Anda di halaman 1dari 7

Tuladha layang iber-iber ten Boso Jowo/

Contoh Surat non formal di dalam bahasa


Jawa/ Example letter non formal in Javanese
FOR ELEMENTARY SCHOOL JAVANESE
Tuladha layang iber-iber ten Boso Jowo/ Contoh Surat non formal di dalam bahasa Jawa/
Example letter non formal in Javanese

(Sumber/ source: Soejono, Wahyudi.1988. Kridha Basa Jilid 4.Klaten:PTIntanPariwara.)

1) Tuladha Kapisan

(1) Layang kanthi salam taklimku tumekaa


Marang kanca-kancaku murid klas 6
SDN Wilangan Sambit ing Ponorogo

(2) Wiyose, kanthi layang iki aku sakanca murid-murid klas 4 SDN Wilangan Sambit
aweh kabar marang kanca-kanca ing kene, menawa kaananku sakanca padha ginanjar slamet
ora kurang sawiji apa. Panyuwunku marang Gusti Kang Maha Asih, kanca-kanca ing kene
uga tansah pinayungana ing Pangeran, nir ing sambekala.

(3) Kejaba saka kuwi, menawa kanca-kanca ing kene padha sarujuk, aku sakanca
kepengin nganakake tetandhingan balbalan karo kanca-kanca ing kene, kanggo ngraketake
anggonku padka kekanca karo kanca-kanca ing kene, ngiras pantes melu mahargya dina
agung “Hari Pendidikan Nasional”.

(4) Wasanam bisa lan orane aku sakanca tansa ngantu-antu wangsulanmu

(5) Ponorogo, 9 Juni 2007


(6)Kancamu murid klas 4
SDN Wilangan Sambit

(7)

(8) Martatilaar

Ketua Kelompok

Katrangan:

Perangane layang iber-iber (layang kiriman) iku ana wolu, yaiku:

1) Adawiyah

2) Bebuka (satata basa)

3) isi (surasa basa)


4) panutup (wasana basa)

5) papan lan titimangsa

6) peprenah

7) tandha tangan

8) jeneng cetha

2) Tuladha Kapindho

Serat saha ingkang sembah pangabekti kula


Mugi katur ing ngarsanipun Bapak saha Ibu
Ing dalem Ponorogo

Nuwun wiyosipun, kula ngaturi wuninga bilih kawontenan kula saha Embah ing
Wonogiri tansah pinayungan ing Pangeran, winantu ing karahayon. Panyuwun kula kagem
Bapak-ibu ing Ponorogo ugi makatena.

Kewaji saking punika, kula ngaturi wuninga bilih liburan inggah-inggahan mangke,
menawi Ibu boten kagungan rancangan badhe sowan Embah dhateng Wonogiri, kula badhe
sowan Bapak-ibu dhateng Ponorogo. Bab punika kula ugi sampun matur Embah, malah
Embah kepareng badhe ngeteraken. Kula ngertos saking serat kaar, bilih ing wekdal punika
Pamarentah lan warga kitha Ponorogo saweg mempeng mbangun kithanipun, kanthi tekad
mujudaken kitha Ponorogo ingkang “Resik Endah Omber Girang-gumirang (REOG)”,
menawi Bapak-ibu pinuju longgar, benjing kula kepengin Bapak-ibu teraken ningali Taman
Ngembag lan Telaga Ngebel, saha Alun-alun Ponorogo. Saya bingah malih menawi Bapak
saha Ibu kersa ngeteraken ningali Gajah Mungkur ing Wanagiri. Kabaripun, boten tebih
saking kitha Ponorogo. Sedaya wau manawi Bapak saha Ibu pinuju longgar.

Ing wasana, cekap semanten rumiyin atur kula, boten kesupen kula tansah nyuwun
tambahing pagnestunipun Bapak saha Ibu.

Wonogiri, surya kaping 2013


Ingkang putra

Widya Marta

Tuladha layang iber -iber

Kang pandonga marang anakku


Irawan, Ing Jakarta

Wiyose ngger, sarehne sok sasi ngarep iki adhimu arep disunatake, mula yen ora ana alangan sawiji
apa kowe mulih sadurunge tanggal sepuluh, saperlu arep dakjak urun rembug.

wasana banget ing pangarep - arepku, lan sapungkure layang iki kabeh kulawarga tansah ginanjar
slamet.

Parakan, 22 Nopember 2009

Wong tuwamu:

Suradi

Tuladha layang kitir

Katur Mas Bayu, ing dalem

Wiyose mas, yen ndadekake keparenging penggalih lan ora pinuju kagem piyambak aku nyuwun
ngampil kagunganmu sepedha motor, arep dakenggo tilik sedulur kang lagi lara ing rumah sakit
Ngesti Waluya Parakan.

Dene anggonku mbalekake mengko bengi.

Parakan, 22 Nopember 2009

Adhimu :

Sunaryo

Serat Iber-iber ( Pribadi )


Author: peroferozferoGenre:

Rating

Jogjakarta, 02 Desember 2012

Kangge ingkang sanget kula tresnani

Eyang putri

Wonten ing Tawangmangu


Assalamu'alaikum Wr. Wb .

