Anda di halaman 1dari 2

Tuladha Aturipun Panatacara Sasampunipun

Pasrah Panampining Putra Temanten Kakung

Paripurna pasrah panampining putra temanten kakung dening para ingkang piniji kanthi lulus
raharja nir ing sambekala.
Panjenenganipun para rawuh saha para lenggah, wus dumugi wahyaning mangsa kala laksitaning
upacara salajengipun inggih panggihing putra temanten sekalihan, menggah ingkang piniji
manggihaken putra temanten nun inggih Ibu ___________    minangka panganthining putra
temanten putni Ibu ___________    ingkang sarta Ibu ___________   wondene ingkang
nyamektakaken uba rampening panggih Ibu ___________   dhumateng panjenenganipun Ibu
___________   minangka pangembaning sekar cepaka sasele mugi keparenga hamapag
jengkaning putra temanten putri saking sasana adi, jengkaring putra temanten putri ingkang sarta
panggihing putra temanten sekaliyan binarung ungeling gangsa Kodhok Ngorek, kalajengaken
Ketawang Larasmaya, laras pelog pathet barang sumangga nun, nuwun.

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&task=view&id=818&Itemid=781

Tuladha Atur Pasrah Temanten Kakung

Assalamu alaikum Wr. Wb.

Kasugengan saha sih nugrahaning Gusti ingkang akarya loka mugi tansah kajiwa kasarira
wonten panjenengan sadaya dalasan kula. Panjenenganipun Bp ___________  (ingkang nampi)
keparenga kula matur minangka sulih saliranipun Bapak saha Ibu (besan) kula kinen masrahaken
putra temanten kakung pun Bagus ___________  mugi katur panjenenganipun Bapak saha Ibu
___________   (ingkang mengku gati).
Wondene kalampahanipun mekaten, kala wau wanci tabuh ___________ temanten kakung kula
pendhet saking dalem ___________  (alamatipun besan), saking wisma palereman (menawi
sampun kapondhokan) kanthi kairing para sepuh, kulawangsa sanak kadang pawong mitra
sawetawis, kula bekta / kanthi sowan ing dalem pawiwahan mriki kanthi gangsar, lancar rahayu
wilujeng nir ing sambekala.
Pramila ngemban dhawuh ___________  wigatosing sedya, keparenga hing mangke temanten
kakung kula pasrahaken tuwin kula sumanggakaken dhumateng panjenengan minangka sulih
saliranipun Bp ___________  (ingkang mengku gati) cundhuk kalihan lampahing adicara.
Ing wasana hambok bilih anggen kula nindakaken ayahan punika kirang ndadosaken pirenaning
penggalih mugi diagung pangaksama panjenengan, nuwun, nuwun maturnuwun.
Wassalamu ‘alaikum Wr. Wb.

http://ki-demang.com/index.php?option=com_content&task=view&id=815&Itemid=781
GEGURITAN
CITA – CITAKU

Esok awan wengi aku sinau


Kanggo nentoake cita-citaku
Ora ana wektu kanggo nyenengake atiku
Nanging semangatku nyagak sinau

Aku sinau sedina-dina


Tansah ngestokake dhawuhe wong tuwa
Takdua sak kabehing gada
Aku kudu entuk juwara

Oooh… gusti
Paringana rido awak mami
Supaya aku sesok bakti negri
Marakabi mring sesame

Oooh.. abot kaya ngene angele


Nanging aku kudu bisa nelakake
Kanggo ngimbangi rekasane wong tuwa
Bapak, Ibu ben lega atine
Putrane bisa Kabul gegayuhane

Sirna Ana Ngendi Arum Ganda Melathi

tumekane ratri ninggalake wengi


durung tinemu ganda wangi kang dak goleki
tumlawung rasa kang ngulandara ing akasa
angrantu ing wengi kang bakal tumeka

wanuh wani anggoleki


wewangen kang nyirep ati
kadya wingi kawuri

nadyan tumekane wengi iki


durung dak mangerteni
sirna ana ngendi arum ganda melathi

Rembang, 01 September 2010


melati iki rinonce saka sempalan kang wujud sepi

Anda mungkin juga menyukai