Anda di halaman 1dari 8

Nama : Anggun Widia Astuti

NIM : 2601417043
Rombel :C

Unsur Intrinsik Novel “Carang-Carang Wisa” Dening Tulus S


1. Tema : Mbagi tresna kedanan bandha
2. Tokoh / Penokohan
1. Yayuk : Kalem, pekerja keras, dermawan, pengertian, peduli
2. Narmin : Bijak, dewasa, ceplas-ceplos, santai
3. Yosep : Bijak, setia, pekerja keras, pintar, dermawan
4. Shanti : Lemah lembut, pengertian, penurut
5. Fredy : Penurut, agak bandel, pengertian
6. Lik Kusno : Bijak, penyanyang
7. Anang : Penyayang, mengayomi, melindungi, kebapakan
8. Budhe Miatun : Penyayang, tegas, agak pedas omongannya
9. Sidik : Mata duitan, perayu, brengsek, pembohong, tega
10. Mami Susi : Pengertian, penyayang, dermawan
11. Totok : Dermawan, pekerja keras, sopan, tegas
12. Budi : Penurut, penakut
13. Hasto : Mata duitan, bedugalan, licik, picik,
14. Ibuke Anang : Sombong, kejam
15. Ninda : Panikan, bingungan
16. Jumanto : Tidak pamrih, perhatian, tulus
17. Joko : Sigap, perhatian,
18. Om Pras : Dermawan, genit, perhatian
19. Elsa : Bringasan, galak

3. Alur : Maju
4. Waktu : Pagi, siang, sore, malam
5. Suasana : Sedih, tegang, senang, emosional, haru
6. Latar : Pinggir lapangan Desa Tanjungsari Madiun, Rumah Sakit,
rumah Yayuk, Taman Kota, pabrik rokok, rumah Mami Susi, Salon, Restoran, SPBU,
terminal, rumah Anang, rumah Totok, Hotel, Stasiun, rumah Yosep, jalan raya
7. Sudut Pandang : Orang pertama pelaku utama
8. Amanat : Menjadi pengganti orang tua merupakan tugas yang berat,
namun harus tetap kuat supaya adik-adikmu juga kuat dan semangat menghadapi
kehidupan ini. Jalan Tuhan tiada yang tahu. Dibalik kebimbangan dan kebingungan
dalam menentukan pendamping hidup pasti ada orang yang bisa dimintai saran dan
pendapat. Jangan memendam beban pikiran sendiri, jika masih bisa dibicarakan
dengan orang lain yang lebih tahu, lebih baik mintalah saran kepadanya. Tentukan
pada satu pilihan, jangan membagi-bagi hati karena bisa saja nanti kamu yang akan
bingung dan menyesal dikemudian hari. Jangan hanya karena tergiur dengan harta
menjadikan lupa terhadap janji-janji yang telah disepakati. Pikirkan secara matang-
matang sebelum meninggalkan orang yang sedang berjuang untukmu.
Sinopsis Novel
“Carang-Carang Wisa” lha ngono, ngopi dhisik supaya seger...
Dening Tulus S
Meneri panghargyan pangetan HUT kamardhikan RI, Desa Tanjungsari Madiun
nganaake ada-ada pentas seni kang mapane ing lapangan desa. Dhasar pentas kuwi digelar
kanthi nontonake kaprigelan para putra-putri warga desa. Saka bocah cilik nganti tekan sing
nom padha nuduhake anggone jejogedanlan gawe senenge ati penonton. Apa meneh pentas
kuwi ketambahan pagelaran dhangdhut sing wis umum ing jaman saiki. Nadyan penyanyinye
dudu artis ibukota, nanging gawe seneng sing padha teka. Nganti lapangan jembar katon jejel
riyel kaya penontone arep mbludag-mbludag. Ing pojok kidul lapangan ana bocah ayu kang
wiwit mau mung ngadeg wae ngematke wong-wong padha jejogedan. Dedeg piadege lencir
dhuwur lan biyasa diceluk Yayuk. Dheweke ngadeg dikancani Narmin. Wong loro kuwi ora
melu joged kaya kanca-kancane, malah rasan-rasan umpama Narti nonton mesthi tambah
rame lan melu megal megol jejogedan.
