Anda di halaman 1dari 22

Afebryirfansyah.wordpress.

com

1. Pahlawanku

(R. Tantiningsih)

Pahlawanku

Wutahing ludirmu

Nyiram ibu pertiwi

Nadyan sang ibu

Kudu muwun sedhih

Karajang-rajang manahe

Karujit-rujit rasa pangrasane

Pahlawanku

Mugya Gusti paring nugraha

Semana gedhene bektimu

Jiwa raga, bandha donya

Tanpa sisa

Amung siji pangajabmu

Merdeka

2. Kartini

(Geguritan.Com)

Kartini …

Sapa kang ora kenal panjenengan

Pahlawan kang mbela kaum wanita


Pahlawan kang berjuwang nentang paugeran walanda

Kartini …

Sanajan tinitah dadi priyayi

Duweni trah bangsawan

Kartini mbela emansipasi wanita

Mbela rakyat jelata

Kartini …

Wulan April iki dadi seksi

Lelabuhanmu kang misuwur tumrap bangsa Indonesia

Habis Gelap Terbitlah Terang

Dadi bukti masa perjuwangan

Kutha Jepara dadi papan panggonan ngukir sejarah wanita

Kartini …

Amarga jasamu

Wanita eropa lan wanita pribumi

Dadi duweni hak kang padha

Duweni hak pikantuk pendidikan

-post in geguritan.com-

3. Pahlawan

(Rono)

Pahlawan, sliramu dadi dalan kemerdekaan


Tadah awak ora wedi marang kematian

Nyowomu kanggo pondasine kebebasan

Kanggo rakyat saking cengkramane penindasan

Pahlawan, awan bengi nantang maut

Ngalawan misil misil kang semrawut

Kabeh lawan koe ajak gelut

Ra peduli najan awak podo benjut

Pahlawan, semangatmu koyo geni

Ngobong kabeh pasukane kompeni

Kanggo njaga lemah kang ditresnani

Indonesia merdeka, Indonesia di ormati

Pitulas agustus taun papat lima

Opo sing diimpike dadi nyata

Saiki indonesia wes merdeka

Pahlawan, perjuanganmu ra sia-sia

Indonesia merdeka !!!

Indonesia merdeka !!!

Kabeh mergo perjuanganmu

Pahlawanku

-post in masteguh.pun.bz-
4. Wutah Getihku

(Mahardono Wuryantoro)

Gumelar jembar bumi asri

Sumunar sumringah sunare bagaskara

Padhang sumilak hanelai jagad Nuswantara

Bumi pusaka wus kawentar

Ombak-ombak samodra, kencana kang ngrenggani

Wutah getihku daktresnani

Kawulamu….

Guyub rukun anambut kardi

Jeroning swasana tentrem lan mardika

Gilig ing tekad manunggal

Cumithak jeroning ati, bebarengan ambangun

Aku lila….

Korban jiwa raga kanggo bumiku

Nadyan awak ajur dadi sawur

Lan getihku mblabar mili, netes ing bumi pertiwi

Labet raharjaning nagara

Lumantar iki….

Isining atiku ginurit

Prasetyaku thukul saka ati kang tulus


Njaga langgenging kamardikan

Donga pujiku kebak kaendahan, kanggo wutah getihku

5. Ki Hajar Dewantara

(Bisri Nuryadi)

Ing adheme hawa Walanda

Sira panggah netepi setya

Nyawiji ing ngilmu

Ngugemi ing laku

Nyerat ing saben-saben wektu

Nalika ati krasa

krungu swara jerite sedulur

Ing lemah Pertiwi

Sira gumregah greget

Bali ing desa mijilmu

Nuswantara

Suwardi suryaningrat

Kondhang kanthi asma Ki Hajar Dewantara

Putra kraton sugih bandha brana

Milih dadi satriya lelana

Manunggal sajroning rakyat jelata

Gugur dadi pahlawan Negara

Minangka Bapak Pendhidhikan Bangsa


-post in bisrinuryadi.blogspot.co.id-

#Geguritan Bahasa Jawa Tema Alam

geguritan-jawa-tentang-alam

pixabay.com

6. Arga Iki

(Siswidiadi Ngesti N)

Mataun-taun

Sira ngrusak geger lan awakku

Makaping-kaping

Landhepe bendho lan pacul

Nyigar lemah subur dadi larik-larik tandur

Pokalmu mblandhong sapenak dhengkul…

Lemah ijo wis malih gundhul

Tirta musna ing mangsa ketiga

Ninggal belik nalika paceklik

Jare wadhuk dadi alesan

Ora bakal ana rampunge

Nadyan donya pisan

Denuntal sakabehe…

Yoh
Entenana

Yen tekan titi mangsa

Arga iki nagih prasetya…

-post ini geguritan.com-

7. Esuk Iki

(Ariesta Widya)

