Anda di halaman 1dari 4

Kalah Nyaleg

PERAN
Calon 1 =Pak Jamal (Muhammd Rizki Rahmatullah)
Calon 2 =Pak Karwo (Ali Numan Alfakhri)
Panitia = Bu retno (Mecca Rahma Laudya)
Mbah dukun = (Muhammad Yoga Prasetyo)
Masyarakat 1 = Pak yanto(Muhammad Rafif Naqi)
Masyarakat 2 = Pak marno (Azam Akbar Mubarok)
Masyarakat 3 = Bu Marni (Hanifah Shautul Rifah)
Masyakat 4 = Pak Anton (Muhammad Alfin Niam)
Narator = (Muhammad Lukman Hakim)

Nang suatu tempat, di desa Utopia ana 2 calon seng ate nyaleg dadi DPR. Para masyarakat
guneman nyoblos sopo wektu tanggal 14 mene. Pak karwo pun jaluk pandongane masyarakat
ben pak karwo menang nyaleg.

Segmen 1
Pak marno : Pak, tanggal 14 ada pemilu ya?
Pak Anton: inggeh pak, mangke njenengan milih sinten?
Pak marno: Kulo milih pak Karwo, soale Pak karwo iku wonge selain ramah, yo
ora tau nyombongke diri, ora koyok pak Jamal wes ra ramah ditambah sombong e
raumum
pak Anton: iyo pak, paling wi engko iso ugo wonge gae cara sing aneh-aneh, iso
ae mengko pak Jamal nggao dukun kanggo menangne kampanye + pemilu
pak karwo: Assalamualaikum ibu-bapak…. ( Marani wongsing lagi ngumpul )
Masyarakat : Waalikumsalam pak Karwo… ( Bales karo ngguyu lan duding bathuk e
pak Jamal)
Pak Karwo: lhoh? Enek opo kok ngguyu? ( Bingung karo sing diguyu )
Pak Marno: Anu pak… ( Karo ngguyu )
Bu Marni: anu pak.. iku lo, bathuke jenengan wonten ireng-irenge ( ngempet
ngguyu )
pak Karwo: ( Ngresiki bathuke ) Oalah…iki to? Iki mau bar kenek uncratan isi
spidol nde omah, mergane mau spidole mblobor terus tak ketekne lha kok malah
muncrat ( Karo ngguyu )
pak Anton : Oalah… ngono to pak
pak marno: Pak, Kampanye ne terakhir besok nggeh?
Pak Karwo: enggeh pak, dongakne nggeh… mugi mugi kulo menang ( karo
mesem )
Bu marni: nggeh pak... mangke kulo coblos jenengan ten tanggal 14 ( Ngguyu
mringis )
pak Karwo: Suwun bu… kulo tak disik riyen nggeh… wonten acara soale..
Masyarakat : Nggeh pak…
Bu marni : Heeh bu, wonge ramah mbe masyarakat,
Pak yanto dolan nang omahe pak jamal, pak yanto takok persiapan e pak jamal seng ate nyaleg
iku mau. Pak jamal kebingungan kepriye carane ben awake iki menang nyaleg iki

Segmen 2
Pak jamal: lagi lungguh nyantai nde ruang tamu moco koran karo ngombe teh Anget
Pak Yanto: tok! tok! tok! ( nutuk lawang ) Pakjamal, lagi ngopo?
Pak jamal: Iki lo, lagi nyantai, ono opo ? lungguh kene lo.
Pak yanto: Pripun pak kabar nyaleg e? pun siap nopo dereng?
Pak Jamal: pehh, lek kuwi aku rodok bingung, soale onok saingan sing paling
abot.
Pak yanto: Sinten pak? Pak karwo nggeh?
Pak jamal: Lha kuwi tepak! Wong kuwi jan, ketoke pendukunge luwih akeh
timbang aku, wediku aku iki engko bakal kalah pas kampanye. Opo kowe ndue
solusi?
Pak yanto: Nopo nggeh pak? (sek mikir mikir ) AHAA..!! kulo wonten kenalan
dukun, asmane Mbah kendil, tapi ono syarate, Pak Jamal kudu gowo duek jutaan
kanggo persyaratan mbah dukum,pripun? Gelem nopo mboten?
Pak jamal : pie yo? ( mikir mikir ) , iyo wes sesok aku tak merono tapi terno
Pak yanto : iyo pak, kulo tak kundur riyen
Pak jamal: iyo, ati ati

