Anda di halaman 1dari 16

BAHAN AJAR

UPACARA PANGGIH
Kangge kelas XII/Semester Gasal

Bahan Ajar Upacara panggih kelas XII Semester Gasal 1


A. Kompetensi Dasar dan Indikator Pembelajaran

Kompetensi Dasar Indikator Pencapaian


3.3. Memahami 3.3.1. Menganalisis (C4) makna simbolik prosesi
prosesi upacara upacara adat panggih gagrag
adat Jawa Ngayogyakarta secara tepat.
3.3.2. Menyimpulkan (C4) amanat yang
terkandung dalam upacara adat panggih
gagrag Ngayogyakarta dengan tepat.
4.3. Menangg 4.3.1. Mempresentasikan hasil temuan diskusi
api prosesi berupa makna simbolik dan amanat prosesi
upacara adat upacara adat panggih gagarag
Jawa. Ngayogyakarta
4.3.2. Menanggapi hasil temuan diskusi
kelompok lain berupa makna simbolik dan
amanat prosesi upacara adat panggih
gagarag Ngayogyakarta

B. Tujuan Pembelajaran
1. Melalui kegiatan mengamati video upacara panggih, peserta didik dapat
menganalisis makna simbolik dalam prosesi upacara adat panggih dengan
tepat. ( C4, Critical Thingking & Communication)
2. Melalui kegiatan mengamati video panggih, peserta didik dapat
menyimpulkan amanat yang terkandung dalam upacara adat panggih
dengan tepat. (C4, Critical thingking & Communication)
3. Melalui kegiatan pembelajaran Problem based learning, peserta didik dapat
mempresentasikan hasil temuan diskusi berupa makna simbolik dan amanat
prosesi upacara adat panggih gagarag Ngayogyakarta dengan bahasa yang
santun
4. Melalui kegiatan pembelajaran Problem based learning, peserta didik
Menanggapi hasil temuan diskusi kelompok lain berupa makna simbolik dan
amanat prosesi upacara adat panggih gagarag Ngayogyakarta
C. Pituduh Pasinaon
Kangge nyinaoni bahan ajar menika, para siswa kedah tumemen anggenipun
sinau ing pamulangan. Ananging saderengipun kedah nuhoni:
1. Dedonga saderengipun kegiatan pasinaon kawiwitan
2. Ngatosaken andharan saking bapak ibu guru
3. Maos materi ingkang sampun cumawis
4. Nindakaken pakaryan ndherek dhawuhipun bapak ibu guru.
5. Saged damel cathetan mandhiri wonten ing buku pribadhi
6. Nindakaken garapan ingkang kaandharaken dening bapak ibu guru

Bahan Ajar Upacara panggih kelas XII Semester Gasal 2


INTINING PASINAON

Fase 1 : Stimulasi

 Materi Faktual
Para siswa mangga dipunsemak prosesi upacara panggih wonten ing ngandhap
menika, kangge damel pitakenan bab makna simbolik prosesi upacara panggih
saha amanat upacara panggih. Para siswa ugi saged ningali video upacara
panggih gagrag Ngayogyakarta saking link https://www.youtube.com/watch?
v=oOVL0LHDft0&t=5s

Fase 2 : Mengorientasi masalah

Bahan Ajar Upacara panggih kelas XII Semester Gasal 3


 Materi Konseptual
Para siswa kangge gegaran nyinauni bab upacara panggih, langkung rumiyin
mangga dipunpahami kala rumiyin bab pangertosan upacara panggih gagrag
Ngayogyakarta ingkang badhe dipunrembag wonten ing pasinaon menika!
A. Tegesing Upacara Panggih
Upacara panggih asring dipunsebut ugi upacara dhaup utawi temu. Upacara
panggih inggih menika upacara tradhisi manggihaken antawisipun temanten estri
kaliyan temanten kakung (Pringawidadga, 2006: 189). Upacara panggih menika
dipuntindhakaken sabibaripun ijab utawi akad nikah (kangge ingkang ngrasuk agami
Islam) utawi pemberkatan nikah / misa kangge ingkang ngrasuk agami Nasrani
(Kristen utawi Katholik). Upacara Panggih Manten Gagrag Ngayogyakarta
tegesipun upacara panggih ingkang limrahipun kaleksanan wonten ing wewengkon
Yogyakarta saha ngginakaken pandom upacara panggih saking keraton
Ngayogyakarta.
Ancasipun upacara panggih inggih menika :
1. Supados angsal pengukuhan adat awit saking palakramanipun kekalih temanten.
2. Kangge nepangaken bilih kekalih temanten sampun nindakaken ijab utawi akad
nikah.
3. Kangge nyuwun donga pangestu marang sesepuh saha sedaya tamu ingkang
rawuh.
Sabibaripun temanten kekalih ngginakaken rasukan palakrama adat Jawi,
salajengipun temanten saged nindakaken upacara panggih temanten. Urut-
urutanipun pangih palakrama adat Jawi inggih menika :