Saka adohan ana bocah lanang ning ndhuwur motor sing ngematake Yayuk karo
Narmin, banjur diparani bocah loro kuwi mau. Sikape digagah-gagahke kanggo narik
kawigaten. Dhasare nggantheng lan dedeg paidege sembada. Bocah lanang kuwi nyeja
nyedhaki ing sisihe Yayuk. Eseme dipamerake kang gawe kagete Yayuk nalika noleh ning
iringe. Narmin banjur melu nyawang bocah lanang kuwi. Tangane Narmin nyenggol-
nyenggol tangane Yayuk aweh kode menawa cah lanang kuwi pancen nggantheng. Ora suwe
bocah lanang kuwi langsung ngajak kenalan Yayuk lan Narmin. Disambi gegojegan bocah
telu kuwi sidane bareng-bareng nonton dhangdhut ning pojok lapangan. Lagi seru-serune
gegojegan ujug-ujug Juwanto teka ngajaki Yayuk bali. Bocah telu kuwi langsung
makplenggong krungu ajakane Juwanto. Yayuk banjur takon ana apa kok Jumanto
dumadakan ngajak bali. Dheweke jawab yen bapake Yayuk kumat penyakite banjur saiki
digawa ning rumah sakit. Yosep banjur nawake boceng Yayuk mangkat ing rumah sakit.
Ing batine Yayuk sumelang marang kahanane bapake. Awit lagi sewulan kepungkur
bapake metu saka rumah sakit awit ginjele kumat. Lagi wae mlebu rumah sakit, Yayuk wis
dipapag adhine Fredy lan Shanti. Nyawang Shanti sing meneng wae tanpa kumecap, batine
Yayuk kaya sumedhal wae. Fredy ngomong yen bapake wis ora ana. Saiba kaya disaut bledeg
bareng krungu katarangane adhine lanang kuwi. Jagad kaya peteng dhedhet mripate Yayuk
kumpyur banyu eluh. Weruh kahanan koyok mengkono Yesop age-age nggotong Yayuk
tumuju ruwang perawatan. Lik Kusno minangka dulur lanang bapake sing ngurusi kabeh.
Banjur padha bela sungkawa marang panandhange Yayuk sakeluwarga.
Sedane bapake gawe mupuse Yayuk. Rasane wegah urip nandhang susah kang ora
karuan. Pikirane bingung atine sumpek. Saiki dheweke yatim piatu lan kudu nampa marang
takdir. Apa meneh nyawang adhine-adhine sing iseh padha sekolah saya ngenes atine.
Seawase patang puluh dina ditinggal seda bapakne Yayuk, saben dina Setu lan Minggu
Yosep mesthi teka ing omah. Jarak antarane Solo-Mediun ora pati adoh, umpama numpak
sepedha motor kira-kira cukup 2-3 jam wis tekan. Tumekane Yosep gawe Yayuk nduwe
semangat kanggo nerusake urip. Dheweke uga aweh panemu supaya Yayuk saadhine urip
bareng Pak Lik Kusno, menawa dheweke ora nduwe wong sing diajak tetimbangan mesthi
batine ora tentrem. Yayuk malah mikir yen dheweke arep metu saka pabrik rokok lan
masrahake uripe adhi-adhine marang Pak Lik Kusno. Krungu panemune Yayuk sing koyok
mengkono Yosep ora setuju. Masio urip melu Pak Lik Kusno, nanging biaya urip adhi-adhine
kudu tetep dicukupi.
Dina kuwi Yayuk ora mangkat kerja, ndelalah Narmin mara ning omahe Yayuk niat
arep takon-takon kabare dheweke. Lagi seru-serune ngomongke Yosep sing sregep mara ning
omahe Yayuk saben dina Setu lan Minggu ujug-ujug ana bocah lanang sing mara. Bocah sing
mara kuwi jebul Sidik kancane Yayuk lan Narmin nalika jaman SD. Dheweke pindhah ning
Surabaya limalah taun kepungkur. Niate mara ning omahe Yayuk arep nawani kerjaan dadi
sekertaris ing perusahaane bose sing mapan ana Surabaya. Dheweke mbujuk Yayuk supaya
gelem melu lan nyakinake Yayuk minangka dheweke melu kerja Sidik bakal mulya uripe.
