Anda di halaman 1dari 11

Keterangan soal

- Jumlah soal pilihan ganda = 25

- Jumlah soal isian singkat = 10

- Jumlah soal uraian = 5

A. WENEHANA TANDHA PING ( X ) AKSARA A, B, C UTAWA D SANGAREPE PRATELAN SING BENER!

Wacanen kanthi teliti kanggo jawab soal nomer 1-5!

Jam setengah lima Nawang wes tangi. Mengko jam setengah pitu arep mlaku-mlaku nang dalam
pesawahan karo kanca-kancane. Mumpung dina minggu, wonge karo kanca-kancane libur sekolahe. Jam
enem luweh seprapat Nawang wes diparani Siska mbi Rani. Pas wes jam setengah pitu, wong telu iku
mlaku arah kidul desane. Sawah-sawahe ditanduri pari katon ojo royo-royo, nanging ono pari sing wes
nguning.

Desane nawang isih asri, penduduke akeh-akehe dadi petani. Sawah-sawah nang desane iku isih
amba-amba. Yen musim udan pada nandur pari. Yen wes ketiga pada nandur palawija. Nawang lan
kanca-kancane seneng mlaku-mlaku nang sawah yen dina minggu. Hawane yen isuk kuwi isih seger tur
pemandangane katon apik. Jam wolu Nawang lan kanca-kancane bali saka mlaku-mlaku. Pada mbalik ing
omahe dewe-dewe.

1. Sapa sing diceritakake ing dhuwur iku?

a. Nawang

b. Desane Nawang

c. Nawang lan kanca-kancane

d. Kanca-kancane Nawang

2. Apa sing ditandur para petani yen musim ketiga?

a. Pari
b. Jagung

c. Sayur

d. Palawija

3. Jam piro Nawang lan kanca-kancane mlaku-mlaku ing dalan pesawahan?

a. Setengah enem

b. Setengah lima

c. Setengah pitu

d. Setengah wolu

4. Tanduran parine katon ....

a. Ijo royo-royo

b. Nguning

c. Abang jinggrang

d. Sejuk

5. Tegese pari sing wes nguning yaiku ....

a. Pari sing arep mati

b. Pari sing godonge kuning

c. Pari sing bubar dipanen

d. Pari sing wes arep tuwa

6. Bayu pingin nyiduk sega. Bayu kudu gunakake ....


a. Sendok

b. Enthong

c. Irus

d. Piring

7. Wajan iku perkakas kanggo ....

a. Nggodok banyu

b. Ngedang sega

c. Nggoreng-goreng

d. Mbakar iwak

8. Santi : “............................”

Dina : “Amarga wingi aku lagi lara untu.”

Pitakonan kang mathuk kanggi njangkepi pachelaton in dhuwur yaiku ....

a. Kepriye wingi kowe ora mlebu sekolah?

b. Sapa wingi sing ora mlebu sekolah?

c. Geneya kowe wingi ora mlebu sekolah?

d. Ana ngendi kowe wingi ora mlebu sekolah?

9. Panji : “Sapa bae sing arep melu lomba sesuk?”

Beni : “..............................”

Wangsulan kang mathuk kanggo njangkepi pachelaton ing dhuwur yaiku ....

a. Sing arep melu lomba yaiku Silfi lan Nawang


b. Lombane sesuk ana ing kabupaten

c. Lombane bakal diadakake tanggal 20 Agustus 2018

d. Supaya bocah-bocah bisa tambah sregep sinahu

10. Para murid-murid lagi pada olahraga kabeh ana ing ....

a. Kelas

b. Kantorq

c. Lapangan

d. Perpustakaan

11. Yoga lagi lara untu, banjur ibuke numbasake obat ana ing ....

a. Sekolah

b. Kantin

c. Sawah

d. Apotek

12. Ing ............... omahe Pak Santosa akeh wit-witan kang wes pada wuh lan kembang kang warna-
warni.

Panggonan kang pas kanggo njangkepi ukara ing dhuwur yaiku ....

a. Kamar

b. Pekarangan

c. Teras

d. Pager

13. Ukara ing ngisor iki sing nganggo basa krama lugu yaiku ....

a. Bapak dhahar sega


b. Santi mundhut buku

c. Pakdhe tindak sawah

d. Panji ngombe jus

14. Ukara ing ngisor iki sing ngango basa ngoko alus yaiku ....

a. Andi durung teka

b. Rani mangan gedhang

c. Simbah wes sare

d. Deni tuku jajan

15. Simbah tindak peken

Ukara ing dhuwur bisa diowahke dadi ngoko alus kaya ....

a. Simbah lunga pasar

b. Simbah lunga peken

c. Simbah menyang peken

d. Simbah kesah peken

16. Bulik lagi teka saka pasar.

Kasakbaline tembung teka yaiku ....

a. Rawuh

b. Dateng

c. Lunga

d. Pamit
17. Mas Budi kuwi wong sing sregep makarya.