Fase 3 : Mengorganisasikan Peserta Didik

 Materi Konseptual
Sasampunipun mangertosi tegesipun upacara panggih gagrag Ngayogyakarta,
sumangga dipunpahami waatesaning materi ingkang badhe dipunsinauni wonten
ing ngandhap menika kanthi kelompok!

B. Peta konsep

Bahan Ajar Upacara panggih kelas XII Semester Gasal 4


 Materi Prosedural
Para siswa sumangga dipunsinau sesarengan materi wonten ing ngandhap
menika kanthi kelompok!
C. Tata Cara Upacara Panggih Gagrag Ngayogyakarta
Adicara panggih menika kedah dipuntindhakaken kanthi urut saha boten pareng
dipunwolak-walik.
1. Beksan Edan-edanan

Gambar Beksan edan-edanan


Lumantar https://bit.ly/3APJnfO

Upacara panggih palakrama adat Jawi menika dipunwiwiti saking


rawuhipun temanten estri wonten ing papan pilenggahan. Menawi ing Keraton
Yogyakarta, rawuhipun temanten estri menika dipuniring dening 4 pasang
pambeksa ingkang dipunsebut beksan edan-edanan. Beksan edan-edanan

Bahan Ajar Upacara panggih kelas XII Semester Gasal 5


ingkang ngiring kekalih temanten menika biasanipun namun dipuntindakaken
wonten ing Keraton Yogyakarta. Beksan menika katindakaken minangka salah
satunggaling sarana kangge ngusir bala, roh ingkang saged ngganggu lampahing
upacara panggih palakrama. Dipunsebut beksan edan-edanan amargi solah bawa
pambeksanipun kadosta tiyang ingkang edan.
Pambeksa kakung menika ngginakaken rasukan saha riasanipun kadosta
tiyang ingkang edan, ngginakaken kampuh sindur, celana pethak, kuluk pethak
kanthi gambyok suwiran janur, wedhung mundhu, dhuwung irus kanthi roncen
kembang, gelung kelabangan, numpak kuda lumping, mandhelawung/ tumbak
utawi pedang, srempang cindhe. Badanipun dipunlumuri, ngginakaken sumping
saha jamang kanthi roncen kembang.
Dene pambeksa putri menika ngginakaken kain polos, kampuh sindur,
nggendong tenong ingkang isinipun dhaharan saha buah-buahan, ngangge
suweng lombok abrit, gelung munthu kanthi kembang ronce, badanipun
dipunlumuri, saha anggenipun ngagem bedak menika kandel. Sabibaripun
temanten estri jumeneng wonten ing ngajengipun pelaminan.
2. Pisang Sanggan

Gambar Pisang sanggan


Lumantar : https://www.youtube.com/watch?v=r2R7VWgTg9o&t=115s

Temanten kakung rawuh dipunwiwiti beksan edan-edanan ingkang


dipuntindakaken tiyang 2 pasang. Temanten kakung dipuniring dening sesepuh
saha dipuniringi gendhing Bindri. Sasampunipun dugi ngajeg tarub, iring-
iringanipun kalawau mandheg wonten ing ngajengipun tarub. Ingkang bekta
pisang sanggan menika lajeng nyaosaken pisang sanggan marang tiyang sepuh
temanten estri.
Upacara panggih dipuntindakaken kanthi iringan gendhing ladrang
penganten. Temanten kekalih menika dipunpanggihaken wonten ing
ngandhapipun gapura tarub ingkang dipunpasang wonten ing sangajengipun
dalem ingkang kagungangan hajat.

