Anda di halaman 1dari 6

Aku Isih Kelingan SMS Kuwi

Lima sasi sakdurunge PILKADES


Ing desa Plandi diadaake pemilihan kepala desa. Sing bakal dadi kades, yaiku Carik Bandi,
Mudin Dulah, lan Mahfud juragan emas. Deweke padha saingan golek dukungan.
Mahfud akhir-akhir iki lomane kliwat, yen onok wong butuhake pertolongan Mahfud langsung

moro. Pak Agus : “Pak, wonten tiang seng gerah!” (ambek mlayu)

Mahfud : “Sopo?”
Pak Agus : “Cak Bambang, Pak!”
Mahfud : “Oh iyowes, celokno ambulance wae kanggo ngeterake Pak Bambang menyang
Pukesmas!”
Pak Agus : “Siap, Pak!”
Mudin Dulah duduk asli wong Plandi nanging ambisine dadi Lurah ora kena dipenggak. Wes
diilengake jane, nanging ora kena.
Mudin Dulah : “Bu, aku taun iki arep macung dadi Kades?”
Ibu : “Kowe ojok aneh-aneh le, lah omah wae sek ngontrak kok kate macung dadi

Kades!” Mudin Dulah : “Pokoke aku kudu macung dadi Kades!”

Ibu : “Iyowes karepmu, opo sing apik kanggo

kowe!” Mudin Dulah : “Nggih pun, Bu”

Calon Kades ketelu yaiku Carik Bandi, wonge sampun dadi PNS lan nduwe montor Kijang
tahun 90’an. Lemah lan omah kari ngenteni dum-duman warisan.
Carik Bandi : “ Aku iki carik Bandi! Uwong kang sugih Lemah lan Omah kari ngenteni dum-
duman warisan.”(Karo mlaku metu)

*sedino sakwise
Ing warunge Pak Yono lagi sepi, moro - moro si Gondrong lan si Kocomoto teko lan ngopi
teng warunge pak Yono. Banjur, si Gondrong nakoni pak Yono.
Gondrong : “Sopo sing badhe pak Yono pilih dadi Kades?”
Pak Yono : “Aku ora milih sopo-sopo, aku netral. Aku duduk wong asli

kene.” Gondrong : “Upami pindah mriki pripun? Pak Carik saget

ngurusaken.”

Pak Yono : “Dereng riyin, mas.”


Gondrong : “Menawi warung kopi panjenengan didamel Poskone pak Carik pripun?”
Pak Yono : “Kula niki tiang netral. Yen warung kula ajeng didamel Poskone pak Carik, tiange pak
Mahfud lan pak Mudin Dulah mboten purun maleh marung teng mriki.”
Gondrong : “Ngaten loh pak Yono, yen kersa didamel Posko, panjenengan mangke saben
dinten angsal jatah rong atus ewu syarate warga ingkang nggadah hak pilih menawi
ngopi teng warung mriki sampeyan gratisne. Panjenengan aturne nek sedaya sampun
dibayari pak Carik. Dene menawi jatah rong atus ewu niku pun telas nggih
panjenengan tarik regine seng ditumbas wau. Pokoke jatah sedinten rong atus ewu
niku.
Pak Yono : “Daketung-etung, yen sedina rong atus ewu saksasine nem yuta. Yen limang
sasi, engga tempuking gawe, gunggunge telung puluh yuta, ah iki isih warungku.
Durung warung-warung liyane. Kok sugih duwit banget Carik Bandi iki. Yen kasil
dadi Kades apa ora nggolek pulihan? Wingi kae wonge Mudin Dulah uga njaluk idin
masang spanduk lan banner ing warungku. Nanging tak tampik alis.”
Wayae warunge pak Yono rame, Mahfud mara menyang warung. Deweke pesen kopi lan
rokok sak bungkus.
Mahfud : “Pak No, pesen kopi lan rokok

sakbungkus!” Pak Yono : “Iyo. Lungguho kunu

sek.”

Mahfud : “Wahh… Rame tenan dino iki pak

No.” Pak Yono : “Alhamdulillah, lancar

rezekine.” Sakmarine ngopi, Mahfud pamit balik

marang pak Yono.

