Anda di halaman 1dari 49

JAKA TARUB

Sawijining dina, udan sing maune deres banget


saiki wis mandheg. Suasana sore wis katon cerah. Ana
kluwung (pelangi) njedhul neng sisih kulon. Jarene
wong-wong ndhisik, yen ana pelangi berarti arep ana
midodari sing arep adus neng bumi. Nanging bener
orane ya mbuh ora ngerti. Selot suwe, bit semribit ana
ganda wangi banget. Ana apa ya? Suara kemrincing
saka kulon.

ADEGAN I
ByurByurByur

Midodari Abang : Cihuy asik bisa adus


maneh. Jan banyune seger
tenan. Wis seminggu ora adus,
awake padha pliket kabeh. Jan
segerepol tenan.
Midodari Jambon : Lak iya ta, segere poll. Tapi aku
ya ora kaya kowe. Mosok dadi
midodari ora tau adus. Ngerti
ra,saiki neng kayangan wis ana
pemandian umum. Ora ngerti
sihkatrok banget.
Midodari Kuning : Ihya ampyunsapa kui sing
jarang adus. Ngisin-ngisini
banget dadi midodari. Mosok
midodari jarang adus. Ki contoh
aku yasaben dina ora tau
lowong Manycure Pedycure. Jan

1
ambune wangi banget.
Midodari Ijo : Lahya wis. Kaya ngono we
dibahas. Aku sing ora beda kaya
abang jarang adus we meneng
bae kok.
Midodari Abang : Duh Ijo, dadi aku ana tunggale?
Hahahaa. Tos disik yo..
Midodari Ijo : Tos..!
Midodari Kuning : Ya ampun kaya ngono we kok
dibanggakake. Nggilani..! Oh
ya,ngomong-ngomong si Ungu
karo Nila lagi neng ngendi ya?
Kok awit mau ora ketok.
Midodari Biru : Ohduo Midodari kae ta? Si
Ungu mau wis ijin arep konser
disik. Si Jingga lagi pilek. Trus si
Nila lagi mojok karo pacare.Mau
ki tak jak i malah ora gelem.
Midodari Abang : Yaiyalah. Mengko yen di jek
ya dadi kesetrum.
Midodari Ijo : Woolha, kuping apa
centhelan wajan ta? Dijak dudu
dijek!!
Midodari Biru : Intine si Nila ora gelem melu.
Jare wis ana sing ngajak
shoping.
Midodari Kuning : Owngono ta

Ana ing teras ngomah, Jaka Tole lagi leyeh-


leyeh. Ujug-ujug Jaka Tarub teko karo bengok-bengok.

2
Jaka Tarub : LeLeLe
Jaka Tole : Ngapa ta? Aku ora budheg,
nyeluki bae. Aku wis krungu.
Ana apa ta jane?
Jaka Tarub : Wetengku loro banget.
Jaka Tole : Lha terus?
Jaka Tarub : Tenanan ki, mules banget,
kakehan mangan sambel. Tak jak
neng kali yuh!
Jaka Tole : Janwis gedene semono, ning
kali we njaluk dikancani.
Jaka Tarub : Lah, aja kaya ngono ta, mung
ngancani we kok wegah
Jaka Tole : Emoh laah. Ngancani kok ning
kali. Yen ngancani ning kota,
shopping, cuci mata ngono aku
gelem banget.
Jaka Tarub : Ya wis yen ora gelem ngancani.
Yen neng kali ana sing bening-
bening, ora tak kandhani.

Neng Kali

Jaka Tarub : Aduuh jan lega pisan. Tapi, kok


kaya ana sing beda ya?Ambune
wangimen? Kayane ambune saka
kulon. Jajal tak tiliki lah.

Jaka Tarub nginguk ana ing samburine wit gedhe


kang ditutupi suket sing dhuwur.

3
Jaka Tarub : Wualah-wualahapa aku ora
salah weruh, kae midodari lagi
padha adus, ayu-ayu tenan, keno
nggo cuci mata ki. Tamba
ngantuk..! Oh ya, aku duwe ide
cemerlang, tak jupuke salah siji
slendange, ben ora iso bali.

Jaka Tarub njupuk slendang sing rupane jambon.

Midodari Ijo : Kanca-kanca ayo padha bali


ning khayangan, kayane aduse
wis cukup, wis keset ki lho.
Midodari Biru : Adhuh biyung, aku isih
kepengin kungkum, dilut ngkas.
Midodari Abang : Tapi kayane wis sore loh,
mengko yen didukani Bapa
kepriye ?
Midodari Biru : Ya wis lah ayo.
Midodari Jambon : Eh, slendhangku neng ngendi
ya? Kok ora ana?
Midodari Kuning : Tape deh. Lha mau kok deleh
ngendi? Digoleki dhisik kana!
Midodari Jambon : Uwis, tapi ora ana. Mengko yen
aku ora bisa bali kepriye?
Midodari Abang : Ayo cepet, wis sore, Aku, Ijo,
karo Kuning bali dhisik.
Midodari Jambon : La aku kepriyeneng kene, masa
aku ditinggal dhewekan?
Midodari Ijo : Yaw is lah. Trima bae nasibe.
Midodari Kuning : Mbon, aku bali dhisik ya, Sorry
dory Strobery.

4
Midodari jambon akhire detinggal dhewekan.
Ora ana sing gelem ngancani.

Midodari Jambon sedhih banget. Ujug-ujug,


Jaka Tarub teka kaya dadi pahlawan bae.

Midodari Jambon : Hikk hikk hikk..slendhangku


nengendi ? Kepriye iki Bapa
Biyung.
Jaka Tarub : Cah ayu, kena apa nangis neng
kono dhewekan. Wis gedene
semono masa nangis. Apa ora
isin.
Midodari Jambon : Slendhangku ilang.
Jaka Tarub : Kepriye kok bisa ilang?
Midodari Jambon : Hah!!! Sapa kuwi sing takon.
Kok ora ana wujude ?
Jaka Tarub : Aku neng kene. Nylinguko
mburi.
Midodari Jambon : Subhanalloh !!! Sampeyan
sapa?
Jaka Tarub : Ora kenal aku ta? Aku Jaka
Tarub. Pemudha sing paling
cakep, paling ganteng, paling
joss neng desa kene. Nah saiki
giliran aku sing arep takon. Cah
ayu, jenengmu sapa, terus bisane
neng kene anu kepriben critane.
Midodari Jambon : Dadi sampeyan Jaka Tarub.
Anu sing tukang nggaweni tarub
angger ana manten ya?

5
Jaka Tarub : Sembarangan. Aku Jaka Tarub,
dudu tukang nggaweni tarub.
Midodari Jambon : Oh, ngono. Aku Midodari
Jambon. Jeneng bekene Nawang
Sasi. Aku teka saka khayangan.
Tapi sing dadi masalah, saiki
aku ora bisa bali menyang
khayangan. Amarga,
slendhangku ilang.
Jaka Tarub : Ow, ngono critane. Melas
temen. Ya wis, saiki kowe melu
karo aku bae.
Midodari Jambon : Melu menyang ngendi?
Jaka Tarub : Aja kakeyan takon ngapa.
Tinimbang kowe dhewekan
neng kene. Ayo, gelem pa ra?
Midodari Jambon : Ya wis, aku gelem melu
sampeyan. Tapi manawa
sampeyan macem-macem dak
thuthuk lho
Jaka Tarub : Iya lah.

Sawise kuwi, Midodari Jambon akhire melu Jaka


Tarub. Bareng wis suwe akhire Jaka Tarub karo
Midodari Jambon padha seneng-senengan. Banjur
akhire dadi manten. Lan duwe anak wadon.

Para Midodari sing maune pada bali menyang


khayangan teka maneh. Para Midodari mau diutus
dening Baginda Raja supaya njemput Nawang Sasi bali.

