Anda di halaman 1dari 3

Materi Pembelajaran Bahasa Jawa Kelas XI Semua Jurusan Minggu 1

(17-20 Maret 2020)

Iklan utawa pariwara yaiku tulisan (bisa dikantheni gambar utawa swara) kang nawakake barang,
jasa utawa ajak-ajak. Nawakake tegese ngandhakake barang kang arep didol, kaluwihane apa, lan
panganggone (cara nggunakake) kepriye. Dene ajak-ajak karepe ngajak supaya wong sing maca
utawa krungu gelem nganggo kanthi cara tuku barang kang ditawakake.
 Miturut jinise iklan kaperang dadi 2:
1. Iklan Komersial
Iklan komersial mengku tujuan kanggo nawakake sawijine prodhuk barang lan jasa.
Tuladhane: iklan kang isine nawakake panganan, obat, klambi, lan sapanunggalane.
2. Iklan Layanan Masyarakat
Iklan layanan masyarakat minangka perangan saka kampanye sosial kang tujuane adol
gagasan kanggo kepentingan sosial lan pelayanan tumrap masyarakat. Biasane arupa ajakan,
pranyatan, utawa himbauan marang masyarakat kanggo nindakake utawa nyegah sawijining
pakarti kanggo kepentingan umum. Tuladha iklan layanan masyarakat, umpamane: ajakan
supaya ora mbuwang larahan sembarangan, milah larahan miturut jinie, nyegah perkawinan
dini lsp.
 Miturut fungsine iklan dibedakake dadi 3 golongan, yaiku:
1. Iklan Informatif
2. Iklan Persuasif
3. Iklan Reminder
 Miturut medhia kang digunakake kanggo masang iklan, dibedakake dadi loro (2), yaiku Iklan
above the line lan Iklan below the line.
1. Iklan above the line yaiku iklan kang migunakake medhia massa. Maksude khalayak
sasaran kang diancas jumlahe gedhe kanthi isi lan pesan kang kanggo wong akeh
(serempak). Medhia kang kalebu kategori iki yaiku surat kabar, majalah, tabloid, televisi,
film, radhio, dan internet.
2. Iklan below the line iku iklan kang migunakake medhia khusus. Kang kalebu iklan jinis iki
yaiku: leaflet, poster, spandhuk, baliho, bus panel, bus stop, point of purchase (POP),
sticker, shop sign, flayers, display, lan sapanunggalane.
 Struktur teks iklan utawa reklame. Sawise njingglengi gambar iklan ing dhuwur, diajab kowe
kabeh bisa mangerteni perangan teks kang awujud: headline, subheadline, amplifikasi, tagline
lan productshot.
1. Headline
2. Subheadline
3. Amplifikasi,
4. Tagline,
5. Productshot.
Iklan sing apik kudu bisa ditampa masyarakat lan salaras karo kearifan lokal. Supaya ditampa
masyarakat, mula kudu netepi limang prakara, yaiku: attention (perhatian), interest (menarik),
desire (keinginan), conviction (rasa percaya), lan action (tindakan).
Tuladha
Tugas Bahasa Jawa Kelas XI Semua Jurusan Minggu 1
17.20 Maret 2020)

1. Tulisen materi iklan ing dhuwur wonten buku cathetan!


2. Gawea iklan Basa Jawa kanthi tema “Layanan Masyarakat”!
Tuladhane:

3. Iklan ditulis wonten buku cathetan!

Pabelan, 17 Maret 2020

Guru Mapel Bahasa Jawa

Anda mungkin juga menyukai