Bahan Ajar Upacara panggih kelas XII Semester Gasal 6


3. Kembar Mayang

Gambar Kembar Mayang


Lumantar : https://www.youtube.com/watch?v=r2R7VWgTg9o&t=115s

Kembar mayang ingkang sampun dipunbekta dipuntempelaken dhateng


bahu sisih tengen saha bahu sisih kiwa temanten kakung. Salajengipun kembar
mayang kalawau dipunbucal ing praptan menapa wonten ing lepen.
4. Balangan Gantal

Gambar Balangan Gantal


Lumantar : https://www.youtube.com/watch?v=r2R7VWgTg9o&t=115s

Kekalih temanten salajengipun nindakaken balangan gantal. Cacahipun gantal


ingkang dipunbalangaken dening temanten kakung menika 4, dene cacahipun
gantal ingkang dipunbalangaken dening temanten estri menika 3, supados
anggenipun balang menika saged sesarengan pramila anggenipun nindakaken
balangan gantal kedah dipunwiwiti dening temanten kakung. Gantal ingkang
dipunbalangaken temanten kakung menika dipunarahken wonten ing palarapan,
dhadha, saha jengku temanten estri, dene gantal ingkang dipunbalangaken
temanten estri menika dipunarahaken wonten ing dhadha saha jengku temanten

Bahan Ajar Upacara panggih kelas XII Semester Gasal 7


kakung.
Gantal inggih menika ron suruh ingkang ing lebetipun dipunsukani jambe,
injet, gambir, mbako werni cemeng, saha dipuniket ngginakaken benang lawe
utawi benang ingkang werninipun pethak. Jambe menika minangka wujud
kaendahanipun wanita. Injet ingkang werninipun pethak menika minangka
lambang kesucian, gambir ingkang werninipun kuning minangka lambang
kecantikan, dene mbako ingkang werninipun cemeng menika minangka lambang
kecocokan hati. Gantal menika minangka lambang panggih. Anggenipun
mbalangaken gantal menika ngginakaken asta ingkang sisih kiwa saha asta
ingkang sisih tengen. supados anggenipun mbalang menika saged sesarengan,
pramila anggenipun nindakaken balangan gantal kedah dipunwiwiti dening
temanten kakung.
5. Ranupada (wijikan)

Gambar Ranupada
Lumantar : https://www.youtube.com/watch?v=r2R7VWgTg9o&t=115s

Sabibaripun temanten estri ngaturaken sembah pangabekti dhateng temanten


kakung, temanten estri kedah mijiki sukunipun temanten kakung paling boten
tigang guyuran. Salajengipun temanten kakung paring pitulungan dhateng
temanten estri kangge jumeneng. Ranupada saking tembung “ranu” tegesipun
‘toya’, “pada” tegesipun ‘suku’. Ranupada maknanipun mijiki suku utawi asring
dipunsebut wijikan. salajengipun temanten kakung paring pitulungan dhateng
temanten estri kangge jumeneng.

6. Wiji dadi/Pecah Tigan

Bahan Ajar Upacara panggih kelas XII Semester Gasal 8


Gambar Wiji dadi
Lumantar : https://www.youtube.com/watch?v=r2R7VWgTg9o&t=115s

Kekalih temanten jumeneng kanthi adhep-adhepan, salajengipun tigan


ingkang sampun dipunsamektakaken dening juru paes dipunpendhet, lajeng
puntempelaken wonten ing palarapan temanten kakung saha temanten estri,
salajengipun tigan kalawau dipunpecah dening juru paes kanthi
dipundhawahaken ing jogan. Pecah tigan: saderengipun tigan menika
dipunpecah, juru paes nempelaken tigan menika wonten ing palarapan
temanten estri saha temanten kakung.

7. Upacara Pondhongan

Gambar Pondhongan
Lumantar https://bit.ly/3mVl5Mo

Kangge temanten ing Keraton dipuntindakaken upacara pondhongan,


menawi temanten kakung menika asalipun boten saking Keraton. Upacara
menika ngemu teges bilih derajat temanten kakung menika langkung andhap

Bahan Ajar Upacara panggih kelas XII Semester Gasal 9


tinimbang temanten estri. Ananging menawi kekalih temanten menika asalipun
boten saking Keraton, upacara pondhongan boten prelu dipuntindhakaken.
8. Kirab Temanten

Gambar Kirab penganten


Lumantar : https://www.youtube.com/watch?v=r2R7VWgTg9o&t=115s

Kekalih temanten mlampah tumuju wonten ing pawiwahan kanthi


dipuniring dening bapak, ibu, saha pengapit temanten kekalih. Nalika temanten
sampun dugi ing papan pawiwahan Gendhing Ladrang penganten suwuk.

