Anda di halaman 1dari 12

Sidoarjo, 20 Oktober 2015

Katur dhumateng
Eyang Prawirodimeja
Wonten ing Madiun.

Nuwun
Kanthi serat punika keng wayah ngaturaken sembah sungkem
dhumateng ngarsanipun Eyang sekaliyan wonten ing Madiun. Boten
kesupen keng wayah ugi ngaturaken kabar bilih keng wayah wonten ing
Sidoarjo tansah ginanjar wilujeng, nir ing sambekala pikantuk berkahing
Gusti Kang Maha Asih. Mugi-mugi Eyang sekaliyan saha sedaya
keluarga wonten ing Madiun makatena ugi, Amin.
Kajawi saking punika keng wayah atur kabar bilih sapunika keng
wayah kanthi pandonganipun Eyang kekalih sampun kasil minggah kelas 8
SMP wonten ing Sidoarjo. Sakedhap malih ”pembelajaran” semester ganjil
ndungkap purna. Keng wayah nyuwun pandonganipun Eyang kekalih, mugi-
mugi rapor kula samangke pikantuk biji ingkang sae.
Eyang Kakung saha Eyang Putri ingkang kula pundi, ngendikanipun
Bapak saha Ibu, kula mangke manawi biji rapor kula sae kepareng sowan
dhateng Madiun kanthi ngginakaken kreta ”Sancaka” jurusan Surabaya
– Ngayogjakarta. Wekdal kula liburan udakara wulan Desember tanggal
24 ngantos minggu sepindhah ing wulan Januari, mugi Eyang kekalih
saged nampi keng wayah kanthi renaning penggalih.
Kula kinten cekap semanten atur kula, mbokbilih wonten keladuking
atur saha kirang duga, keng wayah nyuwun agunging samodra
pangaksami.
Nuwun.

Keng Wayah

Linda
Assalamu'alaykum warohmatullahi wabarokatuh

Nambut silining akrami:

Abraham Sudjadi
Putra Tunggal saking Bapak Sujadi kaliyan Ibu Adminah

Sarah Wahono
Putri Kapitu saing Bapak Wahono kaliyan Ibu Warsinah

Winantu sagunging pakurmatan,. Nuwun kanthu kanyadhong sih


Rahmating Gusti Ingkang Maha Asih, keparenga kula ngaturi rawuh
panjenengan sekalian benjing ing:

Ijab Qobul Tasyakuran


Ahad, 12 Oktober Ahad, 12 Oktober
2024 2024
Wanci 08:00 WIB Wanci 12:30 WIB
Masjid Al-Ikhlas Jl. Surodinawan No.23

Saperlu paring tambahing donga pangestu anggen kula badhe ngijabaken


anak kula, sumrambah ing sedayanipun

Wusana rawuh panjenengan sekalian badhe handayani saha nambahi


bombong manak kula. Awit saking punika kula ngaturaken sanget agung
panuwun

Wassalamu'alaykum warohmatullahi wabarokatuh


SEDAYA KELUWARGI NDHEK
SUNGKAWA KANTHI KATIMBALANIPUN:

Samira Hadid
MAHASISWI REALLYGREATSITE

“Mugi sedaya dosanipun dipunsepunten kaliyan


Allah SWT, ugi dipuntampi sedaya amal
saenipun wonten alam donya. Kagem sedaya
kulawargi ingkang dipuntilar mugi tansah
sabar lan pinaringan sehat Wal A’fiat
Mojokerto, 1 Januari 2024

Kangge Mbak Nanik


Assalamualaikum Wr. Wb

Mbak Nik, bukune njenengan pun


kula salep meja. Matur nuwun nggih
pun diampili. Bukune apik banget.
Kapan-kapan ngampil maneh. Matur
nuwun

Adhik Kos paling Ayu

Rahmania
PEMERINTAH DESA
JOMBOK
K E C . K E S A M B E N K A B . J O M B A N G

17 Mei 2023

NOMOR : 02/KKN-01 UNS


Kagem:
LAMPIRAN : -
PERIHAL : UNDANGAN KEPALA RT/RW DESA JOMBOK
KEC. KESAMBEN
KAB. JOMBANG

Nuwun,

Amargi kawontenanipun kegiatan Kuliah Kerja Nyata (KKN) saking Universitas Negeri
Surakarta periode 2 taun 2023, pramila kita saking mahasiswa KKN desa Jombok
nyuwun Bapak/ Ibu supados saged rawuh wonten adcara lokakarya ingkang badhe
dipunleksanakakaen:
Dinten/ Tanggal : Sabtu, 20 Mei 2023
Tabuh : 20:00 WIB
Panggenan : Bale Desa Jombok
Adicara : Lokakarya kelompok KKN
Menika kalawau ingkang saged dipunaturaken. Matur nuwun kangge kawigatosanipun,
kita ngaturaken agunging panuwun ugi nyuwun pangapunten.

Wassalamualaiku, Wr. Wb

Ketua KKN

John
John Schwaiger
LOMBA AGUSTUSAN
Paring uninga bilih kagem mengeti dinten
Kamardhikan, Dinas Pendidikan Kabupaten
Mojokerto badhe ngawontenaken lomba :

Balap Karung Makan kerupuk


Balap Kelereng Lomba Bakiak
Tarik Tambang Panjat Pinang

badhe dipunleksanakaken tanggal 19


Agustus 2024. Dipunwiwiti tabuh 07:00
ngantos bibar

Kepala Dinas Pendidikan

Suharmono
LAYANG
IBER-IBER
Layang iber iber yaiku layang pribadi
kang isine bab utawa perkara kang
pribadi. Layang pribadi iku layang non
formal
LAYANG
KITIR
Layang Kitir yaiku layang kang isine
cekak aos, biasane ing B.indonesia diarani
MEMO, Layang kitir duweni perangan
bebas
LAYANG
ULEM
Layang Ulem yaiku Ulem kang ngaturake rawuh
amarga arep nandang gwe, contohe "ulem
nikahan,ulem sunatan" Layang ulem duweni
perangan yaiku Titi mangsa, Adangiyah, Isi ,
Panutup, Prepenah, Asma terang lan Keterangan.
LAYANG
LELAYU
Layang layang yaiku Layang sing ngabari wong
kesusahan utawa kepaten (kematiann)
LAYANG
PATURAN
Layang Paturan yaiku layang kang isine
menehi kabar utawa ngabari sing kudu
direteni wong akeh
LAYANG
DAWUH
Layang Dhawuh yaiku layang saka
dhuwuran(pangkate) marang andhahane
contoh, Layang saka pak lurah kang isine
rapat .kang duweni perangan Lengkap

Anda mungkin juga menyukai