Apa-apa sing dadi kapinginane Yayuk bisa kacukupan. Yayuk bingung mikirke tawaran saka
Sidik amarga dheweke bakal adoh saka adhik-adhike, ditambah maneh dheweke ora bisa
jaluk pertimbangan marang Yosep amarga dheweke lan Sidik mangkat ing Surabaya setu iki.
Setu esok Yayuk lan Sidik mangkat menyang Surabaya. Satekane Surabaya wong loro
kuwi langsung mara ning kantore Bos Dicky, nanging kantore wis tutup. Ora kurang akal
Sidik banjur ngajak Yayuk mara ning omahe Mami Susi kanca rakete Bos Dicky. Tekan
omahe Mami Susi, Yayuk kaget sak kagete wiwit weruh omah sing gedhene kaya hotel.
Dheweke dikenalke marang Mami Susi banjur ditinggal lunga Sidik, alesane arep ana urursan
sadelok. Ning omahe Mami Susi Yayuk diladeni kaya ratu, apa-apa sing dadi kebutuhane
disiapke. Nganti Yayuk diajak ning salon perawatan lan Mall tuku klambi anyar. Nanging
Yayuk amarga omongane Mami Susi kuwi kaya-kaya ngajak Yayuk kerja sing ora bener.
Nimg saturute dalan Yayuk mikir cara supaya iso kabur saka Mami Susi. Ndelalah Yayuk
ngomong ning Mami Susi yen dheweke kebelet pengin ning WC, banjur mobil dimandhegke
ning pom bensin. Nalika mlebu ning WC dheweke ketemu bocah wedok sing jenenge Elsa
diajak ijolan klambi lan Yayuk ditambahi dhuwit Rp 50.000,00 sing dienggo kabur numpak
bis.
Wiwit munggah ning jero bis saka terminal Bungurasih mbarengi luhe Yayuk nelesi
pipi. Niate ning Surabaya golek panggawean malah arep didadekna wong nakal. Dheweke
uga mikir ijazah lan sandhangane sing ketinggalan ning omahe Mami Susi, nanging bejane
dheweke isa lolos. Ana wong lanang sing ijin arep lungguh ning sandinge Yayuk, dheweke
mung manthuk disambi nangis sesenggukan. Wong kuwi bingung nyawang Yayuk sing terus-
terusan nangis dumadakan takon ana apa, Yayuk ora jawab mung noleh ngingeti wong lanang
kuwi. Weruh wong lanang nggantheng potongane cepak kaya pegawe angkatan jenenge Joko.
Wong lanang kuwi ning saturute dalan ngrungokake keluh kesahe Yayuk nalika ana ing
Mediun. Yayuk dadi rada tenang sawise cerita apa sing dirasakake ning dalan mau. Joko uga
ngelingake Yayuk yen bis e wis arep tekan terminal Mediun. Fredy karo Shanti bingung
weruh mbakyune wis tekan omah meneh, Yayuk mung bisa jawab yen dheweke lagi daptar
dhisik supaya ora kadhisikan wong liya.
Setu ngarepe Yosep mara ning omah ngajak Yayuk lunga menyang Taman Kota ing
Sambungan. Satekane ning kono Yosep buka omongan yen dheweke setu wingi mara ning
omah nanging krungu kabar Yayuk arep kerja ning Surabaya, bingung arep rembugan karo
Yosep babagan kedadean sing dilakoni minangka ning Surabaya. Dheweke gawe alesan sing
reka-reka gawe penasarane Yosep, awit kadheseg ing pitakone Yosep Yayuk banjur nagis lan
gawe bingunge kancane lanang kuwi. Sidane Yayuk cerita kabeh kahanan sing ana omahe
Mami Susi, awit weruh Yayuk kahanane isih rada sedhih banjur diajak menyang warung lan
terus bali. Sabanjure Yosep isih kepengin ketemu Yayuk sesuk awan kaya padatane.