Angin pancen sumilir ngrajut awak

Nanging mau bengi hawane nggodha angen

Kumepyur grimis ngruwis nggawa pengarep

Mengko udan ngadhemi bumi sing ngrantu

Woh, woh, medhot rasa gumawang

Lebu sing tumemplek lumahing godhong

Durung owah gambarane

Jago kluruk sesautan ora miyak cahya srengenge

Kaya padatan njalari donya iki tangi

Donya peteng ora kawiyak sunar padhang

Ing bang wetan ngranuhi sesawangan

Kepara saiki krasa kulit anyep

Kesiram angin playon nerak-nerak sak karepe

Isih binareng thathit gumerit nyigar keteg dhadha

Gordhin jendhela mobat-mabit sesalaman


Kleyang-kleyang godhong ing ngarepan

Mudal-mudal gumlethak ngebaki plataran

Godhong blimbing, jambu Bangkok, blimbing wuluh

Mosak-masik ing plataran ora kumanan kentekan semen

Got paving urunan warga gumlesah larahan pasar

Esuk iki kosok balen karo mau bengi

Panas sing sumeblak diwiyak angin adhem mabit

Njalari angin keplantrang miyaki jaman

Sing teka ora kinira miyak donya

Apa iki sasmita lumahing donya kurebing langit

Aweh panyendhu marang manungsa

Esuk lan sore singgeting dina rahina

Wengi nggarit ati miyaki leladi iku wis pinasthi

Aja ngowah-owahi lakuning lintang ing akasa

Iku luwih prayoga

-post in geguritan.com-

8. Kidung Wengi

(Hadi Pamungkas)

Wengi wis lumingsir jero

Cahyane sang candra katon surem

Tumiyung mangulon mapag tekane gagat raina

Kahanan katon tintrim


Mung swarane jangkrik sesahutan ngumbar lelagon

Kala-kala jegoge asu sing mecah wengi

Jalma manungsa wus padha lerem ing pangimpen

Nepsu-nepsu panguripan uwal saka nala

Gumanti impen-impen kang endah mbuntel panjangka urip

Mung kemrosake manuk codhot nrusuk ing pang-pang wit pelem

ngluru woh-wohan nggo ngganjel weteng

Sakwuse sawengi natas ngancani sepining bawana

Swarane jago kluruk padha pamer swara

Minangka pratandha yen bagaskara bakal tumeka

Cahya warna abang rampak-rampak

Pratandha ngjak jalma miwiti makarya

Ngobahake raga

Ngudi rejeki ngluru pangupajiwa

Sakwuse madhep kiblat

Ing tengahing pedhut manjing subuh

Nyeyuwun nugrahaning kang Maha Rat

-post in geguritan.com-

9. Kluwung

(Soewardi Baroto Martono)

Ora katon garising kikismu


Nadyan wilangane tinemu

Oncating citramu, ambabar banyu

Tuhu agung kersane Gusti

Riris … grimis endah dinulu

Agawe menebing lebu

Mahanani segering banyu

Ora geseh, eseme anuju prana

Tansah gawe brantaning driya

Ora kapiyarsa wuwuse wacana

Rinengga endahing solah bawa

Andelidir ponang kintaka

Binarung kidung asmara

Iba mulya raharja, rasaku

Datan ana kang ngreridu

Rinonce kehing wanodya yu

Andum prasetya tuhu

Woh aren …, asung pepeling

Endahing citramu, boya sumandhing

Ora beda ngendikaning biyung

Sliramu … andha widhodari … ya kluwung

-post in geguritan.com-

10. Sendhang Tirta Panggesangan


(S.Wignya Raharja)

Kinclong, klimpah-klimpah, kumricik ilining toya

pating sliri tawes, wader pari dalasan anggang-anggang

sedaya memuji mring Hyang Widhi

Tanpa sih Paduka Gusti

Dados punapa awak mami?