Mawi serat menika kula badhe ngaturaken inggih kula kangen sanget kaliyan

eyang wonten ing dalem, mugi-mugi tansah kaparingan kaslametan saking Gusti Alloh,

sehat, ugi mboten wonten satunggaling alangan punapa-punapa, ing ngriki kula ugi kabaripun sehat,

sekolah inggih alhamdulillah lancar.

Kanthi ngaturaken raos pangapunten kula badhe nyuwun izin gandeng mbenjang tanggal 20 Desember

sampun libur sekolah, kula lan konco-konco badhe sowan wonten objek wisata ing Tawangmangu ,

menawi angsal kula lan konco tiang gangsal badhe nyipeng sak dangu tiga dinten wonten ing dalemipun

eyang, menawi eyang remenaken, endah bungah sanget manah kula eyang, ugi kula ngaturaken agunging

panuwun dhumateng eyang.

Kula kinten, cekap semanten rumuyin saking kula,

Wassalamu'alaikum Wr. Wb.

Saking ingkang wayah

Feronika

Contoh Layang lan Bagian-Bagiane


1. Tawangmangu, 10 Maret 2012
2. Layang tumekaa marang mitraku Ida Sudaryati SD Negeri I Mojolegi
3. Salam taklim

4. Kanthi laying iki aku aweh kabar Manawa kahananku lan kanca-kanca warga kelas 4 SD
Negeri I Tawangrejo, tansah widada, ora ana alangan sawiji apa. Muga-muga Mbak Ida
sakanca ing Mojolegi uga tansah mengkono.

5. Kajaba saka iku, aku bungah banget dene aku lan Mbak Ida bisa dadi kanca kenthel wiwit
ana ing PORSENI Sukoharjo taun kepungkur. Muga-muga memitranku karo Mbak Ida
tansah diparingana rahmate Gusti ora ana apa-apa. Sapungkure saka Sukaharjo biyen aku
banjur matur Bapak Ibuku. Bapak Ibuku rena penggalihe. Mula Mbak Ida yen dolan
menyang Tawangrejo dakjaluk gelem mampir.

6. Wasana cukup samene dhisik, liya dina disambung maneh.

7. Saka mitramu

8. Tapak asmane

9. Karyati Abdullah

Katrangan:
Layang ing dhuwur iku klebu layang iber-iber.
Mungguhe perangane laying kang ganep iku mangkene:
1. Titi mangsa
2. Satata basa
3. Adangiyah
4. Bebuka
5. Surasa basa
6. Wasana basa
7. Peprenah
8. Tapak asma
9. Asma terang

Tuladha :

Surakarta, 16 November 2009

Katur ingkang kinurmatan

Eyang ing dalem

Kairing sagunging pakurmatan,

Kanthi serat punika, kula aturaken kabar bilih kula, bapak saha ibu ing Solo
tasih pinaringan kawarasan. Mugi-mugi eyang ing ngriki tansah bagas waras boten
kirang satunggal menapa lan tansah pinayungan dening Gusthi Ingkang Maha
Agung.
Eyang ingkang kawula tansah tresnani, menawa kepareng matur,
sakderengipun keng wayah nyuwun pangapunten bilih rumiyin menawi libur
semester badhe sowan ing dalemipun eyang. Amargi ing liburan menika wonten
jejibahan ing sekolah ingkang awujud paskibraka, dalem boten saged sowan wonten
dalemipun eyang, menawi saged, sanes wedal mawon, saestu kula badhe nyelakaken
wekdal. Nanging panyuwun kula, mugi-mugi kula tansah manggih kawarasan, saged
ngramungaken sedaya jejibahan kula ing pawiyatan. Boten kesupen sungkem kula
katur paklik lan bulik.

Wasana cekap semanten atur kula, menawi wonten kekirangan anggen kula
matur keng wayah nyuwun pangapunten.

Matur nuwun.

Sungkem saking wayah

Annisa Nur Azizah

1) Tuladhane layang Kiriman (Iber-iber)

Katur
Dhumateng Panjenenganipun
Bapak lan Ibu Sudarmanto
Ing ndalem

(1) Ingkang sembah pangabekti

Assalamualaikum wr. wb.


(2) Nuwun wiyosipun, sesarengan serat punika kula nyaosi uninga bilih kawontenan kula
ing Wonogiri ngantos wekdal punika tansah ginanjar wilujeng, boten wonten alangan satunggal
punapa. Kula sesuwun rinten dalu dhumateng ngarsane Gusti Allah, mugi-mugi Bapak saha Ibu
tansah manggih kawilujengan saha kesarasan.

(3) kejawi saking punika, miturut pengumunan ingkang sampun kula tampi saking kampus,
bilih wiwit tanggal 21 Desember 2012 punika badhe dipun wontenaken ujian semesteran.
Gegayutan kaliyan punika sedaya mahasiswa kedah bayar dana ujian sarta nglunasi buku.
Pramila saking punika kula nyuwun kintunan arta cacahipun Rp 1,000,000.00. dene anggenipun
ngintun utawi transfer sampun ngantos langkung saking tanggal 12 Desember punika.

(4) wusanaa cekap semanten atur kula. Menawi wonten kalepatan nyuwun agenging
pangapunten.

(5) Wonogiri, 1 Desember 2012

(6) Ingkang Putra

(7)

(8) Pambudi Beja Toyib

Anda mungkin juga menyukai