Ing alas wisata Nongko Ijo, Yayuk lan Yosep padha kepengin nguculake rasa
lungkrahe. Wit-wit pinus kang ngayomi ditambah bandulan lan wewangunan gubug kang edi
peni mimbuhi endhahe taman wisata kuwi. Sinambi ngombe kopi cingkir lan sate ayam gawe
senenge bocah loro ing awan kuwi. Yosep ngomong ning Yayuk yen dheweke bakal suwe
ora isa niliki Yayuk, awit kudu ana tugas kuliah sing kudu dirampungake. Dheweke uga jaluk
supaya Yayuk ora golek kerja ning jaba kutha, supaya menawa dheweke ana wektu longgar
sawayah-wayah bisa ketemu. Yayuk iseh mangu-mangu wiwit mesake adhine sing isih butuh
biaya dienggo bayar sekolah lan nerusake urip.
Yosep nibakake tresnane marang Yayuk. Saiba kaya ketiban rembulan wae batine
Yayuk. Awan kuwi kaya ciblon ning segara madu. Pangarep-arep kang disimpen jebul
katekan. Dheweke takon ngapa kok lagi kandha saiki. Yosep jawab awit dheweke iseh kuliah,
dadi pengen mantheng marang sinaune. Menawa wis rampung lan nyambut gawe dheweke
bakal nglamar yayuk. Krungu omongane Yosep banjur Yayuk nrima Yosep dadi pacare,
nanging Yayuk pesen supaya janjine Yosep kuwi ditepati ora mung lamis lambe. Yosep jaluk
supaya yayuk jaga awake aja nganti kedadean kaya minggu wingi pas dheweke ketipu
marang Sidik.
Rongminggu yayuk ora ketemu karo Yosep, priya sing dadi gegantilane ati. Saben
dina mung katon wewayangane. Apa menenh saiki dheweke wis kaiket batine. Rasa sepi lan
kagen ngreridhu batine. Bejane Yayuk iseh bisa bali maneh kerja ning pabrik rokok kanggo
nyukupi butuhe. Kanthi mengkono kejaba bisa entuk bayar uga nykimur pikirane kang terus
tumuju kekasihe. Lha arep nelpon ya ora nduwe handphone.
Sesasi rong sasi ora bisa nrima kabar saka ora bisa nrima kabar saka Yosep. Batine
saya nglangut awit butuh wong sing bisa diajak nguntabake rasa atine kang nandhang susah.
Nalikane Yosep isih kerep ketemu nadyan ora aweh apa-apa nanging bisa menehi
penyemangat marang uripe. Lagi wae Yayuk ngalamun ning jaba pabrik, dumadakan Anang
teka karo aruh-aruh yen dheweke krungu kabar Yayuk lagi susah nyangga kahanan kudu
ngopeni lan nyekolahke adhik-adhike. Krungu omongane Anang gawe Yayuk kadudut atine.
Jane rada gela krungu ana dumadakan ngomong kaya ngono kuwi mau.pikire ana wong susah
kok malah ganggu wae. Eh...jebul malah ngluluhke batine. Anang crita yen dheweke biyen
tau ngerasake apa sing dirasake Yayuk, bedane Anang iseh nduweni dulur sing uripe kepenak
lan isa dijaluki pambiyantu.
Dina minggu Yayuk prei anggone nyambut gawe, bajur resik-resik omah. Lagi wae
rampung resik-resik dheweke weruh Fredy lan Shanti teka karo mesam-mesem tangane
padha nyangking tas plastik sing mbetheyot. Jebul tas kuwi isine gethuk, endhog asin, tahu
goreng lan mie instan awehe Bu Dhe Miatun. Yayuk bingung karo kekarepane Bu Dhe
Miatun, yen dipikir-pikir pancen akeh tangga-tanggane sing ngeteri panganan, nanging beda
karo tumindake Bu Dhe miatun iki.
