Anda di halaman 1dari 13

Guntur lan Gantari

Disusun oleh kelompok yang beranggotakan :


1. Ediestya Nur Rahmadina ( 06 )
2. Frida Zubaeda ( 08 )
3. Gunung Banyu Biru ( 10 )
4. Januar Muharom ( 12 )
5. Nipe Alnov Diasmoro ( 19 )
6. Putri Indah Mutiara ( 20 )
7. Quisya Nahla Kinanthi ( 21 )
8. Rayi Faiza Shahira ( 22 )
9. Ridho Kurniawan ( 25 )
10.Tisna Wijaya ( 29 )
Kelompok 1 VIIIH
Tokoh :
1. Gantari : Rayi Faiza Shahira
2. Guntur : Nipe Alnov Diasmoro
3. Jarot : Januar Muharom
4. Birawa : Tisna Wijaya
5. Bintari : Frida Zubaeda
6. Laksmi : Putri Indah Mutiara
7. Adhinatha : Ridho Kurniawan

PEMBUKA
Assalamu’alaikum wr wb. Sugeng enjing para rawuh sedoyo.
Nderek mepangaken nami kula Quisya Nahla Kinanthi
ingkang kadapuk dados pambuka acara, lan rencang kula..... .
Kita sedaya badhe nampilaken drama radio bahasa Jawi
kanthi lampahan Guntur lan Gantari. Kang nyritakaken
asmara Gantari kang diaturaken dening wong tuane.
Mugi para sedaya saget ngelipur, kula aturi mresani.
Ing jaman rumiyin, wonten kraton kang asri lan megah
ingkang dados penggenanipun Raja Birawa lan Ratu Bintari
kaliyan putri ingkang semata wayang yaiku Putri Gantari. Ing
sakwijining dinten...

Birawa : Gantari.., putri ingsun ingkang sulistyo ing warna, renea


cah ayu
Gantari : Sendika rama, rama ngersakaken menapa?
Birawa : Rama arep geguneman karo kowe, nduk...cah ayu.., rama
duwe kekarepan arep nikahake sliramu klawan sakwijining joko
kang bagus pasuryane, kang duwe aran Nak Mas Jarot
Gantari : Nuwun sewu rama.., Gantari mboten saged nampi idam-
idamipun rama
Birawa : Gantari.., apa sliramu ora seneng tenan?
Gantari : Nuwun sewu rama.., Gantari mboten tresna, kula
andarbeni hak milih sinten ingkang dados priyo sisihan kula

Saknalika Gantari nilaraken ramanipun...

Bintari : Lo enten napa Kang Mas? Enten wigati menapa kalih


Gantari?
Birawa : Gantari lunga ninggalake aku
Bintari : Kang Mas.., kula kedah dipadosaken Gantari sak menika
ugi!!
Kanthi raos ingkang mboten kanten-kantenan, Birawa sigra
medal nggoleki Gantari. Ing wekdal menika, Gantari tesih
melajar wonten alas gung liwang-liwung. Nalika piyambakke
wonten ing alas menika.., Gantari kaget amargi dipuncepeng
tanganipun kalih priyo saking wingking

Gantari : Aaaaaaa!!!! [Gantari mbengok]


Guntur : Menenga kowe! Aku dudu wong jahat
Gantari : Penjenengan sinten?
Guntur : Guntur, jenengku Guntur
Gantari : Nami kula Gantari
Guntur : Wah.., jenengmu apik tenan ya, ning ngapa kowe ning
alas dewekkan?
Gantari : Kula mung ngindani tiyang ingkang jahat dumateng kula
Guntur : Kuwi mbahayani tumprap kenyo kaya kowe, melua karo
aku!!

Gantari namung saged mantuk-mantuk, Gantari ngapusi kalih


Guntur kedadosan sing saktenane. Saklajengipun dugi daleme
Guntur..Gantari disumanggaaken dumateng tiyang sepuhipun
Guntur

Guntur : Gantari.., nepangaken tiyang sepuh kula, Pak Adhinatha


lan Ibu Laksmi. Bapak ibu kula tiyang ingkang sae
Sak menika saklebeting kraton..

Jarot : Sugeng siang Raja Birawa lan Ratu Bintari, kula mireng
bilih Putri Gantari melajar nilaraken Raja, napa niku leres?
Bintari : Niku leres Jarot..kula sedaya tansah sedih
Jarot : Ampun kuwatos Ratu..kula Jarot! Badhe madosi Gantari,
menawi mekaten..badhe kula nikahi Putri Gantari
Birawa : Janji karo aku Jarot..kowe kudu bisa nemuake putriku!
Jarot : Sendika dawuh

Ing siang menika Guntur badhe nangkep ulam wonten ing


telaga

Guntur : Gantari!! Aku arep nang telaga disik, sing ati-ati ya..jaga
awakmu
Gantari : Kang Mas..kula nderek!!
Guntur : Yowes saiki..kowe mlaku karo aku
Gantari : Sendika mas..
Guntur : Gantari...opo kowe ngerti?
Gantari : Yaa..

