Anda di halaman 1dari 3

Tradisi Petik Laut

Sing dimaksud kalihan Petik Laut miturut arti harfiah minangka nderek
“Petik” tegese pungut utawi mundhut. “Petik Laut” tegese metik, jupuk utawi
olehe hasil laut wangun iwak sing mampu nyukupi Kahuripan nelayan.
dados petik laut punika upacara adat utawi ritual kangge rasa syukur marang
Gusti Allah, lan kangge nyuwun barokah rejeki , lan keselamatan sing dilakoake
para nelayan.

Tradisi petik laut punika tradisi masyarakat ing wilayah pancer,


Banyuwangi, Jawa Timur. Sing diadakake nalika wulan suro tanggal 15 ing
penanggalan Jawa, biasane diadakake sak wulan purnama, amarga para nelayan
ora menyang segara, lan bertepatan karo pasange segara.

Asal-usul

jaman dulu desa pancer punika desa sing penghasilan masyarakate rendah

sak Banyuwangi, ndeleng permasalahan niku Mbah Sutidjo (peramal) ing wilayah

kasebut cerita karo masyarakat desa Pancer, bahwa de’e tau ngimpi aneh. Ing

jero mimpine, de’e diampiri sekelompok wong sing nunggang jaran, pakeane

kaya pakean jaman kerajaan lan iringan lantunan music jawi.

Lan Mbah Sutidjp ndeleng tokoh wadon rupawan sing nggunakake pakaian

kaya putri kerajaan karo dikelilingi dayang-dayang kerajaan. Nangig cheta

mripate sing tajem nggawe Mbah Sutijo ngrasa wedi. lan seketika iku para

permaisuri/ratu njalok sesajen utawa persembahan saben njelang suro, kangge


masyarakat desa pancer sing melaut bisa selamet lan oleh iwak sing akeh. Lan

persembahan niku damel dibuwak ten laut.

Kedaden niku ahire nggawe masyarakat desa Pancer percaya marang

ngipine Mbah Sutidjo.

Kelestarian

Sedekah Pancer dadi acara taunan saben kawa wulan suro. Sedekah

Pancer niki dadi dasar acara petik laut sing dilakoake pemerentah desa pancer

sing difasilitasi karo pemerentah Banyuwangi saben tahune lan dadi tradisi sing

dilestarekake karo masyarakat desa Pancer sampek sakniki.

Urutane acara :

1. Acara awal tasyakuran, pengajian, lan hiburan masyarakat

(tontonan wayang, campur sari dan tontonan musik dangdut).

2. Selanjute puncak acara punika larung sesajen/petik laut sing

ditandai karo upacara “nglarung sesajen” sing dimasukake dalem

”Getek” (miniatur kapal sing diisi karo aneka sesajen mulai saka

who-wohan, iwak, ayam, aneka kembang saji, duwit, lan mas-

masan).

Minangka proses awal yaiku, getek diarak saka halaman omah-omah

karo diiiringi dening masyarakat sekitar.

Banjur, Prosesi menyang tempat upacara sing lokasine ten pusat

TPI Pelabuhan pancer.

3. Acara selanjute dimeriahake karo tarian gandrung sing dibawaake

kalihan 6 wong penari, banjur niku sambutan kalihan bupati lan

pelepasan getek menyang segara.


4. Acara akhir yaiku singgahe rombongan ing suatu pulau “perawan”

sing didadekake sarana konservasi laut, lan dipercaya kalihan

masyarakat minangka panggonan sing digunakake “ngalap berkah”

utawi ndedongo kangge mohon keselametan.

Barang-barang sing diperluake

“Getek hias”( miniatur kapal sing diisi karo aneka sesajen mulai saka

who-wohan, iwak, ayam, aneka kembang saji, duwit, lan mas-masan).

Peserta upacara

Pelaksanaan upacara Petik Laut diikuti kalihan kabeh masyarakat nelayan

, para pejabat undangan, lan para pengunjung saka masyarakat kangge

memeriahake kegiatan kasebut.

Makna acara .

Panyelenggaraan upacara kasebut ngandung makna minangka pengungkapan

rasa syukur marang Tuhan Yang Maha Esa tansah diwenehi perlindungan lan

diadohake saking marabahaya, lan dipanugerahi keselametan.

Anda mungkin juga menyukai

  • Petik Laut
    Petik Laut
    Dokumen13 halaman
    Petik Laut
    Astro Tunggal Production
    Belum ada peringkat
  • Nyadrann
    Nyadrann
    Dokumen12 halaman
    Nyadrann
    Astro Tunggal Production
    Belum ada peringkat
  • Grebeg Maulud
    Grebeg Maulud
    Dokumen13 halaman
    Grebeg Maulud
    Astro Tunggal Production
    Belum ada peringkat
  • Metode Simpleks
    Metode Simpleks
    Dokumen19 halaman
    Metode Simpleks
    Astro Tunggal Production
    Belum ada peringkat