Anda di halaman 1dari 15

1.

CONTOH BACAAN NON SASTRA DALAM BAHASA JAWA BESERTA


ARTI KATA-KATA SULIT

2. CONTOH KATA BERHURUF JAWA YANG MENGANDUNG


SANDANG SWARA
Ater ater Hanuswara m [m+bathik=mbathik] n [n+tulis=nulis] ng
[ng+kethok=ngethok] ny [ny+cuwil=nyuwil]

3. CONTOH PERCAKAPAN SEDERHANA DALAM BAHASA JAWA


MENENTUKAN LATAR PERISTIWA

Ujian Nasional

 Gisel: Ra, sekedhap malih ta wonten ujian nasional. Panjenengan sampun


jagi dereng?
 Tiara: Nuwun inggih jagi mboten jagi kedah jagi. Sedaya margeni
kemawon.
 Gisel: Dalem ajrih menawi mangke dalem mboten saged wangsul.
 Tiara: Milanipun kita sedaya jagikaken saking sakmenika.
 Gisel: Menawi gegulang sih sampun. Dalem sampun kathah berlatih soal.
 Tiara: Mboten namung gegulang kemawon, sayangipun ugi jagen mental.
Panjenengan kedah pitados salira kagem maraki ujian nasonal.
 Gisel: Nuwun inggih ugi sih. Sayangipun, kados pundi menawi soalnya
redatos?
 Tiara: Ingkang wigatos kita sedaya upados rumiyen. Kita sedaya berdoa
kersanipun kita sedaya saged nyambut damelaken sedaya soal ujian
nasional.
 Gisel: Mugi-mugi kemawon mekaten.
4. CONTOH KATA BERHURUF JAWA YANG MENGANDUNG
SANDANGAN PENYIAGA WANDA

5. CONTOH BACAAN NON SASTRA DALAM BAHASA JAWA DAN SIFAT


PARA TOKOHNYA

6. CERITA ANAK BAHASA JAWA BESERTA PESANNYA

TIMUN MAS

Dek jaman biyen ing salah sawijining desa, ana mbok randa sing urip dewe ora
ana anak utawa sedululur. Amarga urip dewe mbok randa mau kepengin duwe
anak. Saben dina mbok randa ndonga awan bengi ing ngarsane Gusti Allah supaya
diwenehi anak. Deweke yakin menawa penjaluke bakal di kabulake dening Gusti
Allah.

Tanpa sangertine mbok randa, anggone donga awan bengi ing omahe kuwi mau
keprungu Buto ijo sing kebeneran liwat sacedhake kono. Buto ijo banjur nyeluk
mbok randa supaya metu saka omahe. mbok randa kaget ngerteni ana Buto ijoing
ngarep omahe.

Sawise ora miris maneh ngerteni Buto ijo sing gedhe tur medeni kuwi, si Buto
ijongomong menawa bisa nulungi menehi anak. Mbok randa bungah atine krungu
kandane Buto ijo kuwi mau lan nyaguhi kabeh penjaluke Buto ijomenawa
diwenehi anak tenan.

Penjaluke Buto ijo yaiku menawa anake mbok randa wis gedhe dijaluk arep
dipangan. Sabanjure Buto ijo iku menehi wii timun sing kudu di tandur mbok
randa. Sawise Buto ijo kuwi mau lunga, mbok Randa nandur wiji timun iku ana
kebone. Wiji kuwi dirumat lan diopeni kanthi gemathi, disiram, diresiki sukete lan
dirabuk supaya cepet tukul.

Sawise tukul lan dadi wit timun kang subur, wit timun iku mau wis pada uwoh.
Ing antarane akehe woh timun, ana salah sijine timun kang nganeh-anehi. Rupane
kuning emas lan gedhene sak guling. Timun iku banjur pecah lan ing njero timun
mau ana bayi manungsane.

Mbok randa bungah atine amarga penjaluke kepengin duwe anak wis kaleksanan.
Mbok randa ngucapake syukur marang Gusti Allah amarga dongane wis diijabah.
Bayi iku mau wadon, pakulitane resik alus kaya kulit timun amarga laer saka
timun sing kuning kaya emas, bayi wadon kuwi mau dijenengake Timun mas.
Sawise Timun mas ngancik dewasa, mbok randa kelingan janjine karo Buta
menawa arep menehake Timun mas. Mbok randa dadi susah atine, rina wengi
mbok randa donga supaya entuk pitulungan saka Gusti Allah. Salah sawijining
wengi, mbok randa ngimpi ketemu pertapa ing gunung gandul. Pertapa kuwi mau
sing bisa nulungi supaya Timun mas ora dijupuk sang Buto.

