Anda di halaman 1dari 3

Naskah drama bahasa jawa

Judul : perayaan dina kemerdekaan Republik Indonesia

Ing RT 5 Desa Beta arep nganakne perayakan dino kamardikan RI . Ananging kabeh pada bingung
nganaake opo . Gae ngatasi masalah iki ,akhire warga arepe ngadaake musyawarah sing dilaksanakne ing
omae pak rt.

Karang taruna :"Assalamualaikum"

Bu Rt :"Walaikumsalam"

Dika : "Pak rt wonten, nopo mboten ?"

Bu Rt : "Enek le. Kene mlebu o sek. Tak celukne"

Dika : " Nggeh bu. Matur suwun"

Pak Rt teko

Pak Rt : "Ono perlu opo le ?"

Whendy :" Ngeten pak, niki kan ajenge 17 Agustusan lha warga niki bingung ajenge ngadaaken
punapa . Supados mboten bingung, rencang rencang karang taruna ajenge ngadaaken musyawarah . "

Pak Rt :" Woalah... ngono to , yowes ayo saiki ae musyawarahe."

Whendy : " Nggih pak, matursuwun ."

Pak Rt : Assalamualaikum wr wb para anggota karang taruna desa Beta , ing kene adewe musyawarahne
ngenani acara digae ngisi perayaan dina kamardikan. Piye lek adewe ngenekne lomba- lomba sing
menarik digae para warga. Bocah bocah iki ana usul opo ora?"

Monik : " Pripun yen lomba mangan krupuk?"

Nia : " Ojo wi wes lazim nik, piye lek lomba pencak dor dingge ibu-ibu?"

Dika : " He, ibu - ibu kok lomba pencak dor."

Monik : " Piye lek lombane pencak dor, ananging pak RT nggih tumut berpartisipasi ?"

Pak RT : " Wo yowes cah, rapopo aku biyen ki mantan atlet pencak dor."

Dika :" Nggih sampun pak, lombane ngeten mawon. Ananging kula usul , pripun yen lombane niku
bareng kaliyan bazar RT ?"

Pak RT : " Wo iyo le, usulmu apik tenan wi . Yo wes lak ngono ndang direncanakne. "

Whendy : " Nggih sampun, musyawarah sonten niki saget dipun pungkasi. Monggo pak RT"
Pak RT : " Yo wes cah, musyawarah dino iki tak tutup. Assalamualaikum wr wb."

Bocah - bocah : " Waalaikumsalam wr wb , nggih sampun pak matur nuwun "

Dika:" Kula kaliyan rencang - rencang ajenge nyuwun pamit riyin pak."

Pak RT : " Wo yo le ngko omongono kancamu seng dino iki gk iso teko."

Dika : "nggeh. Kula lan rencang-rencang badhe pamit kondur."

Bu Rt teko karo gowo jajan.

Bu Rt : "loh kok wes podo mulih, kadong tak masakne bakso lho. Ayo kene mangan sek. Ojo sungkan-
sungkan."

Whendy : "Bu mboten usah repot-repot."

Bu Rt : "Wes to. Ora usah sungkan-sungkan, wes iki dang dimaem."

Monik : "Mboten usah bu. Kula lan rencang-rencang badhe wangsul rumiyen."

Bu Rt : "Halah kok kesusu to. Ayo mbak, dang to dang dimaem. Kadong tak masakne lho."

Akhire bocah-bocah podo mangan.

Pas dino lomba, bocah-bocah karang taruna Rt 05 nyiapake peralatan kanggo lomba engko bengi. Sawise
kuwi, bengine lombane apene dimulai. Kabeh warga podo delok ing lapangan Rt 5. Kabeh peserta lomba
wes podo siap. Ibu - ibu lan para warga pada nyemangati kabeh peserta lomaba.

Bu RT : " Ayo pak RT , mosok atlet pencak loyo."

Nia : "Ayo bapak-bapak ibu- ibu warga RT 5 acara lomba dipun mulai . Lomba ingkang pertama yaiku
lomba pencak dor . Ronde pertama yaiku pak RT lawan pak Dika ."

Pak RT lan Pak Dika podho - podho berusaha supaya dadi juara 1 .Pas teko tengah-tengah pertandingan
Pak RT sempet ceblok peng pindho ananging pak RT ora nyerah .Akhire pertandingan wes mari.

Nia : "Sakwise iku, ronde 2 dimulai . Pertandingan iki tekan remaja RT 5 yaiku monik ngelawan Whendy .
Wes siap kabeh, mulai "

Whendy lan monic podho-podho berusaha supaya dadi juara. Pas teko tengah-tengah monic ceblok.
Akhir e pertandingan wes mari.

Nia : " pertandingan pencak dimenangke dening pak RT lan Whendy."

Sakwise iku , pertandingan e akhire wes bar . Ibu ibu wes podo nyiapake konsumsi dingge peserta lomba.
Para peserta pada mangan
Jovi : “Ayo bapak-bapak,bocah-bocah,lan ibu-ibu berhubung lombane sampun bar monggo pinarak
dhahar rumiyin”

Bocah-bocah karang taruna : “siap buk...... ”


Jovi : “Walah yo yo cah saiki lak dikon mangan semangat e jan mintak ampun ,jajal kon rewang-rewang
mesti enek ae alesane “

Pak RT : “ La yo...”(karo mringis)

Akhire kabeh warga ing RT 5 podo mangan ,sak wis e mangan lan podo wes wareg kabeh akhire podo
mulih ning omahe dewe-dewe.

Anda mungkin juga menyukai