6
Midodari Kuning : Mbon, Kepriye kabare ? Apik-
apik bae ta? Suwe ora ketemu?
Midodari Jambon : Eh Abang, Ijo, Kuning, Biru,
aku apik-apik bae neng kene.
Kepriye kabare kowe-kowe
padha? Waras kabeh ta?
Midodari Ijo : Aku karo kanca-kanca neng
kana ya padha waras kabeh.
Midodari Abang : Jan, aku heran karo kowe. Bisa-
bisane betah neng bumi. Ana apa
ta jane ?
Midodari Jambon :Dak critani, ya. Aku neng kene
ketemu karo pemudha sing
ganteng banget.
Midodari Biru : Sapa jenenge ?
Midodari Jambon : Jenenge Jaka Tarub. Kae sing
nulungi aku pas ditinggal dening
kowe-kowe padha. Terus saiki
aku wis dadi bojone Jaka
Tarub.Malah saiki aku wis
duwe anak jenenge Jaka Tajam.
Midodari Ijo : Apa kuwi ? Kok elek temen ?
Midodari Jambon : Elek piye lho, kuwi dijupuk
saka Ta sing berarti Tarub, Jam
sing berarti Jambon.
Midodari Abang : Ooo Ngono ta critane.
Midodari Jambon : Ngomong-ngomong, ana perlu
apa ta, kok njanur gunung?
Midodari Biru : Aku, Ijo, Abang, lan Kuning
diutus dening Baginda Raja
supaya njemput kowe bali
menyang khayangan.

7
Midodari Ijo : Nggo ngapa urip neng kene?
Mendhing urip neng khayangan.
Apa-apa ana.
Midodari Jambon : Tapi pangapura ya kanca-kanca.
Aku ora bias melu kowe padha.
Amarga aku wis betah neng
kene.
Midodari Ijo : Dadi aku lan kanca-kanca sia-
sia teka kene ?
Midodari Kuning : Ya wis yen kuwi kekarepanmu.
Nanging aku isih ngarep kowe
bali menyang khayangan maneh.
Midodari Abang : Aku ora arep meksa. Sing
penting kowe senrng, aku ya
melu seneng.
Midodari Jambon : Matur nuwun, wis padha
pangerten karo aku.
Midodari Biru : Ya wis yuh, padha bali. Wis
sore, mendung sisan. Mengko
neng ndalan kudanan kepriye?
Midodari Kuning : Mbon, aku bali ya. Dada.

Para Midodari akhire bali menyang khayangan.


Nanging Midodari Jambon tetep ora gelem bali.

Jaka Tarub : Bu, tulung gawekna aku


wedang kopi. Sore-sore ngene iki
paling enak ngombe kopi.
Midodari Jambon : Ya, sabar sik, Pak.
Jaka Tarub : Pancen rejeki ora bakal neng
ngendi-ngendi. Bisa oleh
Midodari sing ayu. Manawa

8
slendhange kae ora dak jupuk,
mesthi uripku ora bakal kepenak
kaya saiki. Tapi aja nganti Si
Nawang Sasi ngerti. Yen nganti
ngerti, bisa dadi duda aku.
Midodari Jambon : Jan, Bapake. Karepe saben sore
medang kopi bae. Apa ora bosen
ta, Pak ?
Jaka Tarub : Ya ora ta, sing nggawekne
bojone dhewe.
Midodari Jambon : Oh ya, Pak. Berase wis entek.
Sesuk arep adang apa?
Jaka Tarub : Masak wis entek ta, Bu?
Midodari Jambon : Nganti wis klimit malahan,
Pak Pak.
Jaka Tarub : Neng lumbung beras isih ana
kok, Bu. Dhek wingi dikirimi
Jaka Tole sak ember.
Midodari Jambon : Jajal dak tilikane dhisik.

Jaka Taub lali manawa dheweke ndhelikake


slendhang colongane neng njero lumbung beras.

Nawang Sasi mlebu menyang njero lumbung


beras mau. Dheweke kaget amarga nemokake slendhang
warna jambon persis kaya slendhange sing ilang.
Nawang Sasi dadi curiga manawa Jaka Tarub sing
nyolong slendhange.

Midodari Jambon : Pak, aku arep takon. Kena


ngapa kok slendhangku bisa
ana neng lumbung beras ? Aja-

9
aja, Bapak sing njupuk
slendhangku ya?
Jaka Tarub : Slendhang apa ta, Bu ? Aku ora
ngerti apa sing kok omongake.
Midodari Jambon : Halah Ora usah mungkir.
Ngaku bae, Pak. Wis dak bela-
belani ora bali menyang
khayangan, tibake sing
njupuk slendhangku malah wong
sing dak tresnani. Aku kecewa
karo sampeyan.
Jaka Tarub : Aku njaluk ngapura, Bu. Aku
bener-bener njaluk pangapura.
Aku ora ngerti bakal kaya ngene
dadine.
Midodari Jambon : Aku ora bisa kaya ngene terus.
Aku kudu lunga saka kene.
Tulung jaga Jaka Tajam. Aku
arep bali menyang
khayangan.

Nawang Sasi banjur mabur, bali menyang


khayangan nganggo slendhange mau.

Jaka Tarub : Bu, aja lunga !!! Aku durung


siap dadi duda.

Jaka Tarub amung bisa nangisi lungane Nawang Sasi,


lan dadi duda salawase.

TAMAT
10
PENDIDIKAN
Bani, Ririn, Yayuk lan Tedy yaiku kanca sing wis
pada kenal suwe nalika isih sekolah ana ing SD. Saiki
dekne kabeh wis pada sekolah ana ing SMP. Sawijining
dina Bani nakoke babagan kesiapane kanca-kancane
melu ulangan basa Indonesia sing bakal kalakon sesuk
esuk. Saka ketelu kancane, jebulna Tedy ora sinau padha
pisan lan luwih mileh kanggo ngentekake wakunya karo
dolanan Game.

Bani : Sesuk awake dhewe ana ulangan basa


Indonesia, kowe wis nang siap durung?
Ririn : Jelas uwis lah.. Aku wis sinau saka wingi-
wingi kanggo jaga-jaga ngadhepi ulangan
sesuk.
Yayuk : Aku uga wis sinau kok. Ya.. Muga wae soale
gampang ben bijiku oleh api! Kalu kowe Ted?
Tedy : Aku ora sinau.
Bani : Kok ora sinau Ted? Emang kowe ngapa wae
neng ngomah? Dolanan PS mesti?
Tedy : Iyo sih.. Saben mbengi aku ngenteke wektu
kanggo dolan game. Urusan sinau aku nggak
sepira pradulekne.
Ririn : Wah.. Payah kowe Ted! Mengko yen bijimu
elek piye?
Tedy : Ya ra piye-piye. Yen aku isa ya tak garap, yen
gak isa ya arep kepiye meneh.
Yayuk : Ted, kowe gak bisa muni ngunu. Tugase murid
ki ya kudu gelem sinau, lan sinau kuwi dudu
mung wayah awake dhewe ana neng sekolahan

11
wae, nanging pas wayah ana ngomah awake
dhewe kudu sinau, luwih-luwih meneh yen
awake dhewe durung nyuwasani pelajaran kui.
Bani : Nah, bener kui apa sing dikandha Yayuk.
Kowe ra isin yen mengko bijimu elek? Wong
awake dhewe kancamu wae mesti ngerasa isin
ro liyane yen mengko bijimu elek dewe sak
kelas.
Tedy : Kowe ki do isin ngapa? Wong sing bijine elek
wae aku, dudu kowe?
Ririn : Ya sanajan sing bijine elek kuwi kowe, ning
aku kabeh kan ya kancamu cerak?! Apa sing
kedadean ro kowe, becik utawaa ala ya melu
nanggunge uga.
Yayuk : Iya, kowe kudune sinau kaya awake dhewe,
Ted. Uwislah, awake dhewe ora nglarang kowe
dolan, ning ya kowe kudu nduwe jadwal kanggo
sinau neng omah.

Tedy banjur rumangsa kanca-kancane kesebut


jebulna nduwe perhatian sing marang awake dadine
dheweke rumangsa wis nglakoke kaluputan. Tedy akhire
ngujar menawa dheweke arep sinau kanthi sregep.

