Anda di halaman 1dari 1

Panatacara Badhe Paripurnaning Gati

Wahyaning mangsa kala wus ndungkap paripurnaning adicara jumbuh kaliyan urut
reroncening adicara purwa, madya, wasana sampun kalampahan kaleksanan dening
kulawangsa, kanthi wilujeng kalis ing rubeda nir ing sambekala.
Minangka pratandha paripurnaning adicara, kasuwun panjenenganipun Bapa/Ibu
………………………………….., keparenga hanjengkaraken putra temanten sarimbit,
tumuju wiwaraning wisma pawiwahan, ingkang saperlu anguntapaken konduring
para tamu saha nyuwun tambahing berkah pangestu. Kanthi mekaten pratandha
pawiwahan prasaja ing siyang/dalu puniko sampun paripurna, sinartan sesanti jaya-
jaya wijayanti, mugi rahayu ingkang samya ginayuh. Jengkaring putra temanten
sarimbit sinawang gegleyongan lampahe ( Binarung : Ldr. Gleyong laras pelog
pathet nem).

Anda mungkin juga menyukai