Anda di halaman 1dari 2

Bu Monik – Bimbel-Les SD - SMP -SMA Tembung Angel Asal Usul Desa Nglimud

Tidak ada anak yang bodoh , yang ada hanyalah anak yang malas. Belajarlah dengan gembira, semangat dan percaya diri. Katakan “aku bisa! aku cerdas!”

Tugas Bahasa Jawa


B. Tembung Angel
1. Tlatah tegese panggonan
2. Kecongkrahan tegese kerengan/berkelahi
3. Kacingkrangan tegese kekurangan
4. Kemeren tegese ngiri
5. Kahanan tegese keadaan
6. Sedagar tegese saudagar
7. Brandhal tegese penjahat
8. Ngrawuhi tegese nekani
9. Jingglengi tegese ngematke
10. Penggalihe tegese atine
11. Duka tegese nesu
12. Sapinggiring tegese sekeliling
13. Dituwuhi tegese ditumbuhi
14. Kasunyatane tegese kenyataan
15. Kawentar tegese terkenal

Pitakonan
Wonten ing tlatah pundi papanipun Desa Nglimud ?
Papapnipun Desa Nglimud wonten ing tlatah Desa Gonoharjo, Kecamatan Limbangan, Kabupaten
Kendal.

Ringkesan Wacan Asal Usul Desa Nglimud


Kacarita,ing sisih lor saka Gunung Ungaran, ana salah sijine panggonan utawa tlatah kang gemah
ripah loh jinawi.Rakyate urip rukun,tentrem,ora seneng cecongkrahan karo tanggane.
Kahanan kang kaya mangkene mesthi wae dadi kasenengan lan kemeren masarakat sakiwa
tengene.Masarakat sakiwa tengene pengin pindhah lan nguwasani tlatah kang subur makmur mau.
Wong kang sugih/konglomerat pingin nguwasani. Salah sijine ana sedagar sugih ngrawuhi papan
panggonan iki saprelu nguwasani papan panggonan iki. Ora mung kuwi nanging uga para
brandhal,kecu kepingin nguwasani tlatah iki. Nanging niat jahate ora kaleksanan amarga papan
panggonan kasebut sawise dicedhaki,mung awujud papan kang amba kebak sukete. Sedagar lan para
brandhal kecu kuciwa banget banjur ngamuk amarga kabeh ora kasunyatan. Saben disawang saka
kadohan, katon gemah ripah loh jinawi. Sawise dicedhaki ilang utawa nglimuni/ilang. Wong ngarani
papan iki nglimut tegese nylamur,ilang, Mula Desa iku diarani Desa Nglimud kang mapan ing Desa

Gonoharja,Kecamatan Limbangan,Kabupaten Kendal.

Anda mungkin juga menyukai