Tedy : Becika, bokmenawa nyat ana sing salah karo


aku. Oke, sakwise iki aku bakal nglakono
kandanmu kabeh, aku arep sinau kaya kowe.
Kanca-kanca Tedy : Nah, kuwi lagi Tedy. Apik yen
kowe wis eling, menawa
pamulangan kuwi penting
kanggo awake dhewe.
TAMAT
12
RORO JONGRANG
Ing sawijine jaman, ing ndesa sing apik urip ana
wedokan kang ditinggal karo bojone . Dheweke urip
karo anake , sing jenenge Bandung.

Bandung : Bu, nopo ibu mboten kesepian menawi


kula lan panjenengan mung manggon
teng kampung endah niki tiang kaleh
mawon.
Ibu : Kesepian ngopo to le?Ibu wis seneng
ana kowe nang kene. Awak dewe uwis
urip kecukupan, seneng tanpa ana sing
ganggu, arep njaluk sing piye maneh ibu
iki.
Bandung : ya mbok menawi ibu kersa duweni
rama damel kula.
Ibu : (mesem ngguyu) Kowe ki ngomong
opo to.Ora..ora..ibu rapapa urip janda
kaya ngene sing penting ibu duwe kowe
(Jare ibune banjur nyayang anake).
Bandung : Lho, saestu Bu.
Ibu : Sakjane lakyo kowe sing patut tak
takoni koyo ngono kuwi anakku. Kowe
iku wis gede, moso kowe arep dewean?
Bandung : (mesem)Ah, menawi kula, boten usah
di pikir bu. Saktemene kula ajeng
tanglet kalih ibu, Nanging kula boten
kepenak,Bu.
Ibu : Kowe arep takon opo? Kok nganggo
ora kepenak barang. Aku iki ibumu opo

13
dudu. Arep takon opo to Le?
Bandung : Ngeten lho Bu, saktemene Rama kula
menika sinten? Ngantos sak niki kok
kula taksih bingung.
Bandung : Bu,kok mendhel mawon? Wonten
penggalih menopo to bu?
Ibu : Anakku Bandung (ngelus pundake
Bandung). Sajake iki wektu sing pantes.
Kowe saiki wis gede, ibu ora wedi
maneh cerita karo kowe. Ibu ngerti,
kowe mesti iso ngerteni iki.
Bandung : Ana apa,Bu?
Ibu : Bapamu kuwi sakjane bangsawan ing
tlatah adoh kono.
Bandung : dados bapak tasik sugeng bu?
Ibu : Yen kowe pancen pengen nemoni
Ramamu, yo rapapa. Golekana Ramamu
kuwi,nanging ibu mung iso pesen.
Rungokno pesen-pesen ibu iki.
Bandung : inggih, Bu.
Ibu : Ibu mung iso dongakake apa sing kowe
karepake bakal tok temu. Lek wis
kepetuk ramamu, cepet sujud ing sikile
ramamu kanggo tanda kahormatan. Ing
jabakono, pasti akeh wong asing sing
bakal kok temui lan kabeh pasti nduwe
niat dhewe-dhewe.Kowe iku lanangan
sing isok dipercaya .Ojo seneng adu otot
anakku, iku ora apik. Ojo waton
tumindak ing kono, ora liyo kanggo
njaga keslametanmu dhewe.
Bandung : Inggih,Bu.

14
Ibu : Lan siji meneh amanatku (mlebu ing
kamar, metu lan nggawa selendang
warna abang). Gawaen selendang iki
supaya Ramamu percaya yen kowe iku
anake.
Bandung : matur nuwun Bu, nanging kepripun ibu
menawi kula ngembara. Menapa ibu
aman gesang piyambakan ing bumi
ingkang boten temtu niki .
Ibu : Ibu ora bakal keno opo-opo. Ibu mung
iso nyangoni slamet yo anakku sing tak
tresnani.
Menika Bandung budal ngembara.Lan dheweke
teko ing nggone jin. Dheweke ditekani karo para abdi
dalem saka nggone jin. Bandung bisa nglawan para abdi
dalem. Banjur Bandung nemoni Jin Bondowoso.

Jin : Sampean sapa?


Bandung :Aku Bandung
Jin : Ono kaperluan opo sampean mrene.
Bandung : Aku arep nggolek Ramaku,opo kowe
iso bantu aku nggoleki Ramaku?
Jin : Wani piro?
Bandung : Yen aku wis dadi raja ing Pengging
kowe isok njaluk opo wae sing kowe
karepake.
Jin : Wokey , gawe bantu kowe aku wenehi
tigo panyuwunan.
Bandung : sing kasiji aku pengen nemoni
Ramaku.
Jin : Oke (ngilang)

15
Amarga Bandung bisa nakluake Jin Bondowoso ,
akhire jenenge Bandung diwenehi jeneng Bondowoso.
Dadi saiki jenenge Bandung Bondowoso. Jin Bondowoso
ngabulake panyuwunane Bandung Bodowoso. Deweke
banjur dadi Raja ing Pengging. Bandung Bondowoso
saiki dadi sombong lan serakah. Dheweke pingin
nguwasai kerajaan Pengging lan kerajaan Prambanan.
Dheweke pingin perang karo Prabu Boko, rajane
Prambanan.Prabu Boko direwangi Patih Gupala
perang karo Bandung Bondowoso. Bandung Bondowoso
nggawe panjalukansing keloro marang Jin Bondowoso
ben iso menang ngelawan Prabu Boko. Akhire Jin
Bondowoso lan Bandung Bondowoso menang nglawan
Prabu Boko. Prabu Boko mati tapi Patih Gupala Slamet.
Patih Gupala muleh karo ngetokake getih lan kelaran.

Patih Gupala : Nyuwun sewu Putri.


Jonggrang : Ana apa Patih. Kok njenengan wis bali
saka peperangan, ana ngendi Ramaku?
Patih Gupala : (menundukkan kepala dan menyembah)
Nyuwun sewu Roro. (mikir-mikir)
Prabu Boko
Jonggrang : Rama!?Ana apa karo Rama? Opo
panjenengan duwe kabar sing ora ke
penak Patih?
Patih Gupala : Inggih Roro.
Jonggrang : Ana ngendi Ramaku? (bingung lan
arep nangis) Cerita karo aku Patih..
pundi ramaku?
Patih Gupala : Prabu Boko gugur ing peperangan
menika, Roro.

16
Jonggrang : HA? Apa bener ngendikanmu kuwi.
Opo panjenengan boten Goroh Patih?
Patih Gupala : Saestu ndara. Kula ingkang ngertosi
piyambak, Bandung Bondowoso nusukk
aken kerisipun.
Jonggrang : Rama(nangis)
Wektu nangis iku patih Gupala mati lan Bandung
Bondowoso teka ing ngarepe Rara Jonggrang. Bandung
banjur mikir-mikir, sapa Ratu ayu ing ngarepe iku?Apa
selire Prabu Baka sing dak pateni mau?
Bandung : (mlaku nyedeki Roro). Kena apa kowe
duh cah ayu?
Jonggrang : Sapa kowe wani teka ing kerajaan iki?
Bandung : HahahaSopo aku? Opo kowe ora
ngenali aku, raja ing Kerajaan Pengging,
lan saiki sing duweni kerajaan sing gede
iki (ngomong sombong) Bondowoso.
Hahaha..Ayu tenan kowe. Apa kowe
gelem dak dadekake garwaku!
Roro Jonggrang bingung arep menehi jawaban
apa.
Jonggrang : (mbatin) Bandung iku wong sing
sekti. Ra mungkin aku wani nolak.
Nanging atiku ora tresna. Kenal wae
durung, kok njaluk aku dadi bojone.
Penak tenan. Saya maneh, uwong iki
sing gae aku kelangan Rama tercintaku.
Bandung : HALAH!!!,trimo ae, Aku ngganteng
kok. Kena apa kowe ora gelem? Opo

17
kowe isin karo aku?Hem? (karo
nggoda)
Jonggrang : Wah.Apa sing arep aku lakokake. Aku
mumet.
Jonggrang banjur mikir-mikir.
Jonggrang : Ngene wae, yen kowe pancen pengen
duweni aku, syarate sitik-sitik wae.
Gawekno 1000 candi ing wektu sak
malem. Yen kowe kasil, aku gelem tok
pek bojo.
Bandung : Weh..weh..weh..Wah, kowe ki dagelan
tenan kok!!Sewu candi wektu sewengni?
10 candi wae, apa mending kowe njaluk
syarat liyane. Sekarepmulah. Moso kon
gawe 1000 candi.Arep tok nggo ngopo
candi iku.
Jonggrang : Kula tetep pengen digawekke sewu
candi. Iku panjalukku.buktekno yen
kowe tresna aku Bandung.
Bandung : Wis, sakiki ngene wae. Pase, njalukmu
piro?
Jonggrang : Aku nyuwun sewu candi! (karo arep
nglungani)
Bandung : Yowes yowes. Aja mutung to! Kanggo
buktekake tresna ku karo kowe, bakal
tak gawekake sewu candi.(janji)
Bandung nggawe panyunuwunanne saka jin sing
terakhir.

