Anda di halaman 1dari 6

Anggota Kelompok:

• Muh. Andri Ardianto (21)

• Satrya Bagus Danu Kris Vanda (30)

XII MIPA 5

JODHO OJO DIBURU

Embuh sak ngendi tekane pikiran mangkono kuwi. Nalika sepisanan dikandhakake Jufri, Mini
alok ngeget.

Mini: " Edan po! " (ngguyu nggleges-nggleges)

Jufri: " Tenan, Min, karo siji iki aku kok rada percaya, simpati malahan. Dakpikir-pikir cocok karo
awakmu, cocok karo ideal mu. "

Mini: " Apane wae? " (karo nyela)

Jufri: " Wah kabeh, pendidikan, hobby, tipe pilihan, kepercayaan, coba delengan dhewe ta... "
( nyedhak karo mbuka majalah)

Jufri: " Konsultasi jodoh. "( setengah mesem)

Mini: " Sing endi Juf? " ( karo mesem)

Jufri: " Tengen iku lho, nomer 057. Identitase hebat ta? Sing digoleki ya sederhana. Cocok karo
cita-citamu ta? "

Mini: " 057? E. S,.... iki? Sapa ya kira-kira jenenge? Edi Sarwono? " ( ngguyu bareng karo Jufri)

Mini: " Ah keduwuren Juf, 175 cm kene mung 159 cm, kok.?

Jufri: " Ora papa. "

Mini: " Ning,.... ah... edan Juf. Wegah, ah! "

Jufri: " He iki ora pikiran edan lho, Min. Pikiren, dia membutuhkan pertolongan, kita
mengulurkan tangan. Apa bedane karo penfriendnan ngana kae. Karo maneh, bola-bali Bapak
ndangu aku yen dolan mrana. "
Bapake Mini: " Mini kados pundi to nak? Bocah kok angel men kandhan-kandhanane. Karepku
iki dang takkon milih kancane salah siji ngono lho. Nanging kok.... ngantos judheg kula. "

Bapake Mini: " Wangsulanmu piye?. "

Mini: " Taksih dereng wonten ingkang cocog kok pak, ngono." ( karo mesem)

Mini ora kaget karo pawartane ngono kuwi. Dina candhake rikala Jufri nodhong-nodhong
nggawa kertas komplit sak amplope lan prangkone karo ngguyu aku mapagake.

Mini: " Iki jenenge mburu jodho, Juf."

Jufri: " To take and to give antara pria wanita, Min. Sing perlu tujuan kita baik. Aku ya wis duwe
pilihan kok, Min."

Mini: " Kirim nyang konsultasi."

Jufri: " Ya, pokoke lembut, keibuan, suka home decoration....." (karo ngguyu lan gepuk majalah)

Mini: " Ambumu. Aku kokkon ngancani ya!"

Jufri: " Edan."

Mini: " Pe-ef Juf."

Jufri: " Manise kaya kowe, Min. Ning rambute dawa, lan sajake ora criwis...." ( Karo ngguyu)

Jufri: " Si 057 mau?"

Mini: " E S? Edi Sarwono?" (Iseng)

Jufri: " Apa....apa Ery Sugianto ya, Min," ( kari nyawang Mini)

Mini: " Ery Sugianto? Ah, ana-ana wae, Juf, ning ora kok, ora iku. Lan endi buktine, meh telung
wulan lho, Juf."

Jufri: " Ha, rak ora sabar."

Jufri dakgablog. Ning atine Mini dadi dheg-dhegan krungu tembunge sing keri krungu jeneng e
Ery Sugianto mau.

Tenan sawijing esuk ana surat teka. Stempel pos-e Jakarta. Alamat pengirime: Jl. Sumatra PT
Biro ATA. Jenenge Edward Siregar.

Mini: " Kesed. Ning isine familier banget, kepenak diwaca."


Mini: " Mini, trim's ya atas perkenalanmu. Daktrima kanthi gembira lan kebak kesyukuran. Mini,
ya. Ngene nasibe wong sing tansah kijenan, ngathungake tangan ajak memitran. Mini, awakmu
rak ya ora seneng main-main ta? Salam sayang kanggomu lan keluargamu. Balesanmu
daktunggu."

Surat diwenehake Jufri, karepe njaluk pertimbangan malah Jufri surak-surak kesenengen.

Jufri: " Pe-ef, Min,...Pe-ef,... Iku suatu pertanda baik."

Jufri: " Kene, ndang dibalesi. Dakposne pisan."

Mini: " Wegah."

Jufri: " Hee..."

Mini: " Golek perkara wae."

Jufri: " Ah, kuwi pikiran gila."

Mini: " Teneh......... "

Jufri: " Ora duwe prangko, piye?"

Mini: " Duwe wae. Ning ah, ewuh lho Juf, ngene iki. "

Jufri: " Pokoke rak seneng ta? "

Mini ora bisa mangsuli. Terus terang ana rasa seneng nampak balesane iku. Sidane aku nulis
maneh nyang Edward, lan durung ganep rong wulan, surat-surat saka Jakarta wis numpuk lima
ana mejaku.

Kabeh tik-tikan rapi lan isine nyenengake. Sing keri dhewe Mini tampa iki mau awan.

