Anda di halaman 1dari 4

Drama Bahasa Jawa ( 8 orang )

Drama yang berbahasakan Bahasa Jawa

Sunday, February 28, 2016

Drama Bahasa Jawa ( 8 Orang )

" Kalah Nyaleg "


lakonbosojowo.blogspot.com
http://adfoc.us/4120021

PERAN
Calon Caleg 1 = Pak Jamal
Calon Caleg 2 = Pak Karwo
Dukun = mbah Kendil
Panitia = Bu Retno
Masyarakat 1 = Bu leny
Masyarakat 2 = Bu Anjar
Masyarakat 3 = Bu Jam
Masyarakat 4 = Bu Sulis

Segmen 1
Masyarakat 2 : Bu, tanggal 18 ada pemilu ya?
Masyarakat 4 : inggeh bu, mangke njenengan milih sinten?
Masyarakat 2 : Kulo milih pak Karwo, soale Pak karwo iku wonge selain ramah, yo ora tau
nyombongke diri, ora koyok pak Jamal wes ra ramah ditambah sombong e raumum, saestu lo
bu
Masyarakat 4 : iyo bu, paling wi engko iso ugo wonge gae cara sing aneh-aneh, iso ae
mengko pak Jamal nggao dukun kanggo menangne kampanye + pemilu
Calon Caleg 2 : Assalamualaikum ibu-ibu…. ( Marani ibu-ibu sing lagi ngumpul )
Masyarakat : Waalikumsalam pak Jamal… ( Bales karo ngguyu lan duding bathuk e pak
Jamal)
Calon Caleg 2 : lhoh? Enek opo kok ngguyu? ( Bingung karo sing diguyu )
Masyarakat 2 : Anu pak… ( Karo ngguyu )
Masyarakat 3 : anu pak.. iku lo, bathuke jenengan wonten ireng-irenge ( ngempet ngguyu )
Calon Caleg 2 : ( Ngresiki bathuke ) Oalah…iki to? Iki mau bar kenek uncratan isi spidol
nde omah, mergane mau spidole mblobor terus tak ketekne lha kok malah muncrat ( Karo
ngguyu )
Masyarakat 4 : Oalah… ngono to pak
Masyarakat 2 : Pak, Kampanye ne terakhir besok nggeh?
Calon Caleg 2 : enggeh bu, dongakne nggeh… mugi mugi kulo menang ( karo mesem
)
Masyarakat 3 : nggeh pak... mangke kulo coblos jenengan ten tanggal 18 ( Ngguyu mringis )
Calon Caleg 2 : Suwun bu… kulo tak disik riyen nggeh… wonten acara soale.. Masyarakat :
Nggeh pak…
Masyarakat 3 : Heeh bu, wonge ramah mbe masyarakat,

Segmen 2
Calon Caleg 1 : lagi lungguh nyantai nde ruang tamu moco koran karo ngombe teh anget
Masyarakat 1 : tok! tok! tok! ( nutuk lawang ) Pak bayan, lagi ngopo? Calon
caleg 1 : Iki lo, lagi nyantai, ono opo ? lungguh kene lo.
Masyarakat 1 : Pripun pak kabar nyaleg e? pun siap nopo dereng?
Calon Caleg 1 : pehh, lek kuwi aku rodok bingung, soale onok saingan sing paling abot.
Masyarakat 1 : Sinten pak? Pak karwo nggeh?
Calon Caleg 1 : Lha kuwi tepak! Wong kuwi jan, ketoke pendukunge luwih akeh
timbang aku, wediku aku iki engko bakal kalah pas kampanye. Opo kowe ndue solusi?
Masyarakt 1 : Nopo nggeh pak? (sek mikir mikir ) AHAA..!! kulo wonten kenalan dukun,
asmane Mbah kendil, tapi ono syarate, Pak Jamal kudu gowo duek jutaan kanggo persyaratan
mbah dukum,pripun? Gelem nopo mboten?
Calon Caleg 1 : pie yo? ( mikir mikir ) , iyo wes sesok aku tak merono tapi terno
Masyarakat 1 : iyo pak, kulo tak kundur riyen
Calon Caleg 1 : iyo, ati ati