9. Tampa Kaya

Gambar tampa kaya


Lumantar : https://www.youtube.com/watch?v=r2R7VWgTg9o&t=115s

Menawi kekalih temanten menika sampun lenggah, salajengipun


dipuntindakaken upacara tampa kaya kanthi dipuniringi gendhing
Puspawarna. Temanten estri bekta klasa alit ingkang dipunbuntel mori kanthi
rerenggan (hiasan) ingkang endah. Salajengipun temanten kakung nyuntak
tampa kaya wonten ing pangkon temanten estri. Anggenipun nyuntak menika

Bahan Ajar Upacara panggih kelas XII Semester Gasal 10


sekedhik mbaka sekedhik.
Tampa kaya menika arupi kacang kawak, dhele kawak, jagung kawak, saha
arta logam, anggenipun nyuntak menika boten sedaya dipunsuntak ananging
taksih dipuntilaraken sekedhik. Dipunusahahaken tampa kaya menika
dipuntampi sedaya saha mboten wonten ingkang tiba ing ngandhap.

10. Dhahar Klimah

Gambar Dhahar Klimah


Lumantar : https://www.youtube.com/watch?v=r2R7VWgTg9o&t=115s

Dhahar Klimah, sabibaripun temanten kekalih menika mijiki astanipun,


lajeng temanten kakung ngepel sekul kuning ingkang sampun
dipunsamektakaken dening juru paes. Tigang kepelan alit menika
dipunsukakaen wonten ing piring ingkang dipunbekta dening temanten estri,
salajengipun kepelan sekul menika dipuntambahi kaliyan pindhang antep utawi
ati antep. Kekalih temanten banjur mijiki astanipun, temanten estri dhahar sekul
kala wau ing sandhingipun temanten kakung, menawi sampun banjur kekalih
temanten menika ngunjuk toya bening.

11. Ngunjuk toya wening

Bahan Ajar Upacara panggih kelas XII Semester Gasal 11


Gambar Ngunjuk toya wening
Lumantar : https://www.youtube.com/watch?v=r2R7VWgTg9o&t=115s

Prosesinipun pengantin kakung saha putri sami ngunjuk toya wening


piyambak-piyambak
12. Mapag Besan

Gambar Mapag Besan


Lumantar : https://www.youtube.com/watch?v=r2R7VWgTg9o&t=115s

Gendhing Puspawarna tansaya sirep, dipungantos gendhing Ladrang Slamet


utawi Ladrang Sri Wilujeng. Kekalih tiyang sepuhipun temanten estri jumeneng
saking papan pilenggahan kangge mapag besan. Besan menika jumeneng
wonten ing ngandhapin tarub utawi wonten ing pintu masuk gedung pertemuan.
Antawisipun besan kaliyan besan menika jawat asta sesarengan. Tiyang sepuh
temanten estri menika nyambut kanthi sambutan hangat (pambagya
kawilujengan). Para ibu anggenipun tindak papanipun wonten ing ngajeng,
dene para bapak wonten ing sawingkingipun para ibu. Kekalih temanten
jumeneng kangge nyambut rawuhipun tiyang sepuh kekalih temanten. Besan
dipunaturi lenggah wonten ing sisih kiwa temanten. Salajengipun tiyang sepuh

Bahan Ajar Upacara panggih kelas XII Semester Gasal 12


temanten estri lenggah ing papan kalawau.
12. Sungkeman

Gambar Sungkeman
Lumantar : https://www.youtube.com/watch?v=r2R7VWgTg9o&t=115s

Sabibaripun kekalih tiyang sepuh temanten lenggah wonten ing pawiwahan,


juru paes paring dhawuh marang temanten kakung supados medhar keris saha
selop ingkang dipunagem. Salajengipun temanten estri sungkem kaliyan
bapakipun (tiyang sepuh temanten estri), dipunsusul kaliyan temanten kakung,
dipunlajengaken sungkem kaliyan ibunipun. Salajengipun kekalih temanten
sungkem kaliyan tiyang sepuh temanten kakung, dipunwiwiti saking temanten
kakung sungkem kaliyan bapakipun, lajeng dipunsusul temanten estri, ingkang
pungkasan menika sungkem kaliyan ibunipun.
Caranipun sungkem inggih menika kekalih temanten ngaturaken sembah
sungkem langkung rumiyin, salajengipun astanipun temanten kekalih
dipuntempelaken wonten ing jengku tiyang sepuhipun, salajengipun kekalih
temanten hangambung jengkunipun tiyang sepuh kekalih, saha dipunpungkasi
kanthi paring sembah pangabekti malih.