Lagi wae pikirane ngrambyang, dumadaka ana sepedha motor mandheg ning ngarep
omahe. Bareng disawang jebul Anang sing nganggo pakeyan necis banget. Niate Anang mara
ning omahe Yayuk arep ngajak lunga ning Magetan niliki bojone kancane sing lagi nglairake
winginane. Bali saka Magetan Yayuk diajak mampir ning restoran, ning kono Anang
ngungkapke isi atine marang wong wadon sing ning ngarepe. Yayuk sumedhal atine krungu
tembung Anang sing seneng dheweke. Selawase iki Anang dianggep kaya dulure dhewe,
jebul malah ana rasa sing dipendhem lan ngajak omah-omah. Yayuk dadi kelingan Yosep
sing ngilang ora ana kabar pirang-pirang sasi. Pangarepe ora ketang kirim surat supaya
Yayuk ora diganthung kaya ngene iki. Pamintane Annag satemene gawe bungahe atine.
Nanging, emman ora bisa dituruti. Kanthi alon-alon yayyuk nanggepi menawa ora bisa aweh
jawaban wektu iki. Anang iso ngerteni lan sabar nunggu.
Bali saka nyambut gawe ana wong wadon sing umure kurang luwih suwidak taun
mara ning omahe Yayuk karo gawa tas plastik gedhe kebak isi. Mesthi wae Yayuk dadi
pakewuh lan langsung maggaake tamune. Budhe Miatun mara ni g omahe Yayuk kanggo
ngomongke yen dheweke nduweni niat jodhohake anake lanang sing jenenge Totok karo
Yayuk. Dheweke mung meneng mikir pangandikane Budhe Totok saiki wis dadi wong
mulya. Banjur pikirane kelingan nalika jaman semana. Totok kuwi pancen kancane dolan.
Nanging umure kacek patang taun. Karo meneh mbiyen kuwi Totok bocahe kemproh, angel
dikongkong adus. Pancen kabar angin kang ditampa. Budhe Miatun pamit karo gawa
pangarep-arep kang gedhe marang kasaguhane Yayuk.
Saiki Yayuk kaya kajaring marang katresnan. Kekasihe sing ditresnani ora tau aweh
kabar. Banjur ana priya sing becik banget lan cedhak nibaake katresnane . uga a na tanggane
sing kepingin nglamar lan wonge sugih banget. Banjur endi kang kudu dipilih. Rasane saiki
kaya widadari ka g dadi rebutan parasatriya. Saeba kuwi Fredy dumadakan takon marang
Yayuk ana apa dheweke guya-guyu, Fredy ngomong yen dheweke mau ketemu Budhe
Miatun ning dalan lan disangoni. Yayuk makplenggong krungu. Mangka wonge lagi wea
tekan kene wis nggawa oleh-oleh nganti lali durung dibukak. Yayuk pesen marang Fredy
menawa sesuk disangoni meneh aja ditampa, dikira dhewe tuman. Tas pawewehe vidhe
Miatun mau banjur dibuka jebul isine roti kaleng, kopi, susu, gula uga kaos kanggo Yayuk
lan adhi-adhine. Yayuk banjur kepikiran marang niyat becike Budhe Miatun. Katresnane
marang Yosep banjur dadi Goreh. Yayuk malah mumet uga kepikiran marang Anang sing
banget tresnalan gedhe kawigatene.
Nalika minggu esok Yayuk arep balanja ning warung. Lagi wae metu saka omah ana
sepedha motor mandheg ning ngarep omah. Bareng helm dibuka sing teka kuwi Yosep.
Bungahe ora karuwan kaya bocah cilik. Banjur Yosep diajak mlebu menyang omah. Yayuk
diajak lunga nyang Gunung Blancsk. Ning kono wong loro kuwi mau ngucap janji yen bakal
padha prasetya nganti kapan wae. Yosep uga ngomong yen dheweke bakal nerusake sekolah
supaya bisa nduweni panggaweyan sing pantes dienggo ngopeni Yayuk lan adhik-adhike suk
mben. Krungu kuwi tambah sedhih atine Yayuk amarga bakal ditinggal suwe tanpa kabar
maneh. Mulih saka Gunung Blancak dheweke diajak mampir nyang Sarangan, niate arep
nyennegake Yayuk. Ning satengahe dalan dumadakan udan deres. Yosep ngajak mampir ning
penginapan kanggo leren. Awit udan tambah deres yayuk dadi krasa atis, mbokmenawa wis
ora kuat ngempet atise Yayuk langsung niba ning amben. Weruh Yayuk gumletak thukul rasa
sihe Yosep. Alon-alon nyedhak lan turu ning sandhinge Yayuk. Embuh setan saka endi
dumadakan tangane Yosep ngelus-elus rambute Yayuk kanthi kebak sih katresnan. Yosep
sajak wis ora kuwat ngempet marang napsu kang wis ngambra-ambra kuwi. Tandhange
luweh cepet banjur ngajak Yayuk nglangi marang napsunen kahanan. Yosep ngomong ning
Yayuk mbokmenawa lelakon kang ora diseja kuwi dadi pangikete katresnan. Dheweke
sumpah ora bakal ninggalake Yayuk lan netepi janjine.