Segmen 3
Masyarakat 1 : Eh… pak Jamal….
Calon Caleg 1 : Eh… Bu Leny maleh… wonten nopo bu?
Masyarakat 1 : Sido nopo mboten pak ten mbah Dukun? Lek sido pun siap nopo dereng
persyaratane?
Calon Caleg 1 : Sampun siap bu… ayo bu langsung budal menyang mbah dukune! Mbah
dukun : Enek opo kowe menyang rene?
Calon Caleg 1 : Ndang omongno… wedi aku… ( Bisik nyang kupinge Bu Leny )
Masyarakat 1 : Ngenten mbah… niki rencang kulo bade kampanye, wonge wedi lak kalah pas
Pemilu mangke mbah…
Mbah dukun : Woo.. kowe wedi kalah pas pemilu? Gampang… iki tak keki jimat tapi onok
syarate
Calon Caleg 1 : No.. No.. Nopo niku mbah? ( rodok gugup )
Mbah Dukun : sing ke-1 : Awamu ojo sampek ngomong kata-kata sing nyangkut jenenge
Karwo,lak sampek kowi bok langgar, jimatmu engko bakal nggae we kalah langsung pas
pemilu. Ke-2 : We nggowo duwit piro?
Calon Caleg 1 : niki mbah… ( Nyerahne duike )
Mbah dukun : Piro wi? Sek kurang! ( karo ngelus dagu ) Calon
Caleg 1 : Niki mbah… niki sampun kabeh mbah…
Mbah dukun : Lha ngono lo… Ojo lali, ojo sampe ngomong kata kata sing nyangkut jenenge
karwo!
Calon Caleg 1 : Inggeh mbah…. Ayo ndang metu bu ( bisik nyang bu Leny )

Segmen 4
Calon Caleg 1 : Ayo poro masyarakat dukung aku kabeh yo…. Urip Nomor 1! MERDEKA!
Calon Caleg 2 : Ayo masyarakat… dukung nomor 2 kabeh… MERDEKA!
Calon Caleg 1 : Masyarakat neng kene, ayo dukung nomor 1 yo… ojo sampek dukung
Pak Karwo… wonge rai so opo opo
Masyarakat 1 : lhoh pak! Kok ngomong kata-kata sing nyangku jenenge pak karwo?! Lak
maleh gagal to menang telak pas pemilu! ( Bisik alon nyang pak Jamal
)
Calon Caleg 1 : ( Kaget ) waduh… pie iki…? Wes dongakno ae mugo mugo menang (
Bisik genti nyang bu Leny )
Calon Caleg 2 : Pilih pak Karwo, Ekonomi langsung maju…

Segmen 5
Panitia : Pengumuman untuk seluruh masyarkat mohon untuk datang ke tempat TPS yang
telah disediakan
Masyarakat 2 : Kiro Kiro sopo yo sing tak pilih?
Masyarakat 1 : Pilih Pak Jamal ae bu…
Masyarakat 4 : Pak Karwo ae bu…. Kan wonge apikan lan ra sombong
Masyarakat 3 : Iyo bu… pilih pak Karwo wae, lagian pak Jamal yo ngono kae, lak dijaluki
tulong angel eram, lak pak karwo kan penak…
Masyarakat 2 : waduh… bingung eg aku…
Masyarakat 4 : wes wes ayo ndang nyoblos ndang didelok sopo sing menang Masyarakat 1 :
ayo
Panitia : Pengmuman hasil untuk pemilu tahun 2015/2016 dimenangkan oleh….. Calon caleg
1 : mugo mugo ae aku menang....
Masyarakat 1 : sopo yo?
Masyarakat 3 : Paling pak Jamal
Panitia : Dimenangkan oleh…. Bapak Karwo…. Mari kita berikan tepuk tangan
kepada pak karwo
Masyarakat 2 : Sing menang bakno pak Karwo bu…
Masyarakat 1 : Iyo bu
Masyarakat 3 : Alhamdulillah… pak Karwo menang…
Calon Caleg 1 : Walah… rugi lak ku moro menyang dukun iki! ( Pak Jamal emosi nde
tangah tengah masyarakat)
Masyarakat 3 : Oalah… tibake pak karwo nggae dukun, mulakno kalah ( Ngguyu )
Masyarakat 2 : oalah… pantes ae… mangkakno to pak.. pak.. lak pengen menang iku sing
jujur, ora onok wong sing gak jujur bakal menang nde dunio iki!
Calon caleg 1 : ( Mutung langsung ngaleh )lakonbosojowo.blogspot.com /
http://adfoc.us/4120021

Kunjungi juga halaman kami di : https://tipsandtricksucces.blogspot.co.id/2017/05/cara-cepat- dapat-uang-


dari-media.html
Cyros Genetic at 8:12 AM

Share

Add a comment as Qorimah Dewantii

Top comments

Cyros Genetic via Google+


1 year ago +1 Shared publicly

Second Blog

‹ Home

View web version

About Me
Cyros Genetic
Follow 4

View my complete profile

Anda mungkin juga menyukai