Esuke mbok randa lungo menyang gunung gandul kaya impene. Sawise ketemu
karo pertapa kaya ing impene, mbok randa disangoni buntelan kanggo Timun
mas. Pertapa kuwi mau menehi pitutur piye carane supaya Timun mas bisa oncat
saka bebaya ngadepi sang Buto. Sawise ngucapake maturnuwun mbok randa
pamitan mulih.

Tekan omah mbok randa menehi buntelan kang cacahe papat, lan dituturi piye
carane nggunake. Mbok randa ngonggkon Timun mas lungo saka omah lan mlayu
sak cepet-cepete. Sawise iku Buto ijo kang arep jupuk Timun mas teka ing omahe
mbok randa banjur nesu ngerteni Timun mas wis ora ana. Buto ijo nesu lan
ngamuk, kebonne mbok randa dirusak banjur bengok-bengok ngoyak Timun mas.

Amarga Buto ijo jangkahe amba sedela wae Timun mas wis meh kasil koyak.
Timun mas bajur nguncalake buntelan sing isine wiji timun. Dumadakan dadi
kebon timun kang akeh woh timune, Buto ijo mandeg lan mangan timun sing
katon seger-seger kuwi mau. Sawise timune entek sang Buto ijo kelingan menawa
ngoyak Timun mas. Buto ijo banjur ngoyak Timun mas maneh sing wis mlayu
tekan adoh.

Lagi sedela wae sang Buto ijo wis meh kasil ngoyak Timun mas. Buntelan sing isi
dom terus diuncalake Timun mas. Dumadakan dadi alas pring sing ngalangi
playune Buto. Tapi sedela wae Buto ijo kasil bisa metu saka alas pring kuwi mau.

Timun mas banjur nguncalke buntelan kang isine uyah, lan malih dadi segara
kang amba lan jero. Buto ijo nglangi ing segara kuwi mau tetep ngoyak Timun
mas lan kasil mentas saka segara. Timun mas arep kasil koyak meneh, banjur
nguncalake buntelan kang pungkasan.

Buntelan kang isine trasi malih dadi segara lendhut kang jero. Buto
ijokecemplung lan kangelan mentas saka lendhut kuwi mau. Pungkasane Buto ijo
kang ngoyak Timun mas iku mati kleleb ing njero segara lendhut. Timun mas
akhire selamet lan urip tentrem karo mbok randa.

7. CONTOH KALIMAT SEDERHANA BERHURUF JAWA YANG


MENGANDUNG PASANGAN

8. CONTOH TEMBANG PANGKUR DAN JUMLA GATRANYA


PANGKUR
(Laras Pelog Pathet Nem)
3 5 5 5 5 5 3 3
Ming – kar ming – kur – ing ang - ka - ra
3 5 5 56 1 1 1 1 1 1 1
A - ka - ra - na, ka - re - nan mar - di si -wi
5 6 i i i i 123 i
Si - na - wung res - mi – ning ki - dung
i 6 5 5 5 5 45
Si - nu - ba si - nu - kar - ta
3 5 5 56 2 2 2 2 2 323 5 6
Mrih ker - tar - ta, pa - kar - ti - ning ngel - mu lu - hung
2 3 3 3 3 3 3 - 3
Kang tum - rap neng ta - nah ja - wa
1 2 3 1 2 3 3 21
A - ga - ma a - ge - ming, a - ji
9. CONTOH PIDATO HABASA JAWA
Assalamualaikum Wr. Wb.
Nuwun Bapak/Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, tamu undhangan,
Bapak/Ibu Guru saha karyawan ingkang kula hormati, adhik-adhik kelas
tuwin rencang-rencang ingkang kula tresnani.
Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha
Asih, awit ing wekdal menika kita sedaya taksih pinaringan rahmat
saengga ing wekdal menika kita saged makempal kanthi pinaringan
karaharjan.
Kula minangka wakil saking siswa kelas IX, ngaturaken agunging
panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Bapak Ibu Guru, awit saking
sih katresnan anggenipun nggulawentah dhumateng kula sekanca, saengga
saged ngrampungaken kewajiban anggen kula sakanca ngangsu kawruh
wonten ing pawitan menika.
Kula sakanca naming saged memuji, mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan
Bapak Ibu Guru pikantuk pinwales saking Gusti Allah ingkang Maha
Agung, saha tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan lan ketentreman
saengga saged nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya ngantos dumugi
paripurna kanthi biji ingkang maremaken.
Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca
asring ndamel Bapak Ibu duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah
bawa kula sakanca ingkang mboten mranani penggalih panjenengan
sedaya.
Dhumateng Bapak/Ibu Guru lan adhik-adhik sedaya, sepisan malih kula
ndedonga mugi tansah pinaringan rahmat saha barokahing Gusti Allah,
Amin..
Wasana cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan atur saha
solah bawa ingkang boten mranani penggalih, kula nyuwun
pengampunten.
Wassalamualaikum Wr. Wb.
10. CONTOH PERCAKAPAN RUMPANG

11. ……….

