Anda di halaman 1dari 8

Skenario Drama

“Ande-ande Lumut”
Prolog
Kadadosan ing Negari ingkang gemah ripah loh jinawi , tata tentrem kerta
raharja . wonten salah sawijining pangeran ingkang gesangipun sarwe
kacekapan . pangeran kala wau inggih punika putra mahkota ingkang bade
nglajengake tahta kerajaan .
Ananging pangeran kala wau mboten marem kalih gesangipun ingkang
kacekapan . pangeran kapingin lelono. Nglampahi wono. Pangeran kepingin
madosi jati dirine ugi penggalaman gesang . saking mriku wau kawiwitan
lelampahan gesangipun pangeran ingkang manggihake sisihan gesangipun
inggih punika lare wadon ingkang sae manahipun lan ayu pasuryane.
Bagian 1 :
Ing alas
Kalih tiang kaneman mlampah ngelewati wono ingkang rimbun . ningali
kanan keringipun mboten bilih wonten kewan utawi peksi ingkang saget
dipun buru. Kaneman bagus kalihan pandereke. Paneman wau
sakyektosipun inggih punika pangeran ingkang lelono kangge pados jati
dirinipun .
(keterangan: Dua orang berlangsung waspada melihat keatas & kebawah, mencari
binatang buruan)
DIMAS=Pangeran                       :   Jo… bejo… kowe neng endi? jo…. bejo…
ADIT=Bejo                              :   Pangeran….  Pangeran…. Panjenengan wonten
pundi pangeran?….
(keterangan: berlangsung mundur…. Kemudian bertabrakan bersama, hingga
gelimbungan).
DIMAS=Pangeran                       :   aduh…  kowe kui ati-atio….
ADIT=Bejo                              :   hehehe.. ngapunten pangeran… kula mboten
ngertos pangeran enten wingking kula…
DIMAS=Pangeran                       :   rene Jo rene!!!…. Aku arep cerita.
ADIT=Bejo                              :   wonten napa pangeran….
(keterangan:  dua orang duduk bersama & bercerita)
DIMAS=Pangeran                       :   Kok renek kewan dina iki ya?
ADIT=Bejo                              :   Injih pangeran sepi sanget…!!!
(Keterangan : Pangeran & pengawalnya berdiri, Kaget menyaksikan ada orang di
hadapan mereka)
DIMAS=Pangeran                      :   Siapa kui jo…
ADIT=Bejo                             :   kula mboten ngertos pangeran.
DIMAS=Pangeran                      :   ngapunten bu , kula bade tanglet?
(keterangan:  Yang ditanya membisu, tak menjawab, sibuk dgn kayu bakarnya)
Pangeran                      :   Kulanuwun… bu….
(keterangan:  Pangeran mendekat pada mbok rondo, tiba-tiba mbok rondo
terkejut menyaksikan pangeran)
TIWI=Mbok rondo dadapan      :   waladalah…. Sapa kowe?..
Pangeran                       :   kula penggembara bu… ngapunten niki dusun napa?
TIWI=Mbok rondo dadapan       :   Iki dusun dadapan le… kowe arep ngapa neng
kene??
DIMAS=Pangeran                        : kula bade menggembara bu… ananging kula
kehilangan arah mboten ngertos dalane.
TIWI=Mbok rondo dadapan       :   Wah.. yow wes…kowe melu mbok wae pie le ??
tak dadekne anak angkatku yen kowe gelem.
DIMAS=Pangeran                        :   Wah.. injih bu kulo purun bu..
TIWI=Mbok rondo dadapan        :   mulai sekiki kowe dadi anakku.kowe         tak
jenengke ande-ande lumut ya le.
(keterangan:  Pangeran bareng dgn pengawal & mbok rondo pergi menuju
rumahnya)
Bagian 2 :
  Dirumah keluarga kleting-kleting
Wonten injang ingkang terperinci Mbok rondo kleting nyawiji kalihan putri-
putrinipun. Putri-putri Mbok rondo kleting sanget ayu pasuryane,
piyambake inggih punika kleting merah,kleting hijau ugi salah sak
tunggaling putri tirinipun  ingkang nami kleting kuning.
Mbok rondo kleting sanget remen lan tresno kalian putri-putrinipun ,
ananging benten kalian kleting kuning, dados putri tiri piyambake sanget
dibentenake katresnonipun. Kleting kuning didawuhi nyapu,ngresiki griya
lan ugi nyambut dame ling sawah . sanget mrihatinake kleting kuning.
