ngapusi, kowe korupsi
Cangkemmu amba kebak arta
Raimu gedhek, ora duwe isin
Dijak rembug malah kepara angler
Rakyatmu kuru, kowe lemu
Rakyatmu mlarat, duitmu sak arat-arat
“Uripe Manungsa”
iki ana cerita
kados uripe manungsa
ingkang rekosa
amarga kakean dosa
Merapi…
Saumpama kowe bisa crita
Kabeh kadadean ing tanah Jawa
Wiwit jaman Mataram Kuna
Nganti madege Kraton Ngayogyakarta
Merapi…
Sliramu anyekseni kridhaning bangsa
Wiwit nalika ngusir penjajah Walanda
Jaman mardika jaman Soekarno
Nganti jaman Soeharto
Jaman Habibie tumekaning Megawati lan Susilo
Merapi dadi saksi
–Puthu Aryana–
“Arga Iki”
Mataun-taun
Sira ngrusak geger lan awakku
Makaping-kaping
Landhepe bendho lan pacul
Yoh
Entenana
Yen tekan titi mangsa
Arga iki nagih prasetya…
–Siswidiadi Ngesti N–
“Esuk Iki”
Angin pancen sumilir ngrajut awak
Nanging mau bengi hawane nggodha angen
Kumepyur grimis ngruwis nggawa pengarep
Mengko udan ngadhemi bumi sing ngrantu
–Ariesta Widya–
“Kidung Wengi”
Wengi wis lumingsir jero
Cahyane sang candra katon surem
Tumiyung mangulon mapag tekane gagat raina
Kahanan katon tintrim
–Hadi Pamungkas–
“Sendhang Tirta Panggesangan”
Kinclong, klimpah-klimpah, kumricik ilining toya
Pating sliri tawes, wader pari dalasan anggang-anggang
Sedaya memuji mring Hyang Widhi
Tanpa sih Paduka Gusti
Dados punapa awak mami?
Nanging geneya?
Kori kula kasumpet aspal
Beton, ngantos nduwa margi kula
Kados pundi punika Gusti?
Nyingkur kawula, Gusti …
–S.Wignya Raharja–
“Kluwung”
Ora katon garising kikismu
Nadyan wilangane tinemu
Oncating citramu, ambabar banyu
Tuhu agung kersane Gusti
Riris … grimis endah dinulu
Agawe menebing lebu
Mahanani segering banyu
“Endahe Alam”
Yen mandheng alam iki ..
Pikiran susah dadi endah
Anggugah semangat urip kangge jiwa iki
Ati pun dadi sumringah lan bungah
–Slamet SA–
“Tresna”
Tresna kuwi sepele
Tresna kuwi ya kowe karo aku
Tresnamu kaya surya
Nanging ya kaya samudra
–Erlita Fajrani–
“Dluwang Njero Laci”
esemmu kang pungkasan isih tak simpen
tansah tak ronce ing telenging ati
masio mung dadi pengangen-angen
wus telung windu lumaku
nimas …..
apa panjenengan pirsa .. ?
yen ana dluwang sak lembar keri ing laci
meja pojok mburi ngisor jendela
kang ora nate kawaos nganti purna
“Kitir”
Kitir iki
Isi panantangku marang wengi
Sing kebacut anggone nguja sepi
Dolanan swarane asu baung nggeririsi
Kitir iki
Wujud pangundhamanaku marang awang-awang
Sing kebacut brangasan
Ngrentengi lintang, nguntal rembulan
Kitir iki
Srana gugatku marang isen-isening jagad
Sing pijer royokan brekat
Tan keguh njaluk ruwat
–Anonim–
“Tresnaku-Tresnamu”
Rikala kori dakbukak byak
Kaya sinamber gelap lepat
Kangmas,
Tresnaku tresnamu ginubel wektu
Lawase padha paprentahan Orde Baru
Wis kukut, wis kemput …
Nadyan nora bisa nyawiji
Nanging tresna aji lan suci, tresna sejati
Bakal dakrukti nganti tumekeng janji.
aku ….
cinipta dadi alang-alang
tumungkul saka sela-selaning bumi
aku … ngrumangsani
mung saderma alang-alang
kang ngebaki pekarangan lan ngalang-alangi sesawangan
tanpa daya lan guna
–Iswahyudi–