Mini: " Mini, kapan kita macak jeneng Miniati lan Edward Siregar ana majalah kesayangan iki?
Kapan? "

Mini lenger-lenger lan mikir babagan kepriye atine marang Edward, mangka deweke durung tau
ketemu, nadyan ta mung foto. Wulan ngarep iki Mini wis dilantik dadi Miniati, BA, sarjana muda
sastra.

Mini: " Min, aku mesthi teko. Eman rikala pelantikanku, aku durung kenal kowe. Selamat ya.
Cium manja. Drs Edward Siregar. "

Mini: " Iku sing dakkarepake ta, Juf. "


Jufri: " Terang dhong. Janjine suka aku ora susah menehi kadho, lho. "

Mini: " O, yen padha edan. "

Karo uwat-uwet nata rambut, pikiranku ngarep-arep wong adoh, Edward. Durung rampung
dandanku, dumadakan:

Ibuke Mini: " O, nak Ery, sugeng, nak. Wah lawas ora ana kabare. Mangga,... mangga. Min, ....
Min ana tamu iki lho nak Ery Sugianto. "

Tangane Mini mandheg saka nata rambut. Njegreg, apa ora salah kupinge Mini.

Ibuke Mini: " Min, ana tamu nak Ery, " ( ngendika ana lawang)

Mini: " Sapa bu? " ( pitakon e lirih)

Ibuke Mini: " Nak Ery. "

Mini: " Sapa? "

Ibuke Mini: " Ery, Ery kancamu lawas kae lho. Gek enggal ta! "

Mini katon pucet amergo mikirne Ery menyang omahe.

Ngadeg ana ngrarep lawang, dipapag eseme sing pancen simpatik. Aneh dheweke tetep tenang,
malah ngadeg karo celathu:

Ery Sugianto: " Selamat, Min, atas kesuksesannya," (Tanganne ngatung)

Kaya ditarik magnit, tangane daktampani tanpa komentar. Banjir Mini melu lungguh, lagi
bareng adhep-adhepan.

Ery Sugianto: "Arep tindakan? "

Mini : ( manthuk)

Ery Sugianto : " Yudisium? "

Mini : (manthuk)

Ery Sugianto : " Dakdherekake? "

Ery Sugianto: " Semayan karo kanca ya? Apa ana sing ngampiri? "

O,... dheweke tetep Ery rong taun kapungkur, sinis lan nganyelake. Nggugu atine dhewe, lan
kandhane maneh:
Ery Sugianto: " Ayo dakdherekake. Aku ya kepengin ketemu kanca-kancs lawas liyane. Rak
sukses kabeh ta?"

Mini ora bisa nulak amarga atine mangkel marang Edward lan ora ana tumpangan liyane.

Ngantu rampung upacara, ora ana wong anyar sing katin sumliwer ana kampus. Ditakoni bab
Edward, Mini wangsuli cekak, preeek! Dioya Jufri bab Ery, Mini meneng wae. Rikala
dikandhakake mbok menawa Edward kuwi ya Ery.

Mini: " Embuh,....mbuh, ya kebenaran yen ngono." ( mangsuli karo mlaku)

Ery Sugianto: " Min....."

Mini mung nglirik.

Ery Sugianto: " Kowe isih nesu?"

Mini gedheg.

Ery Sugianto: " Geneya meneng wae wiwit mau?"

Ery Sugianto: " Jane ora tak sengaja mrene lho, Min. Ning aku wis janji lan janji kudu ditepati,
demi etika. Kaya wong nampa surat, kepriye wae ya kudu diwangsuli. Rak ya ngono, ta?"

Ery Sugianto: " Aku nampa surat saka kancaku, ngakon nyekseni Yudisium Sarjana Muda."

Mini: " Ery......" ( karo nggujer tangane Ery)

Ery Sugianto: " Eman tekaku ora di ajak guneman."

Mini: " Ery,....awakmu, awakmu......"

Ery Sugianto: " Ana apa Min, ana apa?" ( nyekel tangane Mini)

Mini ngongkon becak mandheg ana sawijining restoran.

Ery Sugianto: " Ana apa?"

Mini: " Ery ta, sing gawe jeneng Edward iku?" ( lirih nggeget lambe, banjur swarane kawetu
seret)

Ery Sugianto: " Mbokmenawa!"

Mini: " Ana apa mbokmenawa?"


Ery Sugianto: " Dhapur kebenaran, jeneng mau ana ing antarane layang-layang kang daktampa.
Dakpikir, kepriye yen aku bali? Mung aku kuwatir, atimu ora nampa yen aku isih jeneng Ery."

Mini: " Iku ora jujur."

Ery Sugianto: " Terserah komentarmu. Mung sing terang aku kepengin bali kaya biyen, aku
kepengin ndandani kaluputanku."

Mini trenyuh krungu kandhane kang pungkasan. Mini kepengin goleki Jufri, ngandhakake
sekabehe. Ora perduli iki gaweane.

Metu saka restoran ulate wis padhang. Mlaku reruntungan. Kabeh bali kaya mbiyen manis lan
nyenengake. Jodho ora kena diburu. Yen diburu malah nggemesake. Rong wulan maneh Mini
mesthi pindhah menyang Jakarta, amarga ora bisa pisah karo Ery Sugianto. Si 057 ES alias
Edward Siregar.

Ery Sugianto: " Mung wae ora kirim nyang konsultasi Jodhoh supaya dipacak, Min."

Anda mungkin juga menyukai