(keterangan: datanglah kleting kuning menenteng sapu, menyapu & mengepel
lantai. Duduk di pojok ruangan. Tak lama tiba mbok rondo memantau kleting
kuning. Disusul sodaranya kelting merah,dan hijau berjalan menuju mbok rondo)
TIWI=Mbok rondo Kleting           :     Anak-anakku  sing ayu-ayu…rene ndug
AUDI+TIWI =Kleting-kleting                  :     injih . Mbok…
TIWI=Mbok rondo                      :     ngene ndug ana info sing penting banget…
AUDI=Kleting abang                   :     Berita apa to mbok…
TIWI=Kleting ijo                        :     iya mbok enten napa ta??(manja, mendekat
sambil memegang tangan mbok rondo kleting)
TIWI=Mbok rondo kleting            :     kowe ngerti ta… mbok rondo dadapan kui
duwe anak sing bagus banget, jenenge ande-ande lumut.
AUDI+TIWI =Kleting-keleting                 :     Owh… ande-ande lumut…. Bagus!!!!
Wahh gelem no….
TIWI=Mbok rondo klenting          : iyo,, mbok rondo dadapan gawe saembara
kanggo anake ande-ande lumut sing lagi goleki garwo pendampinge…
AUDI=Klenting-klenting                 : wahh ,,,purun sanget bu….
(keterangan :kleting merah & hijau bersama bergaya manja, centil)
TIWI=Mbok rondo kleting            :     iya… mengko mbok arep dandani kowe-
kowe gen dadi putri sing ayu-ayu, sapa ngerti salah sijine kepilih dadi garwone
ande-ande lumut.
AUDI+TIWI =Kleting-kleting                  :     Iya mbok.. purun_purun…
AUDI=Kleting abang                   : wahh kudu aku sing diseleksi mengko, kan aku
ayu…
TIWI=Kleting ijo                        : ora iso,,!!mesti aku sing diseleksi ande-ande lumut
dadi garwone….
TIWI=Kleting kakak                : heh!! Aku kan luwih tuwo saka kowe…kudune kowe
ngajeni gue dadi mbakyumu…!!!!
TIWI=Mbok rondo kleting         :  wes-wes to!! Rasah padu..anak-anake
mbok kan ayu-ayu,,rasah do udur…!!   Gek neng njero,,siap-siap podonan!!!
AUDI+TIWI=Kleting-kleting                  :injih  mbok….
(keterangan: kleting merah,hijau meninggalkan mbok rondo & masuk kerumah)
Mboten dangu melih , kleting kuning ingkang saking wau mirengake
pirembugan saderekipun , datengi mbok rondo lan obrolan.
AUDI=Kleting Kuning                  :     Mbok… kulo bade matur…
TIWI=Mbok rondo kleting           :     Matur opo….? Apa kowe wes rampung
nyapune ?
AUDI=Kleting kuning                  :     Sampun mbok…, ngenten  mbok… kula inggih
kepingin nglamar dados garwone ande-ande lumut kados mbakyu-mbakyu
klenting.
TIWI=Mbok rondo kletling           :     Owh yow wes..rene tak dandani kowe .
(keterangan:  mbok rondo memperlihatkan angus & bacin-wangi tak sedap pada
Kleting kuning)
TIWI = Mbok rondo Kleting           :     yow wes sakiki kowe ngumbahi klambi-
klambine mbakyumu karo gone mbok neng kali kono.
(keterangan:  Mbok rondo mendorong Kleting kuning dgn bergairah)
AUDI=Kleting kuning                  :     Injih mbok…
(keterangan:  Kleting kuning meninggalkan mbok rondo & menuju dapur)
TIWI = Mbok rondo Kleting           :     Hahaha… muga-muga sing ditrima dadi
garwone ande-ane lumut  yaiku salah sijine anak-anakku.. dudu kleting kuning.
(keterangan:  mbok rondo kleting tertawa terbahak-bahak, menuju kedalam
rumah)
Kleting kuning nampi menapa ing ingkang dipun langkahi kanti sabar dipun
dawuhake mbok rondo kleting ditampa kanti lemah manah .
dirumah keluarga kleting-kleting
Bagian : 3
perjalanan menuju sungai,, suara ghaib
Kleting kuning saben dinten nyambut damel ,ngresiki griya,ugi nyambut
damel wonten lading. Mboten karaos sayah lan keluh kesah . sinaos
piyambake dipun damel mboten sae kaliyan mbok rondo klenting. Naming
piyambake ugi Gusti Allah ingkang ngertos sengkowo piyambake .
piyambake ngajengaken Gusti Allah bade maringi ganjaran ingkang sae
kangge piyambakipun.
AUDI=Kleting Kuning             :   Duh… Gusti ngenten niki geangipun kula…mugi-
mugi kula saget nampi kanti lemah manah.
suara ghaib
JULFI=Suara Ghaib                :   Hai… cah wadon ayu.
AUDI=Kleting kuning             :   Siapa kui…
JULFI=Suara Ghaib                :   Kowe rasah wedi.. gue sifat sae sing ana ing njero
awakmu. …
AUDI=Kleting kuning             :   ameh ngapa kowe?..
