Anda di halaman 1dari 2

ATUR PAMBAGYAHARJA TEMBUNGAN HANI

Assalamua'laikum Wr Wb.

➤ Kula nuwun dhumateng ingkang winantu ing suka basuki, para sepuh,
pini sepuh ingkang sampun pana ing pamawas sarta lebda ing pitutur
ingkang pantes hanampi sagungIng sekar pakurmatan

Boten katalumpen dhumateng para kadang mitra, wreda mudha ingkang


pantes sinudarsana.

Mugi tinebihna hing tulak sarik linuputno hing siku denda, Nun inggih awit
saking keparengipun ingkang hamengku gati Bapa Ir Dwi Windarko Dalah
Ibu Hydrajanti Dewi Nugrahany, S.P.ing rikalenggahan menika awit
bombonging manah nampi karawuhan panjenengan sami, boten kuwawi
matur piyambak, jrih manawi boten kawiyos hing lathi namung saged
kandeg hing jangga pramila lajeng hanyaraya dumateng Kula, kinen
ngaturaken wedharing gantha babaring prasedya.

➤ Minangka purwakaning atur, sumangga sesarengan kula dhereaken


ngaturaken suka syukur wonten Ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha
Wikan ingkang sampun kepareng hambabar daya pangaribawanipun
tumanduk dhumateng kawula dasih. Satemah wonten ing kalodhangan
menika panjenengan sedaya lan kula taksih saget makempal wonten
papan panggenan menika kanthi rahayu wilujeng nir hing sambikala.

Amrih kasembadaning panyuwun sumangga sesarengan ndedonga


nyenyuwun mugi pepanggihan prasaja ing dalu punika tansah pinaringan
pangayoman kawiwitan purwa madya dalah wasana, ndedonga kawiwitan,
sumonggo.

Ndedonga cekap, maturnuwun.

➤ Para tamu kakung miwah putri sinedhahan ingkang winantu ing suka
basuki, madyaning suka ing kalenggahan menika , Bapa Ir Dwi Windarko
Dalah Ibu Hydrajanti Dewi Nugrahany, S.P.angambali atur pambagya
wilujeng awit karawuhan panjenengan sedaya sinarengan raos panuwun
ingkang tanpa pepindhan, awit panjenengan sami sampun kersa
nglonggaraken wekdal nuhoni pamundutipun.

Salajengipun mugi kepareng pinarak lelenggahan kanthi mardikaning


penggalih.

➤ Parandene wosing gati panjenenganipun Bapa Ir Dwi Windarko Dalah


Ibu Hydrajanti Dewi Nugrahany, S.P. nyuwun karawuhan panjenengan
sami, inggih awit nampi karawuhanipun Bapa Ir. H Dwi Awan Ruhananto
M.T Dalah Ibu Dra Hj Riana Kendratini Soekendro netepi peperangan
darmaning asepuh pun tangisi putra kakung ipun ingkang asesilih pun Bgs
Chaerul Surya Ruhananto SE. nyuwun pun tembungaken kenya ayu
ingkang asesilih Rr. Dhea Amara Putri, putri Bapa Ir Dwi Windarko Dalah
Ibu Hydrajanti Dewi Nugrahany, S.P.

➤ Pepuntaning atur saking Ir Dwi Windarko Dalah Ibu Hydrajanti Dewi


Nugrahany, S.P, hambok bilih anggenipun nampi karawuhan panjenengan
sedaya wonten kiranging boja miwah krama, mugi kaagungna pangaksama
panjenengan.

Kula ugi naming titah sawantah, ingkang kapurba winisesa dening Gusti,
kiranging wiraga wicara wirama wirasa kalebet boten wijang anggen kula
matur saha nglenggana taksih kiranging seserepan kedah nyadong
wewarahing para winasis ing reh basa tuwin sastra. Hayu-hayu raharja
niskala. nuwun.

Wassalamua'laikum Wr. wb.

Anda mungkin juga menyukai