12. ……….

13. CONTOH SURAT IJIN DAN SEBUTNA TITI MANGSA DALAM


BAHASA JAWA
Surabaya, 20 Januari 2009

Ing nigisor iki tuladha nggawe surat ijin ora mlebu Sekolah

Katur
Bapak/ibu Guru
SMPI Al-Kamal
Rembang

Assalamualaikum Wr.Wb.
Sesarengan serat punika kula wali murid saking :

Nami : Raffi Ahmad


Kelas : 7A
Dinten : Jum'at
Tanggal : 20 Januari 2009
Nyuwunaken iji putra kula mboten mlebu sekolah amargi sakit.
Cekap semanten, saking kawigatesanipun kula matur nuwun.

Walaikumsalam Wr.Wb.
Saking Wali murid

H.Mustofa

Titi Mongso : Surabaya, 20 Januari 2009


14. ………..

15. ………..

16. CEROTA WERKUDORO DALAM BAHASA JAWA


WERKUDARA

Werkudara iku putrane Prabu Pandhu Dewanata Ian Dewi Kunthi sing
angka kalih. Werkudara iku titisane Bathara Bayu. Awit putra angka loro,
mula Werkudara uga sinebut putra panenggaking Pandhawa. Sesebutan
liyane Bratasena, Bimasena, Haryasena, Bayusiwi, Jagal Abilawa,
Kusumadilaga, Jayalaga. Kastriyane ing Jodhipati utawa Tunggul
Pamenang.

Garwane telu aran Dewi Nagagini, Dewi Arimbi, Ian Dewi Urangayu.
Karo Dewi Nagagini, 'peputra Raden Antareja. Karo Dewi Arimbi, peputra
Raden Gathutkaca: Karo Dewi Urangayu, peputra Raden Antasena.

Raden Werkudara duwe pusaka aran Kuku Pancanaka, Gada Rujakpala,


Ian Gada Lambita¬muka. Aji-ajine Bandung Bandawasa, Ungkal bener,
Blabag Pengantol-antol, Bayu Bajra.

Kacarita laire Bratasena. Nalika bayi lair awujud bungkus. Kabeh


gegaman ora tumama. Kang bisa mbedhah bungkus mung Gajah Sena.
Bareng wis bedhah, bayi diidak-idak, ditlale, digadhing malah saya gedhe.
Gajah Sena ditamani kuku Pancanaka, mati sanalika. Suksmane nyawiji
karo Bratasena.
Bratasena utawa Werkudara iku ora bisa basa marang sapa wae. Dadi yen
micara tansah ngoko. Sing dibasani mung Sanghyang Wenang lan Dewa
Ruci. Sanajan mangkono Werkudara duwe watak setya tuhu marang guru,
bekti marang ibu, teguh ing janji, bela bebener, mbrastha angkara, dhemen
tetulung, tresna marang kadang, adil. Watak setya marang guru,
dituduhake nalika dheweke diutus dening gurune Pendhita Durna goleh
banyu Perwitasari ing tengah alas ing telenging segara. Kang sajatine
Werkudara dialap patine, dijlomprongake. Nanging amarga setya bekti
marang guru. Werkudara malah antuk nugraha, bisa ketemu marang guru
sejati (Dewa Ruci), kang mahanani Werkudara bisa pinter tanpa guru
maneh.

Tandha bektine marang ibune dibuktekake, kanthi merjaya Dursasana,


getihe kanggo jamas rikmane Kunthi lan sirahe kanggo keset dening Dewi
Kunthi. Tresna marang kadang, kabeh kadange tansah dibela lamun
nuhoni bebener. Nanging yen luput, sanadyanta anake dhewe bakal diajar,
kaya nalika Gathutkaca maling Pregiwa. Jebule Gathutkaca mung dipaeka
sebab sing maling Gathutkaca palsu. Dhemen tetulung upamane nulungi
Ratu Wiratha (Prabu Matswapati).