JULFI=Suara Ghaib                :   Aku arep menehi kowe pusaka… terimonen …
mugo-mugo pusaka iki keguna karo kowe. Iki jenenge Jimat Kalimosodo.
Terimonen cah ayu.
AUDI=Kleting kuning              :   Injih matur nuwun..
(keterangan:  Kleting kuning meninggalkan sungai dgn menjinjing pusaka
barunya).
Bagian : 4
Yuyu kangkang
Lan salah sawijining lepen ingkang toyonipun santer , wonten mriku yuyu
kangkang gesang. Piyambake ingkang nguasani lepen menika .
piyambakipun si yuyu kangkang ingkang julik.
(keterangan:  Yuyu kangkang sang penjaga sungai sedang mondar-mandir
mengawasi bila ada orang tiba).
JULFI=Yuyu kangkang                 :   Hohohoho…. Godong waru ko bolong-
bolong… bocah ayu ko moblong-moblong….Sapa kae sing teko??
(keterangan: lalu datang Kleting Merah    dan hijau menuju pinggir sungai)
AUDI=Kleting abang                    : Wah… kaline banjir…
TIWI=Kleting ijo                     : Iya mbakyu… piye carane awake    dewe nyebrang??
TIWI =Kleting kakak                   : kosek-kosek…….kae ono yuyu kang-kang to????
TIWI=Kleting ijo                      : Wah… iya.. ayo jaluk tulung yuyu kang-kang wae
mbakyu..
AUDI = Kleting abang                   : Iya ……….Yuyu kangkang… yuyu kangkang…
ZULFI = Yuyu kangkang                  : Hahaha… ana apa cah ayu-ayu…
TIWI = Kleting kakak                    : Yuyu kangkang… gue jalik tulung kowe….tolong
sebrangke melalui kali iki…
ZULFI = Yuyu kangkang                    : Wah…abot banget kui, tapi enek syarate cah
ayu….enek imbalane
AUDI = Kleting abang                      : imbalane apa to…kon mbayar ngango duit?? 
Wah kowe kui mata duitan…
TIWI = Kleting ijo                         : yow wes lah yen duit mudah….mengko tak
bayar..
ZULFI = Yuyu kangkang                    : dudu duit…saya rak doyan…. Hahaha
TIWI+AUDI = Kleting-kleting                     : Prett….
ZULFI = Yuyu kangkang            : Imbalane yaiku ngango tangamu..
AUDI = Kleting abang              : apa tanganku???ameh bok kapakne??
ZULFI = Yuyu kangkang           : ora tak kapak-kapakne…mung tak ambung sitik…
TIWI = Kleting ijo                  : ihhhhh,,,emohh ahh….gilani…
TIWI = Kleting kakak             : iyo,,apa renek imbalan liyane..??mosok tanganku
sing wangi iki bok ambungi??hiiiii
ZULFI = Yuyu kangkang           : yow wes yen wegah…yen suwe-suwe mengko
imbalance nambah…
(keterangan: kleting merah & hijau berembug)
AUDI = Kleting abang             : yow wes,,,tetapi neng tangan wae,,sedilit tok….
(keterangan: yuyu kangkang menyebrangkan kleting merah. & hijau bergantian)
ZULFI = Yuyu kangkang            : Wah…  seneng banget gue iso ngambung
tangane cah wadon ayu-ayu..
(keterangan:  datanglah kleting kuning akan menyebrang)
ZULFI = Yuyu Kangkang             :   Hohoho.. apa kui??.. ambune rak lezat,,,rupane
elek banget.
AUDI = Kleting Kuning               :   Wah… kok banjir to??pie carane gue iso
nyebrang??
Wah kae enek yuyu kangkang,,yuyu kangkang merene.tolong sebrangne aku.
ZULFI = Yuyu kangkan                :   Hahaha… gue wegah
AUDI = Kleting kuning                :   mengko tak keki duit…
ZULFI = Yuyu kangkang              :   gue wegah… wes kono lungo.. ojo rene meneh!!
dasar wung wadon elek
AUDI = Kleting Kuning               :   alah…kowe kok jahat to Yuyu kangkang…
(keterangan: Kleting kuning mengeluarkan biting)
AUDI = Kleting kuning                :   Yow wes yen kui karepmu. Aku arep gawe kali
iki asat.
Dumadaan lepen menika asat , yuyu kangkang kacilakan lajeng kesah tebih.
Sak lajengipun klenting kuning saget lumampah nyebrang lepen menuju
griya mbok rondo dadapan , griyanipun si ande-ande lumut.
(Yuyu kangkang mati)
Bagian 5
dirumah mbok rondo dadapan (awal)
Salah sawijining dusun ingkang nami Dadapan , mbok rondo nembe nyapu
griya , wonten ndalem mriku wau si ande-ande lumut nembe ngaji wonten
salah sawijining surau . ngentosi gengantilaning manah ingkang dipun
janjiaken Gusti Allah kangge piyambake.