Makarya kuwi tegese ....

a. Luru duwit

b. Nyambut gawe

c. Dolanan

d. Sinahu

18. Winginane Tirta lagi umat lara untune. Wonge sambate untune tansah ....

a. Ngelu

b. Mules

c. Cekot-cekot

d. Nggliyeng

19. Dedi iku bocah sing .... . Wonge ngati-ati banget gunakake duwite.

a. Cethil

b. Pinter

c. Medhit

d. Gemi

20. Pak Jaya iku wong sing ..... . Wonge seneng banget wenehi wong liya.

a. Gagah

b. Loma

c. Sugih
d. Mlarat

21. Simbah kakung nyimpen parine ana ing ....

a. Kulkas

b. Lemari

c. Amben

d. Lumbung

22. Aku – ibu – gula – dikongkon – tuku

Urutan kang bener saka tembung-tembung ing dhuwur yaiku ....

a. Ibu dikongkon aku tuku gula

b. Gula dikongkon ibu tuku aku

c. Aku dikongkon ibu tuku gula

d. Gula dituku aku dikongkon ibu

23. pasar – menyang - bapak – sepeda – numpak

Urutan kang bener saka tembung-tembung ing dhuwur yaiku ....

a. Pasar numpak bapak menyang sepeda

b. Pasar numpak sepeda menyang bapak

c. Bapak menyang sepeda numpak pasar

d. Bapak menyang pasar numpak sepeda

24. Bapak sare wonten kamar

Ukara ing dhuwur ngoko lugune dadi ....

a. Bapak mangan ana kamar


b. Bapak sare ana kamar

c. Bapak turu ana kamar

d. Bapak siram ana kamar

25. Simbah nembe rawuh jam sedasa

Ukara ing dhuwur ngoko lugune dadi ....

a. Simbah nembe teka jam sanga

b. Simbah nembe teka jam sepuluh

c. Simbah lagi teka jam sepuluh

d. Simbah lagi lunga jam sepuluh

Jika ingin mendownload soal ini, berikut linknya :

-> Download Soal Bahasa Jawa Kelas 3 SD Bab 1 Pasrawungan Dan Kunci Jawaban

Jika ingin mengerjakan soal pilihan gandanya secara online dengan langsung ternilai secara online,
silahkan dicoba :

- > Soal Online Bahasa Jawa Kelas 3 SD Bab 1 Pasrawungan

B. ISINANA CECAK-CECAK ING NGISOR IKI KANTHI WANGSULAN KANG BENER!

1. Pak guru nulis ing blabak migunakake ...

2. Sintia : “ ............. sing dina iki ora mangkat sekolah?”

Bagus : “Sing ora mangkat yaiku Andi.”


3. Rasti arep numpak sepur, rasti kudu menyang ana ing ....

4. Budi tumbas gula

Ukara ing dhuwur iku kalebu ngoko ....

5. Risa kuwi bocah sing sregep. Kasakbaline tembung sregep yaiku ....

6. Dadi wong kuwi kudu gelem sesrawungan ing bebrayan.

Tegese bebrayan yaiku ....

7. Wong sing ngomong apa anane diarani ....

8. Ningrum kae bocah sing ora gampang nesu, soale wonge kui nduweni sifat ....

9. Gudhang kuwi panggonan kanggo ....

10. Yen kepengen numpak montor mabur kui kudu menyang ....

C. ISINANA CECAK-CECAK ING NGISOR IKI KANTHI WANGSULAN KANG BENER!

1. Gawenanan 3 tuladha ngoko lugu!

wangsulan : ....................................................................................................................................................
........................................................................................................................................................................
................................................................................................
2. Gawenana 3 tuladha ngoko alus!

Wangsulan : ...................................................................................................................................................
........................................................................................................................................................................
.................................................................................................

3. Apa gunane piranti-piranti ing ngisor iki!

a. Pawon

b. Irus

c. Priuk

d. Sendok

e. Parang

Wangsulan : ...................................................................................................................................................
........................................................................................................................................................................
.................................................................................................

4. Gawenanan pitakon saka ukara ing ngisor iki!

a. Sing ora iso melu mlaku-mlaku yaiku Alia lan Nawang.

b. Aku tuku pit ana ing toko Berkah Jaya.

c. Ibu tindak peken jam setengah wolu.

Wangsulan : ...................................................................................................................................................
........................................................................................................................................................................
.................................................................................................

5. Lurunana tegese tembung ing ngisor iki!

a. Goroh

b. Cethil
c. Drengki

Wangsulan : ...................................................................................................................................................
........................................................................................................................................................................
.................................................................................................

Anda mungkin juga menyukai