Anda di halaman 1dari 2

SOAL BAHASA JAWA KELAS 10

I. Pilihen salah siji wangsulan kang kokanggep bener, kanthi nyorek (X) ana ing wangsulan kang
kokanggep bener!
1. Pawarta kang ditujokake kanggo umum, kang surasane menehi pangreten tumrap sawijining
prastawa diarani ….
a. Layang d. selebaran
b. wara-wara e. sedhahan
c. majalah
2. Wara-wara kang surasane bela sungkawa diarani ….
a. Brosur d. iklan
b. Majalah e. sayembara
c. Lelayu
3. Wara-wara kang surasane nawakake sawijining barang utawa papan diarani ….
a. Brosur d. iklan
b. Majalah e. sayembara
c. Lelayu
4. Wara-wara kang surasane andon kewasisan, cangkriman utawa pitakonan diarani …
a. Brosur d. iklan
b. Majalah e. sayembara
c. Lelayu
5. Perangan kang kudu ana ing sajroning panulise wara-wara kajaba …
a. titi mangsa d. purwaka basa
b. peprenahan e. satata basa
c. surasa basa

Diajari korupsi

Sawijining dina, Glendhoh mertamu ing omahe Klithuk, kanca lawas jaman isih sekolah
SMA mbiyen. Pawakane Klithuk isih ajeg kuru kaya ndek jaman mbiyen. Glendhoh dhewe saiki
lemu ginuk-ginuk, tandane wus nemoni sukses ing gaweane.
Glendhoh : Piye kabarmu Thuk?
Klithuk : Ya isih ngena-ngene wae Ndhoh. Kaya sing mbok sawang iki.
Glendhoh : Lha piye ta? Mbok leh mu nyambut gawe sing tenanan, ben isoh entuk dhuwit
akeh.
Klithuk : Jan-jano nyambut gaweku ya wus tenanan. Nanging tetep wae, uripku ajeg
ngene. Ora tau cukup. Bojoku ya sambate ngayawara saben dinane.
Glendhoh : Jaman saiki manawa nyambut gawe becik, kuwi ora mungkin bisa nyukupi
butuhe omah.
Klithuk : Piye karepmu? Aku durung mudheng.
Glendhoh : Ngene. Tak kandani ya? Contone aku wae. Gaweanku iki gawean cilik-cilikan
ing kantor. Nanging piye carane supaya aku bisa entuk dhuwit saliyane blanjanku saben sasi.
Mula kuwi, uripku sakulawarga sarwa kecukupan.
Klithuk : Lha piye carane? Mbok aku diajari supaya uripku ya mundhak apik tinimbang
saiki. Aku njagakake blanjan sasen saka bos-ku ya ora sepiraa.
Glendhoh : Carane gampang banget. Korupsi. Njajala korupsi, sithik sithik wae. Sing
cilikan wae supaya ora konangan.
Klithuk : Korupsi?? Tenanan kuwi?
Glendhoh : Lha iya! Kaya sing ing tipi-tipi kae lho. Wong-wong dhuwuran padha korupsi tur
gedhen kabeh. Nek aku, cilikan wae sing penting bisa kanggo nutup butuhe omah. Ayo, kowe
mesthi ya bisa. Elingana anak-bojomu sing saben dina mangane kurang-kurang.
Klithuk : Mengko dhisik Ndhoh. Sajane aku ya mathuk karo usulmu kuwi. Nanging kayane
aku iki ora bakal bisa korupsi ing gaweanku.
Glendhoh : Lha ngapa? Pengawasane ketat po?
Klithuk : Ora babagan kuwi. Aku iki kerjane melu wong, jasa sedot tinja. Lha sing ameh tak
korupsi kuwi apa?? Saben dina mubeng nguplek-uplek tinja.
Glendhoh : ??????!!!!!

6. Paraga kang saiki wis dadi lemu ginuk-ginuk ing crita Diajari korupsi yaiku …
a. Klithuk d. Bawana
b. Eri e. Hayu
c. Glendhoh
7. Wos surasane crita Diajari korupsi iku yaiku …
a. Klithuk uripe rekasa d. Klithuk uripe kepenak
b. Glendhoh ngajari korupsi e. Klithuk ngajari korupsi
c. Glendhoh uripe rekasa
8. Apa sesambungan antarane Klithuk lan Glendhoh ing critab Diajari korupsi iku? …
a. sedulur d. kanca lawas SMA
b. wong tuwane isih sedulur e. tangga desa
c. kanca kantor
9. Crita kang surasane fakta kang surasane riwayat hidupe uwong kang ditulis dhewe sinebut …
a. Otobiografi d. Crita Sambung
b. Cerkak e. Crita Gambar
c. Novel
10.Crita bisa awujud fakta uga bisa awujud fiksi utawa mung gawe-gawe. Crita kang surasane
wujude crita kang critane sinambung sinebut …
a. Otobiografi d. Crita Sambung
b. Cerkak e. Crita Gambar
c. Novel

Anda mungkin juga menyukai