(keterangan: Mbok rondo sedang menyapu halaman rumah, tiba-tiba tiba
rombongan gadis-gadis elok, kleting merah, biru & hijau)
AUDI + TIWI = Kleting-kleting                    : Assalamu’alaikum…
TIWI = Mbok rondo dadapan           : Wa’alaikumsalam, sapa ya…
AUDI = Kleting abang                      : kula mbok…Kleting Merah
TIWI = Kleting ijo                           : kula kleting hijau mbok…
TIWI = Mbok rondo dadapan           : wah.. ono cah wadon ayu-ayu arep ngopo
iki??
AUDI+TIWI = Kleting-kleting                     : Kita arep nglamar Ande-ande lumut
mbok…
TIWI = Mbok rondo dadapan           : Owh.. arep nglamar ande-ande lumut… sek
ya… tak omongne ande-ande lumut…
(keterangan:  mbok rondo menyanyikan lagu)
(kleting kakak)
TIWI = Mbok rondo dadapan           : Putraku si ande-ande lumut.. temuruno ono
putri kang ngunggah-unggahi… putrine Ngger sing ayu rupane.. kleting abang
iku kang dadi asmane…
DIMAS = Ande-ande Lumut                    : Duh ibu… kulo mboten purun… aduh ibu
… kulo mboten medun… najan ayu sisane si yuyu kangkang.
Mbok rondo dadapan               : Wah… ora gelem ki nduk….
TIWI = Kleting hijau                           : Cobi kulo mbok…
(kleting ijo)
TIWI = Mbok rondo dadapan                : Putraku si ande-ande lumut.. temuruno
ono putri kang ngunggah-unggahi… putrine Ngger sing ayu rupane.. kleting ijo
iku kang dadi asmane…
DIMAS = Ande-ande Lumut                      : Duh ibu… kulo mboten purun… aduh
ibu … kulo mboten medun… najan ayu sisane si yuyu kangkang.
TIWI = Mbok rondo dadapan                   : wah… ora glem kabeh kae…
(Tidak usang kemudian, datanglah Kleting Kuning, dr kejauhan sudah tercium
bau yg tak yummy, parasnya coreng moreng karena debu.)
(keterangan : datanglah Kleting Kuning menuju mbok rondo)
AUDI = Kleting kuning                           : Assalamu’alaikum…
TIWI = Mbok rondo dadapan                  : wa’alaikumsalam… sopo iku ya…
AUDI = Kleting kuning                           : kula Kleting kuning mbok… bade nglamar
Ande-ande lumut.
TIWI = Mbok rondo dadapan                  : Opo.. arep nglamar anakku??? Ora salah
to…
AUDI = Kleting merah                            : La iyo… rupamu elek ambumu rak
enak.saya wae sing ayu ditolak kok sansoyo kowe??
AUDI = Kleting Kuning                           : Di coba disik mbok…
(kleting Kuning)
TIWI = Mbok rondo dadapan                  : Putraku si ande-ande lumut.. temuruno
ono putri kang ngunggah-unggahi… putrine kang olo rupane.. kleting kuning iku
kang dadi asmane…
DIMAS = Ande-ande Lumut                     : Aduh ibu… kulo inggih purun… dalem
putro inggih bade medun, najan olo meniko kang putro… suwun.
TIWI= Mbok rondo dadapan                : Lo… apa rasalah kowe le tole??
DIMAS = Ande-ande Lumut                     : mboten bu niki sampun dadi pilihane
kula
(keterangan ; kleting-kleting kusak-kusuk)
TIWI = Mbok rondo dadapan                : Owh.. yen kui pilihanmu karepmu le..ibu
manut wae.
DIMAS = Ande-ande lumut                     : Ibu.. kula bade ngomong jujur setunggal
hal
TIWI = Mbok rondo dadapan                : Apa kui???
DIMAS = Ande-ande lumut                    : Ibu… sak jane iki kulo iku pangeran
ingkang menggembara golek penggalaman urip.
TIWI = Mbok rondo dadapan               : Apa… pangeran…???
AUDI+TIWI =Kleting-kleting                        : haa!!!!……???? Pangeran…???
(keterangan; kleting-kleting pingsan)
Pungkasane klenting kuning dados sisishanipun ande-ande
lumut ,pasuryanipun ingkang awon ugi mambet dumadakake dados putrid
ingkang ayu , sejatosipun piyambake inggih punika Putri Sekartaji . Lan
ande-ande lumut sakmeniko dados Raja ngetosi kerajaan Ramanipun .
pangeran ugi klenting kuning ,gesang slaras saklawase.

Anda mungkin juga menyukai