Anda di halaman 1dari 4

MATERI KD 3.

Cerita Rakyat

1. Pengertian Cerita Rakyat


Saben daerah, nduweni crita kang beda-beda. Nanging amarga kemajuan teknologi kanthi anane
TV, crita mau kaya kalah karo anane tokoh-tokoh hero saka Negara liya. Akeh bocah saiki kang ora
ngerti babagan cerita ing daerahe dhewe. Sejatine cerita rakyat iku ngemu surasa kang gedhe banget
tumprap kanggo bocah-bocah, khususe kanggo pendidikan budi pekerti. Kayata cerita kancil karo
baya, malin kundang lan liya liyane.
Crita rakyat yaiku crita kang wus sumebar ing masyarakat, kang cacahe ora bisa kapetung kala
mangsane ora bisa dilari sapa sejatine sing nganggit. Crita rakyat , mbuh kepriye mula bukane bisa
kaweruhi nganti seprene amarga kadongake liwat lathi menyang lathi, run tumurun saka mbah
buyut nganti tekan saanak putu.
Titikane crita rakyat , kayata :
a. Anonim, ora diweruhi sapa sejatine sing nganggit.
b. Minangka karya kolektif, dianggep duweke rakyat bareng-bareng.
c. Nyritakake bab ala lan bener kanggo tuladha.
d. Nggambarake kadadeyan –kadadeyan kang mokal anane (imajer).
e. Statis, tetep, ora ana owah-owahan sing wigati saka jaman menyang jaman.

f. Dicritakake turun-temurun.
g. Nduweni  nilai-nilai luhur
h. Sifate tradisional
i. Nduweni werna-werna versi dan variasi
j. Nduweni  bentuk – bentuk klise.
k. Ngrembaka lumantar saka tuturan
l. Cerita rakyat dicritakake kanthi lisan.

2. Jenis-jenis crita rakyat

Crita rakyat berkembang turun-temurun lan diceritakake kanthi lisan. Jenis-Jenis Crita rakyat
ialah Crita kewan , Crita Asal-Usul (Legenda), Crita Pelipur Lara, Crita Jenaka.

1. Crita kewan
Cerita kewan utawa Fabel yaiku crita kang tokoh-tokohe wujud kewan kanthi peran kaya dene
manungsa lumrah. Kewan-kewan iku bisa micara , mangan , ngombe, lan duweni keluwarga kaya dene
manungsa. Kanthi mangkono, bisa dimangerteni menawa fabel ora mung saderma crita babagan kewan ,
nanging minangka metamorfosis uriping manungsa. Kanthi tujuan supaya lakon mau ora dadekake
tiyang kang mirengake utawa maos dadi ora rena.

2. Crita Asal-Usul (Legenda)


Legenda yaiku crita rakyat kang nduweni ciri-ciri, kayata :
a. Prastawa kaya kedadeyan durung suwe
b. Dumadi ana papan kang dikenal saiki
c. Sifate migrasi (ganti-ganti papane)
d. Nyebar kaya dene siklus
Cerita asal –usul(legendha) kaperang dadi 3 :
a. Cerita Asal-Usul Dunia Tanduran
Tuladha :  
a). Padi minangka mula bukane Dewi Sri. 
b). Gadun beracun amarga dipanah dening wit jagung nggunakake anak panah kang beracun 
c). Tandan Jagung dadi bolong amarga ditombak dening wit gandung. 
d). Pohon mata lembu dadi rusak kulite amarga weru pertarungan antarane wit jagung lan wit gadung
kecedhaken .
b. Crita Asal-Usul kewan
Tuladha :

a). Sapi bergelambir amarga nalika deweke adus , klambine kleru marang klambine kebo sing gedhe.
b). Getih iwak mas duweni gene getih manungsa amarga mula bukane iwak mas yaiku manungsa.
c. Asal-usul mula bukane papan panggonan
contoh : 
a). Jeneng Gunung Tengger konon dijipuk saka sepasang suami istri kanthi aran Rara Anteng lan Joko
Seger 
b). Gunung Tangkuban Perahu ing Bandung lor konon berasal saka perahu duweke sangkuriang. Merga
deweke murka, perahu iku ditendang saengga mengkurep lan malih dadi gunung kanthi aran Gunung
Tangkuban Perahu.
3. Crita Pelipur Lara 
Cerita jenis ini disebut pelibur lara sebab fungsine kanggo nglipur ati. Ana ing crita iki, dicritakake hal-
hal kang indah-indah, kebak fantasi, lan impian kang endah. Kayata , babagan panguripan istana,
keajaiban-keajaiban,gaman keramat lan sakti, putri kang ayu , utawa babagan kang nggambarake
kaendahan lan kesenengan.