18
Bandung : jin, aku isik nduwe panyuwunan sing
terakhir kan?
Jin : iyo aku iling. Panyuwunanmu apa ?
Bandung : aku njlauk tulung digaweake 1000
candi.
Jin : wokey, mari panyuwunanmu kuwi mau
urusanku karo kowe wis mari,dadi aku
ora pingin bantu kowe maneh.
Jonggrang : Kepriye iki, apa Bandung bisa gawe
candi okehe semono.
Dayang : La kepripun to Putri? Bandung menika
lak nggeh tiyang sekti to Putri, miterat
pamikir kula, kok nyuwun panjenengan,
bisa di tepati. Lha wong samenika taksih
jam kalih,anggenipun bangun candi
sampun badhe kelar to Putri.
Jonggrang : La terus apa sing kudu tak lakokake.
Aku ora gelem rabi karo Bandung.
Dayang : Lajeng kepripun?
Jonggrang mloka mlaku ing jero kamar
Jonggrang : Wis, saiki ngene wae. Dayang, tulung
tangekake kabeh rakyat Prambanan,
kongkon wong wadon numbuk pari, lan
bakar jerami. Sing ana ing kandange
pitik. Awak dewe gawe suasana bengi
iki seakan isuk uwis teka.Lek wis ngono
jin-jin sing lagi kerja ngira lek isuk wis
teko,jin-jin padha mlayu lan ojo lali
naburake kembang-kembang.

19
Dayang : Ide ingkang bagus, Putri. Karongono,
Bandung pasti ora bias marikake gawean
kuwi.
Jonggrang : Iya. Dayang, cepet dewekmu tangikne
wong-wong!.
Dayang : Inggih ndara.nyuwun sewu.
Dayang iku mau banjur nangikne para wadokan
ing ndesa iku. Wedokan mau dikonkon numbuk padi lan
mbakar jerami, Pitik pitik dikongkon nguruk.
Jin : Wah, Srengenge wis nyilau ing kono!
awakdewe kudu cepet ngaleh iki. Yen
ora, awake dhewe engko iso angus!
Weleh...Tapi, piye karo penggawean iki.
Candi sing didekno kurang siji engkas.
Bandung ya ing endi iki?
Para jin-jin pada mlayu lan ninggalake gaweanne
.Ora suwe maneh Bandung Bondowoso teko karo. Dhalu
sing rame, srengenge wis muncul , pithik jago , para
wadon wis mulai numbuk pari lan jin-jin pada ngilang
kabeh.Ndeleng keaadan kuwi BandungBondowoso.Ing
esuk, Bandung nekani Jonggrang.

Bandung : Jonggrang, panjalukmu uwis dak turuti,


saiki rabio karo aku.
Jonggrang : Oh ya?sing bener?Apa kowe wis bisa
gaweanke aku sewu candi?
Bandung : Tentu wae tresnoku?
Jonggrang : Aku ora percaya.
Bandung : kowe ora percaya? Dhelengen iki
itungen candi-candi kuwi.

20
Jonggrang : oke. Tapi iling janjimu, yen candi kuwi
kurang teko sewu, berarti kowe batal
ngolehake aku, Bandung.
Jonggrang ngitung candi-candi kuwi.Mari bolak-
balik ngitung Jonggrang ngomong.
Jonggrang : sepurane Bandung, uwis dak itung,
candi sing kok gawe kurang siji.
Bandung : Hah? Sing tenan.kowe pasti salah
ngitung.
Jonggrang : aku uwis bola bali ngitung, tapi hasile
pada. Jumlah candi iki mung 999 .
Bandung : yawis, kan mung kurang sak buah,
uwis ana 999 buah. Engko bakal dak g
awekake maneh. Tapi sak uwise kowe
rabi karo aku.
Jonggrang : ora, Bandung. Janjine dudu kaya
ngono! Kowe uwis gagal menuhi
janjimu. Dadi minggato saka uripku.Ojo
nyideki aku.Utawa aku sing bakal
minggat.
Bandung : Ha?sak wise aku nggawe 999 candi,
apa mung iki balesanmu Jonggrang
Jonggrang : Iyo.kowe pingin apa maneh! (nyentak)
akonono yen kowe uwis kalah wong
elek.
Bandung : Jonggrang!wanine kowe ngenyek aku!
Jonggrang : pancen ngono toh nyatane!
Bandung : Jonggrang! Kowe wis nggawe aku
ngamuk! Ket mau aku wis nyobak gawe
sabar gawe ngentukake kowe, tapi
percuma ae pengorbananku iki. Ora papa

21
aku ora ngentukne awakmu! Candi iki
pancen kurang siji, lan sakjane sing
pantes ngelengkapi ya mung kowe tok!
Dadi kowe Candi Jonggrang dadio
hiasan kanggo kerajaanku!
Jonggrang : Aaaaahhh !!!!!!!!!!
Moro-moro Jonggrang berubah dadi Patung

TAMAT

22
KEONG MAS
Nuju sawijining dinten Raden Inu Kertapati lan
Candra kirana wonten ing krajaan ngwontenake
parepatan kangge ngrembag babagan nikahane Raden
Inu Kertapati kaliyan Candra Kirana. Ananging Dewi
Galuh sedereke Candra Kirana ora seneng yen Raden
Inu kaliyan Candra Kirana nikahan banjur dheweke
lungga saka krajaan kanggo nemoni Mbah Dukun.

Dewi galuh : Aku pengen adhiku dadi apa wae sing


paling nggilani. Cepet saiki!
Mbah dukun : Ngapunten sakderenge putri, nanging
wonten punapa saengga kula kedah
ngutuk Candra Kirana?
Dewi Galuh : Candra Kirana wes ngrebut Raden Inu
Kertapati saka aku, aku ora pengen
ngerti Candra kirana dadi bjone Raden
Inu Kertapati.
Mbah Dukun : Inggih.

Ing sawijining dina, ana wong tuwa utawa rondo


tuwo sing diarani mbok randha dadapan sing lagi golek
iwak nganggo jala ing kali.

Mbok Randha : Rasa-rasane dina iki aku pengin


mangan iwak. Ah..coba tak golek iwak
nang kali nganggo jala, mesthi luwih
cepet entuk katimbang nganggo
pancing.
Mbok Randha : kira-kira sing akeh iwake ngendi ya?

23
Mbok Randha Dadapan banjur nggolek pakan
iwak, supaya iwake pada teka lan gampang dijupuk
nggo jala. Nanging dheweke malah nemokake keong
kang warnane emas sing nyangkut ing jalane. Keong
mas banjur digawa bali karo mbok Randha Dadapan.

Mbok Randha : Coba tak kei pakan supaya iwake pada


nyerak. Aduh-aduh kok ora ana sing
nyerak, nanging jalaku abot, apa ya iki?
Wehlah, keong mas apik banget
warnane beda karo liyane. Tak gawa
mulih wae diingu.

Sakwise tekan ngomah, keong mau banjur


disimpen ana genthong. Dina sesuke, mbok Randha
nunggu-nunggu iwak njedhul, nanging wis dienteni suwe
iwake ora njedhul-njedhul. Mbok Randha Dadapan
banjur bali menyang ngomah.

Mbok Randha : Endi iwake, awet wingi kok ora


njedhul-njedhul apa lagi musim
jagongan ya, iwake pada njagong, yowis
lah mulih wae.