Pak yanto wes nemu cara ben pak Jamal menang nyaleg tahun iki, yaiku budhal menyang dukun.
Segmen 3
Pak yanto: Eh… pak Jamal….
Pak jamal : Eh… pak yanto maleh… wonten nopo pak?
Pak yanto: Sido nopo mboten pak ten mbah Dukun? Lek sido pun siap nopo
dereng persyaratane?
Pak jamal : Sampun siap pak… ayo pak langsung budal menyang mbah dukune!
Mbah dukun : Enek opo kowe menyang rene?
Pak jamal : Ndang omongno… wedi aku… ( Bisik nyang kupinge pak Yanto )
Pak Yanto: Ngenten mbah… niki rencang kulo bade kampanye, wonge wedi lak
kalah pas Pemilu mangke mbah…
Mbah dukun : Woo.. kowe wedi kalah pas pemilu? Gampang… iki tak keki jimat tapi
onok syarate
Pak jamal : No.. No.. Nopo niku mbah? ( Mbah Dukun : sing ke-1 : Awamu ojo sampek rodok
gugup ngomong kata-kata sing nyangkut )
jenenge Karwo,lak sampek kowi bok langgar, jimatmu engko bakal nggae we kalah
langsung pas pemilu. Ke-2 : We nggowo duwit piro?
Pak jamal: niki mbah… ( Nyerahne duike )
Mbah dukun : Piro wi? Sek kurang! ( karo ngelus dagu )
Pak jamal: Niki mbah… niki sampun kabeh mbah…
Mbah dukun : Lha ngono lo… Ojo lali, ojo sampe ngomong kata kata sing nyangkut
jenenge karwo!
Pak jamal: Inggeh mbah…. Ayo ndang metu bu ( bisik nyang pak yanto )
Nang suatu dino, wayah e 2 calon orasi nang balai deso. Pak jamal ga sengojo keceplosan
ngomong kalimat seng nyangkutb mbek pak karwo.
Segmen 4
Pak jamal: Ayo poro masyarakat dukung aku kabeh yo…. Urip Nomor 1!
MERDEKA!
Pak Karwo: Ayo masyarakat… dukung nomor 2 kabeh… MERDEKA!
Pak jamal : Masyarakat neng kene, ayo dukung nomor 1 yo… ojo sampek
dukung Pak Karwo… wonge rai so opo opo
Pak yanto: lhoh pak! Kok ngomong kata-kata sing nyangku jenenge pak
karwo?! Lak maleh gagal to menang telak pas pemilu! ( Bisik alon nyang pak Jamal)
Pak jamal: (Kaget ) waduh… pie iki…? Wes dongakno ae mugo mugo menang (
Bisik genti nyang pak yanto)
Pak karwo : Pilih pak Karwo, Ekonomi langsung maju…

Nang hari H perhitungan suara pun tiba, Pak Jamal emosi amarga pak jamal wes menyang
dukun, tapi dheweke kalah.
Segmen 5
Panitia : Pengumuman untuk seluruh masyarkat mohon TPS yang telah disediakan untuk datang
ke tempat
Pak marno: Kiro Kiro sopo yo sing tak pilih?
Pak yanto: Pilih Pak Jamal ae pak…
Pak Anton: Pak Karwo ae pak…. Kan wonge apikan lan ra sombong
Bu marni: Iyo bu… pilih pak Karwo wae, lagian pak Jamal yo ngono kae, lak
dijaluki tulong angel eram, lak pak karwo kan penak…
Pak marno: waduh… bingung eg aku…
Pak Anton: wes wes ayo ndang nyoblos ndang didelok sopo sing menang
Pak yanto : ayo
Panitia : Pengmuman hasil untuk pemilu tahun 2015/2016 dimenangkan oleh…..
Pak jamal : mugo mugo ae aku menang....
Pak yanto: sopo yo?
Bu marni: Paling pak Jamal
Panitia : Dimenangkan oleh…. Bapak Karwo…. Mari kita berikan tepuk tangan
kepada pak karwo
Pak marno: Sing menang bakno pak Karwo bu…
Pak yanto: Iyo bu
bu marni: Alhamdulillah… pak Karwo menang…
Pak jamal: Walah… rugi lak ku moro menyang dukun iki! ( Pak Jamal emosi
nde tangah tengah masyarakat )
bu marni: Oalah… tibake pak jamal nggae dukun, mulakno kalah ( Ngguyu )
Pak marno: oalah… pantes ae… mangkakno to pak.. pak.. lak pengen menang
iku sing jujur, ora onok wong sing gak jujur bakal menang nde dunio iki!
Pak jamal: ( Mutung langsung ngaleh)
Saking drama “Kalah Nyaleg”, pesen kang bisa dijupuk yaiku pentinge integritas lan jujur ing
saingan, lan nggunakake cara mistik utawa ora etis ora mesthi nuwuhake asil kang
dikarepake.

Anda mungkin juga menyukai