Ing perang Bratayuda Werkudara dadi agul-aguling Pandhawa. Werkudara


kang bisa mateni Dursasana, Sengkuni lan Duryudana. Sawise perang
Bharatayuda, Parikesit wis jumeneng nata, bebarengan marang sedulur
Pandhawa wis jumeneng nata, bebarengan marang sedulur Pandhawa
liyane, ninggalake praja. Werkudara tiwas sumusul Sadewa, Nakula, lan
Harjuna. Werkudara tiwas angka papat amarga nalika uripe seneng
mangan, rada kasar, lan ora bisa basa.

Wosing budi pekerti:


1. Duwea watak satriyatama: luhur ing budi, seneng tetulung, adil, wani
ing bebener, mbrastha angkara murka!
2. Bektia marang wong tuwa, luwih-luwih marang ibu!
3. Dektia marang guru!
4. Tresna asih marang sedulur.
5. Darbea jiwa satriya kang dadi bentenging negara!

==============

Bima (basa Sangskerta: भभभ, Bhima) utawa kang luwih kaloka kanthi
jeneng Werkudara iku putrané Prabu Pandhu Déwanata (ratu Ngastina) lan
Dèwi Kunthi Talibrata kang nomer loro. Sedhuluré kabèh cacahé ana lima
kang banjur sinebut Pandhawa. Mula Bima iya banjur sinebut satriya
Panenggak Pandhawa. Miturut Kitab Mahabharata, Bima (Bhima)
dilairaké wujud bayi lumrah. Lair saka guwa garbané Dèwi Kunthi.
Ramané bebisik Bathara Bayu, déwaning angin.

Kacarita, sawijining ésuk Dèwi Kunthi ngenggar-enggar penggalih karo


nggendhong Bhima sing isih bayi. Dumadakan ana macan saka suwaliking
grumbul. Awit saking kageté, Bima mrucut saka gendhongan, tiba ing
sadhuwuré watu gilang sing gedhéné sasirah gajah. Anèhé dudu sirahé
Bima sing pecah, nanging malah watuné sing ajur mumur. Bima gereng-
gereng nangis nggolèki ibuné. Krungu tangisé Bhima iki, macan sing
mauné arep mbadhog (mangsa) bayi Bhima malah gila, satemah mlayu
sipat kuping. Miturut crita pedhalangan, Bima (Werkudara) dilairaké
wujud bungkus. Jaman isih cilik urip ing Astina, nanging sakwisé
ditundhung déning Korawa, Bima lan sedulur-seduluré dibuwang lang
pungkasané bisa babat Alas Mertani. Dhèwèké banjur urip ing kesatriyan
Jodhipati/Unggulpawenang.

Anak-anaké Bima iki asring dadi pralambang prejurit. Antareja bisa


ambles bumi, kang njaga dharatan. Gatotkaca bisa mabur, kang njaga
awang-awang. Antasena bisa ambles bumi lan urip ing banyu, kang njaga
laut. Bima uga klebu dadi salah sijiné warga Bayu kang cacahé ana wolu,
yakuwi Bathara bayu dhéwé, Anoman, Liman Situbandha, Garudha
Mahambira, Sarpa Nagakuwara, Gunung Maenaka, lan Ditya Jajawreka.
Bima utawa Werkudara uga klebu dadi putrané Bathara Bayu, mula banjur
sinebut Bayuputra iya bayu Tanaya kang tegesé anak Bayu (déwaning
angin). Aji-ajiné aran aji bandhungbadawasa, Blabag Pangantol-antol lan
Wungkal bener. Gegamané kang kondhang yaiku Gada Rujakpolo lan
kuku Pancanaka. Bima ora gelem basa karo sapa waé, kejaba nalika ing
lakon Bima Suci/Nawaruci. Ing lakon iki Bima ketemu karo Déwa Ruci.
Wujudé Déwa Ruci kaya déné Bima. Déwa iki metu seka kupingé lan
ngandhani Bima perkara filsafat urip. Ing pungkasan crita wayang, Bima
muksa bareng karo Pandhawa liyané nuju swargaloka.

17. TEX NON SASTRATENTENG TRADISI NYADRAN

18. ……………..

19. ………………..

20. BAGIAN-BAGIAN PIDATO DALAM BAHASA JAWA

1. Uluk salam / menyampaikan salam


2. Atur Pambuka / salam pembuka
3. Nyebat Tamu / menyebut tamu yang hadir
4. Atur puji syukur sarta panuwun / memanjatkan syukur dan
ucapan terima kasih
5. Wigatining atur / inti pesan
6. Pengejeng-ajeng lan pangajak / permohonan dan harapan
7. Atur panutup / kata penutup

21. CERITA PERISTIWA ALAM DALAM BAHASA JAWA

Hujan Badai di Magelang

Udan deras dimawani angin banter sing nempuh wilayah kutha lan
Kabupaten Magelang wingi sore (16/1) marakake loro wong ngalami tatu-
tatu cukup serius. Kekalihe ketiban wit ambruk.