Saktekane ing ngomah Mbok Randha Dadapan kaget


amarga neng meja pawone wis ana panganan kang
enak-enak dheweke kaget banget.

Mbok Randha : We ladalah, saka ngendi tekane


panganan iki, sapa sing ngeteri ya?

24
Mbok Randha ngubengi omahe, ora ana wong
siji-sijio dheweke tambah bingung mikir asale panganan
kuwi. Mbok Randha Dadapan banjur nduwe cara supaya
ngerti sapa sing menehi panganan kanggo dheweke.
Sesuke Mbok Randha ethok-ethoke lunggo neng
kali, padahal dheweke menyang mburi omah pengin
ngerti asale panganan akeh kuwi. Mbok Randha
Dadapan kaget amarga keong mas sing neng genthong
ngerti-ngerti dadi perawan ayu. Perawan mau banjur
masak lan nyepakake panganan neng meja. Mbok
Randha Dadapan banjur nemoni perawan mau.

Mbok Randha : Kowe sapa cah ayu? Kok iso keong


alih dadi perawan ayu? Saka ngendi
asalmu?
Candra Kirana : Kula putri Candra Kirana saking
Kraton Daha ingkang disihir dados
keong mas dening mbah dukun ingkang
kautus dening sedherek kula.

Sakwise njawab pitakonan saka Mbok Randha


Dadapan, Candra Kirana banjur malih maneh dadi
keong mas. Mbok Randha Dadapan semaput amrga
kaget banget karo kedadean sing dialami lagi wae.
Raden Inu Kertapati ngerti menawi Candra
Kirana ilang. Dheweke banjur madosi Candra Kirana
kanthi nembo-nembo dadi wong cilik.

Raden Inu : Waduh Candra Kirana ana ngendi ki?


Hemcah ayu ndang balio, kakang
kangen karo kowe. Wah aku kudu goleki
dheweke, nanging piye carane ya?

25
Ahaaku membo-membo dadi rakyat
wae.

Nanging Mbah Dukun krungu menawi Raden Inu


Kertapati arep ngoleki Candra Kirana. Dheweke banjur
nembo-nembo dadi manuk gagak lan niat nyelakakake
Raden Inu Kertapati.

Mbah Dukun : Ihihihihaku bakal nyelakakake kowe


Raden Inu Kertapati.

Nalika ana ing tenah ndalan, Raden Inu


Kertapati arep goleki Candra Kirana dheweke banjur
nembo-nembo dadi manuk gagak lan niat nyelakakake
Raden Inu Kertapati.

Mbah Dukun : Raden, panjenengane badhe tindak


pundi?
Raden Inu : Aku arep nggoleki Candra Kirana ana
apa kowe kok ngalangi lakuku?
Mbah Dukun : Ngapunten Raden, kula badhe nyaosi
pirsa bilih Candra Kirana onten ing
tengah alas.
Raden Inu : Apa bener?
Mbah Dukun : Inggih Raden!
Raden Inu : Tak cekel omonganmu!

Nalika ana ing tengah alas, Raden Inu Kertapati


boten nemokake Candra Kirana. Dheweke ketemu
pengemis, pengemis iku kandha yen Candra Kirana ing
pinggir alas cedak kali, Desa Dadapan.

26
Raden Inu : Candra Kirana.. kowe ana ngendi cah
ayu? Aku Raden Inu Kertapati!
Pengemis : Raden paring-paring
Raden Inu : Niki kula wonten satunggal ewu
rupiah.
Pengemis : Nuwun Raden, ngapunten panjenengan
madosi Candra Kirana?
Raden Inu : Inggih Mbah, jenengan ngeros saking
pundi? Turune manuk gagak Candra
Kirana wonten ing tengah alas mriki.
Pengemis : Manuk gagak niku badhe nyelakakake
panjenengan, sejatine Candra Kirana ing
laladan Dadapan.
Raden Inu : Matur nuwun mbah, kula badhe
nglajengaken lampah.
Pegemis : Sami-sami.

Ing wektu iku, Mbah Dukun lan Pengemis adu kekuatan

Mbah Dukun : Woi ngopo kowe nyampuri urusanku?


Apa kowe wani karo aku?
Pengemis : Anggomku ngalahke kowe iku
gampang rasakna penthungku iki!
Mbah Dukun : Waduh!
Pengemis : Kalah tho!

Wonten ing dadapan Raden Inu Kertapati


mampir ing salah sawijining gubuk arep mampir
ngombe. Dheweke weruh Candra Kirana ing njero
gubuk kuwi.

27
Raden Inu : Wah ngelak ki aku. Mampir neng
gubuk iku sek wae lah.Kulo nuwun!
Candra Kirana : Mangga wonten perlu napa?
Raden Inu : Candra Kirana.. alhamdulilah akhire
aku nemokake kowe.
Candra Kirana : Inggih, kula Raden.
Raden Inu : Aku nggoleki awakmu nganti ngendi-
ngendi cah ayu, kepriye critane awkamu
iso tekan kene?
Candra Kirana : Niku Raden kula dipun kutuk dadi
keong mas dening Mbah Dukun lajeng
kula diopeni kaliyan Mbok Randha
Dadapan wonten mriki.
Raden Inu : Nistha temen kelakuane Dukun kuwi,
saiki dening aku wis nemukake awakmu
ayo balek nang krajaan karo aku.
Candra Kirana : Sembah nuwun Raden.

Raden Inu Kertapati lan Candra Kirana lajeng


ngadakake pesta kangge gelar syukuran dening baleke
Candra Kirana menyang krajaan maneh. Senajan tho
Candra kirana boten nesu kaliyan Dewi Galuh nanging
nasibe Dewi Galuh yaiku sedereke Candra Kirana, tetep
dimudhunke tingkatane amarga tumindhake sing nistha
banjur ora dadi dewi maneh nanging dadi rakyat biasa
ing Desa Dadapan.

TAMAT

28
4 SEKAWAN
Dina iki, dina wiwitan mlebu sekolah. Fuul
mlebu nang kelas X-A SMA Bhakti Luhur. Fuul sing ora
duwe kanca, mlaku dewe menyang kantin.

Fuul : Sekolah iki gedhe banget, nanging aku durung


duwe kanca.

Ing kantin, Fuul ndelok arek lanang 2 mangan


bakso. Fuul sing ora duwe kanca, nyideki arek lanang 2
iku mau.

Fuul : E...e.. Mas, apa aku oleh mangan karo


sampean ?
Henry : Ojok nyeluk mas! Awak dewe padha murid
anyar.
Rijal : Ora papa. Ayo mrene lungguh ing sebelahku.
Fuul : Iya Mas.
Henry : Aku wis ngomong, aja nyeluk mas. Kowe
kelas apa ?
Fuul : iya wis. Aku kelas X-A.
Rijal : Loh, padha. Ayo kenalan dhisik. Aku Rijal.
Henry : Aku Henry.
Fuul : Aku Masfuul.

Sakwise kenalan, arek lanang 3 iku mau mangan


bareng ing meja kantin sebelah wong dodol bakso.

29
Bel mlebu sekolah muni, murid- murid padha
mlebu kelas lan milih bangku. Rijal lan Henry lungguh
bareng. Nanging Fuul lungguh dewe ing sebelah wetan
e Rijal lan Henry.

Rijal : Hen, kowe muleh sekolah apa ana acara?


Henry : Ora duwe. Geneya Jal?
Rijal : Ayo mlaku- mlaku nang MOG, dak traktir.
Henry : Ayo. Nanging ora enak yen mung arek 2.
Ngejak Fuul ya?
Rijal : Oke. Ul ayo mlaku- mlaku.

Fuul ngelamun lan ora noleh. Rijal langsung


lungguh ing sebelahe Fuul.

Rijal : Ul... Ul...


Fuul : O iya Jal. Sepurane ? ana apa ?
Rijal : Kowe muleh sekolah apa ana acara?
Fuul : Ora ana Jal.Ana apa sih ? (ndelok bangku
cidek lawang)
Rijal : Kowe ndelok apa Ul? (ndelok arah sing dituju
Fuul lan langsung mbisiki Henry)
Henry : Oalah.. kowe tresna ya karo arek iku?
Fuul : Ora.. Ora..
Henry : Gak papa Ul, mengko dak bantu.
Rijal : wis, wis.. pokoke mengko muleh sekolah nang
MOG.
Fuul : Oke

Bel muleh sekolah muni, arek lanang 3 mau


cepet-cepet metu sekolah lan nggolek land.