Fase 4 : Membimbing Penyelidikan

Sasampunipun memahami tatacara upacara panggih, kanthi diskusi kelompok,


mangga sami pirembagan manggihaken nilai simbolik saking saben prosesi kala
wau. Menika kangge nggampilaken para siswa mendhet amanat saking upacara
panggih ingkang badhe dipungayutaken kaliyan kawontenan jaman samenika
 Tata cara manggihaken makna simbolik upacara panggih
1. Manggihaken tegesipun piranti/ubarampe
Para siswa saged mawi madosi tegesing piranti/ubarampe saben prosesi kala

Bahan Ajar Upacara panggih kelas XII Semester Gasal 13


rumiyin. Para siswa saged madosi teges-teges menika wonten ing link
sastra.org/leksikon kados wonten ing ngandhap menika :

2. Pados sumber referensi arupi artikel, utawi berita, utawi sumber sanes
ingkang saged dados panjurung kangge manggihaken nilai simbolik prosesi
upacara panggih. Tuladhe sumber-sumber referensi kados wonten ing
ngandhap menika!
Website kraton Ngayogyakarta kanthi alamat
https://www.kratonjogja.id/siklushidup/3/dhaup-ageng

Bahan Ajar Upacara panggih kelas XII Semester Gasal 14


Saking jogja tv kanthi link http://jogjatv.tv/upacara-adat-panggih-pengantin-
gaya-yogyakarta/

3. Madosi pesan moral


Sasampunipun mangertosi makna simbolik saben prosesi upacara panggih

Fase 5 : Mengembangkan dan menyajikan hasil

gagrag Ngayogyakarta, saklajengipun para siswa saged nemoakaken


amanatipun. Amanat menika saged dipunandharaken ngginakaken basa jawa
krama utawi ngoko alus ingkang santun.
 Materi Metakognitif
Para siswa sasampunipun manggihaken makna simbolik saben prosesi panggih
saha mendhet amanat saking upacara panggih sumangga dipungayutaken amanat
ingkang wonten ing salebeting upacara panggih kala wau kaliyan kawontenan
jaman sakmenika. Saklajengipun sumangga asiling diskusi kalawau
dipunpresentasikaken wonten ing sangajenging kelas kanthi tansah ngginakaken
basa ingkang santun supados kelompok sanes saged paring panyarwe utawi
pamrayogi amrih saenipun. Asiling pirembagan ugi dipunapload wonten ing
google clasroom.

Fase 6 : Menganalisis dan Evaluasi

Bahan Ajar Upacara panggih kelas XII Semester Gasal 15


Para siswa sasampunipun menganalisis makna simbolik upacara panggih saha
manggihaken amanatipun pramila mangga sami dipunanalisis saha dipunevaluasi
proses anggenipun nggarap kalawau!
1. Anggenipun menganalisis makna simbolik prosesi upacara panggih kedah
teliti saha urut.
2. Anggenipun pados sumber referensi kedah terpercaya.
3. Anggenipun mendhet amanat kedah dipunjumbuhaken kaliyan kawontenan
wonten ing jaman sakmenika.

Dudutan
Panggih tegesipun pepanggihanipun manten kakung lan putri sakbibaripun
ijab. Upacara Panggih Manten Gagrag Ngayogyakarta tegesipun upacara panggih
ingkang limrahipun kaleksanan wonten ing wewengkon Yogyakarta saha
ngginakaken pandom upacara panggih saking keraton Ngayogyakarta.
Upacara panggih ngemot piwulang luhur ingkang kathah sanget tumraping
temanten kekalih saha sinten kemawon ingkang rawuh. Nilai simbolik saklebeting
upacara panggih nedahaken bilih wonten ing salebeting palakrama, tiyang kakung
saha estri menika nggadhahi hak saha tanggel jawab piyambak-piyambak. Pramila
kekalihipun kedah tansah nyawiji wonten ing samubarang perkawis supados
anggenipun jejodhoan saged langgeng saklawase.

KAPUSTAKAN
.
Artanti, Hesty Ary dan Arpeni Rahmawati. Wursita Basa Kelas X. Yogyakarta:
Media Karya Putra
Damarjati, Triwik. 2015. WIBAWA (Wiyata Basa Jawa) Kelas X. Yogyakarta: Dinas
Pendidikan Pemuda dan Olahraga Daerah Istimewa Yogyakarta
Pringgawidagda, Suwarna. 2006. Tata Upacara dan Wicara Pengantin Gagrag
Yogyakarta. Yogyakarta: Kanisius
Suwarna. 2009. Ekspresi Lisan Lanjut: Yogyakarta: Kanwa Publisher

Internet :
https://www.youtube.com/watch?v=oOVL0LHDft0&t=5s
https://www.youtube.com/watch?v=r2R7VWgTg9o&t=115s
http://jogjatv.tv/upacara-adat-panggih-pengantin-gaya-yogyakarta/
https://www.kratonjogja.id/siklus-hidup/3/dhaup-ageng

Bahan Ajar Upacara panggih kelas XII Semester Gasal 16

Anda mungkin juga menyukai