Guntur : Aku seneng banget nyawang sliramu, ayu tenan..opo


meneh kena sinar-ing srengenge isuk, pancen sampurna tenan,
widadari wae kalah ayune karo kowe
Gantari : Hahahaha..ampun ngaten lah Mas
Guntur : Tapi aku ngomong sing sakbenere Gantari...
Gantari : Sa-sampun to Mas, mboten dugi-dugi mangken lo

Sakdugine ning telaga..Gantari lan Guntur sumerep priyo


dewasa ning pinggiring telaga

Birawa : Gantari!!! Nang ndi kowe nduk!!! Rama kangen....


Gantari : Hah!! Mas..Monggo sami kesah!!
Guntur : Lo napa? Bukane kowe sek arep melu mau?
Gantari : Kula nyuwun Mas..
Guntur : Ana apa?! Tulung jelaske ro aku Gantari..
Gantari : Piyantun niku rama kula..kula ajreh
Guntur : Ana masalah apa emange?
Gantari : Rama kula ingkang gadah kekajengan bilih kula badhe
dipundaupaken kalih Mas Jarot, estunipun kula mboten remen,
pramila kula melajar lan kula saged kepanggih kalih njenengan
Guntur : Jarot?
Gantari : Wonten dawuh Mas?
Birawa : Sopo kuwi?!!
Gantari : Ayo sami kesah sak menika!!
Birawa : Nangopo ya aku kaya-kaya weruh putriku dewe? Saiki
nang ndi nduk?
Mrika-mriki Jarot tasih madosi Gantari, dewekke mboten
gadahi kesel, Jarot tansah usaha madosi Gantari. Pas Gantari
lan Guntur melajar, wonten suwanten Jarot teng wingking

Jarot : Heyy!! Lerenno kowe!!! Aku mung arep takon, apa kowe
wis pernah weruh Putri Gantari ning sekitar kene? Kenapa kowe
ora noleh? Heyy!!!
Gantari : Nyuwun ngapunten, kula mboten nate sumerep, kula
kesah riyin
Jarot : Suarane kaya Gantari, ora salah meneh kuwi mesti Gantari..

Saben dinten Gantari nelasake wekdal kaliyan Guntur. Ing


sakwijining dinten.....

Gantari : Hey! Guntur!! Kula nderek Ibu Laksmi teng wana


Guntur : sing ngati-ati ya

Wekdal tindhak teng wana, suwanten peksi kathah rame,


peksine sami ngoceh, merdu sangettt...Wonten mrika Gantari
sami ngendikan kalih Ibu Laksmi perkawis werni-werni

Gantari : Ibu Laksmi...napa ibu tepang kalih Raja Birawa lan Ratu
Bintari?
Laksmi : Iya..ibu kenal
Gantari : Napa ibu tepang kalih putrine?
Laksmi : Ora..ibu ora ngerti
Gantari : Huhh syukurlah..

Sakterase..wonten petani tumuju wanane Laksmi

Petani : Sugeng enjing bu lan ...hmm


Laksmi : O nggih sugeng enjing pak, napa sing bapak betahaken?
Petani : Saged mboten kula ngendikan kalih kenyo punika?
Laksmi : Monggo, nika tiyang ingkang sae
Adhinatha : Buuu!!! Mrenea parine wis mulai kuning
Laksmi : O inggih pak!! Sekedap kula badhe mriku!!
Petani : Kepiye kabarmu Gantari?
Gantari : Hah! Njenengan sinten?
Petani : Hahahaha!! Kowe ora kenal aku?
Gantari : Aja kakean guneman!!! Sapa njenengan?!
Jarot : Jarot, aku Jarot hahahaha!!! Lan kowe Gantari!!!! Ningopo
kowe dadi Putri kok kerja nang alas?! Aku arep ngadu karo Raja
Birawa
Gantari : Pancen!! Wong lanang sing kurang ajar!!!!
Adhinantha : Hee!! Nduk, ayo pada mulih, wetengku wis luwe
Jarot : Kowe tak tunggu dadi bojoku, Gantari..
Bebasan sampun dugi dalem, Gantari nyeriosake kedadosan
sing wau marang Guntur

Gantari : Kala wau kula kepanggih kalih Jarot, kula ajreh sanget
Guntur..
Guntur : Aja khuwatir, kowe mesti aman karo aku
Gantari : Guntur..menawi kula kecalan panjenengan, kados pundi
kaliyan kula?
Guntur : Rungokke..aku luwih mending kelangan awakmu
senadyan kudu weruh kowe kelangan awakku, aku janji marang
sliramu Gantari..