Nemsasi ora ana kabar babar pisan saka Yosep. Batine Yayuk cuwa banget. Janji sing
tau diucapake Yosep nganti saiki durung kawujud. Beja banget nadyan atine lagi nandhang
sedhih ana wong liya sing kerep nglipur atine. Anang sing wis dianggep sedulur saiki tanbah
raket. Pancen priya kuwi becik lan pangerten. Eman Yayuk durung nampa katresnane. Kanthi
kepeksa Yayyuk banjur pacaran karo Annag. Saben dina bocah loro mesthi boncengan
menawa budhal lan bai kerja. Rasa bungahe Yayuk awit nadyan wong ora nduwe kebutuhane
wis isa dicukupi awit saka pambiyantune Anang. Semana uga Fredy lan Shanti banget snenge
awit kerep diwenehi sangu. Anang ngomong yen dheweke arep nglamar Yayuk, nanging
Yayuk mung meneg ra isa jawab.
Mlebu wukan Ramadhan saiba bungahe Yayuk lan adhi-adhine. Awit tumprape yayuk
kuwi berkah kang gedhe. Kejaba kanggo nindhakake ibadah pasa lan tarweh akeh rejeki kang
teka. Prasasat yayuk ora tau olah-olah. Nedheng-nedhenge pikirane mblayang tekan ngendi-
endi ana mobil kinclong mandheg ning ngarep omahe. Mesthi wae buyar anggone ngalamun.
Bareng disawang malah ana priya nggantheng, putih rada lemu mudhun saka mobil sajak
arep tumuju omahe. Budhe Miatun lan priya kuwi banjur lungguh, priya kuwi jebul Totok
anake Budhe Miatun. Tekane Budhe Miatun nyang omahe Yayuk ya kuwi arep ngrembug
sing tau dikandhake mbiyen. Yayuk banjur meneng bingung anggone mikir, pancen
ditandhing karo liyane totok paling unggul. Nanging kepiye tumanggape Anang menawa
krungu kabar kuwi. Totok kuwi bocahe pancen loma banget adhik-adhike Yayuk sing lagi
bali saka masjid padha disangone dhuwit eketan ewon limang lembar.
Nganti tumibane dina riyaya ora ana kabar saka Yosep. Kahanan kuwi tambahn gawe
kuciwane Yayuk. Kudune yen wanci riyaya ngono kuwi dheweke mara nyang omahe Yayuk.
Budhe Miatun terus-terusan nakonke marang Yayuk dheweke gelem dijodhohake karo Totok
apa ora, nganti thukul rasa mangkele Budhe Miatun marang Yayuk, amarga saben ditakoni
dheweke ora gelem jawab sing tenanan, malah menneg wae karo golek alesan durung siap
jawab. Yayuk terus sumelang atine mung isa nongas-ngangis yen eling omongane Budhe
Miatun. Anang sing weruh Yayuk nangis tanpa gelem ngomong terus diajak lunga. Jebul
Yayuk diajak mara ning omahe Anang, teka ning kono ketemu karo ibuke Anang sing jeneng
Bu Prapti. Wong wadon sing umure sekitar suwidak taun kuwi mung nguwasake karo
panyawangan plorak-plorok sajak ora karenan panggalihe. Ning omahe Anang kuwi yayuk
dielek-elek Bu Prapti direndahke amerga wong tuwane wis seda lelorone, pangucape uga
karo mencab-menceb. Niyate Yayuk arep mlayu metu saka omah kuwi, nanging katungka
tekane Anang. Weruh kahanane Yayuk kang udan tangis bocah lannag kuwi banjur takon
marang ibune. Bu Prapti jawabane sengak marang Anang lan ngomong yen ra bakal ngrestoni
Anang karo Yayuk.