Saking kencange angin, siji baliho ukuran 6 x 12 meter neng dalan A.


Yani uga ambruk. Tepate, neng ngarep markas Detasemen Polisi Militer
Magelang. Untunge, awak baliho ora ngembruki pengendara sing pada
liwat neng dalan kesebut. Akibat kedaden kuwi, arus lalu lintas neng dalan
A. Yani ngalami macet sawentara.

Loro warga sing tatu yaiku Sri Handoyo Bekti, umur 34 taun, warga
Mantenan, Kecamatan Candimulyo, Kabupaten Magelang; lan Bambang
Triyono, umur 36 taun, warga desa paten gunung, Kelurahan
Rejowinangun kidul, Kecamatan Magelang Selatan.
Sri ngalami tatu lecet neng kanggonan awak lantaran kembrukan wit randu
wektu liwat neng dalan telaga werna, desa Nambangan, Kelurahan
Rejowinangun Utara, Kecamatan Magelang Tengah.

Lagekne Bambang ngalami tatu serius neng kanggonan sirah sakwise


kembrukan wit wektu liwat numpak sepeda montor neng dalan pemuda,
kutha Magelang. Kekalihe saiki dirawat neng UGS RSUD Tidar
Magelang. “(Korban) isih mbisa perawatan intensif saka dokter neng
UGD,” gamblang sawong panugas RSUD Tidar kutha Magelang.

Miturut pawarta, angin kencang sing neras mung itungan menit kuwi uga
ngrubuhake siji baliho neng dalan Tentara pelajar No 7. Tepate, neng
ngarep Sky Light Plaza Magelang.

Sawentara kuwi, wit-wit sing ambruk kedadean neng sacacah ruas dalan
protokol. Antarane neng dalan Pajang, dalan pemuda (Pecinan), dalan
Tidar, dalan Tentara pelajar, dalan Diponegoro, sekitar RSU Tidar, lan
Nambangan. Berita Bencana Alam dalam Bahasa Jawa Hujan Badai di
Magelang.

Angin uga nempuh desa, Bogeman, Samban lan Gelangan. Akeh gendeng
omah warga pada rusak. Wit-witan sing ana neng kompleks RSUD Tidar
kutha neng dalan Tidar uga ambruk. Ambruke baliho lan wit neng pirang-
pirang panggonan, nggawe arus lalu lintas macet. Polisi kepeksa nutup
dalan Tentara pelajar.

Bripka Samsudin, anggota Polres Magelang kutha mirsani ambruke baliho


gedhe neng simpang markas Detasemen Polisi Militer neng dalan A Yani.
“Wektu kuwi, udan deras banget dimawani angin banter. Ora suwe, baliho
kuwi ambruk, pas neng pinggir pos polisi,” turene neng panggon kedaden
prakara (TKP).

Ndeleng baliho ukuran jumbo ambruk, Samsudin sempat kuwatir.


Maklum, isih ana siji baliho gedhe meneh neng samping pos jaga, sing
dheweke panggoni njaga. “Persis neng samping pos ana baliho sing uga
sempat miring kena angin. Randha ngeri ndelenge yen nganti ambruk
uga,” tuture.

Saka pandelokane, baliho sing ambruk sempat ngembruki mobil Katana


sing liwat; karo kondisi radha penyok sisih ngarep. Untunge, si sopir
mobil cepet tanggep.
Nurul Oktaviani, karyawan warung Pizza neng dalan Tentara pelajar
ngaku mirsani dhewe rubuhe wit neng ngarep warung sing dheweke jaga.
”Angin kencang saka arah kidul nuli ngenengi wit, saknalika kuwi teras
rubuh,” turene. Berita Bencana Alam dalam Bahasa Jawa Hujan Badai di
Magelang.

Sing paling ngeri, kanda Nurul. kabel lan cagak listrik sing kembrukan wit
sempat konslet lan ngetoke geni. “Aku panik lan wedi, ning bingung arep
mlayu, mlayu menyang endi? aku bersyukur, geni sing murup bisa mati
dhewene, mbokmenawa kena banyu udan, lan Alhamdulillah uga, wektu
wit ambruk ora ana pangguna dalan sing liwat.”

