Anda di halaman 1dari 1

Bahayanipun Pergaulan Bebas

Bismillahirohmaanirohimi.
Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Bapak Kepala Sekolah ingkang kula hormati, Bpk Ibu guru ingkang kula hormati. Mboten
supe rencang-rencang ingkang kula tresnani. Langkung rumiyen monggo tansah ngonjukaken
puji syukur wonten ngarsaning gusti ingkang Moho Agung. Injih awit panjenengan dalah
kula tasih pinaringan kesarasan sahinggo saged kempal wonten mriki kanti mboten wontel
alangan satunggal punapa.

Kula ingkang tinanggenah dados wakilipun konco sekelas supados ngaturaken kenging
menapa muda-mudi jaman sameniko remen kalih pergaulan bebas. Wonten adicara menika
kula badhe ngaturaken menapa sebabipun para muda-mudi remen pergaulan bebas. Mugi-
mugi mawon ingkang kula aturaken mangke saged migunani kagem kula sarencang lan
umumipun dumateng para  muda-mudi sedaya.

Konco-konco ingkang kula tresnani, kita sampun mangartos bilih pergaulan bebas menika
mbekto dampak ingkang mboten sae tumprap kita sedoyo ingkang saweg masa pubertas.
Sebab-musababipun lare muda-mudi sami klentu kekancan utawi pergaulan bebas, inggih
menika:

1. Faktor keluwargo, faktor menika menawi lare muda-mudi mboten pikanto kasih
sayang lan pengayoman ingkang cekap. Ndadosaken para muda-mudi ngucali kasih
sayang wonten jawi, inggih menika saking rencang-rencang, menawi mboten
waspodo saged terjrumus pergaulan bebas.
2. Kirangipun pangertosan babagan agama, faktor menika ugi ndadosaken penyebab
klentu pergaulan.
3. Faktor lingkungan, para muda-mudi kedah saged milih sinten ingkang sae dipun
dadosaken rencang lan ingkang mboten sae.

Pergaulan bebas sagedipun atasi kanti ningkataken keimanan ugi takwa kita dumateng Gusti
Allah. Coro lintunipun kagem ngindari pergaulan bebas inggih menika nyaluraken bakatipun
ingkang positif, saged njogo emosi ugi mikiraken masa depan.

Mekaten ingkang kula aturaken mugi-mugi saged mbekto manfaat tumrap kita sedaya. Katah
lepat kula nyuwun agunging pangapunten.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb

Nama:Syauqiya Auriyanda H
Kelas:9E
No Abs:10

Anda mungkin juga menyukai