Anda di halaman 1dari 1

Katur

Dhumateng Panjenenganipun
Mbahkung Sunarto
ing Semarang

Sembah sungkem,

Kanthi lumantaring serat punika, kula ngaturi uninga bilih kawontenan kula sakulawarga
ing Ponorogo tansah ginanjar wilujeng nir ing sambikala. Menggah panyuwun kula dhumateng
Gusti Allah SWT, mugi-mugi kawontenanipun Mbahkung ugi mekaten.
Kajawi punika ingkang sepisan kula dipunutus Bapak nyuwun pirsa. Benjing punapa Bulik
Ira kondur dhateng Semarang? Bapak saha Ibu pengin sanget sowan dhateng Semarang.
Ananging amargi kawontenan ingkang kados makaten, dereng saged sowan tilik Mbahkung.
Kita sedaya kepeksa nyandhet pepenginan kesah dhateng pundi-pundi kanthi wontenipun
pandemi covid. Kula lan Panjenengan namung saged donga dinonga mugi-mugi kaparingan
bagas waras, katebihaken saking virus corona lan virus corona enggal sirna saking bumi
punika. Amin.
Ing wusana cekap semanten rumiyin serat kula, sanes wekdal dipun sambet malih.
Manawi wonten kirang trapsilaning atur dhumateng Mbahkung, kula nyuwun lumunturing
samudra pangaksami.

Ponorogo, 31 Desember 2020


Ingkang wayah

Maya Soekamti
Soal !
1) Sebutna jinis-jinise layang!
2) Kepriye tata rakite teks layang kasebut?
3) Kepriye basa kang dianggo dening Maya Soekamti marang mbah kakung
ing sajrone layang kasebut?
4) Kepriye tata tulise nulis titi mangsa ing layang pribadhi? Wenehana
tuladhane sing trep!

5)

6)

7) “Layang Pariwara yaiku layang kang isine guna ndandharake pawarta kang
kedhah dipun mangertosi tiyang kathah” Tulisen ginakaken Wyanjana (Aksara
Jawa)
8) “Adangiyah uga kasebut Sata Basa” Tulisen ginakaken Wyanjana (Aksara Jawa)

Anda mungkin juga menyukai