Mahfud : “Aku balik disik pak No, iki sampeyan tak titipi duwit kanggo mbayari wong-wong
seng marung ndek kene. Mengko lek kurang kandanono aku, pak No!”
Pak Yono : “Nggih pun, matur nuwun.”
Wancine Pilkades teko, dinane Minggu. Sengojo dipilih dina prei supaya warga akeh seng teko.
Pak Yono melu deleng rumah kuning Pilkades ing balai desa.
Pak Yono : “Dek, tulung jagakna warunge. Aku kate ndelok Pildakes ing balai

desa.” Adek pak yono : “Nggih mas, ben tak jagakno.”

*Ing Balai Desa

Panitia A : “Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh,bapak-bapak lan

ibu- ibu, kito badhe njelasake tata cara pencoblosan.”

Panitia B : “Pertama bapak lan ibu nyerahake undangan teng panitia, banjur

samean dikeki surat suara, sakwise iku samean langsung ng

panggon seng wes disediaake kanggo nyoblos.”


Panitia A : “banjur samean ngumpulno surat suarane ing kotak suara, sakwise

iku samean nyelupno jentike samean ing tinta kanggo tanda lek

samean wes nyoblos.”

Panitia B ; “Monggopun bapak-bapak lan ibu-ibu, pencoblosan calon kepala

desa iso dimulai saiki.”

Calon Kades dilungguhake kursi lan dipacaki kemanten. Kursi nomer siji Calik Bandi, nomer
loro Mudin Dulah, nomer telu Mahfud. Tak sawang Carik Bandi gembleleng kaya-kaya yen
yakin menang. Ning saben tempuk panyawang karo aku deweke dingkluk. Pak Yono disms Carik
Bandi kang isine magkene, mas isina pulsa rong puluh ewu ing nomer iki (kedadean setahun
kapungkur). Rong dina candhake uga njaluk dikirimi pulsa rong puluh ewu maneh. Sakwise utang
pulsa deweke ilang plas. Ora nate saba warung iku maneh.
Nalika ing tengah tengah pengitungan swara.

Panitia A : “Nomer loro” (ambek buka kertasswara)

Panitia B : “Sah!”

Panitia A : “Nomer telu” (ambek buka kertas swara)

Panitia B : “Sah!”

Panitia A : “Nomer telu” (ambek buka kertas swara)

Panitia B : “Sah!”

Mudin Dulah : “Waduh! Kok yo ora ono sing milih aku, lek ngene bener tutur e ibuk, lah
wong umah ae sik ngontrak kok sok- sokan macung dadi kades. Aku tak kabur
ae wes” (ing njero ati)
Mudin Dulah : “Pak panitia, kula ijin teng toilet sekedap nggih

pak” PAnitia A & B : “Nggih pak, monggo”

Mudin Dulah kabur lan ora balik maneh menyang balai desa.
Pengitungan swara wes kurang titik maneh, Carik Bandi rodok Ndredek amarga wedi kalah

Panitia A : “Nomer telu” (ambek buka kertas swara)

Panitia B : “Sah!”
Panitia A : “Nomer telu” (ambek buka kertas swara)

Panitia B : “Sah!”

Panitia A : “Terakhir, nomer siji” (ambek buka kertas swara)

Panitia B : “Sah!”
Panitia A : “Bapak bapak, ibu ibu warga desa Plandi, hasil pengitungan swara PILKADES desa
Plandi yaiku: Calon nomer siji oleh 20 swara, calon nomer loro oleh 10 swara, calon
nomer telu oleh 70 swara, golput 0 swara”
Panitia B : “Amarga sing oleh swara paling akeh yaiku calon nomer telu, dadi seng bakal
kepilih dadi kades yaiku Pak Mahfud”
Penyengkuyung Pak Mahfud : “HOREE!!!”
Pak Mahfud lan panyengkuyunge padha seneng. Nanging Carik Bandi cahyane pucet. Kajaba
wirang, kira-kira dheweke lagi ngendeng pamikire, duit enteke wes kadung akeh. Wusane dheweke
semaput ing panggon.

Anda mungkin juga menyukai