Anda di halaman 1dari 1

ASAL MULA KABUPATEN TEGAL

Tegal kuwe asale saka tembung Tetegal sing artine sawah sing bisa ditanduri palawija. Asal-usul
Tegal ora bisa dipisahna karo tokoh Ki Gede Sebayu sing urip sekitar taun 1980. Ki Gede Sebayu asale
saka Kerajaan Pajang. Kerajaan Pajang dikalahna dening Kerajaan Mataram, akeh priyayi muda lan
bangsawan lunga ngumbara nggolet panguripan sing anyar. Ki Gede Sebayu ngumbara parane
ngulon.

Ki Gede Sebayu mangkat karo Raden Sidawini. Ki Gede Sebayu karo Raden Sidawini nglewati alas-
alas. Ana ing alas akeh begal, dadi Ki Gede Sebayu lan Raden Sidawini ora mung bekal dhuwit
nanging bekal ilmu agama lan ilmu bela diri.

KiGede Sebayu lan Raden Sidawini anjog neng dhaerah Pemalang sing wis akeh penduduke. Sak
wetara Ki gede Sebayu karo Raden Sidawini manggon neng Pemalang. Sawise pirang-pirang taun
neng Pemalang Ki Gede Sebayu lan Raden Sidawini ditampa dadi tokoh masyarakat. Ora let suwe,
Raden Sidawini diangkat dad bupati Pemalang.

Ki Gede Sebayu nerusna ngumbarane mring kulon nggoleti Ki Wana Kusuma. Ki Wana Kusuma yaiku
salah sijining priyayi keturunan Patih Kerajaan Demak. Ki Gede Sebayu karo Ki Wana Kusuma ketemu
neng tetegal, awit kuwe KI Gede Sebayu nduweni niyat yen dheweke pan netep neng dhaerah kuwe.
Sawise Ki Gede Sebayu oleh piwulang saka Ki Wana Kusuma, dheweke wis bisa nata masyarakat,
mangkane Ki Gede Sebayu diakoni dadi sesepuh. Desa tetegal dadi rame penduduke ana sing dadi
tani, dagang lan nelayan. Tetegal sing rame penduduke dipercayakna mring Ki gede Sebayu.
Dheweke diangkat dadi demang. Saiki kira-kira setingkar karo kepala desa. Wektu kuwe tetegal esih
wilayah kadipaten Pemalang. Ki Gede Sebayu mimpin tetegal mikirna kepentingan penduduke.
Buktine dheweke bisa mbangun Bendungan Danawarih, kanggo mbanyoni tegalan utawa sawah sing
ana sakiwa tengene.

Ki Gede Sebayu seda sakwise mbangun bendungen Danawarih. Sawise dheweke seda desa tetegal
dipimpin dening anake yaiku Ki Gede Honggowono. Dheweke diangkat dadi Demang. Ki Gede
Honggowono seda diterusna dening putrane sing jenenge Ki Honggowono. Aran kembar kuwe
diarani Nunggak Semi. Putune Ki Gede Sebayu kuwe diangkat dening Sultan Agung dadi adipati
Tegal. Arane diganti dadi Ki Gede Honggowono Secomenggolo utawa Tumenggung Reksonegara I.

Anda mungkin juga menyukai