Nganti wingi sore, sacacah anggota Satlantas Polres Magelang kutha


mudhun menyang dalan, ngatur lalu lintas sing sempat macet. Kemacetan
diperparah amarga aliran listrik mati, dadine lampu bangjo utawa traffic
light ora murup.

22. CERITA RAKYAT ASAL USUL KOTA SEMARANG DALAM BAHSA


JAWA

Asal usul kota Semarang menarik perhatian para penduduk kota dan para
pelancong yang singgah di Ibukota Jawa Tengah ini. Kata Semarang
sendiri berasal dari gabungan kata Asam dan Arang. Asam sendiri berarti
pohon asam dan arang yang berarti jarang. Nama kota ini asal usulnya
berasal dari sebuah cerita masa lalu tentang adanya 2 pohon asam jawa
yang tumbuh saling berjauhan. berikut ini cerita lengkap mengenai asal
usul kota semarang dalam bahasa Jawa. Asal Usul Kota Semarang dalam
Bahasa Jawa Nanging ana ing Jawa Tengah ngadeg ing Kratoning Demak
kang siji karakter kraton Islam. Ana urip pangeran misuwur dijenengi
Raden Made Pandan. Dheweke dikenal minangka sawijining ulama lan
Muh. Akeh wong sing wegah kanggo beliau.beliau kae lan duwé anak
lanang jeneng Raden Pandanarang. Kaya kang rama Raden misuwur
minangka Pandanarang sopan anak, loropaken, jinis lan dutiful kanggo
wong tuwané. Banjur Raden Made Pandan njupuk putra lan rombongan
kanggo ninggalake Kasultanan Demak. Padha menyang kulon katon
kanggo wilayah anyar kanggo bakal dikuwasani. Dina ing cara, akhire
Raden Made Pandan takon kanggo mungkasi lan aran kanggo cocog
wilayah padha dianggep cocok kanggo katutugan. Alas lan malah banjur
kabuka, temah diadegaké pesantren lan farmland. Ing panggonan anyar
Raden Made Pandan mulang Islam pandherekipun. Pungkasanipun ing
orane sekolah asrama lan ngajak wong liyane kanggo teka sinau agama ing
panggonan sing. Iki ngendi Raden Made Pandan aran seneng kanggo
manggon karo kang putra. Panjenenganipun ngarep-arep kang putra bakal
bisa kanggo ngganti menyang dadi guru agama Islam ing panggonan sing
saiki. Sadurunge seda Raden Made Pandan Raden Pandanarang menehi
saran kang putra terus ita ngimpi. Raden Pandanarang takon ora kanggo
ninggalake wilayah. Raden Pandanarang takon kanggo nyebar agama
Islam ing panggonan sing lan ngatur tanah tetanèn watara wilayah. Asal
Usul Kota Semarang dalam Bahasa Jawa Karepé bapakné iki mlaku ono
dening Raden Pandanarang. Raden Pandanarang dadi guru agama sing
ngirim kawruh Islam wonten ing masyarakat kiwa, uga ngatur lahan
pertanian. Dipikolehi saka pametumu tetanèn harvests KALUBÈRAN.
Karo wong sing relatif singkat lan liyane teka kanggo sinau agama Islam.
Asal Usul Kota Semarang dalam Bahasa Jawa Sawijining dina Raden
Pandanarang digunakake ing lahan tetanen karo para sakabate, dumadakan
bab aneh kedaden. Antarane wit gembur ijo ana sawetara wit lunak sing
tuwuh saka saben liyane. Wong-wong sing weruh iku uga wonder, kok ing
lemah fertile iku mundak akeh adoh-flung wit lunak? Demi weruh iku
Raden Pandanarang ngomong sing wilayah iki Aku jenenge Semarang.
Asalé saka tembung Asem iku suku cadang. Mangkono asal saka kutha
Semarang kang saiki sawijining kutha rame ing Jawa Tengah lan malah
dadi ibukutha provinsi iki. Amarga saka layanan iki pisanan dibukak lan
diadegaké ing kutha Semarang, Raden Pandanarang, banjur diangkat
langsung minangka pimpinan uga minangka gelar Ki Ageng Pandanarang
I. Demikianlah cerita tentang Asal usul Kota Semarang dalam bahasa
Jawa. Semoga bermanfaat bagi Anda yang membutuhkan. Baca pula
artikel kami tentang asal usul dan silsilah Raden Patah Ya.
23. CONTOH BACAAN TANPA JUDUL
Itak minggah kelas sekawan. Bijinipun sae, malah onjo piyambak.
Sekolahanipun Itak punika sekolahan ingkang majeng, malah dados
contonipun sekolah-sekolah sane sing sakiwatengenipun. Saben wonten
lomba, sekolahanipun Itak temtu tumut. Adhakanipun saged nomer satunggal.
Upaminipun lomba olahraga, lomba kesenian, lan cepat tepat P4. Boten
nggumunaekn, sekolahanipun Itak lajeng angsal kawigatosan ageng saking
Pamarentah lan ugi saking masyarakat ing sakiwa-tengenipun. Upaminipun
ing babagan pembangunan.

