Anda di halaman 1dari 33

GEGURITAN

Kompetensi Dasar
3.2 Menelaah teks geguritan
4.2 Menulis geguritan dan
membacanya
Pangertene geguritan
Geguritan tembung linggane gurit kang mengku teges :
a. Tulisan, tatahan
b. Tembang / kidung
Geguritan yaiku :
- Karangan kang pinathok kaya tembang nanging guru gatra,
guru lagu, dan guru wilangane ora ajeg (miturut widada
suwadji).
- Iketaning basa kang memper syair (miturut subalidinata).
Titikane geguritan :
a.Ora kawengku ing pathokan
b.Migunakna tembung-tembung kang
pinilih
c. Migunakna purwakanthi sastra, swara,
lan basa
d.Isine mentes
Unsur-unsur geguritan
A. Unsur intrinsik
1. tema (underaning perkara/ gagasan pokok)
2. citraan (gambaran angen-angen/ imajinasine panganggit kalairake
lumantar indra)
3. dhiksi (pamilihaning tembung)
4. lelewa basa (gaya basa)
5. latar (nggambarake panggonan, wektu, lan kahanan)
6. amanat (mujudake pesen, nasihat, lan piwulang becik)
B. Unsur ekstrinsik
1. unsur biografi
2. unsur nilai crita
3. unsur kemasyarakatan
Ngrembug isi teks geguritan

Kang kudu digatekake lan kakandhut ana


ing geguritan yaiku :
1. Wutuh (koheren)
2. Unsur kaendahan utawa estetik
3. Unsur edukatif (pendhidhikan)
4. Nuwuhake rasa tresna
Geguritan dibagi dadi 2 yaiku :
1. Geguritan gagrag lawas (esih nganggo aturan-aturan
baku kang ora kena dilanggar)
tuladha : kakawin, kidung, tembang, parikan, wangsalan.
Pathokan geguritan lawas :
- Di wiwiti tembung Sun Gegurit
- Cacahe wanda saben sagatra padha
- Tibane swara ing pungkasane gatra runtut (nganggo
purwakanthi)
2. Geguritan gagrag anyar
Pathokan geguritan anyar :
- Ora kawengku ing pathokan
- Mentingake pamilihane tembung
kang mentes
- Ora nganggo tembung sun gegurit
Unsur – unsur geguritan
a. Unsur fisik :
- diksi
- citraan
- majas
- bunyi
- tipografi
b. Unsur batin :
- tema
- perasaan
- nada / irama
- amanat / pitutur
Jinis-jinis geguritan
a. Ode
b. Himne
c. Elegi
d. Epigram
e. Satire
f. Romansa
g. Balada
Trap-trapan panulise geguritan
a. nemtokake ide/ tema geguritan
b. milih tembung-tembung kang becik
c. cacahing gatra ringkes lan mentes
d. migunakake tembung-tembung andhahan
e. migunakake basa kang endah
f. pamilihaning aksara swara kang trep lan
pas
Tuladha Geguritan