Wengi kuwi ora koyok padatan biasane Lik Kusno mara ning omahe Yayuk. Tekane
Lik Kusno ning kono arep ntampekna yen ana wong sing nglamar Yayuk nyang Lik Kusno.
Wong sing nglamar yakuwi Budhe Miatun. Kagete Yayuk krungu pangandikane Lik Kusno,
jebul Budhe Miatun bener-bener kepingin Yayuk dadi bojone Totok. Lik Kusno pengine
Ayyuk nrima lamaran kuwi mau, nanging Yayuk iseh bingung awit kelingan wae karo
Yosep. Ndelalah esoke ana Narmin ning dolan ning omahe Ysyuk arep ngeterke undangan
kawinane. Crita-crita suwe Narmin terus nyaranke Yayuk nrima lamarane Budhe Miatun
wiwit Totok kuwi wis mapan bakal isa ngopeni Yayuk lan adhik-adhike. Ora suwe yayuk
banjur ngomong nyang Lik Kusna sing dadi wakile wong tuwane Yayuk kanggo ngomong
ning Budhe Miatun. Awit saka kahanane Yayuk, upacara temune manten manggon ning
omahe Budhe Miatun. Kabeh sing ngragadi kaluwargane Totok. Awit ska rasa bungah lan
disengkuyung minangka dadi wong sugih anggone Budhe Miatun mantu digedheake. Mbelih
sapi lan wayang kulit. Yayuk dhewe rumangsa mongkog awit saiki wis dadi bojone wong
sugih. Anggone kerja dokongkon leren. Adhi-adhine wis ana kang nyukupi. Mesthi wae
sanggane enteng banget. Apa menneh Totok katon tresna lan wigati banget marang Yayuk
lan adhi-adhine. Eman, mung siji sing gawe sedhihe Yayuk. Awit mengko sawise rampung
dadimanten, dheweke kudu ngetutake bojone menyang Jakarta. Sing dadi pikirane mesthi
Fredy lan shanti.
Bejane iseh ana Lik Kusno sing saguh njaga adhi-adhine. Nadyan fredy lan Santi
kukuh tetep manggon ning omahe dhewe. Ning Jakarta Yayuk kaya ratu, apa-apa
ditindakaake marang pembantune. Dheweke mung leha-leha nungguni Totok bali kerja.
Nannging ana sing gawe Yayuk bingung kanthi nemsasi anggone rabi dheweke ora tau
didemek bojone. Saben bengi mung turu glimpang-glimpung. Yayuk sing wis tau ngelakoni
kuwi karo Yosep sajake dadi wong wadon ya kepengin karo bojone, nanging Totok ora tau
menehi kenginane sing kuwi. Yen masalah bandha donya pancen wis ra perlu ditakonake
meneh ning nafkah batin kuwi ora tau diwenehi. Nganti ning sawijine bengi kaya-kaya totok
arep nuruti kepinginane yayuk nanging ujung-ujunge ora sida, yayuk banjur mikir apa bojone
kuwi ora doyan wong wadon. Esok kuwi Totok ngomong ning Yayuk yen dheweke arep ana
tugas kerja nyang Singapur, Totok pesen nyang Yayuk sasuwene Totok tugas ning Singapur
nek ana Hasto mara omah angger diomongi wae Totok ora ana. Karo pesen marang
pembantune Budi yen apa-apa sing dijaluk Yayuk kudu dituruti, ye ora gelem nuruti bakal
dipecat. Budi manthuk krungu omongane juragane kuwi. Sawise Totok mangkat nyang
Singapur Yayuk tambah kesepian mung ijen ning kamar, nganti-nganti thukul pikirane Yayuk
kanggo marani Budi ning kamare lan langsung ambruk ning nduwure Budi. Kagete Budi
weruh Yayuk sing ana ning nduwure, Yayuk ngakon Budi meneng wae banjur ngrayu-ngrayu
Budi supaya bisa nuruti nepsune sing wis ora iso dibendhung. Apa sing sasuwene iki ora tau
diwenehi Totok isa diwujudake Budi, saiki kapan wae Yayuk hasrate munggah mesthi Budi
diceluk kanggo muaske dheweke. Kedadean pas awan –awan lagi muaske harate karo Budi
ujug-ujug ana Hasto sing weruh. Hasto ngancem yen bakal ngomong ning Totok. Yayuk sing
keweden wiwit ngerti yrn Hasto wonge kuwi nekat banjur nuruti panjaluke Hasto. Hasto
jaluk supaya Yayuk nuruti nepsune nganti-nganti Yayuk diploroti.