Sekolahanioun Itak mentas kemawon dipun yasakaken gedhung


tingkat enggal dening Pamarentah, jangkep saprabotanipun. Boten naming
prabot arupi meja, kursi, lan lemantun, nanging ugi praboting pasinaon
ingkang arupi praboting wucalan ketrampilan, olahraga, lan kesenian.
Upaminipun, mesin jait, prabotipun tukang kajeng, prabot olahraga, pianika,
suling, kulintang, gamelan Jawi, angklung, meja pingpong, lan lapangan
badminton.

Taun ajaran enggal punika ing sekolahanipun Itak dipun wontenaken


kepyakan gedhung tingkat enggal punika. Gedhung punika wonten tigang
kelas, kangge kelas sekawan, klas gangsal, lan klas enem, itak remen sanget
manggen ing klas lan gedhung enggal punika.

24. TUJUAN DIADAKAN BARITAN


25. …..

26. KALIMAT TANYA TENTANG ALAT KOMUNIKASI

27. RADEN GATHOT KACA

28. CONTOH CERITA PEWAYANGAN

29. SAUDARA RADEN GATHOT KACA

30. NAMA NEGARA DALAM PEWAYANGAN PELAKU PERANG


BARATAYUDHA

31. IBU GATHOT KACA

Gatotkaca adalah putra Bimasena dari keluaga Pandawa yang lahir dari
seorang rakshasa perempuan bernama Hidimbi. Hidimbi sendiri
merupakan raksasa penguasa sebuah hutan; tinggal bersama kakaknya
yang bernama Hidimba (dalam pewayangan Jawa, ibu Gatotkaca lebih
terkenal dengan sebutan Arimbi.

32. SUSUNAN KALIMAT ACAK

33. CONTOH PARAGRAF ATAU BACAAN YANG TIDAK LENGKAP


34. MENENTUKAN TEMA BACAAN

TOPICS / JARINGAN (Highlights)

Topik utama subyek utama maca, apa maos. Topic utawa tema ing teks
utawa paragraf subyek artikel saged: isi inti saka teks (teks kira) utawa
judhul kirim (judhul). A paragraf apik rembagan mung siji subyek. subyek
iki biasane diarani minangka Topic Tembung utawa perkara.
Carane golek / nemokake topik utawa tema:

1. We kudu wis maca rong garis yen ana mung siji paragraf utawa nonton
kabeh pisanan paragraf yen ana luwih saka siji paragraf.

2. Search for keywords paling asring bola ing loro maos ing wiwitan baris
nanging uga ing bagean ngisor, kalebu bagean concluding.

3. Yen pitakonan bab topik, banjur jawaban ing wangun umpluk Wujud
ONE tembung utawa frasa (klompok tembung). Topik utawa tema
paragraf subyek artikel kang bisa: isi inti saka teks (teks kira) utawa judhul
teks (judhul).
Carane cepet golek topik utawa tema (subject) ing prakara maca

1. Maca baris pisanan ing paragraf pisanan lan kapindho, yèn mung ana siji
paragraf.

2. Golek kunci (tembung tombol) sing wis bola tau apik ing awal, tengah
utawa mburi, utamané kesimpulan.

3. Keywords (tembung tombol) bisa dadi salah siji Words utawa tembung
meaning padha.
Wigati: Yen teks ngandhut akeh paragraf, biasane ing paragraf kapisan lan
introduksi saka teks, padha topik (subyek) wis banget kamungkinan sing
ana ing ayat liya, lan katelu.

Sample pitakonan Topic:


1. Apa topik utama wacana iki? (Apa topik utama maca iki?)
2. Tèks ngomong utamané bab? (Teks iki wis ngomong bab?)
3. Apa teks nyariyosaken? (Teks iki ngandhani apa?)
4. Apa topik wacana? (Apa tenan topik teks iki?)
5. wacana punika bab? (Teks yaiku ...)

35. KALIMAT PEMBUKA

Assalamu’alaikum Wr. Wb.