30
Ing MOG, Fuul, Henry, lan Rijal mung mlaku-
mlaku. Traktiran sing dijanjikno Rijal ora sido, amarga
duwete Rijal ilang.

Pas mlaku-mlaku, arek 3 iku mau ketemu Silvi,


arek wadon ayu sing ditresnani Fuul.

Henry : Ul, iku loh.. (nggudo Fuul)


Fuul : Sapa?
Henry : Arek sing mau ing kelas mbok wasi.
Fuul : Ing endi ?
Rijal : Iku loh.. (karo nuding)
Fuul : Oalah (karo mesam- mesem)
Rijal : Dicedheki wis Ul, dijak kenalan.
Fuul : Hah, kenalan? Isin aku.
Henry : Yen kowe isin terus, kowe ora bisa cidek karo
areke.
Fuul : Ayo wis, nang kono.
Rijal : Sek- sek.

Fuul sing penampilane ora ndukung, dipacaki


karo Rijal.

Ing ngarep toko, Fuul kenalan karo Silvi sing


lagi lungguh-lungguh.

Fuul : E.. e.. Aku Fuul.


Silvi : Hah.. apa hubungane karo aku?
Fuul : Aku oleh kenalan gak karo kowe?
Silvi : Oleh kok. Aku Silvi.
Fuul : Iya, aku wis ngerti. Awak dewe sakkelas kok.
Silvi : Iya tah? Aku ora tau ndelok kowe Ul.

31
Fuul : Aku lungguh ing mburi dewe, Vi.
Silvi : Oalah, rupane aku ora tau ndelok kowe Ul.
Kancamu ora mbok kenalno nang aku ta?
Fuul : O iya, kenalno dewe rek.
Henry : Aku Henry, Sil.
Rijal : Aku Rijal, kancane Fuul sing paling mboiz
Henry : Gayamu Jal, rai pas-pasan ae loh. (Kabeh
ngguyu)
Silvi : Ora papa kok, aku Silvi. Aku pingin dadi
kancamu kabeh.
Henry : Oke- oke.

Silvi dadi kancane Fuul, Henry, lan Rijal.


Nanging Silvi dadi arek sing mecahake persahabatane
Fuul, Henry, lan Rijal amarga Silvi ambek Fuul seneng
dolan dewe. Fuul mengtingno Silvi tinimbang Henry lan
Rijal.

Silvi : Ul, ayo saiki mlaku mlaku menyang alun-


alun Batu?
Fuul : Ayo ....
Silvi : Kowe ora ngajak kanca- kancamu ta?
Fuul : Ga usah wes, awak dewe budal wong loro
bae.
Silvi : Mengko kanca-kancamu ora ngamuk ta?
Fuul : Ora bakal ngamuk arek loro kuwi

Rijal lan Henry marani Silvi lan Fuul sing lagi


omong-omongan ing ngarep kelas.

Rijal : Ul ayo kerja kelompok ing omahe Henry?


Fuul : Lho, sepurane rek aku wis duwe janji.

32
Henry : Kowe yok apa seh? Kowe iku mentingno dolan
tinimbang kerja kelompok.(Karo nekek Fuul)
Silvi : Wis, wis.. aja tukaran. Kuwi iku yok apa seh
jal? Kancane padha tukaran kok malah enak-
enakan dolanan HP.
Rijal : Wis Hen.., wis Hen..
Fuul : Sepurane rek?
Silvi : Sepurane rek, Fuul gak salah, aku sing ngajak
Fuul dolanan
Henry : Emboh wis. Kowe dolan o ae, aku dak kerja
kelompok dewe karo Rijal. (Rijal lan Henry
langsung ninggalno Fuul lan Silvi)
Silvi : Sepurane ya Ul, aku gak bisa dadi kanca sing
apik kanggo kowe. Aku malah mecahake
persahabatanku karo kanca-kancamu. (Fuul
mung meneng bae)
Silvi : Ayo wis Ul, awak dewe nyusul Henry lan Rijal
supaya masalahe mari. Aku uga ngerasa salah
marang arek-arek.
Fuul : Ayo wis.

Ing omahe, Henry muring-muring amarga Fuul


ora kaya kancane biyen.

Henry : Fuul saiki malah mentingno Silvi tinimbang


awak dewe, Jal. Mulai saiki gak usah dolan
maneh karo Fuul.
Rijal : Aja ngono Hen, Fuul kancane awak dewe
wiwitan mlebu sekolah.
Henry : Tapi areke wis ora peduli karo awak dewe Jal.
Rijal : Ya wis Hen, Sabar bae.

33
Ora suwe omong-omongan, Silvi lan Fuul ana
ing ngarep omah. Karo rewange Henry, Fuul lan Silvi
dikongkon langsung mlebu. Nanging ing ruang tamu,
ketemu bapake Henry.

P.Hery : Loh, iki sapa ?


Fuul : Kula rencang- rencangipun Henry, Pak.
P.Hery : Oalah, ana apa?
Fuul : Kula badhe kepanggih Henry. Punapa Henry
wonten?
P.Hery : Henry ana ing kamare. Langsung mlebu ae.
Fuul : Inggih. Matur suwun, Pak? Kula mlebet
rumiyen.
P.Hery : Iya, Le..

Ing kamare Henry.

Henry : Lapo kowe mrene?


Rijal : Wis Hen, sabar.. sabar..
Silvi : Aku lan Fuul arep njaluk sepuro Hen, amarga
awak dewe salah.
Fuul : Iya Hen, aku gak sadar yen suwene iki kowe
kanca sing peduli karo aku. Nanging aku sing
ora peduli karo kowe. Aku njaluk sepuro ya,
Hen?
Rijal : Terima en sepurane wis Hen, supaya masalahe
ndang mari.
Henry : Oke, dak terima. (karo mesem)
Fuul : Suwon ya Hen. (njabat tangane lan ngrangkul
Henry)
Rijal : Aku ora di jak ta?
Henry : Ayo mrene.

34
Akhire Fuul, Henry lan Rijal dadi sahabat
maneh. Lan sahabate ketambahan 1, yaiku Silvi.
Persahabatane arek 4 iki langgeng sampek wis lulus
SMA.

TAMAT

35
Polaeh Kartinah lan
Kasmiati

Sekolah SMP N 25 Ci Careng, Banyumas kue


merupakan sekolahan sing ana neng plosok. Sebab neng
plosok kue, murid-muride terkenal ora pinter-pinter
banget alias pas-pasan. Neng sekolah kue ana bocah 3
sing terkenal jenenge Sukir, Karti lan Kasmi. Sukir
terkenal murid sing sopan, patuh , lan gagah. Karti
terkenal murid kang kemlitak, lenjeh lan sok sugih.
Kasmi terkenal sebab batiran karo Karti, mulane dadi
melu-melu terkenal.
Sawijining dina neng kelas IX B pada reang-
reang, sebab ana kabar arep ana guru anyar sing arep
dadi wali kelas IX B.
Kasmi : Ti, masa yah jerene bocahan arep ana
guru anyar. Menurute ko piwe gweh?
Karti : Lah ya kepriwe sih? (jawabe sante)
Kasmi : Kaya kue tok tanggepane..? ih.ih.ih. Ya
bahaya mbok Ti, mengko angger gurune
galak, gurune crewet, gurune nyebeli
kepiwe jajal Ti?
Karti : Sante bae lah Mi, ko ora gadang rugi
dadi batir ku, guru anyar kuwe ora bakal
galak maring aku, secara aku murid sing
paling sugih neng kene.

36
Ora ganti sue bocahan pada reang-reang, bel
tanda mlebu kelas moni. Barang ora sue ana guru anyar
sing tes pada domongi. Gurune gede, duwur, lan gagah.

Pak Guru : Sugeng enjing bocah-bocah..