Saksampune Jarot saged nemuakke Gantari, Jarot banjur


nyeriosake masalah niku kalih Birawa lan Bintari

Jarot : Nuwun sewu Raja..lan Ratu.. wonten perkawis ingkang


wigati ingkang badhe kula aturaken dumateng penjenengan
Birawa : Opo kowe wis nemuakke Gantari, Jarot?
Jarot : Injih Raja..
Bintari : Njur kepiye bocah iki?
Jarot : Gantari sakniki nderek manggen wonten sakwijining
keluarga alit, ning pinggiring alas, kula mboten saged mbeta
Gantari sakniki
Birawa : Yowes, ben aku wae Jarot.., ning ngendi nggonne?
Maturnuwun
Jarot : Hahahaha!! Kowe sedela meneh bakal dadi sisihanku..

Leres mawon.., ing wayah enjing Birawa kaliyan Jarot budhal


wonten dalemme Guntur, ajeng mbeta wangsul Gantari

Birawa : Nuwun sewu...[tok..tok..tok]


Adhinatha : Oh Raja..Monggo kula aturi mlebet
Birawa : Ora perlu, maturnuwun. Aku mung arep gawa putriku
mulih
Adhinatha : Putri panjenengan? Ibuu!!! Mrenea!!
Laksmi : Enten wigati menapa pak?
Jarot : Ana ngendi Gantari?!
Laksmi : Gantari!! Nduk..
Gantari : Dalem bu.. hah!!
Birawa : Ayo muliho bareng rama nduk..
Gantari : Mboten! Kula mboten kersa rama!!
Jarot : Aja kaya ngunu ta Gantari..hahahaha!!! Saiki uga tak terna
mulih
Gantari : Mboten sah!!
Jarot : Ha!! Yen kowe ra gelem...
Gantari : Aku gelem mulih!! Yen aku didaupake marang Guntur!!
Guntur : Piye?!! Apa sing mbok omongke mau?!
Gantari : Kula tresna dumateng kang mas..kula nyuwun kanthi
sanget
Jarot : Halah!!! Tembungmu ki ora kena diugemmi!! Srettt [Jarot
mateni Guntur]
Gantari : CUBLUK!! NJENENGAN CUBLUK JAROT!!
CUBLUK!!
Jarot : Guntur luwih becik mati Gantari!!! saingga kowe bisa nikah
karo aku hahaha!!
Gantari : MBOTEN SUDI!!
Birawa : Jarot!! Apa sing kok lakoni ora gawe kowe hebat, aku
kuciwa karo kowe, kowe pantes dikunjara
Jarot : AHH!! SIAL!!
Laksmi : Guntur..tangio anakku..
Adhinatha : Dasar wong lanang ora pecus!!! Anakku mati mula-
mula kowe!!

Gantari muwun sesenggukan

Gantari : Guntur..njenengan kan sampun janji kalih kula.., bilih


njenengan ora bakal nilaraken kula rumiyin, tapi..[Gantari muwun]
Laksmi : Muliho Gantari, ibumu saiki wis nunggu teka mu, rilakno
Guntur sowan marang Gustine. Kita kabeh seneng duwe anak sing
kaya Guntur..[Laksmi muwun]
Adhinatha : Aku sak kloron ya rumangsa seneng bisa ketemu
marang kenyo sing apik kaya kowe.. Kowe bisa murugi Guntur
kapan anggonmu gelem
Gantari saha Birawa sakmenika wangsul kanthi ati ingkang
sedih

Gantari : Ibu..kula wangsul ibu..


Bintari : Hah! Gantari anakku..ning ndi wae kowe to nduk?
[Ngrangkul Gantari]
Gantari : Nyuwun ngapunten bu..
Bintari : Yowes mesti ibu paring pangapura. Nangopo kowe kok
sedih temen? Kudune kowe lak yo seneng?
Birawa : Kerana Guntur bu.. Gantari sedih ketinggal Guntur
Bintari : Guntur? Sapa dewekke?
Gantari : Piyambakipun ingkang nyelametaken kula nalika
rumiyin, Guntur ngabiyantu napa kemawon
Bintari : Aja terus-terusan sedih, Guntur mesti ora seneng yen
kowe sedih terus, menenga nggon mu muwun..
Birawa : Dina iki rama kuciwa karo kelakuanne Jarot!! Dewekke
kang wis mateni Guntur!
Bintari : Apa kuwi bener tenan? Aku ra ngira, kakang...
Birawa : Bojoku..anakku..sesok kita arep lunga nekani makame
Guntur. Awak dewe kirim donga kanggo Guntur
Gantari : Matursuwun rama..ibu..Gantari remen rama lan ibu saged
nampi Guntur kanthi sae. Lan kagem Guntur..kula tesih ajeg
nresnani njenengan. Mbok bilih wonten priyo ingkang seje sing
nresnani kula kados kula nresnani njenengan
Crita asmara iki katutup kanthi keikhlasan Gantari kanggo
sakpungkure Guntur, manungsa kang mboten ditakdirake
urip bebarengan.
TAMAT

PENUTUP
Cekap semanten drama kawula, maturnuwun kawigatosan
sedoyo menika. Nyuwun
pangapunten bilih wonten kekirangan. Wassalamu’alaikum wr
wb

Anda mungkin juga menyukai