Anda di halaman 1dari 3

Surat Pribadi

Semarang, 30 Mei 2009

Ingkang kula kurmati

Ibu Amini

Ing Surakarta

Assalammualaikum Wr. Wb.

Kanthi serat menika ingkang putra ngaturi uninga mbok bilih


keadaan kula wonten Semarang uga tansah slamet lan ginanjar wilujeng.
Mugi-mugi Ibu kalihan keluarga wonten Surakarta inggih semanten ugi.
Amin.

Maos serat saking Ibu kolowingi, kula mangertos mbok bilih Pak
Dhe Marwan badhe nggadahi gawe. Maturnuwun Bu, sampun nyaosi
kabar dhumateng kawula. Woten ing serat menika, kula uga badhe ngaturi
kabar, pinales serat saking Ibu kolowingi. Bu, sakderengipun kula nyuwun
pangapunten dhumateng Ibu, amarga benjing kepener tanggal 1-6 Juni
2009 kula wonten tes semesteran ingkang boten saged kula tinggal.
Amargi tes kasebut dados penentu kula saged lulus punapa boten wonten
ing semester akhir kasebut. Dados, kula benjing boten saged wangsul lan
tumut wonten ing nikahane Mbak Erna kalihan Mas Agus.

Bu, Insyaallah benjing menawa tes semesteran kula sampun


paripurna, kula badhe langsung wangsul dhateng Surakarta. Kula inggih
nyuwun pangapunten dhumateng Pak Dhe Marwan sakaluwarga amargi
kula boten saged caos pambiyantu ing adicara nikahane putrine.

Cekap semanten Bu walesan serat kawula. Sepisan malih kula


nyuwun pangapunten dhumateng kulawarga wonten ing Surakarta. Kula
wonten mriki tansah ngati-ati lan Insyaallah saged njagi ngibadah kawula.
Salam mawon Bu dhumateng kaluwarga ing Surakarta.

Wassalammualaikum Wr. Wb.

Ingkang Putra

ttd
Mulyadi

Surat Resmi

Bantul, 11 September 2014

Bismillahirrohmaanirrohim

Assalamu'alaikum Wr. Wb.

Winantu sagunging pakurmatan.

Kanthi lumaraping nawala sedhahan, minangka sesulih pisowan


kula wonten ing ngarsa panjenengan.

Sinartan nyadhong berkahing Gusti Ingkang Maha Agung, kula


sak kluarga hanggadhahi pangangkah badhe ngawontenaken
tasyakuran tuwin pawiwahan supitan yoga kula ingkang nami,
AGUS BONDAN SAPUTRA mbenjang ing,

Dinten : Seloso Wage

Suryo Kaping : 13 September 2014

Wanci : tabuh 09:00 wekdal iring kilen ~ sak


bibaripun.

Mapan ing : Griyo kulo Bambanglipuro Rt 11 Rw 07 Bantul,


Ngayogjokartohadiningrat

Wasana sanget ing pangajeng-ajeng kawula awit agunging


kawigatosan rawuh panjenengan, mugi Gusti Ingkang Maha
Agung tansah peparing berkah wilujeng ing sedayanipun. Amin.

Wassalamu 'alaikum Wr. Wb.


Atur Taklim kawulo,
Kulawarga Bpk. HERMAN AJI sakbrayat

Anda mungkin juga menyukai