Anda di halaman 1dari 2

LEMBAGA PENDIDIKAN MA’ARIF NU NILAI

KECAMATAN WARU
PENILAIAN TENGAH SEMESTER II
MADRASAH IBTIDAIYAH / SD
TAHUN PELAJARAN 2018/ 2019

B. Jawa /V/PTS-II/18-19 Nama : …………………………

Bidang Studi : Bahasa Jawa Hari/Tanggal : …………………….…..


Kelas : V (Lima) Waktu : ………………………...

A. Wenehana tandha ping (x) aksara a, b, c, utawa d ing sangarepe pratelan kang bener !

1. Cipir mrambat kawat, … .


Terusane parikan ing dhuwur yaiku … .
a. cekap semanten atur kulo c. isih cilik aja kesed
b. bangkeane nawon kemit d. ora mampir angger liwat
2. Panyandra ing ngisor iki sing bener yaiku … .
a. athi-athine manggis kerengat c. bathuke nyela cendhani
b. untune mucuk eri d. alise ngundhup turi
3. Parmin sikile ... nanging yen balapan mlayu isih bisa ngalahake badrun.
a. belong b. pincang c. nonong d. guwing
4. ajcegh . Ukara kuwi yen ditulis nganggo aksara latin yaiku ... .
a. aja mulih b. aja cegah c. padha mulih d. padha salah
5. “ Yudi tuku jagung” Ukara kuwi yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku ... .
a. yufitukugd= b. aufitukujgu= c. yufitukujgu= d. yufituku sru=
6. Gancaran kang isine njlentrehake kedadean kanthi urutan wektu diarani teks gancaran ... .
a. narasi b. dheskripsi c. eksposisi d. argumentasi
7. Ciri-cine teks Dheskripsi katulis ing ngisor iki, kajaba ... . ... .
a. topik arupa objek/barang kang kagambarake kanthi jelas
b. objek kang digambarake ana gandheng cerenge karo panca indera
c. nggawe pamaos utawa pandangan pangrasane wong liya
d. akeh tinemu ukara-ukara kang ngandhut ukara kahanan
8. Saben sore simbah lungguh ing teras ngarep. Ukara kasebut yen diowahi nganggo krama inggil ... .
a. Saben sore simbah lenggah wonten teras ngajeng
b. Saben sonten simbah lungguh ing teras ngajeng
c. Saben sonten simbah pinarak wonten teras ngajeng
d. Saben sonten simbah lenggah wonten griya ngajeng.
9. Tetembungan utawa ukara kang nggunakake kanggo ngalembana diarani ... .
a. parikan b. pepindhan c. panyendhu d. panyandra
10. Gancaran (karangan) sing tujuane menehi gambaran marang kang maca, nganti sing maca kaya
ngrasakake, nyawang, ngrungokake lan ngalami dhewe yaiku ... .
a. narasi b. argumentasi c. dheskripsi d. ekspresi
11. Senajan irunge ... kancaku sing aran Santi kuwi isih katon manis.
a. pesek b. nonong c. belong d. cekot
12. Bocah kuwi ayu tenan, rambute ngandhan-andhan, tangane nggandhewa pinenthang, bangkeane ... .
a. jambe sinigar b. nawon kemit c. ndamar kanginan d. mucuk eri
13. Bocah iku bathuke nonong, mulane dijuluki Si Nonong. Ukara iki kalebu … .
a. parikan b. pepindhan c. panyendhu d. panyandra
14. Gancaran sing nerangake saweneh kegiatan kanthi runtut lan jelas, nganti sing maca kaya ngalami
tenan diarani teks ... .
a. dheskripsi b. narasi c. eksposisi d. argumentasi
15. Jenise karangan katulis ing ngisor iki, kajaba … .
a. narasi b. argumentasi c. dheskripsi d. ekspresi
16. Sampun jam sekawan ibu dereng rawuh saking kantor. Tembung rawuh ngoko aluse ... .
a. dugi b. mulih c. teka d. wangsul
17. Tetembungan utawa ukara kang digunakake kanggo nyemoni/nacad diarani ... .
a. panyandra b. panyendhu c. parikan d. pepindhan
B. Jawa /V/PTS-II/18-19
18. Sing ora kalebu basa rinengga yaiku … .
a. tembung panyendhu b. tembung panyandra c. tembung pepindhan d. tembung bebasan
19. Unen-unen utawa tetembungan nganggo purwakanthi sing dumadi rong ukara diarani ... .
a. parikan b. pepindhan c. panyendhu d. panyandra
20. Mbak Sinta lakune kaya ... .
a. kucing luwe b. macan luwe c. mblarak sempal d. sembadra
21. asPl- Ukara kuwi yen ditulis nganggo aksara latin yaiku ... .
a. dakbal b. aspal c. akmal d. kapal
22. Kaya kethek kena tulup, tegese... .
a. juweh banget b. lingak linguk c. rukun banget d. ora rukun
23. Ibu menyang pasar tuku sayuran.Tembung tuku kleru, benere ... .
a. dhahar b. ngunjuk c. ngasta d. mundhut
24. Ukara kang digunakake kanggo mandhakake samubarang kang tegese kaya (pindha) diarani ... .
a. panyandra b. panyendhu c. parikan d. pepindhan
25. Sragame ireng-ireng, yen ngumpul kaya ... .
a. gagak reraton b. bantheng c. kwali gosong d. gagak

B. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo tembung sing mathuk !


1. “Enthenge kaya kapuk”, Ukara kuwi kalebu … .
2. Budhi lan kangmase yen dolanan ora bisa rukun, kaya banyu karo … .
3. Lambene manggis karengat, Senajan ora bibiran wis katon abang.
Ukara sing kacethak kandhel, kalebu … .
4. Untune ... dhasar rupane putih, yen mesem katon manis.
5. Parikan yen ing basa Indonesia diarani … .
6. Adhik tuku lele. Tuku lele yen ditulis nganggo aksara Jawa dadi ... .
7. Manuk emprit nucuk pari. Dadi … kudu teberi.
8. Adhik dikongkon ibu. Tembung dikongkon kleru, benere ... .
9. Godhong waru bolong-bolong, bocah ayu moblong-moblong. Ukara kuwi kalebu … .
10. Wedang bubuk gula tebu.
Mata ngantuk … .
Wacanen kanthi setiti wacan ing ngisor iki
Kebun Teh Jamus
Kebun teh jamus mapan ana ing kutha Ngawi. Papan iki kalebu papan wisata unggulan kang bisa
dadi jujugane para wisatawan. Saben wayah preian mesthi akeh para wisatawan sing padha plesiran ing
papan kene. Saliyane hawane adhem papan iki uga nyuguhake sesawangan kang endah nyengsemake ati.
Nalika para wisatawan mlebu ing papan iki bakal disuguhi wit-witan teh kang ijo royo-royo. Ing papan
kono uga , ana sawijining sumber lanang lan wadon kang banyune bening tur seger. Mulo ora mokal
menawa papan iki dadi asset wisata kang perlu dilestarekake.
C. Wangsulana Pitakon ing ngisor iki kanthi bener !
1. Apa irah-irahane wacan ing dhuwur ?
2. Ana ing kutha ngendi Kebun Teh Jamus iku ?
3. Apa kang disuguhake marang wisatawan nalika mlebu Kebun Teh Jamus ?
4. Wacan ing dhuwur kalebu teks gancaran apa ?
5. Kapan akeh wisatawan kang padha plesiran ing Kebun Teh Jamus ?

Anda mungkin juga menyukai