Anda di halaman 1dari 2

‫ت‬

َ ‫ك اخْلَْيَر َحْيثُ َما ُكْن‬


َ َ‫ك َويَ َّسَر ل‬ َّ ُ‫َز َّو َد َك اللَّه‬
َ َ‫الت ْق َوى َو َغ َفَر ذَ ْنب‬
" Zawwadakallahut taqwa wa ghofaro dzanbaka wa yassaro lakal khoiro haytsuma kunta (Semoga Allah
membekalimu dengan takwa, mengampuni dosa-dosamu, dan memungkinkanmu di mana saja
berada)."

Assalamualaikum Wr.Wb
Alhamdulillaahi rabbil’ alamien
(lalu bacaan sholawat & salam kepada Nabi SAW)

Ingkang kawula hormati Bapak ...............


Ingkang kawula hormati Bapak ...............
Ugi sedoyo tamu undangan ingkang dimulyakaken Allah SWT

Ingkang sepindah kita raos syukur dumateng Gusti Allah SWT ingkang sampun maringi pinten-
pinten kenikmatan, sehingga ing dinten menika saged makempal wonten mriki kangge nderek
pengaosan walimatul safar.

Ingkang nomer kalih, kula minangka wakilipun Bp Sufyan, inggih menika badhe nyuwun pamit,
nyuwun idi pangestu kalian doanipun dumateng panjenengan sedoyo. Insya Allah Bp Sufyan
badhe nglampahi ibadah umrah, wonten dinten Senin, 27 November 2017.

Bilih sedayanipun Bp Sufyan anggenipun srawung kalih panjenengan sedaya katah kalepatan, Bp
Sufyan nyuwun agunging pangapunten. Mugi-mugi rawuhe bapak-ibu sedoyo kanti ikhlas .
Paring pangapunten ngge nggampilaken anggenipun ngibadah wonten Mekkah Al Mukaromah
lan Madinah Al Munawaroh. Mugi-mugi bapak ibu sedaya ingkang wonten mriki diparingi
sehat, paringi rezeki ingkang katah lan barokah sehingga saged kangge sangu ngibadah
dumateng tanah suci Mekkah.

Cekap semanten atur kula, mbok bilih wonten kalepatan anggenipun matur, kula piyambak
nyuwun pangapunten.

Wassalamualaikum Wr.Wb.

Assalamu'alaikum Warohmatullahhi Wabarokatuh.


Alhamdulillahi Rabbil 'Alamin Wabihi Nasta'in Wa'ala umuriddun Ya waddin. Wa'ala Alihi Washohbihi
Azma'in. Allahumma Sholli 'Ala Sayyidina Muhammad, Wa'ala Ali Sayyidina Muhammad.

Labbaikallahumma Labbaik... Labbaikalasyariiiiikalaka labbaik....Innal Hamda, Wanni'mata laka Wal Mulk


Lasyari Ka Lak.

Hadrotal Muhtaromin Para 'Alim Ulama' ingkang kawula patuhi sedaya dawuh-dawuhipun.
Para Pangembaning Praja Satriyane Nagari Ingkah satuhu dahat kinurmatan. Wabil Khusus dumateng
Bapak Kepala desa lan sak perangkatipun sedaya. Ingkang Kula hormati Bapa .... / Ibu ..... (Calon Haji)
Ingkang dipun Mulyaaken dening Allah SUbhanahu Wata'ala. Hadirin wal hadlirat Rahima Kumullah.

Ing ngriki kawula kumawantun ngadek wonten ngarsa panjenengan sami, Hanamung mundi dawuh
panjenenganipun Bapa .... / Ibu .... (shohibul Bait). Supados ngayahi jejibahan nglumataraken adicara
wonten ing enjang punika. Para Bapak saha para ibu ,   hadirin wal Hadirat Rahima Kumullah.

Kepareng kulo maosaken rantapaning adicara ingkang bade kalampah wonten ing enjang punika
Adicara ingkang angka setunggal nuninjih pambuka.
Dipun lajengaken waosan Ayat Suci Al-Qur'an.
Adicara ingkang angka tigo, sambutan shohibul Bait.
Adicara sak lajengipun inggih punika, Mauidloh Hasanah dipun tutup kaliyan do'a.
Ingkang sak lajengipun inggih punika pemberangkatan Calon Haji ingkang sak mangke dipun Purwakani
kaliyan adzan lan Iqomah.

Hadirin Wal Hadirat Rahima Kumullah.


Mangga sesarengan kito bikak adicara wonten ing enjang punika kathi waosan Ummul Kitab Suratul
Fatihah. 'Ala Hadihinniyah Bi Sirril Faaatihah.....

Dungkap reruncining adicara saklajengipun inggih punika Waosan Ayat Suci Al Qur'an, Ingkang bade
dipun sarirani kadang Kula kang Mas Bagus ..... (Asmane ingkang Qori'). Wekdal saha panggenan sak
wetahipun kawula sumangga aken. (sak bakdane qori dipun lajengaken)

Shodaqollahul 'Adhim. Shadaqollahul Adhim. Mugi Mugi, Waosan Ayat Suci Al-Qur'an Kala Wau bekta
berkahing Majlis wanten ing enjang punika. Amin Ya Rabbal 'Alamiin.

Adicara sak lajengipun Sambutan saking Shohibul Bait Ingkang bade pun sarirani panjenenganipun Bapa
.... (wakil tuan Rumah). Wekdal saha panggenan kawula aturaken, sumonggo! (sakbakdane sesorah
nembe dipun lajengaken.)

Adicara sak lajengipun inggih punika Mauidlah Hasanah. Wanten ing enjang punika bade dipun wedar
panjenenganipun Rama K.H. ....... (Dipun isi asmane Kyai). Wekdal saha panggenan kawula aturaken
sumongga.!

Hadirin Wal Hadirat Ingkang dipun mulyaaken dening Allah Subhanahu Wata'ala. Adicara ingkang
terakhir inggih punika Pemberangkatan Calon HAji . Kawula aturi Bapa .../ Ibu .... (asmane calon Haji).
Saha sedaya ingkang hadir Jumeneng  sakwetawis. (jeda, menawi sampun sami jumeneng, nembe
dipun lajengaken)

Mangga bapa ..../ Ibu .... (asmane calon haji) kepareng nyuwun pamit, salam perpisahan dumateng
sedaya hadirin. (MC : Labbaikallahuma labbaik, labbaikalasyarikalaka labbaik, innal hamda wanni'mata
laka wal mulk lasyari kalak, secukupnya sampai Calon haji berangkat)

Menawi wonten sasar sarune tembung ingkang mboten mahanani wonten ing manah panjenengan
sedaya, kula ngaturaken gunging samudra pangaksama. Billahi Taufik Wal Hidayah, Warridlo Wal
Inayah,..

Assalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

Anda mungkin juga menyukai