Totok mulih saka Singapura banjur nagajka yayuk piknik ning Jogja seminggu, ning
Jogja Yayuk nginep ning Hotel banjur diajak muter-muter lan dolan ning Borubudhur
panggon sing dikepingini kawit jaman sekolah biyen sing lagi isa keweujud. Nanging ning
Jogja yayuk katon ora tenang amarga Hasto terus-terusan ngajak Yayuk ketemu lan jaluk
dhuwit akeh. Alesane supaya ora buka mulut marang bojone. Totok sing weruh tingkah
lakune Yayuk dadi bingung lan dicek HP ne Yayuk jebul weruh kabeh pesen saka hasto.
Tekan Jakarta Totok ngamuk marang Hasto, Yayuk lan Budi. Wong telu kuwi diusir saka
omahe Totok. Yayuk bingung arep ngapa saiki. Hasto sing licik sok-sokan ngajak Yayuk
kerja, jebul kerjane ning panggon sing ora bener. Yayuk dikenalke karo mami Susi bos
germo ning panggon kuwi. Suwe-suwe Yayuk dadi berpengalaman, saben dina nglayani bos-
bos lan om-om sing akeh dhuwite. Sawijine dina Yayuk dibooking Om Pras wong lanang
sing loma karo wong wadon sing ngelayani. Rongdina Yayuk ngelayani Om Pras apa wae
sing dijaluk Yayuk ditukokne. Saiki dhuwite Yayuk akeh isa bangun omahe sing nng desa
dadi apik bahkan koyok istana ning desa kono. Yayuk bali desa kanggo niliki adhi-adhine
sing wis suwe ora ketemu. Ning omah Yayuk ketemu Narmin sing kepengin melu kerja karo
Yayuk nanging ora diolehi. Alesan dikon momong anake wae ning omah. Dumadakan ana
kancane Yayuk sing ngabari Mami Susi dipateni wong. Wiwit matine Mami Susi saiki job e
Yayuk sepi, nganti Yayuk mangkal ning stasiun dienggo tambahan golek mangan. Ning
bengi kuwi ana razia saka pulisi Yayuk sing lagi mangkal langsung mlayu sak bantere.
Dumadakan ana mobil sing nabrak Yayuk dheweke ora sadar. Yayuk digawa ning omahe
wong sing anbrak kuwi, sesadare Yayuk kaget sak mboh-mboh pas weruh wong sing ana
ning ngarepe kuwi Yosep. Wong lanang sing dadi memanike ati, nanging Yayuk wis
ngingkari janjine marang Yosep. Ora ora mempermaslahkan kuwi kabeh, dheweke sadar yen
padha wae salah. Saiki Yosep ngajak Yayuk balikan meneh kaya biyen, nanging Yayuk ora
gelem amarga ndekne sadar yen awake wis ora suci wis, saya dadi wong rusak. Yosep terus-
terusan meksa Yayuk nanging Yayuk ora gelem. Yosep diusir supaya lunga ninggalke Yayuk
lan golek wong liya sing luwih apik saka dheweke. Yosep lunga karo mobile, Yayuk nyesel
ngusir Yosep banjur mlayu barengan karo mlayune Yayuk ana mobil saka mburi lan nabrak
Yayuk nganti mencelat. Yosep sing weruh saka kaca spion mobile banjur nututi Yayuk sing
setengah koma, Yayuk wis ora kuat ngomong apa-apa dheweke mung ngelungke kertas
marang Yosep.

Anda mungkin juga menyukai