CAH AYU KERUDHUNG BIRU


Ah, sakjane ki ora ayu
Ning bareng dakmatke
Saben-saben ngguyu
Caramu njangkahke laku
Kabeh polah lucumu
Sakjane ki ora ayu
Ning betah tenan awakku
Nyolong wektu kanggo ketemu
Golek alesan bisa cedhakan
Sakjane ki ora ayu
Ning meksa dak tekani Bapakmu
Dak suwun idi pangestu
Dak jaluk sakwutuhe dadi duwekku
Ah, cah ayu kerudung biru
LAYANG KAGEM IBU
Ibu…
Saka lemah pangulandaran kene
Anakmu kirim layang
Nyuwun donga pangestu
Bakal methik kembang susumping sotya
Bakal lungguh dhampar kencana
Linambaran kabut sutra
Ibu…
Kanthi dlancang seta iki
Anakmu ngantu rawuhmu
Ngasta sasuwek pangapura
Minangka nambal kaluputan
Anakmu kang wus kesupen
Sega thiwul sambel korek ndesa
Dangdangane ibu sewengi muput
Datan sare kanggo aku
Biyen kae
Ibu…
Estu dakantu rawuhmu
Ing dina pahargyan tembe
Nyuwun uga ibu ngasta
Sega thiwul sambel sagodhan
Binungkus godhong gedang
Anakmu kangen
JAMAN EDAN
Saiki jaman edan
Yen ora edan ora keduman
Mula akeh bocah pada kluyuran
Embuh apa kang dadi tujuwan
Tangkringane ing prapatan
Karo nyawang bocah-bocah prawan
Wong tuwa pada tangisan
Nyawang anake padha pesta oplosan
Pancen jaman iki wis edan tenan
Ora perduli marang kahanan
Agama mung dadi slogan
Kitab Al-Quran kang dadi panutan mung kari aran
Sembayang limang wektu ora kelaksanan
Iki kabeh pancen kasunyatan
Tandha-tandha akhire jaman
GAYUS
Jenengmu misuwur
Ngungkuli pejabat dhuwur
Kabarmu ngetren ngluwihi presiden
Bandha donyamu mubra mubru
Ngasi bisa kasembadan apa sing kok luru
Neng tahanan kanggomu kaya neng suwarga
Bisa nglencer mrana-mrana
Pasang aksi mlebu TV
Kaya plesirmu neng Bali
Lan sadhengah papan kang asri
Ah… kapan aku bisa dadi Gayus…?
Dhuwite milyaran
Kena kanggo urip foya-foya pitung turunan
Banjur… dhuwit saka ngendi ?
Wong uripku trima dadi kuli
Ora bisa ngakali
Lan ora ana sing aweh upeti
Mbuh ah… nalarku ora gaduk
Ya wis ben aku trima urip rekasa
Saben dina ngendelke tenaga
Nanging ora dadi klilipe
Bangsa lan negara
KANGGO KANCA
Biyen, tanganmu genggem tanganku
Biyen, pundakmu ana kanggo aku nangis
Biyen, guyumu nentremke atiku
Nanging saiki …
Tangan, pundak, guyumu ilang saka uripku
Kanca-kancaku kabeh, bayangna
Apa sejatining kahanan sajroning dunya
Yen ora ana welas lan asih
Ora ana uga kekancanan tanpa pamrih
Ing sajroning manah atiku
Aku ngrasakna kepengin ngamuk wektu iku
Kanca lan kancaku
Elinga rasa atiku iki
Jaganen rasaning welas asih iki
URIPKU
Urip ing alam donya
Pancen maneka warna
Sugih, mlarat, lemu, kuru
Pinter, bodho, nakal, kalem
Kabeh mau pindhane kaya
Gudhange ana sajroning panguripan
Ananging kanggo ngusadani
Aja nganthi ketut marang ombyaking donya iki
Kabeh kudu kuat anggone manembah marang Gusti
Mesthi bakal adoh saka rubeda
Mula pasrahna kabeh panguripanmu ana ngarsane
PIWELING
Aku ngugemi ngendikanmu, ibu
Nalika arep budhal sekolah
Nyangking tas kebak buku
Ngger, jagad iki amba tebane
Aja cilik ati
Kabeh bisa karengkuh kanthi ngelmu
Ngger, ngendikane pujangga winasis
“ngelmu iku kalakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangekese durangkara”
Pancen angel yen durung ketemu
Mula aja pegat sinau
Dadia wong pinter, nanging
Aja keminter lan keblinger
Dadia wong sugih, nanging
Aja sumugih
Dadia petinggi, nanging
Aja ngapusi lan korupsi
ELING
Hehhh …. Manungsa !
Apa sira ora krasa yen bantala wis tuwa
Apa sira ora mikir yen jamane wis akhir
Hehhh …. Manungsa !
Sira kudu eling yen wis mati
Diadusi banjur kinubur ing siti
Sepen tanpa kanca, peteng tanpa surya
Bandha datan guna, arta ora digawa
Pisah kaluwarga tinilar kadang mitra
Namung amal, iman, lan taqwa
Kanggo ngadhep Kang Maha Kuwasa
PITAKON
Ana swara tanpa sangka
Ana tandha tanpa irama
Hehhh manungsa
Kepriye anggonira padha
Jejer dadi pangarsa
Gubernur, bupati, lan walikota
Apadene camat, lurah, lan andhahane
Dene iki banjir bandhang
Wong, bayi, kewan, tetanduran lan barang-barang
Kontit kanyut kabuncang
Bendungan bobol, kreteg jebol, lemah longsor
Delengen githokmu dhewe
Ngiloa ing kaca gedhe kang rada suwe
Banjur rungokna
Ana swara tanpa sangka
Nuli
Waspadakna
Ana tandha tanpa irama
Kepriye alam sawegung wis ngelingake
LAYANG KAGEM IBU
Ibu…
Saka lemah pangulandaran kene
Anakmu kirim layang
Nyuwun donga pangestu
Bakal methik kembang susumping sotya
Bakal lungguh dhampar kencana
Linambaran kabut sutra
Ibu…
Kanthi dlancang seta iki
Anakmu ngantu rawuhmu
Ngasta sasuwek pangapura
Minangka nambal kaluputan
Anakmu kang wus kesupen
Sega thiwul sambel korek ndesa
Dangdangane ibu sewengi muput
Datan sare kanggo aku
Biyen kae
Ibu…
Estu dakantu rawuhmu
Ing dina pahargyan tembe
Nyuwun uga ibu ngasta
Sega thiwul sambel sagodhan
Binungkus godhong gedang
Anakmu kangen
ANALISIS
Geguritan Layang Kanggo Ibu nduweni nilai estetis kang
bisa dideleng saka unsur-unsur intrinsik kang ana ing
geguritan kasebut.
- Tema : njaluk pangestu (doa restu)

- Amanat : aja nganti kelalen marang wong tuwa amarga

pangorbanane wong tuwa bangeting gedhe.


Umume nilai estetika ditundhon saka gaya basa. Ing
sajroning karya sastra aspek-aspek kaendahan bisa
dideleng saka aspek kang beda yaiku saka aspek
kebahasaan lan kaendahan.
Geguritan kanthi judul Layang Kagem Ibu
nduweni nilai estetika ing segi kebahasaan
yaiku anane diksi lan panganggone kiasan
kaya dene ing tembung ngasta sasuwek
pangapura. Kajaba kuwe geguritan iki
nduweni pitutur kanggo pamaos supayane
tetep kelingan marang wong tuwa amarga
pengorbanane kang bangeting gedhe.

Anda mungkin juga menyukai