Widodari kayangan sami lelumban

Tumurun madyaning sendhang

Jamas, reresik tan emut ing wanci

Kamanungsan si Tarub

Segering tirta sendhang dadya panjanging yuswa

saiba bombong kula nyumurupi

sesami titahing Gusti anjagi lestari

punapa boten rumaos

punapa sampun wuta tyasira

kutu-kutu walang ataga sami sun cawisi

kantho lelahanan tanpa nyulihi

ngantos telas tan nyisa kula legawa

nanging geneya?

kori kula kasumpet aspal

beton, ngantos nduwa margi kula

kados pundi punika Gusti?


nyingkur kawula, Gusti …

Sok sintena ingkang mireng pisambat kawula

keparenga paring marga

satemah boten namung kabuncang muspra

kepara damel kasangsaran dhumateng manungsa

kula kapang dados sendhang tirta panggesangan

-post in geguritan.com-

#Geguritan Bahasa Jawa Tema Pendidikan

geguritan jawa pendidikan guru

maziero681.com

11. Sertifikasi Guru

(Aris Irianti)

Sertifikasi Guru

Kabeh wong wis padha krungu

Apa maneh ana kalangan guru

Nanging… kanthi sertifikasi guru mau

Apa bocah-bocah banjur mituhu

Ora wani karo Guru

Mugiya kanthi sertifikasi iki

Para siswa tambah bekti

Sinau ana sekolah kang mligi


Mantep, karep sajroning ati

Kanthi sertifikasi guru iki

Para guru ana kang ndaftar haji

Uga akeh kang tuku mersi

Nanging kang utama

Kanthi sertifikasi guru iki

Para siswa tambah prestasi

Lan bekti marang Ibu Pertiwi

Lan marang kang gawe urip pati

-post in geguritan.com-

12. Sekolahku

(Geguritan.Com)

Sekolahanku…

Panggonan anggonku golek ilmu

Sekolahanku…

Diwulang dening Bapak-ibu Guru

Sekolahanku…

Sinau, maca buku

Ing Panggonan iki

Aku diajari supaya karo wong tuwaku kudu bekti


Ing panggonan iki

Aku diajari marang kanca aja srei

Diparingi PR kanggo gladhen

Kanggo sangu urip ing tengahing bebrayan

Aku percaya…

Sanajan abot kudu dilakoni

Kabeh mau kanggo kepentingan pribadhi

kareben ngesuk dadi wong kang aji

miguna tumprap bangsa lan nagari

13. Reuni

(Djoko Waluyo)

Sawise lawas pisah

Ketemu wis padha dadi simbah

Rambut-rambut putih, pasuryan padha malih

Pethuk gapyuk rerangkulan nyuntak sakehing rasa kapang

Ati trenyuh mripat kekembeng luh

Wor suh karo rasa bungah

Guyu-guyu renyah kaya nalika isih bocah

Dhek biyen nate dadi sakukuban

Njur padha pisah dalan, nepusi lelakone sowang-sowang

Lungit angelangut, lam-lamen jaman kesaput pedhut


Nganti wancine srengenge dhoyong ngulon

Beja, dene isih bisa sapatemon

Dhuh Gusti ingkang Maha mirah

namung saged muji Syukur Alhamdulillah

Gene isih menangi kumpule balung pisah

-post in geguritan.com-

14. Arti Tekamu

(Putri Mulyasari)

Ing petenge arah lan langkahku iki

Panjenengan dados srengenge kangge uripku

Menehi sumunar cahya kanggo kabeh pengarepan

Panjenengan madhangi lurung-lurung kang buntu

Liwat sorotan cahya kang metu saka swara lan tuturmu

Ing kelas kang ayem tentrem iki

Aku nangkep artine panguripan

Mung marang panjenengan gegayuhan dipun taruhaken

Lan marang panjenengan pengarep kang luwih becik

Panjenengan Kang nemtokake nasib bangsa Paduka

Boten mokal kagem panjenengan

Mujudake generasi emas bangsa kang gemebyar ing pepeteng

Saben dina panjenengan nindakake kagiyatan mulya iki

rasa sabar uga rasa ikhlas ndampingi saben dina


sakabehe ing donya ora bisa mbales jasamu

yaiku jasamu kang iso nggawe bintang ing pepeteng

kita ora bisa ngganti jasamu karo opo bae

Nanging, kita bakal nggawe panjenengan bangga

Jasamu bakal kita pangeti sajrone uripku

bakal kita pengeti ing sajroning ati

lan ora bakal lebur dening puteran wektu

matur nuwun sanget, guru ingkang kula tresnani

Tanpa panjenengan bakal peteng ……

lan amarga panjenengan urip dadi migunani

-post in putrimulyasari.blogspot.co.id-

15. Pamulangan

(Budhi Setyawan)

Jare simbah aku kudu sekolah

Kareben dadi bocah genah mrenah ora nggladrah

Jare rama ibu aku kudu sregep mangkat

Kareben dadi wong pangkat urip ora kesrakat mlarat

Jare bapak ibu guru aku kudu sinau

Tambah ilmu

Kareben kelakon kabeh kang tinuju


Nanging

prakanca, ….

coba delengen kahanan nyata

apa isih bisa pamulangan kang ana dadekake urip tumata

pamulangan kang tanpa tuladha

pamulangan kang kasatan piwulang

pamulangan kang ngajarake angka-angka wuta

siji lan siji ana pira?

