Anda di halaman 1dari 2

Pawarta Basa Jawa Pendidikan Beban

Siswa Saya Abot Mergo Kurikulum 2013


Diposting oleh Faiz Pratama di 22.15
Pawarta basa jawa pendidikan Beban Siswa Saya Abot Mergo Kurikulum 2013 - Beban
siswa wulang tansaya gedhe kanthi pangerepan kurikulum 2013 (K13). Samangke, kurikulum
paling anyar kuwi arep diterapke neng kabeh sekolah, tanpa ndeleng grade utawa kwalitas
sekolah.

Ing taun 2016 ana panambahan 158 sekolah. Kanthi ngono, total ana 191 sekolah sing bakal
nerapake K13. Nganti 2019, kabeh sekolah kudu nrapake kebijakan kesebut.

Kuwi (panambahan sekolah) instruksi saka kementerian, gamblang Kepala Dinas Pendidikan
Pemuda dan Olahraga Kabupaten Sleman, Arif Haryono Jemuwah 8 Januari 2016.

Waos Ugo: Contoh Pawarta Bahasa Jawa Teror Bom Jakarta


Kurikulum 2013 paling akeh dilaksanakake ing SD, yakni 127 sekolahan. SMP 25 Sekolahan,
SMA 21 sekolahan, lan SMK 19 sekolahan. Miturut Arif, saben sekolah ngesuk kudu ngebaki
kriteria Kurikulum 2013.

Pancen dudu perkara sing gampang nglakoni sistem kesebut. Dudu mung kejagan mental guru
lan murid. Piranti lan pra piranti uga kudu ndukung sakabehe.

Nah, kanggo ndongkrak kwalitas ugo kapasitas guru, Dinas sregep ngenengake workshop utawa
pamulangan singkat, mawa bimbingan teknis utawa BIMTEK marang para plaksana pendidikan.
Ora kalah penting, Arif ngelingna kejagan materi wulang ngrupa buku. Senajan nang taun nuli,
isih bisa ditrapke nang taun iki amarga dasar materi wulange padha. Prinsipe, kabeh sekolah
kudu siap nggunake Kurikulum 2013, turene.

Salah siji sekolah sing durung nglakoni K13 yaiku SMPN 2 Cangkringan. Senajan ngono,
Kepala SMPN 2 Cangkringan Hadi Suparmo ngendikan siap nek ditunjuk saka dinas kanggo
nganakne kurikulum kuwi.

Senajan isih nrapake kurikulum 2006, para guru wis oleh diklat lan panglatian Kurikulum 2013.
siap wae. Buku K13 uga wis ana, sanjange.

https://ceritawayangbahasajawa.blogspot.com/2016/01/pawarta-basa-jawa-pendidikan-kurikulum-
2013.html

Anda mungkin juga menyukai