Nuwun, Bapak Kepala Desa ingkang kinurmatan. Bapak Ibu para rawuh
ingkang kula hormati. Para kadang mudha-mudhi ingkang tansah minulya.

Raos syukur sumangga tansah kita aturaken dhumateng Gusti ingkang


Maha Agung. Dene kula panjenengan sedaya saged rawuh ing acara bazar
ingkang dipun wontenaken dening pakempalan mudha-mudhi dhusun (....)
menika kanthi wilujeng niring sambekala.

Kula minangka ketua panitia acara bazar menika, ngaturaken agungin


pinuwun dhumateng para warga ingkang sampun kersa rawuh ing acara
menika. Ugi dhumateng para kanca saha para warga ingkang sampun
paring pambiyantu awujud menapa kemawon. Saengga acara bazar ing
wekdal menika saged kalampahan kanthi sae.
Mugi-mugi sedaya pambiyantu panjenengan sedaya pikantuk piwales
saking Gusti Allah SWT, acara bazar saged lumampah kanthi sae tanpa
alangan satungal menapa, trep kaliyan gegadhan kita sedaya.

36. PIDATO BAHASA JAWA

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Nuwun, Bapak Kepala Desa ingkang kinurmatan. Bapak Ibu para rawuh
ingkang kula hormati. Para kadang mudha-mudhi ingkang tansah minulya.

Raos syukur sumangga tansah kita aturaken dhumateng Gusti ingkang


Maha Agung. Dene kula panjenengan sedaya saged rawuh ing acara bazar
ingkang dipun wontenaken dening pakempalan mudha-mudhi dhusun (....)
menika kanthi wilujeng niring sambekala.

Kula minangka ketua panitia acara bazar menika, ngaturaken agungin


pinuwun dhumateng para warga ingkang sampun kersa rawuh ing acara
menika. Ugi dhumateng para kanca saha para warga ingkang sampun
paring pambiyantu awujud menapa kemawon. Saengga acara bazar ing
wekdal menika saged kalampahan kanthi sae.
Mugi-mugi sedaya pambiyantu panjenengan sedaya pikantuk piwales
saking Gusti Allah SWT, acara bazar saged lumampah kanthi sae tanpa
alangan satungal menapa, trep kaliyan gegadhan kita sedaya.

Para rawuh ingkang minulya.


Bazar ingkang dipun wontenaken dhateng mudha-mudhi menika gadhah
ancar kangge ngempalaken dana. Ing semangke dana kasebat badhe
kangge pembangunan lan kemajenganing dhusun menika. Pramila Bapak,
Ibu saha para sadherek, kepareng paring pambiyantu kanthi mundhut
barang-barang ingkang sampun kacepakaken kanthi regi ingkang mboten
awis. Para rawuh ingkang sami mundhut, kejawi pikantuk barang-barang
ugi pambiyantu kemanjenganing dhusun, pramila acara bazar ing wekdal
menika dipun bikak dening Bapak Kepala Desa (....) sumangga barang-
barang ingkang kagelar, dipun pirsani lan menawi wonten ingkang cocok
lajeng dipun pundhut sukur bage kaborong sedaya.

Ing wasana, mboten kesupen panitia nyuwun agunging pangapunten,


menawi anggenipun ngawontenaken bazar menika kathah kekiranganipun
utawi kirang nuju prana penggalih panjenengan sedaya. Saking kula
pribadhi menawi wonten kalepatan atur saha tindak-tanduk, kula nyuwun
pangapunten. Matur nuwun.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.


37. SALAM PAMBUKO

Raos syukur sumangga tansah kita aturaken dhumateng Gusti ingkang


Maha Agung. Dene kula panjenengan sedaya saged rawuh ing acara bazar
ingkang dipun wontenaken dening pakempalan mudha-mudhi dhusun (....)
menika kanthi wilujeng niring sambekala.

38. DIALOG BAHASA JAWA

Karyo : ''Eh..... sapa kui, ayu-ayu dodol jamu?'' (nunjuk)


Yoko : ''Endi endi...?''
Karyo : ''Halah.... sing mlaku nggendong bakulane kae hlo!''
Yoko : ''Oalah.... Siem to!''
Karyo : ''O....jenenge Siem. Ayune rek...''
Manto : ''Whe...... hladala, sajake.....Nyet kae is kondhang ing kene.''
Yoko : ''Wani nyedaki piye?''
Karyo : ''Uh.... turah kendhel thok nho. Wani piro???''
Yoko : ''Hla pirooo???'

39. ……

40. …….

Anda mungkin juga menyukai