Murid : Sugeng enjing pak...
Pak Guru : Kenalna jenenge pak guru Bapak Tejo.
Bapak asale sekang Dunagara. Neng
kene bapak ditugasi kon dadi wali kelas
IX B lan mulang Bahasa. Jawa ngerti.?
Murid : Ngertos pak.
Pak Guru : Okeh mayuh pada dimulaih pelajarane.
Tapi sedurunge pak guru kepengin absen
disiklah pada mangkat apa ora jajal ki
bocahe.
Pak Guru : Sukirman.
Sukir : Sukirman wonten pak.
Pak Guru : Kartono.
Karti : Kartono ora mangkat pak, jerene ora
disanguni dadi ora gelem sekolah.
Pak Guru : Turkiman . A.
Kasmi : Turkiman . A mriang..
Pak Guru : Kartinah.
Karti : Wonten pak.
Pak Guru : Kasmiati.
Kasmi : Kula pak.
Pak Guru : Halah dadi sing mlebu kur bocah telu
tok ki. Wah gaul kiye wong sing diabsen
bocah 25 koh sing mangkat kur bocah 3
tok. Ya sehubungan karo pelajaran
Bahasa Jawa maka Pak Guru arep
mulang tentang Antonim.Antonim

37
kowe perlawanan kata dadi katakata apa
bae mesti ana lawane. Misale langit
lawane bumi, paham anak-anak?
Murid : Paham pak..
Pak Guru : Lah siki pak guru arep nyebutna kata-
kata apa bae mengko ko pada golet
lawan katane. Mudeng?
Murid : Mudeng.
Pak Guru : Ya, kata sing pertama pinter.
Murid : Bodo.
Pak Guru : Duwur...
Murid : Endep.
Pak Guru : Hahahaa siki madang.
Murid : Hahahaa siki kencot.
Pak Guru : Lho lho lho deneng kencot?
Murid : Lho lho lho deneng madang?
Pak Guru : Kue salah kue dudu kencot.
Murid : Kue bener kue dudu madang.
Pak Guru : Sing pada bener.
Murid : Sing pada salah.
Pak Guru : Wis pada bubar pada bubar!
Murid : Urung pada kumpul pada kumpul!

Sebab Pak Tejo bingung maring kelakuan-


kelakuane murid-muride kue Pak Tejo nekat mejet bel
bubar. Ngantikan akhire bocahan dadi pada bubar
temenan alias bali gasik.

Kasmi : Asik ya Ti, diwulang Pak Tejo kaya ki


dadi bali gasik.

38
Karti : Iya sih asik.. Tapi lewih asik sih prei
sisan.
Sukir : Hmm... emange pada seneng yah ngger
bali gasik, aku sih biasa bae malah
ujarku tah eman-eman wektune.
Kasmi : Ora usah sok rajin lah...
Sukir : Hmm...

Dina esuke murid kelas IX B geger maning soale


ana kabar arep ana murid anyar.

Kasmi : Ti, jerene nin arep ana murid anyar.


Karti : Oh... Lanang apa wadon?
Kasmi : Wadon, bahaya temenan, jere bocahan
bocahe ayu, pinter sugih maning Ti.
Karti : Wahh.. bahaya kie, ora bisa dijorna
pokoke. Eh tapi seayu-ayune kae mesti
esih ayuan aku lah.
Kasmi : Ora Ti, jere bocahe ayu banget, kowe
kalah pokoke.
Karti : Huuhhh...
Pak Guru : Assalamualaikum anak-anak.
Murid : Wangalaikum salam.

Mbarang pak Guru salam jebule temenan ana


bocah wadon mlebu, bocahe ayu, duwur lan putih.

Karti : Kie tah temenan bahaya gieh Mi..


Kami : Gweh mbok Ti, omonge nyong bener.

39
Pak Guru : Anak-anak kenalna kie murid anyar.
Ayu mbok hahaha. Siki ngeneh kowe
maju kenalan karo batir-batir.
Rani : Nggih pak. Batir-batir kenalna
jenengku Rani, asalku sekang
Karangkejimong. Aku pindah ngeneh,
sebab ibuku ditugasi dadi bidan neng
wilayah ngene.
Pak Guru : Ya. Okeh Rani siki koe njagong
nggolet panggonan. Sukir Rani njagong
karo kowe ya.
Sukir : Nggih pak. (sukirman kenalan karo
rani) sukirman
Rani : Rani

Pas istirahat Karti lan Kasmi mburu Rani.

Rani : hey kenalna aku Rani.


Karti : Heh bocah anyar, ko ora usah sok ayu
lah...! Meleih nin.
Rani : Maksude apa yah?, aku kan kepengin
kenalan kambi kowe apa salah sih?
Karti : Salah, Ya asal ko ngerti bae yah, neng
sekolah ki nyong kowe bocah sing
paling ayu, sugih, pinter maning, dadi
kowe ora usah sok nyaingi nyong lah!
Rani : Nyong salah apa yah nyong be lagi
meneng-meneng mbok. Emange nyong
wis ngapakna kowe?
Kasmi : Hihh gweh Ti, nyolot banget. Rai-rai
blagu kudune hajar bae Ti!

40
Karti : Ok. Urusane dewek urung rampung ki
yah..

Pas bali sekolah Karti lan Kasmi biasa bali


bareng ijik-ijik ana Sukir kambi Rani mburu Karti lan
Kasmi

Sukir : Heh Ti, Mi ko maring batir anyar aja


kaya kowe. Mbok ya sing akur. Rani be
ora salah apa apa mbok maring kowe
Kasmi : Brisik kowe lah.
Sukir : Domongi bener-bener koh yah.
Rani : wis orapapa lah kir

Esuke Karti lan Kasmi duwe rencana arep


ngerjani Rani. Akhire pas istirahat Karti lan Kasmi
temenan ngerjani Rani. Pas lagi istirahat Rani lagi neng
njerokamar mandi ijik-ijik Karti lan Kasmi teka ngunci
lawang WC sekang njaba. Rani keponto neng njero
kamar mandi kambi ngorong-ngorong njaluk tulung

Karti : Kawus ora.. Hahaa.


Kasmi : Hahaha.. berhasil Ti.

15 menit kemudian Sukir krungu ana bocah


njaluk tulung. Akhire Sukir Mburu lan nulungi mbukak
lawang WC. Jebule sing keponto si Rani.

41
Sukir : Lho deneng ko bisane keponto?
Rani : Aku ora ngerti, kayane miki ana sing
ngunci sekang njaba loh.
Sukir : Kue mesti ulaeh Karti lan Kasmi.
Rani : Aja suudzon disit lah kir, kan urung
mesti Karti karo Kasmi pelakune

Pas bali sekolah Sukir nemoni Karti lan Kasmi.

Sukir : Koe mesti sing ngunci lawang WC


yah? Ko aja kaya kue lah aku ora trima.
Kasmi : Angger iya piwe? Masalah hah?
Pak Guru : Ana apa sih reang-reang?
Sukir : Kue pak Karti lan Kasmi montokna
Rani neng WC. Apa ora kebangeten sih
Pak.
Karti : Brisik lah!
Pak Guru : Mbok ya sesama batir sing pada akur.
Karti+Kasmi : Nggih pak.
Sukir : Gweh... sirik kuwe tandane kowe ora
mampu ngerti.
Karti+Kasmi : Oh..

Pas lagi Karti lan Kasmi nyebrang, ijik-ijik ana


trek sing arep nyrempet kue Bocah. Rani weruh trus
langsung mlayu berusaha nulungi Karti lan Kasmi. Rani
njorogna Karti lan Kasmi ben ora ke srempet trek mau.
Akhire Karti lan Kasmi tiba maring pinggir dalan.