Jare anut kang duwe kersa

Jan ora weruh subasita, trapsila, apa maneh tata krama

lali dosa…

kabeh lurung binarung kumalungkung

pamrih pamuji siji

Pamulangan ora aweh pepadang

Simbah,

Nyuwun pangapunten

Kula mboten kepingin dados dokter

Jalaran duite bapak mboten wonten sakoper

Rama,

Nyadong duka

Kulo mboten kapilut drajat pangkat

Jalaran ajrih sumpahing rakyat

Kang panggah mlarat sekarat


Bapak ibu guru,

Nyuwun donga pangestu

Mugi-mugi sedaya ilmu saged dados sangu

-post in njajalae.info-

Baca juga, Kumpulan Contoh Tembang Macapat Lengkap dengan Penjelasannya

#Geguritan Bahasa Jawa Tema Cinta

geguritan jawa tentang cinta

pixabay.com

16. Tresna

(Erlita Fajrani)

Tresna kuwi sepele

Tresna kuwi ya kowe karo aku

Tresnamu kaya surya

Nanging ya kaya samudra

Tresnamu bisa nekakake mega

Nanging saiki tresnamu kaya dahana

Awit aku mbok tinggalna

Langit data peteng

Ora ana candra apa maneh kartika

Atiku kaya bawana sing lemahe nela-nela

Maruta, kandhakna yen aku isih tresna


-post in geguritan.com-

17. Sing Ilang Ben Ilang

(Iswahyudi)

Saupamane ngerti isine atiku…

Ra bakalan kowe ngilang

Kaya pedhut kang kasaput srengenge

Kaya bun netes siya-siya ing lemah garing

Nambah eluhku nelesi pipiku…

Kabeh wus ora kena digetuni,

Sebab jodho rejeki lan pati…

Wis digarisake dening Gusti Kang Maha Kuwasa

Sing ilang ben ilang…

Ra bakal dak gayuh maneh

Cukup sakmene kanggo riwayat

Kanggo sasine lelakon urip,

kowe lan aku kudu nrima legawa

-post in geguritan.com-

18. Jodhoku

(Zahrotun Nurul Fatmi)

Sliramu sing saiki tak tresnani

Apa ya sliramu…?

Sing arep ngerteni aku salawase

Apa ya sliramu?
Sing arep njaga aku salawase

Apa ya sliramu?

Sing arep nuntun aku marang dalan kang becik

Apa ya sliramu?

Sing arep melu ngrasakake bungah lan rekasaku

Apa ya sliramu?

Sing sesuk arep dadi kanca uripku

Dhuh Gusti

Paringana pitedah kanggo aku

Apa iya iki jodhoku?

-post in geguritan.com-

19. Tandha Katresnan Ku

(Arya Esa Mahadewa)

Wiwit kok tulisake tresna iku

Manuk-manuk kepodang padha geguyonan

Ing pang-pang godhonge waru

Ijo enom lelagone langit biru

Srengenge isuk kang mlethek ing ati sumunar

Martakake dhina bakal ora kamendungan

Wiwit kok kandhak’ake tresna iku

Liwat kali dhak kintirake prau godhong pring

Amrih bisa lelayaran aneng segaranining atimu

Apepayon langit ing pucuking alun


Banjur dak tunggu tekane nggawa warta

Wiwit kok kidhungake tresna iku

Apa aku kudu lumaku sadhuwure angin lan segara

Njupuk kembang srengenge kang mlethek

Banjur dak slempitake ing kupingmu

Kareben nambahi brantaning ati

Sanjerone ati iki,Yayi

Ana panandhang,kirane mung kowe kang bisa mangerteni

Liwat getering angin kang sumilir

Sadawaning laku lan sepi tak ceritakake

Yen ta… samengko bakal NYAWIJI.

-post in esamahadewa.blogspot.co.id-

20. Aku Duwekmu Wengi Iki

(Isnaini D. Pramusinta)

Lumakuku kaya ngawang

Ngawang-ngawang nggayuh lintang

Mecaki dalan kasusahan

Apa Sejatine?

Kang ngganjel ing njero manahmu?


Tegese luh kang tumetes ing pipimu

Nglebur nyawiji ing swasana

Kang sejatine durung bisa gawe aku lan sliramu

Mesem bebarengan

Crita marang aku

Senajan ora mesthi bisa mungkasi

Lilakna aku andum donyamu

Kang kebak dening kaendahan

Sing durung kasunyatan

Aku duwekmu wengi iki

Iki ragaku

Iki sukmaku

Aku lila disiksa

Nganti ora ana sisa

-post in geguritan.com-

Anda mungkin juga menyukai