4. Crita Jenaka/lucu
Crita klasik liyane kang terkenal yaiku crita jenaka, kayata Pak Belalang, Lebai Malang. Lebai Malang
kang nggambarake tiyang kang amarga keserakahane malah ora duweni apa-apa.

3. Unsur-unsur crita rakyat


Unsur-unsur kang kamot sajroning crita rakyat iku tokoh, alur, setting, amanat/pesen .
a. Tema

Tema iku minangka idhe pokok utawa permasalahan utama kang ndasari lakuning crita. Tema
crita rakyat kang digunakake kaku, istanasentris , adat istiadat lan mistis. Surasane crita khayal
lan fantastis.

b. Setting
Setting iku minangka latar belakang kang mbantu cethaning laku crita. Setting ngamot wektu,
papan/panggonan , sosial budaya.
c. Sudut pandang
Sudut pandang ing crita rakyat yaiku nyritakake tokoh, barang, papan/panggonan lan sosial
budaya.
d. Alur/plot
Alur/plot yaiku rerangkining/cengkoronganing prastawa/kedadeyan ing crita. Alur diperang
dadi 2 yaiku alur maju (progresif) yaiku yen prastawa iku lumaku kanthi trap-trapan adhedasar
kronologi tumuju ing alur crita. Dene alur mundur (flas back progresif ) yaiku dumadi kang ana
sesambungane karo prastawa kang lagi dumadi.
e. Penokohan
Penokohan iku gambarake kanggo paragraf pelaku. Paraga bisa dimangerteni karakter saka
tumindhake , ciri fisike, lingkungane lan sakpiturute.
f. Konflik
Konflik yaiku perkara kang dadi punjere crita. Ing perangan iki pancen diketokake perkara apa
kang ndadekake crita iki dadi narik kawigaten . Sansaya jlimet lan tasih anggone gawe konflik
ndadekake crita iku ngundakake kawigaten pandhemene.

4. Karakter crita rakyat


Crita rakyat yaiku perangan karya sastra lisan kang nduweni karakter kaya ing ngisor iki :
a. Anonim , tegese crita mau ora kaweruhan sapa sing nganggit.
b. Kolektif , merga ora kaweruhan sapa sing nganggit .
c. Dicritakake kanthi lisan.
d. Sing nyritakake saka generasi ke generasi.
5. Sinopsis
Sinopsis yaiku ringkesan crita saka alur kang dawa dadi cekak nanging bisa njlentrehake crita
sakabehe. Nalika bakal nulis sinopsis , bab-bab kang kudu digatekake yaiku:
a. Tema
Tema yaiku gagasan pokok, pokok crita.
b. Latar
Latar yaiku lakuning crita

c. Alur
Alur yaiku paraga crita
d. Penokohan
Penokohan yaiku paraga crita
6. Perangane cerita rakyat yaiku :
1). Cerita fiksi
a. Mite
Yaiku dongeng kang ana hubungane karo alam lelembut, alam gaip.
Tuladhane : Nyi Roro Kidul, Nyi Blorong, Gendruwo, tuyul lan liya liyane.
b. F abel
Yaiku dongeng kang peragane awujud kewan kang bisa celathu kaya manungsa
Tuladhane : Kancil nyolong timun, Kancil karo baya, Kancil karo macan, Gajah musuh semut lan
liya liyane
c. Legenda
Yaiku dongeng gegandengan karo dumadine sawijining papan utawa barang
Tuladhane : Asal usul rawa pening, Asal usul Desa Grantung, Watu malin kundang lan lya liyane
2). Cerita non fiksi
a. Hikayat
Yaiku cerita kang mbahas babagan peragane kanthi jelas.
Tuladhane : Hikayat Hang Tuah, Hikayat Bahtiar lan liya liyane
b. Babad
Yaiku cerita kang ana bukti lan nyatane, nanging wis ditambahi cerita kang ora nggenah.
Tuladhane : Babad Tanah Jawi, babad Mataram, Babad Majapahit lan liya liyane.
c. Sejarah
Yaiku cerita kang bener-bener kedadian la nana bukti nyatane.
Tuladhane : Sejarah Jendral Soedirman, Sejarah Majapahit , Sejarah Wali Perkasa lan liya liyane
d. Roman
Yaiku cerita kang nggambarake uripe pawongan mulai lair tekan pati.
Jenise roman : Roman Adat, Roman Sosial, Roman Detektif lan liya liyane

Anda mungkin juga menyukai