Anda di halaman 1dari 2

Pranatacara peresmian gedung enggal SD Negeri Ngentakrejo.

Assalamu’alaikum wr.wb
Alhamdulillahirabbil'alamin assolatu wassalamu'ala asrofil anbiya i wal mursalin,
wa'ala alihi wasohbihi ajma'in amma ba'du
Dhumateng Bapak Hasto Wardoyo ingkang satuhu kinurmatan,
dhumateng Bapak Muh. Basirin minangka kepala sekolah SD N Ngentakrejo,
dhumateng bapak guru, ibu guru saha siswa-siswi SDN Ngentakrejo ingkang
bahagya mulya.
Sumangga tansah kula lan panjenengan sedaya dherekaken puji syukur wonten
ngarsanipun Gusti ingkang Maha Agung ingkang sampun paring nikmat lan
kesarasan dhateng kula lan panjenengan sedaya, satemah wonten ing wekdal
menika respati palguna,surya kaping 7 Februari 2019 kula lan panjenengan saged
nglempak wonten SD Negeri Ngentakrejo saperlu ngresmekaken gedung enggal SD
menika.
Sholawat saha salam mugi katetepna dhumateng Nabi Muhammad SAW,
dhumateng para sahabatipun, para pendherekipun, mugi kalebetna kula saha
panjenengan sedaya ingkang tansah mawantu-wantu syafaatipun wonten dinten
yaumul kiamah. Aamiin.
Keparenga kula minangka pambyawara ngaturaken urut reroncening acara ing
wekdal menika ingkang sampun karantam dening para panitiya. Urut reroncening
acara inggih menika :
1. Pambuka
2. Waosan kitab suci al qur’an
3. Sambutan saking bapak bupati Kulon Progo
4. Atur pambagyaharja saking kepala sekolah SD Negeri Ngentakrejo
5. Pemotongan pita
6. Warna-warni
7. Panutup.
Mekaten para lenggah ingkang kinabekten rantamaning acara ing kalodhangan
menika. Kanthi wiwitaning pambuka acara, sumangga kula lan panjenengan sedaya
dherekaken sesarengan dedhonga miturut agami saha kapitadosan piyambak-
piyambak. Dedhonga kawiwitan.
----------------------------------------------------------------------------------------------
Cekap, matur nuwun.
Salajengipun acara ingkang angka kalih inggih menika waosan kitab suci al qur’an
dening sedherek Rina. Dhumateng sedherek Rina kula sumanggakaken.
----------------------------------------------------------------------------------------------
Matur nuwun dhumateng sedherek Rina mugi-mugi Allah SWT paring pituwas
ganjaran dhateng panjenengan lan para lenggah ingkang midhangetaken. Aamiin.
Para lenggah ingkang dahat kinurmatan, wanci acara ingkang angka 3 inggih menika
atur pambagyaharja saking Bapak Dr. Hasto Wardoyo, SP. OG. minangka bupati
Kulon Progo. Dhumateng Bapak Dr. Hasto Wardoyo, SP. OG. samawi kula
sumanggakaken.
---------------------------------------------------------------------------------------------
Matur nuwun dhumateng bapak bupati Kulon Progol ingkang sampun atur
pambagyaharja. Salajengipun acara ingkang angka 4 inggih menika atur
pambagyaharja saking bapak Muhammad Basirin minangka kepala sekolah SDN
Ngentakrejo. Dhumateng Bapak Muhammad Basirin kula sumanggakaken.
----------------------------------------------------------------------------------------------
Matur nuwun dhumateng bapak kepala sekolah SD Negeri Ngentakrejo ingkang
sampun atur pambagyaharja.
Wanci acara ingkang angka 5 inggih menika pemotongan pita dening Bapak Dr.
Hasto Wardoyo, SP. OG. kaliyan Bapak Muhammad Basirin samawi supados
pratandha resminipun gedung enggal SD Negeri Ngentakrejo. Dhumateng Bapak
Dr. Hasto Wardoyo, SP. OG. kaliyan Bapak Muhammad Basirin samawi kula
sumanggakaken.
---------------------------------------------------------------------------------------------
Kaaturaken agunging panuwun dhumateng Bapak Dr. Hasto Wardoyo, SP. OG.
kaliyan Bapak Muhammad Basirin ingkang sampun ngresmekaken gedung enggal
SD Negeri Ngentakrejo.
Wekdal acara ingkang angka 6 menika warna-warni ingkang lajeng dipun isi tari
gambyong saking siswa/siswi SD Negeri Ngentakrejo. Dhumateng para siswa/siswi
kula sumanggakaken.
-------------------------------------------------------------------------------------------------------
Matur nuwun dhumateng para siswa/siswi ingkang sampun nampilaken tari
gambyong ingkang endah sanget.
Salajengipun inggih menika paduan suara saking para siswi. Dhumateng para siswi
paduan suara kula sumanggakaken.
----------------------------------------------------------------------------------------------
Matur nuwun dhumateng para siswi paduan suara ingkang sampun nglelipur kula
lan panjenengan sedaya.
----------------------------------------------------------------------------------------------
Para lenggah ingkang satuhu kinurmatan, acara ingkang pungkasan inggih menika
panutup. Sumangga pepanggihan ing wekdal menika kula lan panjenengan sedaya
pungkasi sesarengan kanthi atur panuwun dhateng ngarsanipun Gusti Allah SWT,
dene acara peresmian SD Negeri Ngentakrejo menika saged kalaksanan kanthi
raharja tebih saking sambekala. Donga lan puji syukur kula sumanggakaken miturut
agami saha kapitadosan piyambak-piyambak. Sumangga
----------------------------------------------------------------------------------------------
Cekap, matur nuwun.
Mbok bilih anggen kula ngayahi jejibahan kathah atur saha patrap ingkang boten
ndadosaken renaning penggalih panjenengan sedaya, kula nyuwun agunging
pangaksami. Wasana cekap semanten. Matur nuwun.
Wabillahi taufik wal hidayah
Wassalamu’alaikum wr.wb

Anda mungkin juga menyukai