Anda di halaman 1dari 1

Atur Pambagya Syukuran

Nuwun, para pinisepuh ingkang satuhu kinabekten. Para tamu ingkang kinormatan,
saderengipun kula matur wonten ngarsa panjenengan, kula kumawani munggel pangandika
para tamu ingkang nembe imbal wacana.
Para rawuh ingkang minulya, ingkang sepisan mangga kula nderekake memuji ing
ngarsaning gusti ingkang mahaagung, awit sampun kepareng paring ganjaran wilujeng
satemah kula miwah panjenengan saged makempal ing adicara sukuran menika, kanthi
pangajab adicara saged lumampah kanthi rancang tanpa alangan satunggal menapa.
Para lenggah sedaya, kulaminangka wakilipun Bapak Sunardi sakulawarga
ngaturaken pambagya sugeng rawuh, sarta ngaturaken panuwun ingkang tanpa umpami
dene penjenengan sedaya sampun kersa nglonggarake wekdal rawuh ing adicara menika.
Kados sampun kapacak wonten ing serat ulem, dinten menika panggalih ipun Bapak
– ibu Sunardi sanget suka bagya dene manak mas Djatmikho sampun saestu saget nggayah
sarjana pendidikan bahasa indonesia, universitas negeri yogyakarta, sampun lulus saking
perguruann tingi nalika tanggal 17 Maret 2003. Bapak - ibu sunardi saestu bombong ing
manah dene wontwn putranipun ingkang kasdu ngipuk-ipuk basa, sastra, saha budaya, nun
inggih anak mas djatmikha, s.pd. Pramila, Bapak – Ibu Sunardi tansah ndedonga sarta
nyuwun pangestu pangestu panjenengan para tamu amrih anak mas djatmiko, S.PD. Saged
ngayahi wajib awit samenika sampun katampi dados peneliti wonten balai Bahasa
Yogyakarta, kanthi taksih nyambi dados penyiar ing salah sawijining stasiun radio swasta
ing ngayogyakarta, inggih ngasto bab siaran magepokan kaliyan budaya.
Para rawuh ingkang minulya, bapak – ibu Sunardi nyuwun pangapunten bokmenawi
anggenipun ngacarani rawuh panjenenan kirang mranani ing penggalih. Salajengipun para
rawuh kasugata kanthi dahar kembul kanthi ladi pribadi (Prasmanan) minangka syukuran
anak mas Djatmikho, sinambi nglaras campursari regeng gayeng.
Wasana kula pribadi, bok menawi anggenipun kula matur kirang tatakrama, kula
nyuwun pangapunten. Nuwun.

Nama : Florentina Ria Aryani


Kelas : IX A
No.Absen : 11

Anda mungkin juga menyukai