Anda di halaman 1dari 1

Candi Prambanan( Dumadine Candi Roro Jonggrang )

Kacarita Bandhung Bandhawasa sawise kasil mateni Prabu Baka banjur nguwasani Kraton
Prambanan. Bandhung Bandhawasa kasmaran marang Roro Jonggrang putranipun Prabu Baka.
Prabu Bandhung Bandhawasa banjur nglamar putri Roro Jonggrang.

Putri Roro Jonggrang ora wani nolak lamarane Prabu Bandhawasa jalanran sekti mandra guna.
Sakjane Roro Jonggrang ora seneng. Mula dewekke golek cara kanggo nolak lamaraeane lan ora lara
atine. Roro Jonggrang duwe panyuwun digawekake candi kang cacahe sewu wektune mung
sewengi. Pikire Roro Jonggrang Bandhung Bandawasa ora sanggup , mulo lamarane dadi
bata.Nanging Prabu Bandhung Bandawasa nyanggupi . Roro Jonggrang dadi wedi. Roro Jonggrang
banjur ngutus para telik sandi kanggo mbuntuti pagaweane Prabu Bandhawasa.

Bandhung Bandhawasa banjur ngerahake para lelembut kanggo ngewangi gawe reca. Ngerti
ngono kuwi Roro Jonggrang banjur mrentahake para kawulu nutu parai, pitik digugahi supaya kluruk
nandakake wayah wis esuk. Krungu tetabuhan lan kluruk pitik mau para lelembut banjur mlayu.
Candi sing digawe kurang siji. Rumangsa dipakeo kari Roro Jonggrang Bandhung Bandhawasa banjur
duka lan nyepatani Roro Jonggrang dadi reca kanggo nggenepi candi sing mung kurang siji. Roro
Jonggrang terus dadi reca, mulo Cnadi Prambanan diarani Candi Roro Jonggrang

Anda mungkin juga menyukai