42
Karti+Kasmi : Aduh...aduhhh...
Rani : Ora papa mbok, ana sing lara? Ana
sing lecet. Priwe priwe?
Karti : Ora lara sirahmu peang sih!
Kasmi : (Kasmi krisik-krisik maring Karti) Ti,
dipikir-pikir Rani atine apik yah?Dewek
mbok wis jail tapi Rani gelem nulungi
dewek ya.
Karti : Iya yah. Aku tembe nyadar aku salah.
Kasmi : Suwun ya wis nulungi nyong. Mungkin
ngger langka ko aku karo karti mesti wis
mati ndean.
Rani : Iya pada-pada. Sesama batir emang
kudu saling tulung. Nyong juga wis
Maafna ko pada koh. Mungkin ko pada
khilaf
Karti : hmmm.. Siki ko gelem ora dadi batire
aku ?
Rani : Iya aku gelem lah, masa iya ora
gelem.
Karti+Kasmi : Suwun ya Ran, ko gelem dadi batire
dewek.
Rani : okee.

Akhire Karti, Kasmi lan Rani siki dadi batir


akrab.

TAMAT

43
SOMBONG NGERUSAK
KEKANCAN

Dara, Desy, Dika, lan Nindy uwis suwe


dadi konco. Cah papat kuwi dasare anake wong
sugih. Kerep jajan bareng-bareng kerep seneng-
seneng bareng. Ananing ,, kabeh dadi maleh pas
bapake Dika bangkrut. Neng ruwang kelas pas
agek piket.

Dika : Dar, aku entuk njaluk tulung ra?


Dara : (etok-etok ra krungu)
Dika : heeee! Dar! Njaluk tulung entuk ra?
Tulung balekno sapu iki sisan, kowe
yowis rampung nyapune to!
Dara : apa? mbaleke. ra sudi!
Dika : asem! kowe i bar mangan opo to
Man? Kok ndengaren Judes men karo
aku
Dara : arep ngopo? Mangan opo yo uduk
urusanmu! Wis minggiro kono!
Desy : wis-wis, kowe i do ngopo to? Kok
tukaran wae. Nak enek masalah iki
yo mbok di omongke apik-apik
Nindy : hooh. lha ngopo to Dar? kok kowe
koyok nesu karo Dika ngono
Dika : (nyelehke sapune) ora! sopo seng

44
ngomong? Awake dewe apik-apik ae
to Dar?
Dara : Ora! Aku saiki ra seneng karo
kowe, kowe saiki mlarat, wis do
minggir- minggir!
Lungo neng mburi karo nggowo sapu.

Desy : Sek yo tak marani Dara disik


(Lungo)
Nindy : (gedeg-gedeg) Yo wis sante heee.
Pancen Dara iki wonge ngono. Rasah
mbok piker
Dika : Hah lhayo to Nin. Aku yo ra ngiro
Dara ngono. Jebolno wonge sombong
banget.
Nindy : ssst ojo banter-banter wonge ndak
krungu. (krungu suara bel) Ho! wis
bel. Gek balekno sek sapune.
Wis pirang-pirang ndino Dika karo Dara ora
dolan bareng. Dara milih dolan karo Desy lan cah
sugeh-sugeh liyane. Terus, sak wijine esok
Desy : Dar, kowe ngerti ra?
Dara : opo?
Desy : Aku nduwe Hp anyar. lho iki. isoh
dipencet- pencet layare lho, kowe Ra
nduwe to?
Dara : eh. Hooh apike, opo merek e?
Regane piro?
Desy : iki Hp iPune Regane murah. Mung

45
7juta.hp pinter lho iki.
Dara : Halah. Mung semono to regane?
murah no bapakku kan bos
Desy : (Kaget) wuss! elok tenan. yo wis
sesok tukuo yo, seng luwih apik teko
iki.
Dara : (Pede) iyo gampang iso diatur
Desy : halah!
Wektu muleh sekolah Dara wis tekan omah.
Terus langsung
Dara : Pak, pak e tukok ne Hp!
Pak.Zainul : heh! Opo? reneo!
Dara : pak. Anu tukok ne Hp Pak
Pak.Zainul : opo? Tuku Hp maneh? Lha Hp
museng kuwi arep kok nggo opo?
Dara : iki kurang apik, usume saiki Hp
seng iso ditutul layare
Pak.Zainul : Buk! Buke
Bu.Novi : yo kosek, enek opo to pak?
Pak.Zainul : kandanono anakmu kono!
Bu.Novi : nduk, ngene lho. Tak kandani yo.
Neng ojo kaget!
Dara : enek opo to Buk?
Bu.Novi : piye yo? Bapakmu iki enek masalah
ning kantore, enek kliene bapakmu
seng wis marai rugi perusahaan
Dara : maksude?
Bu.Novi : yo kowe ra iso tuku Hp. Bapakmu
kapusan mulo awake dewe kudu
hemat, rasah tuku sing ra penting.
Omah iki, sesok kudu ditinggalke,

46
keluarga iki kudu golek omah seng
luwih sederhana. terus omah iki di
dol.
Dara : Opo? oh ora mungkin! maksude
bangrut? ora urusan! Pokoke kudu
tuku Hp! Titik!
Pak.Zainul : (Brakkkk) kowe ra sah ngeyel,mbok
yo ngerti keadaane wong tuwo
mlarat ngono lhooo!
Dara : nanging aku
Pak.Zainul : ra enek nanging-nangingan, pokoke
kowe kudu hemat!
Dara : asem! (lungo neng kamare)
Pak.Zainul : ngomong opo kowe? (lingguh)
Kurang ajar banget cah kuwi!
salahe sopo seng manjakke?
Pak.Zainul : buk piye nek saiki ngejak Dara
neng ngendi ngono?
Bu.Novi : lha neng ngendi?
Pak.Zainul : wis kuwi rahasia. Pokoke celuken
Dara, nek ora gelem omongono arep
di tukokne Hp
Bu.Novi : nggeh pak
Bu.Novi : Dara, reneo sek nduk! arep di jak
bapakmu
Dara : yo ( moro) arep sido ditukokne Hp
to Buk?
Bu.Novi : yo embuh, pokoke meluo bapakmu
sek.

47
Dara karo Bapake numpak mobil neng ngendi
ngono. Terus, Dara mikir. Lho kok aneh, ambune
ngapusi iki
Dara : (miduk soko mobil) lho kok rene
ngopo kok rene, ora arep tuku Hp
to?
Pak.Zainul : cobo deloken uwong-uwong kuwi
saben dino kerja keras gor dinggo
Mangan, awake dewe kudune ber
syukur wis urip kecukupan saben
dino. Kowe kudune ngerti, uwong-
uwong iki ora saben dino iso
mangan, kadang-kadang mangan mor
nganggo sego aking. Tak kandani yo
nduk urip ki ora mesti neng nduwur
terus utowo neng ngisor terus. Nek
awake dewe tau sugeh, awake dewe
yo kudu siap dadi mlarat. Ngerti?
Dara : Nggeh ngertos pak
Pak.Zainul : ngerti tenan po ra?Dadi sido tuku
Hp po ra?!!
Dara : mboten usah mawon pak.kulo
nyuwun ngapunten nggeh pak. Kulo
sampun sadar.
Pak.Zainul : lha ngono lo, yo tak ngapuro,
rapopo, nanging ndungaren kowe
nganggo boso kromo karo bapak he
nduk?
Dara mikir nek sesok arep njaluk sepuro
karo Dika lan dadi koncone meneh. Esok wis teko,
pas arepe bel masok. .

48
Dara : Dik Dika!
Dika : ngopo he? Jarene ra pengen kenal
meneh karo aku.
Dara : sopo seng ngomong?
Dika : yo wis arep ngomong opo?
Dara : ngene anu aku njaluk sepuro yoo
(karo ngejak salaman)
Dika : Ora. Ora enek sepuro-sepuroan!
Dara : Loh?
Dika : Ora-ora aku mok guyon.yo genah
tak sepuroni. (karo salaman)
Nindy : Lha mbok ngono koncoan wes ket
biyen kok arep musuhan yo po ra
Des?
Desy : hooh! Terus kowe sido tuku Hp po
ra?
Dara : Ora kok Des. Bapakku kapusan.
Saiki keluarga ku lagi krisis
Desy : Oowwww
Dika : Hooh to Dar, yo wis rapopo. Mesti
enek jalan keluare pokoke gawe
penak ae
Dara : Bener omongmu Dik.
Akhire Dika nyepurani Dara, konco-koncone
liyane melu seneng Dara wis berubah dadi apik lan
ora sombong maneh.

49

Anda mungkin juga menyukai